Babad Saka Kitab Sutji
Katja
7 |
9 |
12 |
16 |
17 |
21 |
24 |
28 |
30 |
33 |
34 |
39 |
43 |
45 |
47 |
48 |
52 |
54 |
55 |
56 |
57 |
59 |
61 |
63 |
66 |
68 |
70 |
76 |
72 |
74 |
76 |
77 |
79 |
80 |
81 |
83 |
84 |
87 |
90 |
94 |
95 |
98 |
100 |
101 |
102 |
107 |
108 |
111 |
112 |
116 |
121 |
122 |
126 |
128 |
131 |
133 |
134 |
136 |
143 |
146 |
151 |
152 |
153 |
155 |
156 |
158 |
159 |
161 |
163 |
165 |
167 |
168 |
171 |
172 |
178 |
178 |
179 |
181 |
184 |
186 |
189 |
190 |
194 |
197 |
201 |
BABAD
SAKA
KITAB SUTJI
Sing njiritakaké:
W.G.V.D HULST.
Sing ndjawakaké:
E.I.S WIDYOHATMODJO
Sing ngrengga nganggo gambar:
ISINGS
DJILID II
PRADJANDJIAN ANJAR
Taman Pustaka Kristen
JOGJAKARTA
Djl. djendral Sudirman 69
1960.
KIRA-KIRA patang èwu taun kepungkur Adam lan Chawa dipapanaké ana ing patamanan Pirdus kang luwih déning éndah. Saben dina sugengé tansah kapirsan déning tingalé Pangéran, lan ora ngerti babar pisan apa sing diarani dosa utawa duraka. Sapungkuré Adam lan Chawa, ora ana wong sing ngrasakaké kamuktèn lan kawibawan kajadéné leluhur loro mau nalika isih paḍa ana ing patamanan Pirdus.
Éman, kamuktèn lan kawibawané mau ora bisa lestari, anané mung seḍéla banget.
Adam lan Chawa paḍa ḍumawah ing dosa, sebab paḍa ḍahar wohing wit larangan, temahan kelakon ditunḍung metu saka patamanan kang sarwa éndah mau déning malaékat kang ngasta peḍang murub, bandjur nglembara ing saenggon-enggon. Bumi kang tinitah gumelar sarwa nengsemaké tumuli malih dadi bumi kang katoné sarwa njeḍihaké. Adam lan Chawa kang mauné kena dibasakaké mukti wibawa anjakrawati abauḍenda, saiki katoné apes lan ngenes. Kaja mengkono iku kadadéjané dosa. Dosa mau misahaké Adam lan Chawa saka Gusti Allah, sebab Gusti Allah kang Mahasutji mesṭi ora kepareng mirsani dosa. Iku mula-bukané urip ing alam donja tansah kinalang-kalang ing karépotan lan kasusahan, wiwit saka Adam lan Chawa turun-tumurun nganti ing djaman saiki. Kabèh teḍak-turuné Adam lan Chawa bakal ngalami nanḍang laralapa lan prihatin, déné wekasané mesṭi nemahi mati. Iku kang dadi paukumané dosa. Éwasemono — nalika paḍa ditunḍung metu saka patamanan Pirdus, miwiti nglembara ing djagadraja, ana prakara kang mbungahaké lan nggeḍékaké ati. Gusti Allah pijambak wis paring pangandika, jèn ana kang bakal mijos lan rawuh ing djagad; iku kang bakal ngasoraké si Pangawakdursila, lan kang bakal ngrembat ngésahaké dosaning manusa, sarta kang bakal ngrukunaké manusa karo Gusti Allah.
Ana ing patamanan Pirdus Gusti Allah nḍawuhaké bebenduné marang Sétan, déné wis ngloropaké Chawa nganti umawah ing dosa. Senadjan ḍawuh pangandikané Gusti Allah iku sarwa ringkes, éwadéné Adam lan Chawa bisa ndungkap kang dadi karsané, jaiku: Ana kang bakal ngluwari manusa saka pangwasané dosa, lan kang bakal njingkiraké sawernaning rasa tintrim lan giris. Iba begdjané jèn bisa kelakon mengkono. Iku sawidjining kanugrahan gedé kang tanpa upama. Mulané Adam lan Chawa nalika djaman semana wis wiwit ngarep-arep marang rawuhé kang dipangandikakaké mau.
Adam lan Chawa, bareng wis sepuh, bandjur séda, ora nganti menangi rawuhé Sang Djuru Slamet.
Sapungkuré iku mau manusa saja munḍak ndadra enggoné paḍa gawé dosa, saja suwé saja geḍé durakané, lan ing wekasan kena dibasakaké wis kebak sundukané, temah Gusti Allah ndatengaké bandjir patopan, nganti manusa lan sato kéwan paḍa tumpes tapis. Nanging — ora kabèh nemahi mati. Gusti Allah rak wis paring prasetya jèn ing tembé Sang Djuru Slamet bakal rawuh. Prasetyané Gusti Allah mesṭi ditetepi, ora tau mlèsèt. Nalika ana bandjir patopan, bumi kaeleban ing banju,nanging nabi Nuch sagarwa putrané ora katut katumpes. Para putrané paḍa tangkar-tumangkar sarta ngebaki djagad. Nabi Nuch, bareng wis sepuh, bandjur séda. Mangka Djuru Slamet sing diprasetyakaké durung kelakon mijos.
Sasi lan taun gilir gumanti, djaman solan-salin tanpa kenḍat. Manusa wis paḍa lali marang anané Gusti Allah. Sing dipikir lan sing ditindakaké mung kakarepané déwé sing sarwa dosa. Ora ana sing éling marang Gusti Allah, nanging Allah ora kesupèn marang manusa.
Katjarita, saka ing antarané manusa sing maèwu-èwu tjatjahé Gusti Allah midji sawi[ 8 ]djining wong sing isih éling marang Allah. Wong pilihané Gusti Allah mau djenengé Abraham. Gusti Allah tumuli ndamel prasetyan karo Abraham. Abraham bakal kadadèkaké bangsa gelengan geḍé nganti prasasat tanpa wilangan. Teḍak-turuné Abraham tjatjahé bakal kaja lintang sing abjor ing langit lan kaja weḍi sing gumelar ing pinggir segara. Turuné Abraham, kapisahaké saka ing antarané bangsa lija-lijané lan kapapanaké ana ing tanah Kanaan, kapidji dadi umat kagungané Allah.
Nanging sing banget mbungahaké, jaiku: saka ing antarané bangsa teḍaké Abraham ing tembé bakal mijos Sang Djuru Slamet, ija Panebusé djagad. Iku wudjuding kanugrahan geḍé, malah sing geḍé ḍéwé, sing diparingaké Gusti Allah marang manusa.
Abraham bareng wis sepuh ija bandjur séda. Lan Djuru Slamet durung padja-padja rawuh. Prasetyan kang mbungahaké durung ditetepi. Éwadéné sédané Abraham bisa kanti tentrem lan ajem, djalaran pratjaja, jèn Gusti Allah mesṭi ora bakal ngingkedi pangandikané.
Iskak lan Jakub, kajadéné Abraham, ija kaparingan prasetyan kang mbungahaké mau déning Gusti Allah. Nanging bareng wis tekan titimangsané kukud saka ing djaman ramé, Iskak lan Jakub ija bandjur séda klawan narima, senadjan ora kepareng menangi rawuhé Sang Djuru Slamet. Manusa ora diparengaké weruh kapan rawuhé; sing pirsa mung Gusti Allah pijambak.
Sadurungé Jakub séda, para putrané paḍa kaparingan berkah. Jahuda dipandumi berkah sing geḍé ḍéwé: Sang Djuru Slamet bakal mijos saka taler Jahuda. Enggoné Jakub nglairaké berkah mau mung manut sapanuntuné Gusti Allah pijambak.
Sapungkuré lelakon iku mau, lelakon manéka warna gilir gumanti tumruntum tanpa ana peḍoté nganti maèwu-èwu taun.
Sang Djuru Slamet durung kelakon mijos. Wong Israèl sing pada ngantepi pangabektiné marang Allah, enggoné nganti-anti mijosé Sang Djuru Slamet nganti tjetjengklungen. Nalika bangsa Israèl isih paḍa nglembara ana ing ara-ara samun nganti patang puluh taun lawasé, bareng wis pada dedunung ana ing tanah prasetyan kang loh djinawi, lan nalika dadi wong bandangan dibojong menjang ing tanah Babil, panganti-antiné marang Sang Djuru Slamet isih adjeg dumunung ana ing atiné bangsa Israèl.
SAMANGSA wong Israèl sing paḍa ngibadah, saos kurban marang Gusti Allah, samangsa kéwan sing arep dikurbanaké, kasembelèh lan kaobong ana ing mesbèh, wong mau ija wis ngerti, jèn awaké ḍéwé sing satemené kudu mati karana saka dosané, apadéné ija ngerti jèn awaké déwé ora bakal bisa sowan marang ngarsané Gusti Allah.
Salawasé tansah ana apa-apa sing misahaké wong-wong mau saka ing patunggilané Allah. Sing misahaké mau jaiku dosané ḍéwé. Lah sapa sing bisa njirnakaké dosa mau? Gèk sapa sing saguh njangga paukumaning piala sing dilakoni déning manusa kabèh? Ana Sidji sing bisa, jaiku Sang Djuru Slamet utawa Djuru Panebus. Pandjenengané bakal ngrembat paukuman, sing satemené kudu disangga déning wong-wong mau. Pandjenengané bakal nanḍang sangsara lan séda, dadi tawur utawa bebantené wong kabèh. Jèn wis kelakon mengkono, manusa lagi diparengaké sowan ing ngarsané Allah.
Maha-asihé Sang Djuru Slamet mau bakal njlametaké manusa ing salawas-lawasé, mulané ija wis mungguh banget sinebut Sang Djuru Slamet.
Éman, ora kabèh wong paḍa njanḍak prakara iku mau. Pantjèn ija kalebu prakara kekeran kang ora gampang kawijak.
Nanging wong lsraèl lanang wadon sing paḍa ngibadah temenan, bisa ngerti wigatining kekeran mau; mulané tansah njuwuna marang Allah rina lan wengi supaja Sang Djuru Slamet énggala rawuh lan pada nganti-anti klawan sabar-tawekal.
Para nabi ing djaman kuna bola-bali ngandikakaké bab bakal tumekané djaman karahajon mau dadi djedjering pangidungé para djuru masmur. Para imam mulangaké bab karahajon iku marang saumat kabèh; mengkono uga para bapa ora kenḍat njaritakaké bab kang wigati mau marang anak putuné turun-tumurun.
Kang bakal rawuh mau kasaosan peparab utawa sesilih kang apik-apik.
Asmané bakal kasebut Immanuèl, tegesé: Allah nunggil klawan kita. Ija kasebut Sang Mesih, Sang Djebadan, Sang Djuru Slamet, Sang Djuru Panebus, Sang Pamarta. Nanging lelakon sing njeḍihaké ana ing patamanan Pirdus wis ana patang èwu taun kepungkur, éwasemono kang diprasetyakaké durung rawuh.
KOTJAPA, nalika djaman semana tanah Kanaan dadi djadjahané negara Rum; wis pirang-pirang tanah lijané sing ditelukaké déning wadyabala Rum. Bangsa Israèl ija didadèkaké bangsa telukan, lan ḍampar kapraboné radja Dawud dilenggahi ratu saka negara lija. Iku mau ndjalari prihatiné bangsa Jahudi. Mulané ija ora nggumunaké, jèn wong Jahudi akèh kang paḍa duwé panjana, wis tekan titimangsané sang Djuru Slamet rawuh [ 9 ]ngagem kamuljan lan kawibawan kajadéné ratu agung binaṭara, sekti mandra guna lan prawira ing perang, lan rawuhé mau bakal ngluwari bangsa Israèl saka pamisésané mungsuh, temah bangsané bakal ngalami djaman kamuktèn, malah ija ora mokal jèn bangsané ing tembé bakal nelukaké saindenging djagad. Nanging wong-wong mau ora ngerti apa nalaré Sang Pamarta iku kedah rawuh ing donja. Rawuhé ora bakal ngajoni perangé mungsuh sing sikep gegaman panah lan peḍang lan sing nggempur baluwarti. Mungsuh sing arep ditanḍingi iku ora kasat mripat, nanging linuwih kasektèn lan kadibjané.
Rawuhé Sang Djuru Panebus bakal nglawan si pangawak dursila, ija Sétan, sing tansah nuntun manusa nglakoni sarupaning piala sarta misahaké manusa saka ngarsané Gusti Allah, ija Iblis, mungsuh sing ambek niaja lan nggegirisi.
Mangka .... Sang Djuru Penebus mesṭi bakal ngasoraké mungsuhé inglawas-lawasé.
Njata, bareng wis olèh telu utawa patang éwu taun Sang Djuru Slamet kang diprasetyakaké lagi rawuh. Allah iku setya-tuhu, prasetyané sidji baé ora ana sing ketjitjir.
Nanging — rawuhé iku ora ngagem kamuljan lan kawibawan, ora kaja ratu agung binaṭara. Rawuhé Sang Pamarta iku ora binarengan lelakon kang ngébat-ébati, kang ndjalari pawarta bab rawuhé mau kaweruhan wong sadjagad kabèh. Ora, kaaran kang setemené iku kosokbali karo panjanané wong akèh, awit enggoné rawuh mau prasasat tanpa sabawa tur prasadja banget, mangka sing ngerti utawa sing diprungoni mung wong sidji loro.
Ana Malaékat tumeḍak saka swarga kautus menjang djagad nimbalaké pawarta, jèn wis tekan titimangsa sing diprasetyakaké nalika djaman kuna, nanging sing didjudjug dudu keḍatoné radja binaṭara, sing diparani dudu ratu lan para panggeḍé kadonjan utawa para wong sugih. Pawarta kabungahan saka swarga sing diampil Malaékat mau ora diparingaké marang wong-wong sing wis tinunggon ing kamuktèn lan kamuljan.
Ora — Malaékat mau murugi wong sing ora tau kotjap. Wiwitané ndjudjug ing panggonané imam, wongé wis tuwa tur mung wong lumrah; sapungkuré iku Malaékat ngrawuhi sawidjining prawan kang uripé prasadja banget.
Dadiné wong loro mau sing paḍa ngerti ḍisik ḍéwé jèn wis tekan titimangsa kelakoné lelakon adi-aèng, sing durung tau kelakon selawasé djagad gumelar.
Allah kang Mahakuwasa ngutus Sang Putra rawuh marang djagad kang wis kèrem ing dosa lan tjilaka, pamurihé, supaja ngentasaké djagad saka ing kasangsaran.
KATJARITA, lelakoné kawiwitan ana ing Jerusalèm, ing sadjeroné padaleman sutji ing bangsal kentjana, kang kasebut „Pasutjèn”.
Ing kono ana imam wis tuwa, lagi nindakaké ajahané klawan wedi lan pakéring. Ing mesbèh padupan emas wis didèkèki dupa, bandjur diobong. Kukusing dupa kumelun menḍuwur ésṭané kaja nggambaraké sumengkané pudja-pudjiné saumat kabèh ana ing pangajunané Allah. Enggoné ngobong dupa mau ora kanggo butuhé ḍéwé, nanging kanggo saumat kabèh, pantjèn mengkono iku wis dadi wadjibé imam; lan nalika semono mbeneri gilirané imam sing wis tuwa mau saos kurban marang Gusti Allah ana ing djero Pasutjèn.
Imam mau omahé ora ana ing Jerusalèm, nanging ana ing pagunungan laladané tanah Judéa, karo somahé mung wong loro sélo, awit paḍa ora duwé anak, mangka sakaroné wis paḍa lungsé ing wajah. Miturut adaté kaimaman, para imam mau genti-gentèn manut tibaning urak munggah menjang Jerusalèm nglakoni ajahaning imam ana ing padalemané Pangéran.
Imam sing wis tuwa mau arané Zacharjah, lan somahé Elisabèt.
Zacharjah enggoné nindakaké ajahané klawan tumemen, mangka tanpa rowang sidji-sidjia; sarampungé saos kurban, bakal metu saka ing Pasutjèn lan nglantaraké berkahé Allah marang umat kagungané, sing paḍa ngentèni ana ing palatarané padaleman sutji.
Imam sing ngibadah mau rumangsa begdja banget, déné kepareng ngladosi pepunḍutané Pangéran.
Nanging dumadakan imam mau kagèt banget.
Apa ta kang katon iki? .... Sorot apa ta iki kang tjahjané mblerengi mripat?
Zacharjah énggal mundur, tumuli katon ana Malaékat djumeneng ana ing ngarepé, pangagemané sarwa putih gumebjar mblerengi kaja soroté srengéngé. Zacharjah mung meneng baé, atiné tab-taban nganḍut wedi. Tudjuné Malaékat mau bandjur ngandika, arum pangandikané: „Zacharjah, adja wedi!” Tjeṭa pangrunguné Zacharjah marang pangandikané Malaékat kang nḍawuhaké prakara kang ngéram-éramaké, ḍawuhé: „Adja wedi Zacharjah, awit pandongamu wus katrima, Élisabèt somahmu bakal nglairaké anakmu lanang, iku djenengna Jochanan.” Pangandikané Malaékat mau ora ana sing nlisip [ 10 ]satembung baé saka pangrunguné Zacharjah, nanging sadjaké Zacharjah durung pati njanḍak wosé, Zacharjah isih terus ngrungokaké, lan pawarta sing diḍawuhaké Malaékat mau saja mbungahaké. Ḍawuhé mengkéné: „Iku bakal ndadèkaké bungah lan renamu, tuwin akèh wong kang bakal paḍa bungah awit saka lairé. Mulané mengkono awit iku bakal dadi wong pinundjul ana ing ngarsané Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur sapanunggalané kang ngendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Sutji wiwit saka wetengané emboké mula. Apadéné bakal ngulihaké wong Banisraèl akèh marang Pangéran Allahé, tuwin bakal lumaku dadi tjetjala nḍingini tindaké Pangéran, klawan ngrasuk rohé lan ngampil pangwasané Élijah.” Wosé pawarta sing adi-aèng jaiku sing surasané: „Bakal lumaku nḍingini tindaké Pangéran, dadi tjetjala rawuhé Sang Djuru Panebus.”
Zacharjah wedi banget, grojok swarané nalika matur marang Malaékat: „Srana punapa enggèn kawula saged sumerep, bilih punika sedaja saèstu baḍé kelampahan? Punapa kawula lan sémah kawula samangké taksih baḍé pinaringan anak? .... Awit kawula sampun sepuh saha sémah kawula sampun lungsé ing wantji.”
Ora, Zacharjah ora bisa énggal-énggal ngandel. Tekané pawarta kabungahan mau dadakan, mangka pawarta mau luwih déning wigati. Wis mataun-taun enggoné Zacharjah lan Élisabèt njenjuwun marang Gusti Allah supaja kaparingana momongan anak, nanging semu-semuné Gusti Allah ora kepareng minangkani panjuwuné mau. Mangka saiki-saiki bareng wis paḍa tuwa, lagi dirungoni pawarta kang banget mbungahaké mau. Apa manèh anak lanang peparingé Allah mau bakal kepareng lumaku dadi tjetjala nḍisiki rawuhé Sang Djuru Slamet, kang diprasetyakaké marang para leluhur. Wah, saiba geḍéné kabungahané jèn bisa kelakon temenan. Nanging keprijé bisané Zacharjah ngerti jèn sing mentas dirungu mau bakal kelakon temenan? Mengko gèk mung impèn baé ....
Ing kono Malaékat bandjur ngandika manèh: „Aku iki Djabraèl, kang ngaḍep ana ing ngarsané Allah, sarta kautus nḍawuhi kowé, martani kabungahan iku mau. Lah kowé bakal dadi bisu, ora bisa tjelatu kongsi tumeka ing dina kelakoné iku mau, mulané mengkono awit kowé ora ngandel ing pituturku.”
Iku kang bakal dadi tenger, nanging ija dadi paukuman tumrap Zacharjah, sebab enggoné maido.
Paḍa sanalika Malaékat mau murtja saka ing pandeleng, patrapé kajadéné nalika ruwuh, tanpa sabawa lan banget nggumunaké. Zacharjah bandjur metu, atiné kebak kabungahan kaworan pakéring. Bareng wis tekan ing djaba, bandjur ngegaraké tangané arep nglantaraké berkah marang wong kang isih paḍa ngentèni, nanging Zacharjah ora bisa ngutjap apa-apa, ndjalari gumuné wong akèh. Kabèh paḍa nunggal panjana jèn Zacharjah mentas weruh tetingalan wahju ana ing padaleman sutji mau, mulané nganti suwé ora metu-metu, luwih suwé katimbang adaté imam-imam lijané. Mangka saiki Zacharjah dadi bisu. Nanging jèn njawang polatané sing katon sumringah lan mripaté sing ngemu kabungahan, wong-wong bisa ngerti ḍéwé, jèn Zacharjah banget enggoné kepranan atiné déning lelakon sing mentas baé dialami ana ing padaleman sutji. Klesik-klesik swarané wong pada rerasan: „Imamé mau mentas weruh tetingalan wahju!” Nanging ora ana sidji baé sing ngerti temenan apa sing kelakon mau.
Saulihé Zacharjah saka Jesusalèm, Élisabèt, somahé, bandjur didjarwani bab pawarta kabungahan. Wis mesṭi baé ora nganggo tjrita lésan, djalaran Zacharjah kebatjut bisu, nanging nganggo tulisan.
Kabèh sing arep dikanḍakaké ditulis ana ing papan panulisan, sabak kaju sing didèkèki malam. Dadiné Élisabèt bisa matja kabaré kabungahan mau.
Marga saka iku wong tuwa sakloron mau paḍa saos pamudji sukur marang Pangéran saka telenging atiné, awit sadjegé urip durung tau ngalami kabungahan sing semono geḍéné. Lan sabandjuré mung tansah paḍa nganti-anti klawan bungah marang kelakoné prasetyan kang diparingaké déning Pangéran.
Iku mau pawarta kang kapisan kang diampil Malaékat kalantaraké marang imam Zacharjah, wong sing prasadja banget uripé, nanging sing tresna marang Allah klawan gumolonging atiné.
KATJARITA, let nem sasi sawisé lelakon mau, malaékat Djabraèl tumeḍak manèh saka ing swarga menjang ing bumi.
Panggonan sing dirawuhi saiki désa tjilik sing arang kotjap, jaiku désa Nasarèt ana ing laladan Galiléa. Pawarta kaswargan sing diampil mau ora didjudjugaké menjang omah geḍong geḍé ndjenggarang, nanging menjang omah tjilik, sing dienggoni wong wadon isih enom tur legan. Ing kono rawuhé Malaékat dumrodjog tanpa larapan, pangagemané sarwa gumebjar mblerengi mripat.
Wong wadon sing karawuhan mau kalebu wong lumrah baé, ora tau kotjap, déné arané Marjam. Marjam mau ora sugih pawong mitra, wong ing désa sakiwa-tengené prasasat ora ana sing wanuh. Satemené Marjam isih [ 11 ]teḍaké sang prabu Dawud, nanging sarèhné wis let pirang-pirang atus taun, mulané akèh teḍaking ratu sing paḍa kesilep, bebasan tunggak djati paḍa mati. Mengkono uga Marjam, sapa sing ngira jèn tedaké bangsa luhur?
Éwadéné, — bareng Malaékat djumeneng ana ingarepé Marjam, pangandikané: „Bagéa kowé kang kinasihan, Pangéran nganti kowé kang binerkahan ana ing antarané para wadon.
Marjam kumenjut atiné .... klawan wedi lan éring enggoné njawang marang Malaékat mau. Apa ta karepé déné kok diuluki salam mengkono mau?
Djebul .... Marjam diparingi weruh pawarta kang mbungahaké banget, ḍawuhé: „Adja wedi, Marjam, saka antarané sakèhé wong wadon, mung kowé kang pinilih déning Allah. Kowé bakal mbabar putra kakung. Iku namakna Jésus. Iku bakal dadi wong pinundjul, lan kawastanan Putrané kang Mahaluhur, lan bakal ngratoni umaté langgeng salawasé.”
Marjam bareng ngrungu pangandikané Malaékat mengkono mau, saja munḍak enggoné kepranan atiné. Saiki Marjam lagi ngerti apa karepé pangandikané Malaékat ḍèk mau kaé. Dadiné Malaékat mau ngandikakaké bab rawuhé Jésus, Sang Mesih, ija Sang Djuru Slamet kang wis diprasetyakaké, mangka awaké ḍéwé sing bakal dadi ibuné, lah apa ta katjèké karo wong wadon lijané? Généja ta awaké dipilih déning Allah kakarsakaké dadi ibuné Sang Pamarta? Généja ta kanugrahan sing ngungkul-ungkuli kamuljané, diparingaké marang awaké?
Nanging senadjan durung mari kagèt lan gumuné, Marjam ija mundjuk klawan tumungkul wedi, éwadéné kaworan bungah, undjuké mengkéné: „Lah kawula parekanipun Pangéran, keḍatengana kados pangandika Tuwan.”
SAPUNGKURÉ iku mau Malaékat bandjur kondur menjang swarga ngaḍep ingarsane Pangéran, Pawarta kabungahan, ija wasita-adi, sing durung tau kawartakaké ana ing donja, wis kelakon ditimbalaké menjang djagad. Ora ditudjokaké marang para radja, para panggeḍé, utawa para pangwasa lan para wong sugih, nanging Malaékat mau nḍawuhaké pawarta kaswargan marang wong wadon sing durung tau kotjap babar pisan, nanging wong wadon sing ngibadah lan tresna marang Allah klawan gumolong atiné.
KOTJAPA sapungkuré lelakon mau Marjam bandjur buḍal menjang ing pagunungan ing tanah Judéa, merlokaké tilik Élisabèt, sing isih kepernah sanaké ḍéwé. Djalaran Malaékat ija maringi pirsa bab kabungahané Élisabèt.
Marjam enggoné ana ing omahé Élisabèt nganti sawetara sasi lawasé, bandjur mulih. Ora wis-wis enggoné wong wadon loro mau paḍa rerasan bab geḍéning kanugrahané Pangéran sing tumanduk marang para abdiné. Saiba ta bungahé atiné jèn pada ngrasak-rasakaké bab ḍawuhé Malaékat: Élisabèt bakal dadi ibuné Jochanan sing bakal lumaku dadi tjetjala nḍisiki rawuhé Sang Mesih, lan Marjam bakal dadi ibuné Gusti Jésus, Djuru Slamet, sing wis wiwit djaman kuna dianti-anti rawuhé. Prakara-prakara sing adi-aèng mau ora lèrèn-lèrèn dadi potjapané wong wadon loro mau.
Ing wusanané Jochanan kelakon lair, prasetyané Allah ditetepi. Bareng djabang baji wis umur wolung dina, bandjur dianakaké karaméan nemtokaké djenengé baji, tangga-teparo lan sanak seduluré Zacharjah lan Élisabèt wis paḍa nglumpuk arep ngèstrèni, apadéné arep nggujubi kabungahané wong tuwa loro mau. Sapa djenengé botjah mau?
Akèh wong sing muni: „Betjiké didjenengaké Zacharjah, nunggaksemi bapaké.” Nanging Élisabèt gèḍèg, udjaré: „Ora, awit bajiné kudu didjenengaké Jochanan.” Bareng ngrungu djeneng Jochanan, wong mau paḍa mlenggong, djalaran apa ahli-warisé Zacharjah ana sing djenengé Jochanan, tegesé: „Allah iku Mahawelas”? Apa ta sebabé déné milih djeneng baé kok Jochanan?
Zacharjah bandjur disasmitani, diaturi njetakaké sapa bakal djenengé si djabang baji. Sawisé ndjaluk panulisan, bandjur nulis muni: „Jochanan iku djenengé.” Wong kabèh paḍa tjingak lan wedi, luwih-luwih bareng paḍa ngrungu Zacharjah wiwit bisa guneman manèh, pulih kaja wingi uni, ora ana tabet-tabeté babar pisan jèn mentas nanḍang bisu nganti pirang-pirang sasi lawasé.
Ing kono Zacharjah bandjur nglairaké kekidungan pamudji sokur sumaos marang Gusti Allah. „Allah iku Mahawelas. Pangéran wis nindakaké pakarjan kang élok.”
Nalika semono wong sing paḍa nglumpuk ana ing omahé ija paḍa ditjritani apa sing kelakon ana ing padaleman sutji, temah paḍa munḍak geḍé kabungahané.
Panjawangé marang baji sing paḍa ditiliki saiki wis gèsèh katimbang nalika wiwitan, djalaran paḍa ngerti jèn tjaloné bakal dadi nabi geḍé, dadi tjetjala nḍisiki rawuhé Sang Mesih.
Bareng wis didjarwani, lagi paḍa njanḍak apa sebabé si djabang baji mau didjenengaké
Jochanan. Njata .... „Allah iku Mahawelas.” [ 12 ]ANADÉNÉ Jochanan bandjur munḍak-munḍak geḍéné, bareng wis diwasa, dadi wong kang dedeg-pengadegé geḍé ḍuwur, panguripané sarwa prasadja, adaté seneng nenepi ana ing ara-ara samun.
Ana ing kono sinambi ngentèni tibaning saat Gusti Allah nimbali, perlu kautus marang umat kagungané lan nglantaraké ḍawuh „Pada mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak.”
KATJARITA, ana wong loro, lanang lan wadon, paḍa bebarengan lumaku saka Nasarèt menjang Bètlechèm. Parané adoh, lakuné rekasa, ngliwati dalan sing rumpil lan sungil; bareng wis olèh sawetara dina, mbeneri wajah soré ngarepaké surup srengéngé, saka ing kadohan katon putih-putih témboking kuṭa Bètlechèm ing sela-selaning punṭuk-punṭuk sing pating djenggeleg. Wong loro mau wis wiwit ajem atiné, awit kuṭa sing diparani wis tjeḍak. Sapa ta wong loro mau? Sing wadon iku Marjam, „kang pinilih déning Allah saka antarané sakèhé wong wadon”, lan sing lanang Jusup, garwané.
Seḍéla engkas lakuné wis tekan, mesṭiné bandjur bisa ngasokaké awaké sing sajah ana ing lusmèn utawa panginepan.
Kurang seḍéla engkas .... lakuné digelak supaja énggal tekan.
Mungguha ditari, mesṭiné pilih ora lunga-lunga saka Nasarèt katimbang ndadak lumaku adoh menjang Bètlechèm, tur lakuné rekasa banget, nanging wong loro mau mung saderma nglakoni ḍawuh kudu budal menjang Bètlechèm.
Keprijé mula bukané? Sang prabu Agustus, ratu binatara sing ngerèhaké kradjan Rum, wis njebar ḍawuh, supaja kabèh wong sing dumunung ing tanah wewengkoné ditjatjahaké pira gunggungé. Mengkono uga tumrap wong Israèl. Saben wong sing manggon ana ing tanah Kanaan kudu mulih menjang tanah asal kamulané para leluhuré ḍéwé-ḍéwé. Mulané Jusup lan Marjam ija kudu ninggal désa panggonané menjang Bètlechèm, jaiku désa asal-kamulané radja Dawud, nalika isih nḍèrèk Isai kang rama, angon weḍus ana ing ara-ara sinambi nganggit lan ngidungaké masmur pamudji.
Marjam lan Jusup mau pantjèn isih tedak-turuné sang Prabu Dawud, mung katjèké saiki wis tumiba ing kemlaratan. Upama ora mengkonoa rak wis mesṭi nunggang kuldi lelungan saka Nasarèt menjang Bètlechèm. Jusup iku mung dadi tukang kaju ing désa Nasarèt, lan Marjam ija ora tau kawentar isih teḍaking nata.
Éwadéné ....
Jusup mau kasok sih lan setyané marang Marjam. Wis tau Malaékaté Pangéran ngatingali Jusup ana ing pangimpèn perlu maringi pirsa bab kabungahan geḍé sing bakal kelakon, ḍawuhé: „Marjam somahmu bakal mbabar putra kakung, iku sira namakna Jésus, marga ija iku kang bakal ngentas bangsané saka ing dosané.”
Marga saka iku katresnané Jusup marang Marjam saja mantep. Mung wong loro mau sing paḍa ngerti bab kaélokan kang bakal kelakon. Polatané katon sumringah paḍang mengku kabungahan geḍé, djalaran rumangsa pinitaja njimpen wewadi kang adjiné ngungkuli radjabrana.
Saja tjeḍak karo omah panginepan, saja akèh wong ana ing dedalan. Pantjèn nalika semono lakuné wong ing dalan-dalan ndilir paḍa ndjudjug kuṭa Bètlechèm perlu arep ditjatjahaké. Nanging wong semono kèhé iku ora ana sidji baé sing sapa-aruh marang Marjam lan Jusup, djalaran paḍa ora wanuh, tur kabèh lagi paḍa ribut merlokaké butuhé ḍéwé-ḍéwé. Wong sakloron mau paḍa nerusaké lakuné karo mlipir-mlipir, ngener menjang ing omah panginepan, daja-daja bisaa ngasokaké awaké sing wis sajah banget. Apa sing bakal kelakon ing bengi iku, mung Gusti Allah pijambak kang pirsa.
WEKASANÉ wong loro mau wis tekan ing omah panginepan. Jusup lan Marjam wis nitjil bungah, awit seḍéla engkas bakal bisa ngaso. Nanging saiba gela lan tjuwané, djalaran omah panginepan wis kebak wong, ora ana panggonan sidji baé sing isih sela, mangka ija ora ana wong sing gelem ngalah nglijeraké panggonané marang Jusup lan Marjam. Bareng wis tita ora bisa uman panggonan ana ing djero omah, bandjur golèk panggonan ing sadjabané omah, jaiku ana ing kandang, ana ing kono, awor karo kuldi lan djaran, isih bisa olèh papan pangasoan. Jusup énggal golèk damèn, didjèrèng-djèrèng ana ing lemah dienggo paturoné Marjam sing wis krasa lungkrah awaké déning sajah banget.
Nanging kotjapa, ana ing kanḍanging kéwan kono, ing panggonan sing sepi wong, lan ija ing bengi iku uga ana lelakon sing adi-aèng lan sing ora bakal kelakon manèh ana ing donja. Ana ing kono Gusti Jésus, ija kang kawastanan Putrané Kang Mahaluhur, mijos, ngagem sarira djabang baji sing tanpa daja lan sepi banda. Ora ana baji sing nalika lair mlaraté kajadéné baji sing dilairaké ana ing kandang kéwan.
Sadurungé lair durung diseḍijani sanḍangan baji, mulané bajiné mung digeḍong nganggo gegombalan supaja adja kaḍeman. [ 14 ] [ 15 ]Paturon kanggo njèlèhaké baji ija durung ana, mulané tlawah sing adaté dienggo makani kéwan, bandjur dilèmèki damèn dienṭa dadi paturon baji. Jusup lan Marjam mung tansah njawang bajiné mau, atiné kebak kabungahan lan katresnan, nanging ija kebak pakéring.Sang Djabang Baji mau ing tembé bakal dadi Sang Djuru Slameté. Pawarta bab bakal wijosé Sang Djuru Slamet sing ditimbalaké déning Malaékat Djabraèl, wis dileksanani.
Prakara sing adi-aèng kelakoné klawan sesiḍeman. Sapa sing bakal ngerti?
KATJARITA nunggal sawengi iku uga ing ara-ara Éfrata wewengkon Bètlechèm, ana pangon sawetara paḍa nginep nuguri pepanṭaning kéwané, adja nganti kena kamangsa ing kéwan galak. Pangon mau paḍa ngrompol djedjagongan kaja adat saben, jèn mbeneri petengan.
Nanging dumadakan, ana tjahja gumebjar sumorot nelahi petengé wajah bengi, paḍangé ngasoraké soroting srengéngé. Para pangon entèk atiné, mripaté sanalika dieremaké djalaran keblerengen. Ing kono ana Malaékaté Pangéran djumeneng ana ing ngarepé, ngagem kamuljan kaswargan kang sarwa gumebjar.
Para pangon paḍa banget girisé, mung njipta jèn bakal ngalami prakara kang nggegirisi.
Nanging Malaékat mau bandjur ngandika, arum swarané, gawé kepénaking atiné sing paḍa ngrungu, pangandikané: „Adja wedi, lah, kowé paḍa dakwartani kabungahan geḍé, kang bakal tumrah marang saumat kabèh, jèn ing dina iki wus mijos Pamartamu, ija iku Kristus, kang djumeneng Gusti, ana ing negarané Dawud .... Déné kang minangka tengeran marang kowé mengkéné: Kowé bakal paḍa nemu baji kageḍong sumèlèh ana ing pamakanan ....”
Para pangon sing paḍa isih gumeter déning kagèt mau, klawan temen-temen nggoné paḍa ngrungokaké ḍawuhé Malaékat. Bareng wis pada njandak wosing ḍawuh, tumuli kagèté sirna sakala, kagentènan rasa bungah kaworan éram.
Apa paḍa ora salah pangrungu? Apa tememan Sang Mesih sing mijos ing bengi iku, Sang Mesih sing wis wiwit djaman kuna dianti-anti déning para leluhur? Ana ing negarané Dawud, ing Bètlechèm?
Kagawa saka kagumé njumurupi lelakon kang ngébat-ébati mau, para pangon kabèh paḍa sudjud kambi tumungkul sumungkem ing bumi, mangka pawarta kang mentas dirungu mau banget ndadèkaké gawok, nanging iya gambiraning atiné, senadjan durung pati tjeṭa pangertiné.
Lah dumadakan Malaékat kang sidji mau ana kanṭiné golongan bala swarga kang paḍa bebarengan memudji lan ngluhuraké Allah.
Ing wajah bengi iku uga, wajahé sepi wong, ana ing ara-ara djembar, para malaékat mau paḍa ngulukaké pamudji kondjuk marang Allah, swarané nganjut-anjut ngumanḍang adoh, ngungkuli sawernaning kekidungané para tumitah ing alam donja. Para malaékat mau paḍa memudji ngluhuraké sih palimirmané Allah, déné wis kepareng maringaké Kang Putra pijambak kang kinasih marang para manusa.
Apa manèh pangidungé para malaékat mau ija kanggo ngurmati Sang Djabang Baji kang mentas mijos ana ing kanḍang kéwan. Ratuné bala kaswargan mau tumeḍak saka ing swarga kang mulja menjang ing djagad. Pandjenengané ngagem sarira manusa awudjud djabang baji, marga déning geḍéning welas lan tresnané marang manusa, kang paḍa pinurih bisaa olèh karahajon kang sedjati.
Para malaékat mau ringkesé paḍa ngidungaké bab kaluhurané Allah, bab tentrem rahaju kang bakal tumurun ana ing atiné wong akèh, bab maha asihé Pangéran marang para manusa.
Pangidungé mau ngumanḍang ing saindengé djagad ngidungaké kabungahan kaswargan, uniné: „Pudji kondjuk ing Allah ana ing luhur, lan tentrem rahaju ana ing bumi ing antarané manusa kang sinelir!”
Nanging sing paḍa ngrungu kekidungan mau mung para pangon sing ana ing ara-ara.
Bareng para malaékat wis pada kondur menjang swarga, bareng ing ara-ara wis pulih njenjet lan peteng nḍeḍet manèh, bareng para pangon wis wani guneman manèh, bandjur paḍa nglairaké bungahing atiné lan paḍa adjak-adjakan tembungé: „Ajo, kantja, paḍa menjang Bètlechèm saiki baé, ndeleng apa sing mentas diḍawuhaké Malaékat mau.”
Para pangon ora ana sing duwé pamaido marang ḍawuhé Malaékat. Lakuné rerikatan rebut ḍisik, daja-daja énggala tekan ing kanḍang. Bareng wis tekan, sing katon ḍisik ḍéwé Marjam lan Jusup, bandjur Sang Djabang Baji, kageḍong, sumèlèh ana ing pamakanan, tjotjog karo pangandikané Malaékat.
Sang Djabang Baji, gumléṭak ing pamakanan, pinopokan ing gombal-gombalan, papa lan tanpa daja, luwih papa katimbang baji-baji lijané ing alam donja, ora katon mentjorong mawa praba, nanging para pangon mau ora taha-taha sudjud djèngkèng lan ngabekti ana ing ngarsané Sang Djabang Baji.
Para pangon paḍa pratjaja, jèn Sang Djabang Baji mau djumeneng Djuru Slameté, ija Ratu Gustiné, awit pantjèn djumeneng Sang Mesih, sing wis dianti-anti déning para leluhur wiwit djaman kuna mula. [ 16 ]Saiki Pandjenengané sing dadi panganti-antiné wong sadjagad wis rawuh.
Djebul rawuhé mau béda banget karo pangangen-angené para pangon. Panjanané, Pandjenengané jèn rawuh bakal ngagem kamuljaning kapraboné ratu agung binatara, utawa enggoné mijos ana ing keḍaton kang sarwa edi-pèni rerenggané, djebul njatané kosokbali bledjed karo pangangen-angené mau.
Bareng wis paḍa saos bekti, para pangon mau bandjur njritakaké apa sing mentas kelakon ana ing ara-ara lan apa sing paḍa dirungu saka pangandika lan pangidungé para malaékat. Kabèh mau ditjritakaké marang Marjam lan Jusup, lan marang sapa baé sing paḍa gelem ngrungokaké, marga saka liḍah sinambung utawa geṭok-tular, kabar kabungahan mau sedéla baé wis sumebar ing kuta Bètlechèm. Pantjèn para pangon ora bisa meneng baé, djalaran atiné mbludag déning kabungahan.
Ing kono Marjam mung tansah ngrungokaké baé. Atiné kebak kabungahan, lan kebak panuwun sokur marang Allah, apadéné saja munḍak-munḍak asih lan tresnané marang kang Putra. Kabèh sing dadi gunemé wong akèh mungguh kaanané kang Putra mau, mung tansah dirungokaké lan disimpen ana ing atiné sarta dilaras-laras. Nanging Marjam durung bisa njanḍak apa wigatiné kaélokan sing semono geḍéné lan muljané.
KAJA mengkono iku enggoné Sang Djuru Slamet rawuh ing donja kang papa lan nista. Dudu para radja utawa ratu agung binaṭara, dudu para wong sugih utawa wong apangkat, kang paḍa mahargja rawuhé, nanging sing paḍa sowan saos bekti iku para pangon, wong papa sing paḍa sudjud djèngkèng ing ngarepé pamakanan kéwan.
Nanging sing mengkono mau pantjèn wis dadi kersané, enggoné rawuh ngersakaké ngagem kaanan papa lan nisṭa, pamurihé supaja bisa muljakaké lan njlametaké manusa.
Pantjèn mengkono kersané, rawuhé ing donja ora nedya maringaké banḍa donja lan radjabrana supaja manusa bisa nggajuh kawibawan lan kamuljan, nanging rawuhé nedya maringaké tentrem rahaju ana ing atiné manusa, supaja bisaa sowan manèh ana ing ngarsané Allah, djalaran manusa wis disébrataké saka ing pangajunané Allah marga déning dosané.
Para pangon paḍa ngrungokaké pangandikané Malaékat, temah paḍa kumandel, sarta paḍa bungah-bungah awit wis paḍa ketemu karo Pamartané, lan bisa nemtokaké jèn bakal rahaju selawas-lawasé,
Sang Pamarta wis rawuh, lan rawuhé mau tumudju marang angger wong kang paḍa gelem ngrungu ḍawuhé lan ngandel.
JUSUP lan Marjam enggoné paḍa ngrumati Sang Djabang Baji ora béda karo adat kalumrahané wong ing tanah Kanaan jèn pinudju duwé anak. Bareng bajiné wis umur wolung dina, bandjur dinamakaké Jésus. Asma Jésus iku kang diḍawuhaké Malaékat Djabraèl marang Marjam, déné tegesé: Djuru Slamet.
Nalika Gusti Jésus juswa patang puluh dina, bandjur disambut déning Jusup lan Marjam menjang padaleman sutji ing Jerusalèm, kasaosaké marang ngarsané Pangéran, netepi ḍawuh kang katulisan ana ing angger-anggeré nabi Musa. Sakèhé anak lanang pambarep kudu kasaosaké dadi sengkeren ana ing ngarsané Pangéran. Ḍawuh mau wiwit djaman kuna ditetepi déning bangsa Israèl turun-tumurun, mengkono uga déning Jusup lan Marjam.
Ana ing padaleman sutji kono, Sang Djabang Baji bandjur kasaosaké marang imam, temah ditumpangi asta déning imam lan diberkahi. Lan ing nalika Sang Djabang Baji kaulungaké déning kang ibu marang imam, iku mengku rasa kaja-kaja ibu mau ngundjukaké putrané sumaos marang Pangéran.
Nalika Jusup lan Marjam mlebu ing padaleman sutji, wong-wong sing paḍa ana ing kono ora ana sing nggatèkaké tekané wong loro mau dalah Sang Djabang Baji, djalaran mèh saben dina ana wong njaosaké anaké marang imam. Mangka wong loro mau ija ketara jèn mung wong tjilik baé. Senadjan wong loro mau ija ora lali nggawa kurban sing arep disaosaké déning imam, nanging sing digawa mau dudu tjempé utawa weḍus, mung manuk deruk sadjoḍo, jaiku kurbané wong sing ora duwé.
Bareng Sang Djabang Baji diundjukaké déning Marjam marang imam, ija bandjur diberkahi déning imam, kaja adaté jèn mberkahi sakèhé anak pambarep. Nanging émané, imam mau babar pisan ora njana, jèn baji sing ditumpangi asta lan diberkahi nalika semono iku sadjatiné Sang Mesih pijambak. Sapa sing ngerti?
Nalika semono ija ana wong lanang mlebu ing padaleman sutji, wong mau wis tuwa banget, pasemoné katon wingit, ngetarani jèn kentjeng pangibadahé marang Allah. Jusup lan Marjam ora wanuh karo wong tuwa mau, nanging imam lan wong-wong lijané wis wanuh. Wong tuwa mau djenengé Simeon, wong mursid, prasasat ora tau lowong mlebu ing padaleman sutji perlu njaosaké pangabektiné marang Allah.
Bareng Sang Djabang Baji dibopong déning ibuné mlebu ing padaleman sutji, Simeon [ 17 ]bandjur mulung astané nambut Sang Djabang Baji klawan memudji Allah. Mripaté sumorot nélakaké geḍéning kabungahan kang ana ing atiné.
Simeon wis ngerti sapa sing lagi dibopong déning Marjam, djalaran wis kaparingan wangsit déning Allah lantaran Roh Sutji.
Wis pirang-pirang taun enggoné wong mursid mau njenjuwun, supaja diparengna menangi rawuhé Sang Mesih ing sadjeroning uripé, ija Sang Mesih kang dadi panganti-antiné umat sadjagad wiwit djaman kuna mula. Mangka Gusti Allah wis paring prasetya jèn Simeon bakal ora ngalami mati, jèn durung njipati ḍéwé Sang Djebadané Pangéran.
Lah, saiki, tanpa kanjana-njana prasetyan mau tinetepan. Simeon banget suka-sukuré marang Allah. Sang Djebadané Pangéran wudjudé mung kajadéné djabang baji lija-lijané, dibopong ibuné, nanging Simeon ora kliru enggoné nampani pamisiké Roh: Lah iku Sang Mesih!
Sang Djabang Baji bandjur dibopong déning Simeon klawan memudji marang Allah, undjuké: „Ḍuh Pangéran, ing samangké Tuwan nglilani abdi Tuwan késah klajan tentrem rahaju miturut pangandika Tuwan. Awitdéné mripat kawula sampun ningali karahajon peparing Tuwan.”
Jusup lan Marjam mung paḍa ngrungokaké klawan sumlengeren. Keprijé ta bisané wong mau ngerti, jèn sing lagi dibopong iku Sang Mesih? Katon tjeṭa wéla-wéla jèn wong tuwa mau banget suka-sukuré, mangka enggoné njawang Sang Djabang Baji klawan kasok katresnané. Tetembungan kang mentas diutjapaké mau sumengka ing ngarsané Allah apinḍa kidung pamudji. Apadéné wong mursid mau ija meḍar wangsit, jèn ing tembé bakal pirang-pirang wong kang paḍa pratjaja marang Gusti Jésus, temah paḍa bisa olèh karahajon langgeng, nanging ija bakal akèh wong kang paḍa geṭing lan nampik marang Pandjenengané. Pangutjapé marang Marjam mengkéné: „Atimu ḍéwé bakal katuwek ing peḍang!”
Marjam durung bisa njandak tegesé tetembungan sing winadi mau. Sadjaké nélakaké prakara sing njeḍihaké, sing bakal dialami Marjam karana saka kang putra. Nanging keprijé njatané, — Marjam durung bisa njanḍak.
Bésuk, let pirang-pirang taun Marjam lagi bisa njanḍak tegesé ....
Sang Djabang Baji bandjur dibalèkaké marang kang ibu, tumuli paḍa diberkahi déning Simeon.
LAN manèh ing padaleman sutji uga ana wong lijané sing wis ngerti marang Sang Timur. Ana wong wadon mursid, sing wis tuwa banget, marani Jusup lan Marjam. Wong mau djenengé Annah. Wis kalok ing akèh jèn Annah mau dadi nabijah, pirang-pirang taun lawasé ora mèngèng saka ing padaleman sutji, rina wengi enggoné nindakaké pangabektiné marang Allah klawan puwasa lan sembahjang. Nalika semono Annah mau bandjur madju, nglairaké kabungahaning atiné sarana ngutjapaké pamudji sukur marang Allah, apadéné saben wong kang pada nganti-anti marang rawuhé Sang Djuru Slamet, arep ditjritani jèn ing dina iku mripaté ḍéwé wis kelakon njawang Sang Mesih ana ing padaleman sutji.
Sawisé lelakon mau Marjam lan Jusup bandjur pada bali menjang ing Bètlechèm, atiné kebak kabungahan, djalaran baji sing paḍa dibopong mau ing tembé bakal djumeneng Djuru Slameté wong sadjagad kabèh, mangka Marjam lan Jusup paḍa diparengaké ngrumati.
GUSTI Jésus rawuh ing djagad mandjalma dadi baji kang papa lan apes. Bareng lan rawuhé mau ana kabungahan geḍé ing antarané para malaékat kang paḍa bebarengan memudji, lan ing antarané para pangon kang paḍa bebarengan saos pangabekti. Mengkono uga ija ana kabungahan geḍé ing atiné para wong kang mursid, kajadéné Simeon lan Annah, lan wong-wong lijané kang paḍa pratjaja marang wigatining lelakon mau.
Nanging — akèh uga wong kang paḍa ngrungu warta bab kabungahan mau, éwadéné paḍa ora ngandel. Tjoba, saupama Sang Djabang Baji mau mijos ana ing keḍaton kang sarwa mobjor kaéndahané, utawa saupama Sang Mesih mau rawuhé dumrodjog tanpa larapan, tumeḍak saka swarga ngagem kasektèn lan panguwasa, tjoba, jèn mengkono kelakoné, kabèh wong mesti paḍa ngandel. Balik saiki? .... Keprijé bisané kelakon baji anaké wong ora duwé, tur olèhé lair baé ana ing kandang kéwan ing tembé bakal dadi Sang Djuru Panebus? Sapa sing gelem ngandel? Nanging satemené mesakaké kaanané wong-wong sing paḍa ora gelem ngandel mau, djalaran paḍa nampik marang peparing sing semono geḍéné, jaiku Putrané Allah pijambak, peparing sing ora ana imbang-imbangané ing sadjagad.
PAWARTA bab wijosé Gusti Jésus ija kaḍawuhaké ana ing tanah, kang dunungé adoh saka tanah Kanaan ing bang wétan, jaiku ing tanah sing ing djaman bijèn dadi wewengkoné sang prabu Nebukadnézar, tanah padunungané Danièl lan Èster. [ 18 ]Nanging tumimbalé pawarta mau nganggo patrap sing aèng banget. Ing tanah wétan mau ana golongané wong kang paḍa olah ngèlmu warna-warna: wong sing wis ahli lumrahé kasebut panḍita, utawa pudjangga, utawa ahlinudjum. Para panḍita mau ahli ngèlmu palintangan, bisa ngerti lelakon warna-warna kang bakal kelakon sarana métungi lakuné lintang-lintang kang saben bengi katon abjor ing langit. Katjarita ing sawidjining dina ing wajah bengi katon ana lintang mentjorong ing langit, ngalahaké soroté lintang lija-lijané, mangka lintang sing semomo geḍéné durung tau katon.
Bareng para panḍita njumurupi lintang sing anjar katon mau, ora kira-kira bungahé. Awit miturut pétungané, lintang anjar mau awèh pituduh sing wigati banget, jaiku ana baji lair sing ing tembé bakal dadi wong misuwur. Mangka lintang iku soroté gumebjar ngungkuli sakèhé lintang ing langit, mulané baji sing lair nalika semono mesṭi bakal dadi wong sing luwih déning kuwasa lan mulja, ngasoraké sakèhing panguwasa lan kamuljan ing saindenging djagad.
Para panḍita mau paḍa katuwuhan osik ing atiné, mengkéné: „Pajo paḍa mangkat, nggolèki Ratu Agung kang mentas mijos, lan paḍa saos pisungsung lan sembah bekti marang Pandjenengané, kaja sing kelumrah marang Ratu, sing kudu disudjudi lan dibektèni.”
Paḍa sanalika para panḍita mau paḍa buḍal bebarengan, lakuné mengulon, ngungkuraké negarané, nurut pituduhé lintang. Saben bengi lintang mau katon, eneré saja suwé saja mengulon. Lan saben bengi para panḍita mau mbatjutaké lakuné, mung manut pituduhé lintang, ora ngétung sajah lan rekasa, ora wedi bebaja lan pakéwuh ana ing dalan, djalaran paḍa kadereng déning manteping atiné, daja-daja bisaa tumuli sowan saos bekti ing ngarsané Ratu Agung sing dadi pelenging tjiptané. Dalané kaḍang-kala ngambah ara-ara samun,munggah gunung, mudun djurang, lakuné nasak alas wanawasa, panggonané kéwan galak lan panḍoḍotané bégal. Nanging para panḍita mau paḍa ora duwé wedi lan miris, unta-unta tunggangane paḍa digelak supaja énggal tekan. Lakuné paḍa diḍèrèkaké abdiné sing paḍa nunggang unta karo dimoti pèni-pèni radjapèni saka ing tanah wétan.
Para panḍita mau kalebu wong sugih singgih, wong kadjèn kéringan ana ing tanah wétan, kamuljané unḍa-unḍi karo para ratu ing djaman semono. Nanging bab kaanan tata-lair mau babar pisan wis ora kepikir, djalaran pelenging atiné mung menjang Sang Timur, tjalon Ratu Agung, sing mentas mijos, nanging sing durung dingertèni ana ing endi mijosé. Panganti-antining atiné endang bisaa ketemu karo Sang Timur lan saos bekti, wis mèh ora kena disabari manèh, mulané ija wis ora ngétung répot lan rekasaning lakuné.
Saben bengi lintangé katon mentjorong manṭer tjahjané tuduh dalan marang sing paḍa andon laku. Wekasan lakuné wis ngantjik tlatahé tanah Jahudi. Lakuné diterusaké menjang ing kuṭa-kradjané negara kono, jaiku kuṭa Jerusalèm. Wis mesṭi Sang Timur enggoné mijos ana ing tanah Kanaan, lan mesṭiné ija ana ing kuṭa-kradjané tanah kono, malah kuduné ana ing keḍatoné ratu sing nglenggahi kaprabon.
Tekané para panḍita saka mantja negara dalah panḍèrèké ana ing kuṭa Jerusalem èmperé kajadéné arak-arakan, sadalan-dalan dadi tontonané wong akèh. Apa ta iki? Apa karepé para panḍita paḍa teka mréné tanpa wara-wara? Apa ta sing paḍa digolèki?
Suwé-suwé wong-wong Jahudi paḍa ngerti, jèn sing digolèki iku ratu sing mentas mijos. Para panḍita mau saben-saben pitakoné adjeg mengkéné: „Wonten ing pundi inggih Ratunipun tijang Jahudi ingkang nembé mijos? Kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing tanah wétan, mila sami ḍateng mriki baḍé saos bekti.”
Éman banget, ora ana wong Jahudi sing bisa mènèhi wangsulan, djalaran pantjèn ija ora ana sing ngerti bab wijosé ratu anjar.
Nanging ora mokal jèn enggoné mijos ana ing keḍatoné radja Héroḍès, awit ratu iku mesṭiné mijos ana ing kraton. Nanging angger wong Jahudi paḍa ngrungu asmané radja Héroḍès Agung, menḍekel atiné, ndjontong, nginggit-inggit, nanging ija wedi, djalaran radja Héroḍès iku wis konḍang enggoné ambek sija. Nanging Héroḍès iku wis sepuh, lan putra-putrané sing bakal gumanti djumeneng radja, kabèh wis paḍa kaparingan pangkat. Dadi, para panḍita mau mesṭiné ora nakokaké radja Héroḍès dalah putra-putrané.
Lah jèn ora, gèk sapa sing digolèki? Wong-wong mau paḍa ora ngerti.
Wusanané para panḍita mau ija sowan menjang kraton, nanging ing kono ija ora ana gotèké ratu anjar mijos. Para panḍita wis paḍa djuḍeg lan semplah atiné. Lah menjang endi saiki olèhé nggolèki? Apa kliru olèhé paḍa narbukani wiriding palintangan? Ah selak mokal, djalaran lintang geḍé sing wis tuduh dalan seprana-sepréné mesṭi ora bakal ndjlomprongaké. Lan wangsit sing wis ḍiwedaraké ana ing atiné mesṭi ora goroh.
Ana ing keḍatoné sang prabu ora ana Ratu anjar mijos.
Malah radja Héroḍès dadi kedjot banget, bareng midanget undjuké para panḍita mau. Apa ana ratu anjar sing mentas mijos? Para panḍita sing wis misuwur dadi keḍunging [ 19 ]ngèlmu, mesṭi bisa sumurup jèn ana ratu anjar mijos. Nanging sapa ta sing disebut ratu mau? Mesṭiné ratu mau saiki isih botjah tjilik sing ing tembé bakal dadi wong pinundjul lan ngesur sang prabu dalah para putrané saka ing kaprabon. Sing kaja mengkono iku kudu didjaga adja nganti bisa kelakon. Jèn menggalih bab iku, tingalé sang prabu katon mantjereng, nélakaké runtik galihé. Lah keprijé enggoné arep ngilangi klilipé, awit papan dunungé si baji mau durung kasumurupan?
Ing kono sang prabu bandjur nimbali para pangarepé imam lan para ahli kitab, jaiku wong-wong sing paḍa pana marang Torèté nabi Musa lan kitabé para nabi utawa kitab-kitab lijané. Wong-wong mau mesṭi luwih ḍamang marang lajang-lajang babadé bangsané wiwit djaman kuna. Sang prabu ora kalebu darah Jahudi, nanging isih teḍak turuné Ésap, dadi kalebu bangsa Édom. Ewadéné sang prabu saiki ngerèhaké bangsa Jahudi, senadjan enggoné nganti bisa djumeneng ratu mau nganggo patrap sing ora prajoga, jaiku sarana roda peksa lan kaniaja. Mangka kalenggahané saiki digondèli kentjeng banget adja nganti mrutjut saka ing astané.
Dadi para tuwa-tuwané bangsa Jahudi mau paḍa kaḍawuhan sowan, djalaran arep dipunḍuti pirsa apa bab wijosé ratu anjar ija diwetja ana ing kitab-kitab tjekelané bangsa Jahudi.
Atur wangsulané para ahli kitab: „Kasinggihan ḍawuh dalem, sang prabu. Sang Mesih ing tembé baḍé mijos.”
Klawan gupuh enggoné sang prabu ndangu: „Énggal matura, wijosé ratu anjar iku pinasti ana ing ngendi?”
Aturé kang kadangu: „Wonten ing Bètlechèm tanah Judéa kados ingkang sampun kaseratan pinten-pinten atus taun kepengker wonten ing kitab pametjanipun nabi Micha.”
Nanging para pangarepé imam lan para ahli kitab mung paḍa njawang radja Héroḍès karo mbatin mengkéné: „Sakarepmu, jèn kowé meksa arep ngandel udjaré wong-wong mantja saka tanah wétan kuwi. Nanging sing mesṭi luwih ngerti rak aku, para pangarepé bangsa Jahudi! .... Jèn njata Sang Mesih rawuh, rak aku wis paḍa ngerti utawa ngrungu luwih ḍisik. Jèn aku, suṭik ngandel udjaré wong neneka kuwi!”
Kotjapa, ing dina iku Héroḍès nimbali para panḍita mau ḍeḍemitan, paḍa kadangu genah-genahing waktu katoning lintangé. Satemené galihé Héroḍès wis krasa ora kepénak, nanging dauru lan was sumelanging galihé sinamun ora nganti ketara ana ing pasurjané. Klawan sarèh lan sumèh enggoné ngandikani para panḍita, piwelingé: „Paḍa buḍala menjang Bètlechèm, awit ratu anjar sing paḍa kogolèki ora mijos ana ing Jerusalèm, kaja mengkono iku aturé para ahli kitab. Paḍa priksanen klawan nastiti mungguh dunungé Sang Timur, déné samangsa wis ketemu, paḍa ngundjukana uninga marang aku, supaja aku bisaa mrana uga sudjud marang Pandjenengané.”
„Aku bisaa mrana sudjud marang Pandjenengané!” mengkono pangandikané Héroḍès, nanging osiking galihé mengkéné „Ja, mengko jèn paḍa bali mréné, lan ngaturi priksa ana ing ngendi panggonané ratu anjar iku, mesṭi bakal gampang enggonku arep njirnakaké klilipku, bebasan suwé midjet wohing ranti, sengara ratu anjar mau bisa ngesur aku saka ing kaprabonku. Saiki mesṭiné isih botjah tjilik, umuré durung nganti rong taun, djalaran lintangé durung suwé enggoné katon. Malah rong taun baé durung ana. Dakéling-élingé adja nganti lali!”
ING kono para panḍita bandjur paḍa nerusaké lakuné. Ing benginé lintangé bandjur katon manèh, mentjorong ana ing langit, alon-alon tuduh dalan sing ngener menjang Bètlechèm. Bareng wis tekan ing kono, bandjur manḍeg. Sapungkuré iku lintang mau wis ora tau katon manèh. Nanging saiki para panḍita wis ora mbutuhaké sing tuduh dalan.
Ana ing kuṭa Bètlechèm kono ana omah tjilik sing dienggoni Jusup lan Marjam karo Sang Timur. Para panḍita mau dalah panḍèrèké paḍa ndjudjug ing kono, atiné wis ora mangu-mangu lan ora duwé gagasan maido: „Mangsa, Ratu Agung kok mijos ana ing kéné!” .... Ora, gagasan sing mengkono mau sarambut baé ora tinemu ana ing atiné. Klawan urmat lan pakéring para panḍita mau paḍa mlebu ing omah tjilik panggonané Jusup lan Marjam. Bareng wis paḍa weruh Sang Timur ana ing pangkoné kang ibu, para panḍita mau bandjur paḍa sudjud djèngkèng lan saos bekti marang Pandjenengané.
Iba begdjané, déné saiki wis paḍa bisa ketemu karo Sang Djabang Baji sing digolèki. Saking kentjenging pangandelé, para panḍita mau paḍa ora ngétung bebaja lan pakéwuh ana ing dalan, ora ngétung asoring dradjaté wong-wong lan rèmèhé omah kang paḍa ditekani. Swara sing dumeling ana ing atiné, jaiku pamisiké Rohé Pangéran pijambak, kang mbereg para panḍita mau paḍa sowan lan sudjud saos bekti ana ing ngarsané Sang Timur.
Marga saka geḍéning pangandelé, para panḍita mau paḍa diparengaké njumurupi kamuljan sing semono geḍéné, tur paḍa bisa ngrasakaké tentrem rahaju.
[ 20 ]Minangka tanḍaning pangadji-adji lan pakurmatané marang Sang Timur, para panḍita mau paḍa njaosaké bulu-bekti awudjud emas lan menjan apadéné blendok mur, kaundjukaké ana ing sangisoré padané Sang Djabang Baji, kaja patrapé kawula enggoné paḍa soas bulu-bekti, guru-bakal guru-dadi, marang ratu pepunḍèné.
Wusana para panḍita mau paḍa mulih menjang tanahé kanṭi kabungahan geḍé. Senadjana paḍa kalebu bangsa kapir, éwadéné paḍa olèh kanugrahan diparengaké njumurupi Gusti Jésus, temah paḍa nemu karahajon. Kosokbaliné para pangarepé bangsa Jahudi sing paḍa kumlungkung lan ambek djubrija, paḍa ora sudi sowan ing ngarsané Sang Djuru Slamet, mulané ija bakal kontjatan karahajon kang sedjati ....
Djalaran wong-wong Jahudi mau paḍa ora duwé pangandel.
KOTJAPA radja Héroḍès isih tansah ngentèn-entèni ....
Para panḍita paḍa ora bali sowan ing keḍaton wis diantarakaké sawetara minggu, malah sawetara sasi, meksa ora ana pawarta apa-apa. Ing kono sang prabu duka jajah sinipi, pangunandikané: „Panḍita musibat kuwi paḍa mbléndjani djandji, paḍa mulih menjang negarané tanpa pamit, mesṭiné metu dalan lija. Para panḍita kuwi mesṭi wis ketemu karo ratu anjar, sing disebut Sang Mesih utawa Kristus déning wong Jahudi, malah bandjur paḍa diadjak sekuton, temah paḍa wani nilapaké aku .... Nanging, sengara ratu anjar iku bisa ngenḍih aku saka ing kaprabonku. Umuré durung ganep rong taun, ora kliru pétunganku!”
Kotjapa, ratu kang ambek niaja mau, nanging wedi banget karo Sang Djabang Baji, énggal-énggal nimbali pradjurité sawetara, bandjur diḍawuhi mengkéné: „Paḍa mangkata menjang Bètlechèm, kabèh botjah lanang sing umuré rong taun sapangisor, paḍa patènana. Poma-poma adja ana sidji baé sing kliwatan!”
Mengkono ḍawuhé radja Héroḍès, nanging osiking galihé mengkéné: „Wis mesṭi Jésus, Sang Mesih iku, ora bisa ontjat saka ing pati!”
Pradjurit mau bandjur ngleksanani ḍawuhing ratuné.
Saben omah ing kuṭa Bètlechèm dileboni, saben botjah lanang umur rong taun sapangisor direbut saka tangané wong tuwané, bandjur dipatèni klawan sawenang-wenang. Pandjerit lan panangisé wong-wong wadon babar pisan ora dirèwès. Pradjurit mau wataké kamitégan, djalaran ratuné ija ambek niaja kagawa saka angkara-murkané.
Sawisé paḍa nglakoni ajahan, pradjurit mau paḍa sowan ratuné, ngaturaké lapuran, jèn ora ana botjah lanang sidji baé sing kliwatan.
Sang prabu gumudjeng, djalaran wis lega panggalihé, sedyané wis kaleksanan. Ratu anjar sing tjalon dadi klilipé, wis sirna. Saiki wis ora ana sing bisa ngantjam kapraboné sang prabu dalah putra-putrané. Kasusahané wong [ 21 ]sing paḍa kélangan anak-anaké ora dirèwès. Perduli apa ta karépotané wong lija? Butuhé ḍéwé rak wis ketjekel lan sedyané wis kaleksanan!
Apa njata sedyané kaleksanan? Ora let suwé sapungkuré lelakon iku radja Héroḍès bandjur séda.
Botjah-botjah ing Bètlechèm ija pada mati, nanging enggoné mati mau rak sumaos marang Gusti Jésus, senadjan botjah-botjah mau pada ora ngerti prakara iku. Dadi botjah-botjah mau kena disebutaké wong mati sahid kang kawitan, njawané paḍa katrima mlebu ing swarga, panggonan kang luwih éndah lan mulja katimbang karo djagad, lembahing luh lan blaḍeraning dosa lan piala. Botjah-botjah Bètlechèm mau wis ditjawisi papan ana ing swarga déning Allah kang maha welas lan maha asih. Nanging Héroḍès, gapuraning kraton swarga ora bakal kawengakaké kanggo Héroḍès.
Apa njata kaleksanan sedyané? .... Héroḍès tetep wong tjupet nalar-budiné, Rawuhé Sang Mesih menjang ngalam donja ora kagungan sedya nggajuh marang kasugihan lan kawibawan, utawa mbangun karaton kadonjan. Héroḍès satemené ora perlu nguwatiraké bab iku mau. Sang Mesih kagungan kuwadjiban lan ajahan lijané sing luwih permati katimbang karo neluk-nelukaké karaton kadonjan.
Lan jèn miturut akalé Héroḍès, keprijé enggoné arep ngalang-alangi pakarjané Gusti Jésus ana ing djagad? Tjeṭa, jèn Héroḍès iku pantjèn wong kang tanpa budi. Ora ana wong sing bisa ngowahi apa sing wis tinakdir déning Allah.
Katjarita, nalika pradjurité Héroḍès paḍa matèni baji-baji ing Bètlechèm, Gusti Jésus wis ora ana ing kono. Malaékaté Pangéran ngatingali Jusup sadjroning pangimpèn, lan Jusup kaḍawuhan ngungsèkaké Sang Timur lan saibuné menjang ing tanah Mesir. Ing wajah bengi iku uga, Jusup lan Marjam nambut Sang Timur kagawa metu saka Bètlechèm, ontjat saka ing bebaja pati .... Ḍawuhé Malaékat: „Awit Héroḍès bakal ngupaja marang Sang Timur, arep disédani.” Mengkono uga para panḍita saka tanah wétan paḍa kaparingan wangsité Allah sadjroning pangimpèn, supaja adja bali séba marang Héroḍès, mulané mulihé menjang tanahé paḍa njimpang metu dalan lijané.
Jusup lan Marjam bandjur paḍa buḍal menjang tanah Mesir klawan ajem lan tentrem, djalaran wis paḍa jakin, jèn lakuné bakal rineksa déning Allah ing salawas-lawasé. Senadjan ngambah ara-ara samun utawa segara wedi sing sepi njenjet, atiné ora was sumelang, awit Allah tansah rumeksa. Atising wajah bengi lan panasing wajah awan ora ndajani apa-apa marang kang lagi paḍa andon laku, djalaran tansah kinemulan lan pinajungan déning para malaékaté Allah sing kaḍawuhan ndjampangi lakuné.
Jusup lan Marjam saiki wis uwal saka ing kemlaratané, Marjam dadi ora kepeksa laku ḍarat manèh kaja nalika buḍal saka Nasarèt bijèn. Sarèhné wis ana ḍuwit sing dienggo tuku kuldi, mulané Marjam nunggang kuldi, lan Jusup sing nuntun kuldiné. Pamanggoné ing tanah Mesir, ija ora nganti paḍa nanḍang karépotan. Pisungsungé para panḍita saiki kena ditandjakaké kanggo njukupi kabutuhaning uripé.
Enggoné paḍa ngungsi ing tanah Mesir ora nganti tetaunan. Bareng Héroḍès wis séda, Malaékaté Pangéran bandjur ngatingali Jusup sadjroné pangimpèn sarta ḍawuh: „Mangkata, Sang Timur lan saibuné paḍa gawanen mulih menjang ing tanah Israèl, marga wong kang ngarah njawané Sang Timur wis paḍa mati.”
Jusup tumuli nambut Sang Timur lan saibuné bandjur mangkat saka tanah Mesir, lakuné ndjudjug ing tanah Israèl.
SATEKANÉ ing désa Nasarèt, jaiku désa padunungané ḍèk bijèn, bandjur paḍa manggon ing tilas omahé. Jusup ija miwiti manèh pagawéané dadi tukang kaju, bawané dadi kepala-somah kudu nggolèkaké sandang pangan brajaté, kanggo Marjam lan Gusti Jésus, lan kanggo anak-anaké sing ing sapungkuré iku lair ing Nasarèt. Gusti Jésus, Putrané Allah pijambak, nalika isih timur, diopèni lan digeḍèkaké ana ing brajaté wong sing kudu peṭel njambutgawé kanggo njampeti kabutuhaning uripé.
Nalika isih timur, ora ana sing njapa aruh Gusti Jésus, awit sapa sing njana, jèn iku Putrané Allah?
Nanging para pangarepé bangsa Jahudi, wong-wong witjaksana lan kadjèn kéringan, nanging sing paḍa awatak diri, paḍa ngunandika: „Kabèh iku mau mung apus krama lan dora tjara.” Kosokbaliné wong-wong sing andap-asor lan lembah manah, kajadéné para pangon, Simeon, lan Annah, lan para panḍita, lan bokmenawa ana manèh wong-wong lijané, iku mau kabèh paḍa ngandel, temah paḍa bisa olèh karahajon ing salawas-lawasé!
JUSWANÉ Gusti Jésus wis ganep rolas taun. Saiki kepareng nḍèrèk rama ibuné menjang Jerusalèm. Wis bola-bali saben taun, ngarepaké rijaja Paskah, Gusti Jésus pirsa jèn rama [ 22 ]ibuné, bebarengan karo wong Nasarèt lija-lijané, paḍa buḍal menjang ing negara sutji. Saka kéblat papat wong-wong Jahudi paḍa ambjuk menjang Jerusalèm. Ana ing kana wong-wong sing éwon tjatjahé paḍa mlebu ing padaleman sutji paḍa ngluhuraké Allah lan saos pamudji sukur apadéné pandonga; lan manèh enggoné paḍa ngrijajakaké dina geḍé Paskah iku minangka pangéling-éling Paskah kang kawitan, pirang-pirang atus taun kepungkur, nalika bangsa Israèl paḍa buḍal metu saka ing tanah Mesir.
Saiki Gusti Jésus bareng wis juswa rolas taun, kepareng nḍèrèk menjang rijaja Paskah, miturut adat kalumrahané wong Jahudi.
WONG-WONG sing paḍa arep ngrijajakaké Paskah ing Jerusalèm, lakuné ing sadalan-dalan anglur-selur ndlidir tanpa ana peḍoté, swara lan solah tingkahé wong-wong mau nélakaké gambiraning atiné. Sesawangan asri ing sakiwa-tengené dalan, karang-kitri kang mbijet wohé, pategalan gandum kang katon ngombak-ombak katerak ing angin, punṭuk-punṭuk kang kebak tanem-tuwuh katon idjo rijo-rijo ngresepaké panḍeleng, apadéné kali-kali kang bening banjuné pating srèwèh ngontjori sawah lan pategalan, kabèh mau muwuhi suka-gambiraning wong sing paḍa munggah menjang Jerusalèm. Nanging lakuné kaḍang-kaḍang ija ngliwati panggonan sing tjengkar lan garing, kang tinemu ing kono mung brangkal lan parang tjuri.
Saka ing kadohan kuṭa Jerusalèm wis katon keṭap-keṭap kasorotan srengéngé, kuṭa sutji lan kuṭa pepunḍèné: bangsa Israèl.
Gusti Jésus ija mèlu ngrasakaké kabungahan. Iba ta éndahé tanah kagungané, iba ta bungahé wong-wong kang paḍa bareng mlaku, kaja apa kepénginé pirsa padaleman sutji, dalemé Gusti Allah, ija dalemé Kang Rama pijambak. Kaja apa ta kepénginé mèlu ngrijajakaké rijaja kang sutji mau, mèlu ngepung jèn paḍa mangan bebarengan, kajadéné bangsa Israèl bijèn nalika ngarepaké buḍal ing wajah bengi saka tanah Mesir; déné sing paḍa dipangan jaiku: daging tjempé sing wis dipanggang, roti tanpa ragi lan djangan kang pait. Lan manèh kaja apa ta kepénginé Gusti Jésus mèlu ngidungaké kekidungan pamudji kondjuk marang Gusti Allah.
Enggoné paḍa bebarengan lumaku nganti sawetara dina. Ing sadalan-dalan sinambi ngidungaké kekidungan; swarané wong ngidung paḍa sesauran muwuhi gambiraning laku. Saja tjeḍak karo Jerusalèm, atiné wong-wong mau saja seneng. Wekasané—saka saḍuwuring punṭuk omah-omah ing sadjeroning kuṭa sutji Jerusalèm wis katon putih-putih kasorotan srengéngé. Nanging sing saka kadohan wis katon apik ḍéwé jaiku Padaleman Sutji, katon munggur, geḍé ndjenggarang, nanging ija katon ndjenggereng ngengreng; pilar-pilaré ginawé saka watu marmer putih lan rerenggané saka emas katon pating glebjar.
Marga kapanduk déning daja prabawané Padaleman Sutji sing katon wingit, wong-wong mau bandjur paḍa sudjud djèngkèng saos bekti marang Gusti Allah.
Saka kéblat papat wong golongan paḍa ambjuk ing kuṭa Jerusalèm, klawan paḍa ngidung kekidungané rijaja; ndledeg lakuné wong mlebu ing gapurané kuta.
Mengkono uga Gusti Jésus banget karenan galihé, déné saiki, senadjan ngagem sarira manusa, bisa ngluhuraké Allah Kang Rama ing swarga, bebarengan karo umaté Allah ing Jerusalèm.
Rijaja Paskah mau enggoné dirijajakaké suwéné pitung dina. Jusup lan Marjam, kaja salumrahé wong sing paḍa ngibadah, enggoné paḍa ana ing Jerusalèm nganti sarampungé rijaja.
Salebaré rijaja, wong golongan mau bandjur paḍa buḍalan mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé. Wong-wong sing paḍa arep mlaku bebarengan, paḍa ngumpul ana ing gapura. Mengkono uga kafilah sing arep mlaku ngalor menjang ing laladan Nasarèt, wis paḍa nglumpuk ana ing kono, samekta ing laku, barang-barang gegawané, lan botjah-botjah sing paḍa melu wis paḍa tjumepak, kéwan tunggangan dalah pengiridé wis paḍa miranti. Wong tuwa anom, sugih miskin paḍa sajuk sabaja-pati. Umjung swarané wong sing paḍa arep budal.
Bareng wis ana tengara buḍal, kafilah mau bandjur wiwit mlaku. Lakuné wong-wong mau akèh sing sinambi nolah-nolèh ngingetaké kuṭa Jerusalèm, ésṭané kaja arep ngutjapaké salam pamitan sing wekasan marang kuṭa Sutji mau, sadurungé ilang saka ing sawangané kaaling-alingan ing punṭuk-punṭuk.
Jusup lan Marjam wis bola-bali mulat ngiwa nengen, awit krasa jen isih ana sing kari. Wis rada suwé putrané durung katon, nanging bokmenawa awor karo botjah-botjah lijané, ana sisih buri kepara adoh. Wiwitané atiné ajem baé, awit pangirané sedéla manèh putrané mesṭi nututi.
Nanging bareng wis ngarepaké wajah soré putrané durung ana katon, atiné wiwit sumelang. Putrané énggal digolèki mrana-mréné, kafilah mau diturut saka ngarep tekan buri, ditakokaké menjang wong-wong tunggal désané, bokmenawa ana sing weruh, nanging wong semono kèhé ora ana sidji sing weruh Gusti Jésus. [ 23 ]Jusup lan Marjam dadi kuwatir banget. Lah gèk ana ing ngendi putrané? Mangka seḍéla engkas srengéngéné wis surup, lan kafilah mau ora lèrèn nggolèki botjah ketriwal, saja manèh mung botjah saka désa Nasarèt, mesṭi ora digapé.
Bareng wis tita jèn putrané ora katut ana ing kafilah kono, Jusup lan Marjam tjengkélak bali menjang Jerusalèm; atiné ngandut samar lan sumelang. Wajahé wis bengi. Dalané peteng tur adoh lan ora sepi ing bebaja. Wong loro mau mung tansah nutuh awaké ḍéwé, déné kurang waspada enggoné paḍa ngulataké putrané. Iku babar pisan dudu luputé Jésus, wiwit timur mula ora tau duwé kenakalan, anané mung tansah manut miturut marang wong tuwané. Jusup lan Marjam tjeṭa jèn luput, djalaran sadurungé buḍal saka Jerusalèm kuduné rak wis ngerti, jèn putrané durung mèlu ngumpul ana ing tjeḍaké gapura. Lah saiki bandjur keprijé?
Lah jèn botjahé ketjilakan ana ing dalan, utawa kesasar, utawa katut kafilah lijané, bandjur keprijé? Lah jèn botjahé ngantia kepeṭuk karo kéwan galak, bandjur ....! Dalané sepi njenjet tur ora aman. Jusup lan Marjam mung tansah ketir-ketir atiné .... Lakuné diterusaké, nganti tekan Jerusalèm, nanging ana ing dalan ora kepeṭuk karo putrané. Sawengi natas enggoné nggolèki ora nganti lèrèn, ésuké kuṭa Jerusalèm diubres saka lor mengidul, saka wétan mengulon, saben wong ditakoni, saben omah dileboni, nanging putrané ora ketemu. Kaja mengkono mau enggoné paḍa nggolèki putrané rong dina rong bengi. Saben panggonan kang diampiri, diparani manèh karo takon-takon marang sapa baé sing diwanuhi. O, bok ja ana sing weruh utawa awèh weruh bab putrane! .... Nanging Jusup lan Marjam meksa durung ketemu karo putrané.
Bareng telung dinané, Jusup lan Marjam wis tekan ing padaleman sutji. Ora ketemu ing nalar, jèn putrané isih ana ing kono, Jusup lan Marjam durung nganti nggolèki ana ing djero padaleman sutji. Gèk apa perluné botjah tjilik kajadéné putrané mlebu ing padaleman sutji, panggonané wong tuwa-tuwa lan para ahli kitab? Ah, mesṭi putrané ora ana ing kono. Nanging supaja adja ketanggungan enggoné kangèlan lan supaja lega atiné, Jusup lan Marjam ija bandjur mlebu ing padaleman sutji. Enggoné nggolèki wis mèh kemput, ing palataran, bandjur ing kamar-kamar turut èmpèran, bandjur .... wekasané tekan ing kamar panggonané para ulama lan para ahli kitab.
Lah kaé ....!
Dumadakan Marjam bandjur madju ngesuk, sing dadi golèkan saiki wis ketemu.
Putrané tinemu lingguh ing tengah-tengahé para ulama lan ahli kitab. Marjam ora ngrungu sowal-djawabé para ahli mau karo putrané sing lagi umur rolas taun, ija ora ngingetaké ulaté wong-wong tuwa mau sing pada kagum njawang putrané sing senadjan isih botjah, wis kadunungan kawitjaksanan sing ngéram-éramaké, ketitik saka enggoné nakokaké prakara warna-warna sing tumrapé para ahli mau isih awudjud kekeran .... Kabèh mau sing sarwa élok lan aèng ora dirèwès, ora taha-taha putrané bandjur dirangkul sarta diarasi kambi nangis; mbrebel wetuning eluhé, nanging eluhing kabungahan, djalaran putrané sing dinjana ilang, wis ketemu manèh!
Udjaré Marjam: „Enggèr, jagéné kowé teka mengkono marang aku? Lah bapakmu karo aku paḍa nggolèki kowé karo was-was.” Marjam pantjèn wis ngerti, jèn putrané enggoné tumindak mengkono mau ora kagawa saka pamurangsaraké.
Aturé Jésus marang rama ibuné: „Kadospundi déné sampéjan ngantos sami ngupadosi kula, sampéjan punapa boten sumerep bilih kula kuwadjiban wonten ing dalemipun Rama kula?”, kambi njawang ibuné klawan welas asih, ésṭané kaja arep ngélingaké: „Bu, punapa ibu sampun kesupèn bilih Gusti Allah punika sadjatosipun Rama kula? O, ibu, taksih wonten pinten-pinten prakawis malih ingkang ndjalari trenjuhing galihipun ibu, margi saking anggèn kula kedah ngéstokaken kersanipun Rama kula.”
Para ahli kitab mau mung paḍa kedjuḍegan. Kerep baé ana botjah lan wong nonoman paḍa meguru mrono, nanging durung tau mrangguli botjah sing kalantipan lan wangsulané ngèmperi Jésus. Apa tumon ana botjah sing lagi semono umuré wis duwé kalantipan ngungkuli para ahli? Mangka saiki, keprijé wangsulané marang ibuné? Djaréné duwé kuwadjiban ana ing padaleman sutji, ana ing dalemé Ramané? Sapa ta Ramané botjah iku? Lan apa ta kuwadjibané? Para ahli kitab mau mung paḍa gèḍèg-gèḍèg, awit pada ora njanḍak eliding pangandikané iku mau.
Lan Jusup lan Marjam? Paḍa ḍéné enggoné ora njanḍak, senadjan sakaroné wis paḍa ngerti sapa sing djumeneng Ramané, nanging ija durung ngerti Jésus mau ing tembé bakal dadi apa utawa bakal nindakaké apa ing sadjeroning sugengé.
SAWISE mengkono Jusup lan Marjam bandjur mulih menjang Nasarèt, lan Jésus tumuli tumut kang rama lan kang ibu, tansah sumujud ing wong tuwané. Jésus saja minḍak-minḍak agengé, lan saja wuwuh olèh sihé para mitrạ karuhé. Pagawéané saben dina mbijantu pagawéané wong tuwané, lan bok[ 24 ]menawa, sarèhné Jusup iku tukang kaju, ija diadjari nukang.
Gusti Jésus minḍak-minḍak agengé nganti dadi wong diwasa kaja wong-wong lijané. Ora tau Pandjenengané ngrèmèhaké sepepaḍané wong.
Mung ana saprakara kang ora paḍa karo salumrahé wong, jaiku Pandjenengané ora tau nindakaké piala.
Gusti Jésus iku ing sadéngaha prakara paḍa karo manusa lija-lijané, kedjaba dosané.
WIS TELUNG puluh taun kepungkur, wiwit nalika Malaékat Djabraèl nḍawuhaké pawarta kabungahan, kang kapisan marang Zacharjah lan kang kapindo marang Marjam.
Nalika semono miturut ḍawuhé Gusti Allah, Jochanan lair ana ing salah sawidjining panggonan ing pagunungan ing tanah Jahuda, lan sawetara sasi manèh Gusti Jésus mijos ing kandang Bètlechèm.
Lelakon iku mau saiki wis ana telung puluh taun kepungkur. Sapa sing isih ngéling-éling lelakon mau? Sapa sing isih ngutjap ngrasani garwané imam sepuh sing mbabar putra kakung? Utawa anaké tukang kaju ing Nasarèt?
Sing akèh-akèh wis paḍa lali lan sing bijèn kerep ngrasani, wis paḍa meneng karepé ḍéwé; lelakon sing bijèn dadi potjapané wong akèh, saiki wis kesilep.
KOTJAPA .... ana tembang rawat-rawat udjaré bakul sambiwara, miturut gotèké wong akèh: „Lah saiki ana wong madeg nabi, sing ngunḍangaké patobat ana ing pinggiré kali Jardèn. Pangandikané bola-bali: Paḍa mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak!”
Pawarta mau ndjalari wong pirang-pirang paḍa irid-iridan marani panggonané nabi anjar mau, perlu arep weruh lan arep ngrungokaké.
Udjaré sawenèh: Wong iku nabi!” Ana kang sumambung: „Bokmenawa nabi Élijah sing rawuh manèh!” Tjritané sing paḍa weruh, nabi mau pangagemané pasadja banget, kang kagawé mung wula unta, sarta ing lambungé apaningset walulang. Déné kang kaḍahar mung walang lan madu alas. Piwulang sing digelaraké mung nudju marang patobat, wong-wong sing ngrungokaké pada diélingaké mungguh ing dosané, paḍa dipituturi supaja mratobat lan ninggal sakèhing panggawéné kang ala. Jèn wis paḍa mratobat, bandjur dibaptis ana ing kali Jardèn. Kajadéné reregeding awaké katut ing ilining banju, mengkono uga njawané ija karesikan saka ing kanadjisané. Baptis iku mau, kang katindakaké sarana diselulupaké ing banju, tumrapé wong sing paḍa nggetuni dosané lan mratobat, minangka tanda tjap jèn Gusti Allah wis kepareng ngapunten dosané. Kedjaba iku sing katon murgan ana ing piwulangé nalika semono, jaiku: nabi mau tansah ngunḍangaké pawarta bab rawuhé Sang Mesih, kang tumuli bakal manggihi umat kagungané.
Ana sawenèh kang kanḍa jèn nabi anjar putrané imam Zacharjah karo kang garwa Élisabèt, namané Jochanan. Lan marga saka enggoné tansah mbaptisi wong, namané katelah Jochanan Pambaptis.
Lelakon iku mau pantjèn kalebu élok. Wis 400 taun lawasé ing tanah Israèl ora ana nabi. Dumadakan saiki ana utusané Pangéran, timbulé saka ing ara-ara samun. Mangka sing digelaraké iku prakara sing banget nengsemaké: „Sang Mesih tumuli rawuh!”
Wah, méndahana jèn kelakon temenan kaja sing diwulangaké iku! Djaman semono kena diarani djaman sing peteng kanggoné bangsa Israèl. Sasurudé radja Héroḍès Agung, kang gumanti madeg nata putrané kang asma Archelaus, nanging dilungsur saka ing kaprabon déning kaisar ing Rum. Nanging saiki, kaanané negara saja mundak kisruh. Tanah Jahudi saiki dierèhaké déning para bupati Rum, sing paḍa ora disenengi déning kawulané, kajata: Pontius Pilatus, salah sidjining bupati sing banget digetingi bangsa Jahudi ... Wah, kapinudjon ing mangsané temenan, saupama saiki Sang Mesih rawuh, bandjur ngluwari bangsané. Wis mesṭi bangsa Jahudi bakal gumrégah sabaja-pati nḍèrèkaké tindaké Sang Mesih nggempur mungsuhé. Jèn mengkono bangsa lan tanah Israèl bakal merdika manèh, kaja ing nalika djaman kuna .... Wah, méndahana jèn kelakon temenan!
Ing sawrataning tanah sabangsa kabèh paḍa geter lan ngeres, bareng ngrungu panguwuh-uwuhé Jochanan Pambaptis ana ing sapinggiré kali Jardèn, mengkéné: „Paḍa mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak!”
Saka ing kéblat papat lakuné wong-wong ndlidir marani panggonané Jochanan: wong tani saka ing laladan Judéa, para pangon saka ing imbangé kali Jardèn, lan para wong misaja iwak saka tanah Galiléa, djuru mupu béja, pradjurit, para Farisi lan para Saduki, wong tjilik dalah para panggéḍé ....
DELENGEN ta Jochanan Pambaptis kaé, kaé, ing sapinggiré kali! Delengen kaé, tingalé mantjereng mirsani wong golongan, astané diatjungaké kaja arep élik-élik, lan rungokna swarané, sora lan adreng pangungsedé: „Mratobata, tobata saka ing pialamu! .. Wadungé wus tumèmpèl ing poké wit, lan saben wit kang ora metokaké woh kang betjik, iku kategor lan katjemplungaké ing geni!” [ 26 ] [ 27 ]„Mratobata? Selak mokal!” mengkono panjanané wong akèh.” Apa aku paḍa tukang gawé piala? Samangsa Sang Mesih rawuh, Ratu kang wis diprasetyakaké, aku mesṭi paḍa saguh nglawan bangsa Rum. Nanging apa gunané paḍa keduwung lan mratobat? .... Apa ta sebabé? .... Apa ta karepé?
Nanging ana uga wong kang paḍa njanḍak pangandikané nabi Jochanan. Sing paḍa ngerti, mung paḍa tumungkul awit saka rumangsaning atiné. Wong-wong mau paḍa ora sélak, jèn pantjèn paḍa dosa lan jèn pantjèn kerep gawé trenjuhing galihé Pangéran marga saka pialané. Osiking atiné mengkéné: „Saupama aku paḍa dadi wit-witan kang paḍa ora metokaké woh kang betjik, wis mesṭi aku paḍa ditegor lan katjemplungaké ing geni.” Mulané bandjur paḍa njuwun priksa marang nabi Jochanan: „Kula sami kédah nglampahi punapa?”
Jochanan mirsani wong-wong mau, ana kang sugih, ana kang mlarat, kang anḍap-asor lan kang ambek sumakéjan. Jochanan ija pirsa sapa-sapa ing antarané wong golongan iku sing angkara-murka, ora tau ngélingi sapaḍa-paḍané.
Wong-wong mau paḍa diḍawuhi mengkéné: „Sapa kang duwé kotang loro, mènèhana kang ora duwé, kang duwé pangan, ija kaja mengkono uga.” .... Pangandika kang mengkono mau ngemu rasa mengkéné: „Paḍa tresnaa marang sapepaḍanira, lan wong miskin iku paḍa pandumana saka kalubèrané barang darbèkmu.”
ANA uga djuru mupu béja sing paḍa sowan. Wong mau ija kalebu bangsa Jahudi, nanging paḍa ngawula marang bangsa Rum. Wong-wong mau paḍa njaosaké ḍuwit marang para kang njekel pangawasa, sumurup tebasaning ḍuwit padjeg, mulané wong-wong mau paḍa diwenangaké mupu béja utawa padjeg saka kawula tunggal bangsané ḍéwé. Mangka adaté padjegé mau bandjur diunḍakaké tikel tekuk. Mulané para djuru mupu béja mau digeṭingi lan dianggep asor budiné déning bangsané. Udjaré wong akèh: „Djura mupu béja iku ora béda karo maling lan buḍaké bangsa Rum. Wis ora pantes jèn disebuta wong Israèl.”
Éwadéné djuru mupu béja mau ija paḍa sowan ing ngarsané Jochanan. Klawan isin lan wedi paḍa matur: „Guru, kula sami kedah nglampahi punapa?” Wangsulané Jochanan: „Adja paḍa mupu luwih saka kang kapantjèkaké marang kowé.” Jochanan wis pirsa, apa dosané wong-wong mau sing geḍe ḍéwé.
Para pradjurit ija ana kang paḍa matur pitakon: „Menggah kula, kula kedah sami nglampahi punapa?” Jochanan ija ora kekilapan mungguh ing kaanané para pradjurit Rum mau, enggoné paḍa seneng nganiaja lan ndjarah rajah. Wong-wong mau paḍa diḍawuhi mengkéné: „Adju ngrubedi utawa nggegiri wong, nrimaa ing blandjamu.
Tanpa wilangan tjatjahé sing paḍa sowan. Mangka wong-wong mau paḍa dipangandikani bab geḍéning dosané, lan kabèh paḍa diḍawuhi: „Mratobata!”
Lan sapa sing keduwung lan njumurupi déwé bab dosané, apadéné sumedja ngabekti lan tresna marang Allah, bandjur paḍa dibaptisi déning Jochanan. Gusti Allah pijambak kang ngosikaké atiné wong-wong mau, temah nganti paḍa bisa mratobat. Pantjèn geḍé sih kadarmané Allah marang wong dosa, sepira-piraa geḍéning dosané manusa, Gusti Allah isih kagungan pangapura.
NANGING——bareng sing paḍa sowan iku golongané para Farisi, jaiku wong-wong Jahudi sing awatak angkuh lan gumeriḍung, sing tekané mrono mung kagawa saka enggoné kepéngin weruh nabi anjar, lan gémbolaning atiné saupama ditembungaké, udjaré mengkéné: „Aku iki rak isih paḍa teḍak-turuné Abraham, aku paḍa wong betjik, lan nglakoni kabèh sing kasebut ing angger-anggeré Musa, ora ana sing keliwatan sidji-sidjia, malah saḍuwuré iku. Apa perluné aku paḍa dikon mratobat?” .... lan nalika ing kono ija katon ana golongané para Saduki, jaiku wong-wong sing wataké ora perdulèn, ketara saka èntjeping lambéné, — ing kono Jochanan bandjur muntab dukané, lan sereng pangandikané: „Èh tetesaning ula beḍuḍak! .. Jochanan wis pirsa lamising kamursidané, gumenḍunging atiné lan wataké sing ora perdulèn, mangka Jochanan ija pirsa, jèn iku mau mung dadi pangéwan-éwan ana ing ngarsané Gusti Allah.
DJEDJEL rijel wong kang paḍa sowan marang ing ngarsané Jochanan; ana sing paḍa bisik-bisik rerasanan, bokmenawa Jochanan iku Kristus, ija Sang Mesih Pijambak.
Nanging bareng Jochanan miḍanget rerasanan mengkono mau, bandjur wiwit manèh nggelaraké bab kawontenané Ratu kang bakal rawuh, pangandikané: „Ora, dudu aku kang kasebut Sang Kristus, nanging kang rawuhé anungka aku iku kuwasané ngungkuli aku, jaiku kang djumeneng Sang Mesih. Aku? .... bok ngutjuli djangeting trumpahé baé aku ora patut. Pandjenengané iku Mahaluhur lan Mahasutji. Aku? .... tekaku mung nglantaraké pawarta mau marang kowé.”
Sing akèh-akèh wong-wong mau wis paḍa ngerti, jèn wis dadi adat lan kalumrahan, [ 28 ]samangsa ratu arep rawuh, mesṭi ana tjetjala kang lumaku nḍisiki tindaké ratuné, perlu ngrata dalan kang bakal diambah. mbukak dalan nratas alas. utawa rawa-rawa, ngunggahi gunung utawa ngeḍuni djurang lan ngliwati kali. Dalan sing ménggak-ménggok lan menḍak menḍukul kudu digawé lempeng lan rata .... Lah kaja mengkono iku perluné Jochanan rawuh, rawuhé luwih ḍisik kaḍawuhan njawisaké dalan, dadi tjetjala, nḍisiki rawuhé Sang Mesih, mulané pangandikané Jochanan ngumandang seru: „Paḍa njawisna margi ambah-ambahané Pangéran! Sang Prabu tumuli rawuh!” ....
Nanging mung seṭiṭik sing ngerti, jèn enggone paḍa kudu mbagèkaké rawuhé Sang Prabu samangsa rawuh, iku kudu nganggo ati kang lembah lan anḍap-asor, nelangsa lan mbangun-turut. Lan manèh rawuhé Sang Prabu ora bakal ngagem kaluhuran lan kamuljan, apadéné kratoné iku dudu kraton kadonjan.
„Paḍa mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak!” kaja mengkono enggoné Jochanan saben-saben miwiti wulangané. Éman, ora akèh sing paḍa ngerti, jèn nabi anjar mau nggelaraké wulangan bab pangapuraning dosa lan bab katentremaning ati, kang bakal diparingaké déning Sang Mesih marang angger wong kang pratjaja marang Pandjenengané.
KATJARITA, ing nalika Jochanan lagi memulang lan mbaptisi wong, ana Prija njelaki Jochanan. Sadjaké durung ana wong sing wanuh marang Prija mau, mulané ija ora ana sing nggatèkaké.
Nanging nalika Jochanan maspadakaké Prija mau, banget ngungun galihé, saja manèh bareng Prija mau nglairaké kersané supaja kabaptisa. Jochanan ora uwis-uwis enggoné ngungun, awit prakara mau dianggep nglengkara kelakoné. Jochanan ketara banget enggoné hurmat lan éring marang Prija mau; apa saiki Jochanan kelakon mbaptis Pandjenengané kaja déné enggoné wis mbaptisi wong-wong lijané? Jochanan mopo ngleksanani pamunḍuté Prija mau. Undjuké marang Prija mau: „Kawula ingkang perlu Tuwan baptis, mangka Tuwan teka murugi ing kawula?” Nanging Prija mau puguh, pamunḍuté kudu dileksanani. Ing kono Jochanan tumuli sumarah.
Prija mau bandjur diaturi meḍak ing kali Jardèn, nganti kelakon slulup ing banju .... Sawisé kabaptis, bandjur mentas saka ing banju. Nalika semono tumuli ana prakara sing banget ngéram-éramaké: swarga katon kabuka, sarta Rohé Allah tumeḍak pinḍa manuk dara, neḍaki sarirané Sang Prija mau. Ing kono bandjur ana swara saka ing swarga, ija pangandikané Allah pijambak: „Iku Putraningsun, kekasihingsun, kang sinelir ana ing ngarsaningsun.”
Jochanan banget ing pangunguné, nanging atiné ngrasakaké kabungahan kang tanpa upama geḍéné. Saiki wis jakin jèn Prija iku mau Jésus, Putrané Allah, Sang Mesih, Ratu kang pinasți rawuh! Saiki wis rawuh, malah djumeneng ana ing kali Jardèn! Lèdjeming polatané Jochanan nélakaké kabungahan kang saka ing swarga pinangkané. Nanging Gusti Jésus ora terus amor karo wong akèh ing kono, amarga durung tekan wantjiné! Kaja déné rawuhé ing kono mau tanpa sabawa, mengkono uga enggoné késah ija tanpa sabawa.
Jochanan ija maspadakaké tindaké Gusti Jésus nganti ora kasatmripat, kaaling-alingan ing pepunṭuk, ana ing pasamunan, panggonan kang sepi.
SAIKI wis kelakon Sang Mesih uga kabaptis, ora béda karo wong-wong lijané. Sadjatiné iku prakara kang anèh! Apa ta sebabé? Pandjenengané iku Putrané Allah, rak mesṭi tanpa dosa! .... Jèn wong lijané mèmper baé mbutuhaké baptis, kanggo mratanḍani enggoné wis kakumbah resik utawa kasutjèkaké saka ing dosané. Bareng Pandjenengané, Kang Maha Sutji, rak mesṭi sutji ta?
Ewadéné Gusti Jésus ngersakaké kang mengkono mau. Ing samubarang prakara Pandjenengané kersa ngasoraké sarira. Wong-wong enggoné paḍa sowan marang ngarsané Allah klawan isin lan wedi, perlu njuwun sih palimirma, kaja patrapé durdjana jèn sowan marang ngarsané ratuné njuwun pangapura. Lah kaja mengkono uga Gusti Jésus ija ngersakaké disamèkaké karo pura durdjana. Mulané ḍawuhé marang Jochanan: „Wis ta nuruta!”
Rawuhé Putrané Allah marang djagad perlu ngrembat sakèhing dosa,lan sakèhing pialané manusa. Lan wekasané bakal séda sinalib, sinangsara lan kapidana ngèmperi durdjana.
Saiki, sawisé lelakon iku mau, Pandjenengané tindak murugi ing pasamunan. Ana ing panggonan sing sepi Pandjenengané arep ndedonga, supaja bisa tetunggilan karo Sang Rama kang ana ing swarga.
Anadéné Jochanan adjeg enggoné tansah memulang lan mbaptisi. Atiné saiki kebak kabungahan, lan swarané saiki ngumandang luwih sora: „Paḍa mratobata, mratobata! Sang Mesih sanjata wis rawuh!”
ANA ing pasamunan sepi njenjet, ora ana sabawaning djanma manusa. Mung kaḍang[ 29 ]kaḍang ana kumliweré kéwan galak nasak pepèrèngé punṭuk-punṭuk golèk memangsan. Nanging Gusti Jésus ora kagungan was sumelang.
Pandjenengané ana ing pasamunan mung pijambakan, tanpa rowang, nganti patang puluh dina patang puluh bengi. Lan salawasé iku ora ḍahar apa-apa. Pantjèn ing pasamunan ora ana sing kena diḍahar!
Ana ing panggonan sing sepi njenjet mau Pandjenengané mung mbatek ing pandonga, njawidjèkaké panggalihé bisaa manunggil karo Sang Rama kang ana ing swarga.
Gusti Jésus uninga, jèn saiki wis tekan wantjiné Pandjenengané bakal miwiti gesang sing kebak karépotan lan kasusahan.
Nasarèt, désa sing didalemi wiwit timur nganti juswa 30 taun, saiki wis ditilar. Ing sabandjuré Pandjenengané mung tansah lelana ndjadjah désa milang kori, nanging salawasé bakal ora kenḍat ngalami panjawijah lan pepojok, apadéné pangala-ala. Lan wekasané bakal katempuh ing sangsara geḍé, pananḍang lan sungkawa. Nanging galihé Gusti Jésus iku kebak katresnan marang para manusa lan marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga. Pandjenengané sagah ngrembat sakèhing paukuman kang beneré kudu katempuhaké marang para manusa. Kang mengkono iku wis miturut karsané Sang Rama. Senadjan ora djamak aboté. Gusti Jésus sagah njanggi bebahan sing kaparingaké déning Sang Rama.
SAIKI Gusti Jésus nglembara ana ing pasamunan, kang tjinipta ing galih ora lija mung prakara-prakara kang sutji. Nanging tindaké mau dikinṭil lan didingkik sarta dientèni lénané .... déning Iblis.
Iblis wis ngerti sapa Jésus iku lan ija ngerti apa perluné rawuh ing djagad. Mulané Iblis geter atiné sarta banget pangigit-igité! Rawuhé Jésus iku kagungan sedya ngluwari manusa saka ing dosané lan ngasoraké Iblis, ratuning pepeteng. Iku kang ndjalari Iblis geṭingé kepati-pati marang Jésus. Nanging Iblis ija duwé wedi marang Pandjenengané. Iblis ora lali apa sing diḍawuhaké déning Gusti Allah jèn ana kang bakal rawuh ing djagad kang bakal ngremuk enḍasé si ula, jaiku Iblis.
Iblis dadiné ndingkik Gusti Jésus ana ing pasamunan, ngentèni lénané. Jèn Jésus léna, mesṭi bilai, bebasané jatna juwana, léna kena! Saiki sapa sing bakal unggul? Gusti Jésus apa Iblis?
Ing djaman purwa, nalika Adam lan Chawa isih paḍa manggèn klawan tentrem rahaju ana ing patamanan Pirdus, tanpa dosa lan tanpa rasa wedi, nalika semana Adam lan Chawa mau ija diinḍik déning Iblis, nganggo rupa dadi ula, temah Adam lan Chawa kelakon ḍumawah ing katjilakan, kang ndjalari kabungahané Iblis, awit bisa olèh kaunggulan.
Lan saiki ... ana manèh Manusa kang tanpa dosa lan tanpa wedi, nanging luwih teguh timbul katimbang Adam. Saiki Iblis ija arep ngempakaké sakèhing kadjuligané nggegèndèng Pandjenengané marang piala. Saiki sapa sing bakal unggul? Gusti Jésus apa Iblis?
Iblis ngetutaké Gusti Jésus, mung kari ngentèni saaté sing betjik.
WIS olèh patang puluh dina lawasé enggoné Gusti Jésus ana ing pasamunan tanpa ḍahar apa-apa, mulané sapunḍaté mau wasanané kerapan. Nanging ana ing pasamunan keprijé bisané olèh pangan? Lah iki wantjiné sing dianti-anti déning Iblis. Ing kono Iblis bandjur marek ing ngarsané Gusti Jésus sarta matur minḍa-minḍa mitra: „Menawi Sampéjan Putranipun Allah, suwawi séla punika Sampéjan ḍawuhi dados roti.”
Gusti Jésus bandjur mirsani Iblis. Ḍasar njata, Pandjenengané iku Putrané Allah, lan jèn pantjèn wis dadi kersané, Pandjenengané mesṭi kuwasa nindakaké apa sing dadi aturé Iblis. Ing sakeḍap nétra watu mau mesṭi bakal malih dadi roti lan Pandjenengané bisa ḍahar. Nanging iku mau dudu kersané. Pandjenengané ora kekilapan mungguh ing kadursilané Iblis. Menawa Gusti Jésus kelakon njabdakaké watu malih dadi roti, ing kono Pandjenengané ngagem panguwasané kang élok kagem ngladosi Diri pribadi. Lah sing kaja mengkono iku ora dadi kersané. Rawuhé ing djagad mligi mung arep mitulungi lan ngluwari manusa. Sarirané pijambak ora perlu digalih. Kang mengkono iku wis dadi kersané Sang Rama lan sing diḍèrèk Gusti Jésus iku mung kersané Sang Rama ana ing saenggon-enggon lan ing samangsa-mangsa.
Roti? Roti pantjèn ija perlu, nanging sing luwih déning, perlu jaiku: pambangunturut marang Gusti Allah.
Mulané Gusti Jésus ngandika marang Iblis: „Ana tulisan mengkéné: Uripé manusa iku ora mung srana roti baé, nanging srana samubarang sabdané Allah.”
Gusti Jésus apal banget surasané Kitab Sutji. Wangsulané Gusti Jésus mau sarana meṭik ajating Kitab. Iblis dadi ngerti jèn Gusti Jésus tansah nḍèrèk karsané Sang Rama, lan ora nuruti karepé Iblis. Iblis bandjur ngglenes lunga, karo kedumelan: „Gagal!”
IBLIS enggoné mundur mung arep mapan, awit seḍéla manèh bandjur marek menḍak-menḍak menjang ngarsané Gusti Jésus, lakuné anḍap-asor kaja patrapé mitra betjik nedya awèh pamrajoga. Gusti Jésus disambut me[ 30 ]njang Jerusalèm, kadjumenengaké ana ing ḍuwur pajoné padaleman sutji, bandjur mundjuk mengkéné: „Menawi Sampéjan Putranipun Allah. suwawi Sampéjan andjlog dumugi ing nganḍap, awit wonten seratan mekaten: Pangéran bakal nḍawuhi para malaékaté, ing ngatasé Sira, sarta Sira bakal ditadahi ing tangané, supaja sikilira adja nganti kesanḍung ing watu.”
Undjuké Iblis mau pantjèn kepara njata. Saupama Gusti Jésus ḍawah wis mesṭi baé para malaékat sumaḍija naḍahi ana ing tangané, temah sampéjané ora nganti kesanḍung ing watu. Lan wong-wong sing paḍa weruh Gusti Jésus andjlog saka ing ḍuwur pajon, ora babak ora busik, mesṭi bakal paḍa éring marang Pandjenengané. Nanging Gusti Jésus pirsa marang paékané Iblis. Gusti Allah ora marengaké manusa nemaha marang katjilakan, tanpa ana perluné. Kang mengkono iku kena diarani njoba apa Gusti Allah kersa mitulungi.
Mulané sereng pangandikané Gusti Jésus marang Iblis: „Ana manèh tulisan mengkéné: Sira adja njoba marang Pangéran Allahira.” Ḍawuh kang tansah dipunḍi-punḍi déning Gusti Jésus iku ora ana sing ngluwihi ḍawuh: nindakaké kersané Sang Rama lan manut miturut ing samubarang prakara, kaja patrapé botjah tjilik, pasrah suménḍé kanṭi kumandel.
Iblis dadiné njingkir manèh kambi ngedumel: „Gagal manèh!”
IBLIS isih bali manèh marek ing ngarsané Gusti Jésus. Saiki Iblis nganggo gelar anjar. Gusti Jésus disambut manèh minggah ing gunung kang luwih banget ḍuwuré, bandjur diaturi ningali sakèhé kraton ing sadjagad lan sakamuljané kabèh.
Pasang gelaré Iblis saiki nélakaké kadjuligané. Pantjèn Iblis iku kuwasa, nguwasani sakèhé manusa, nanging mung Manusa sidji iki sing ora tunḍuk marang panguwasané. Jèn Manusa sidji iki bisa kelakon sudjud djèngkèng ana ing ngarepé, Iblis mesṭi tetep dadi ratu lan gusti. Nanging Sidji iki semuné mbandakalani, Iblis wis ngrasa kuwatir .... Nanging pasang gelaré saiki mesṭi bisa ngentasi gawé.
Gusti Jésus ditedahi sakèhing kamuljan lan kaéndahaning djagad, ing kono undjuké Iblis klawan tetembungan manohara lan anorraga: „Punika sedaja baḍé kula sukakaken ḍateng Sampéjan, anggeripun Sampéjan sumungkem sudjud ḍateng kula.”
Wah, begdja kemajangan, ngantuk nemu keṭuk! Rak aluwung nampani kamuljan lan kasugihan iki katimbang karo nandang sangsara sing dadi gegaḍangané!
Éwadéné — Gusti Jésus ngandika klawan duka: „Wis lungaa Sétan! Sebab ana tulisan mengkéné: Pangéran Allahira sira sembaha lan adja ngabekti marang lijané.”
Kaja kataman ing sembur déning ḍawuh pangandikané Gusti Jésus, Iblis bandjur mak slingker sumingkir ngadoh ....
Ora kenḍat-kenḍat enggoné kedumelan klawan ngigit-igit: „Gagal! Nganti ping telu, meksa gagal! Aku asor, nanging Pandjenengané unggul!”
GUSTI Jésus kari anggana. Lah ing kono bandjur ana malaékat paḍa marek sarta ngladosi Pandjenengané.
Temen-temen Sang Pamarta nindakaké apa kang dadi kersané Sang Rama, temah Pandjenengané bisa unggul ing djurit!
SAIKU wis tumeka wajahé Gusti Jésus ngembuli wong golongan, marga kadereng déning geḍéning sihé lan kabereg déning Roh Sutji.
Sawisé njepi ana ing pasamunan patang puluh dina lawasé, Gusti Jésus bandjur leléḍang ana ing tengahing djagad karaméan.
Keprijé lekasé Gusti Jésus sing wiwitan?
Apa Gusti bandjur wiwit sowan menjang ing dalemé Imam agung sarta manggihi para imam lan ahli kitab apadéné para panggeḍé ing Jerusalèm, perlu arep nepangaké jèn Pandjenengané djumeneng Sang Mesih kang dadi panganti-antiné sabangsa kabèh? ....
Ora!
Apa Gusti miwiti nindakaké kaélokan murih kaweruhana ing wong akèh utawa ngébaraké kasektèn lan kaluwihan nganti wong akèh paḍa tjingak kambi ngutjap: Lah iku Sang Mesih kang pinasṭi rawuh? .... Ora!
Iku mau kabèh ora ditindakaké déning Gusti Jésus!
Purugé Gusti Jésus menjang ing laladané kali Jardèn, menjang panggonané Jochanan Pambaptis, nggelaraké piwulangé. Ana ing kono, saka ing antarané wong golongan, Gusti Jésus wiwit angsal sekabat.
Kang paḍa dadi sekabaté iku dudu wong panunggalané para ulama, utawa para panguwasa utawa para luhur. Sing dipilih djebul mung panunggalané wong amèk iwak, sing pinangkané saka Galiléa meḍun menjang ing kali Jardèn perlu arep ngrungokaké piwulangé Jochanan Pambaptis, supaja paḍa olèha wedjangan murih karahajoning uripé.
[ 31 ]Nalika semono Jochanan ija weruh Gusti Jésus tindak ana ing antarané wong akèh, iku ndadèkaké bungahing atine. Jochanan bandjur njawang wong-wong sing paḍa ngadeg ing sakiwa-tengené, wong-wong burus ing ati, setya-tuhu, sing tansah ngetutaké Jochanan lan sing wis paḍa ngakoni dosané sarta kabaptis, sing wis paḍa mandjing dadi muridé utawa dadi sekabaté. Bareng weruh Gusti Jésus, Jochanan babar pisan ora duwé gagasan: „Supaja aku tetep dadi guruné, aku kudu luwih prajitna, murid-muridku adja nganti paḍa ninggal aku lan ngetut-buri Jésus!” Ora, — malah Jochanan bandjur nudingi Gusti Jésus sarta klawan bungah ngandikani murid-muridé: „Lah iku Tjempéné Allah kang ngrembat nglungakaké dosané djagad!”
Pantjèn kaja mengkono iku njatané. Dudu Jochanan Pambaptis kang bisa ngapura dosa; Jochanan mung bisa ngrungokaké jèn wong-wong paḍa ngakoni dosané, sawisé iku bandjur mbaptisi wong-wong mau, — nanging Gusti Jésus, sing lagi mentas rawuh iku, jaiku kang djumeneng Panebus. Pandjenengané iku kang djumeneng Putrané Allah, rawuhé ing djagad perlu arep ngrembat dosané manusa kabèh. Kaja patrapé tjempé enggoné kasembelèh, bandjur kagawé kurban ana ing mesbèh ing padaleman sutji, temah njangga sakèhing paukuman kang beneré kudu kaetrapaké marang manusa kang paḍa nanḍang dosa, ija kaja mengkono rawuhé Gusti Jésus menjang djagad perlu ngrembat dosaning djagad.
Pangangen-angené Jochanan ora lija mung mengkéné: „Dudu aku kang bisa mitulungi kowé, nanging Pandjenengané! Aku paḍa kolalèkna, bandjur nḍèrèka Pandjenengané, paḍa ngrungokna pangandikané lan njaosna katresnan marang Pandjenengané, Pandjenengané iku pinasṭi saja minḍak, aku iki saja suda.”
LAH iku Tjempéné Allah!”
Ana muridé Jochanan loro, bareng ngrungu guruné ngandika mengkono iku, bandjur nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus. Murid kang sidji djenengé ija Jochanan, lan sidjiné Andréas. Wong loro mau panggaweané amèk iwak lan asalé saka ing laladané segara Galiléa. Bareng Gusti Jésus pirsa jèn tindaké ana sing nḍèrèkaké, tumuli minger ningali wong loro mau, sarta ngandika: „Kowé paḍa golèk apa?” Undjuké: „Rabbi — tegesé: Guru —, pakèndelan Tuwan wonten ing pundi?” Undjuké sing kelair sadjaké mung prakara sepélé, nanging sedjatiné isih luwih akèh lan wigati sing arep disuwunaké priksa, saupama kelaira arep mundjuk mengkéné: „Rabbi, kula mugi sami Tuwan wulang, inggih mugi Tuwan pangandikani bab kekeran warni-warni ingkang kula boten sami mangertos kateranganipun. Manah kula sami ketir-ketir lan was sumelang déning agenging dosa kula. Duh, Rabbi, mugi kula sami Tuwan paringi manah ajem lan tentrem!” [ 32 ]Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Mara ndelenga!” Murid loro mau bandjur paḍa nḍèrèk tindaké Gusti Jésus lan sabatjuté tetep ana ing ngarsané, sarta nḍèrèk Gusti ing saparan-paran. Saiki Gusti djumeneng Guruné lan wong loro mau dadi sekabaté. Suwé-suwé para sekabat mau paḍa ngerti marang werdiné pirang-pirang prakara kang mauné dianggep kekeran lan paḍa sumujud sarta tresna marang Guruné klawan gumolonging atiné.
ANADÉNÉ Andréas duwé sedulur, djenengé Simon, djuru amèk iwak. Udjaré marang Simon: „Aku wis paḍa ketemu Sang Mesih, jaiku Sang Kristus!” Simon tumuli diirid menjang ngarsané Gusti Jésus.
Kabungahan sing semono geḍéné tumrap Andréas ora pisan-pisan arep dikakahi ḍéwé, nanging seduluré ija dikanḍani supaja mèlu ngrasakaké kabungahan.
Gusti Jésus tumuli mandeng marang Simon, Gusti mirsa samubarang, mulané ija mirsa nganti tekan telenging atiné wong. Pangandikané marang djuru amèk iwak mau: „Kowé iku Simon, anaké Junus; kowé bakal didjenengaké Pétrus.” Anèh banget patrapé Gusti Jésus enggoné mbagèkaké tjalon muridé. Nanging Gusti Jésus pantjèn wis pirsa marang Simon, jaiku wong sing atiné kebak katresnan, peṭel ing gawé, malah ing tembé sawisé marambah-rambah ngalami kalemesan, bakal dadi sekabaté Gusti kang mondjo ing kakuwatan lan kataberèn enggoné nindakaké ajahané lumados marang Gusti, lan wekasané bakal dadi abdining Pangéran sing kukuh bakuh apinḍa gunung karang, ngetrepi unining djenengé Pétrus, tegesé gunung karang.
NALIKA Gusti Jésus ngladjengaké tindak mengalor menjang ing laladan Galiléa, sing paḍa ndèrèkaké tindaké wong telu, jaiku: Jochanan lan Andréas karo seduluré: Simon Pétrus.
Ora antara suwé Gusti Jésus kepeṭuk wong saka ing Bètsaidah, negarané Andréas lan Pétrus, ing pinggiré segara Galiléa. Ḍawuhé marang wong mau tjekak aos: „Mèlua aku!”
Wong mau — djenengé Filippus — ora suwala, ora godjag-gadjeg lan ora njuwun priksa: „Wonten punapa?”, nanging bandjur nḍèrèkaké Gusti Jésus klawan seneng lan mantep. Filippus tetep dadi sekabaté Gusti. Saking, geḍéning kabungahané marga wis bisa wanuh karo Sang Mesih, Filippus bandjur énggal-énggal marani mitrané sing aran Natanaèl, perlu arep njritakaké kabungahaning atiné, tembungé: „Aku wis paḍa ketemu kang kasebutaké déning Musa sadjroning Torèt sarta déning para Nabi, ija iku Jésus putrané Jusup, saka ing Nasarèt.”
Wis mesṭi baé Natanaèl iya ngerti kajadéné Filippus, jèn Sang Mesih bakal rawuh, malah atiné tansah kebak pangarep-arep muga-muga énggala kelakon, nanging bareng ngrungu: „Putrané Jusup, saka ing Nasarèt!”, atiné mlenggong. Ah mokal, keprijé bisané mengkono? Mèh ora ketemu ing nalar jèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing Nasarèt, désa tjilik. Mulané pangutjapé Natanaèl klawan gela lan mangu-mangu: „Ing Nasarèt apa metu kang betjik?” Nanging Filippus sing atiné mbludag kabungahan lan wis jakin temenan jèn sing dikanḍakaké iku mau njata, wangsulané mung tjekak: „Mara ndelenga!” Natanaèl mau bandjur ngetutaké mitrané, nanging atiné mung tansah melang-melang lan maido.
Gusti Jésus bareng mirsa Natanaèl marek ing ngarsané, bandjur ngandika mengkéné: „Lah iku wong Israèl saluguné kang ora kadunungan linjok!” Dadiné Gusti Jésus ija wis mirsa mungguh batiné Natanaèl, kajadéné ija mirsa batiné angger wong. Pandjenengané mirsa jèn Natanaèl iku wong burus, ora tau lelamisan, blaka-suta lan djudjur. Nanging Natanaèl anané mung sumlengeren, djalaran wong sing ditjritakaké Filippus marang ḍéwèké iku mau rak durung tau srawungan, keprijé bisané ngandikakaké jèn „ora kadunungen linjok utawa goroh”? Mulané Natanaèl bandjur mundjuk: „Tuwan wanuh ḍateng kawula saking pundi?” Enggoné mundjuk mengkono mau klawan gumun, nanging saja munḍak gumuné, bareng dipangandikani: „Sadurungé kowé diadjak déning Filippus, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit andjir.” Pangandika sing nggumunaké mau ndjalari Natanaèl mung tansah njawang marang Sang Pamarta klawan pakéring, awit pantjèn kepara njata, Natanaèl nalika diparani mitrané lagi linggih ana ing sangisoré wit andjir kambi ndedonga. Nanging panggonané mau adoh saka ing kono. Éwadéné Gusti Jésus bisa mirsa lan ènget marang ḍéwèké.
Ing sanalika sirna sakèhing was sumelang, lan sakèhing pamaido larud saka ing atiné. Gusti Jésus sanjata dudu manusa lumrah kaja manusa lija-lijané. Pandjenengané ngungkuli, ngondjoni .... Klawan bungah Natanaèl bandjur mundjuk, aturé: „Duh Rabbi, Tuwan punika Putranipun Allah, Tuwan punika Ratunipun Israèl.”
Tekané Natanaèl ing mauné nggawa gagasan arep ketemu karo putrané Jusup kaja sing dikandakaké Filippus, nanging saiki djebul malah ketemu karo Putrané Allah.
Gusti Jésus bandjur mangsuli, pangandikané: „Sarèhné aku tutur ing kowé: Aku weruh ing kowé ana sangisoring wit andjir, mulané kowé pratjaja, nanging kowé, bakal weruh lelakon kang luwih élok katimbang karo iku.” [ 33 ]Gusti Jésus bandjur ngladjengaké tindaké, kaḍèrèkaké sekabaté kang wititan. Mengkono uga Natanaèl ija ora kari.
Wong-wong sing paḍa kepranggul karo wong nenem sing paḍa lumaku bebarengan mau, mesṭi ora ana sing duwé panjana, jèn iku Sang Mesih kaḍèrèkaké sekabaté wong lima.
KATJARITA ing désa Kanah, ora adoh saka Nasarèt, ana bawahan memanton. Akèh wong désa kanan kéring paḍa djagong ing kono, mengkono uga Marjam, apadéné kang putra Jésus.
Nalika semono Gusti Jésus dalah sekabaté wong lima kebener ana ing tanah Galiléa, Gusti Jésus karo sekabaté paḍa diaturi pinarak ndjenengi bawahan mau.
Natanaèl wis tepung karo sing duwé gawé, djalaran asalé pantjèn saka ing désa Kanah.
Gusti Jésus ḍangan rawuh ana ing papaning karaméan, nggujubi kabungahané wong-wong sing lagi paḍa mangun, suka-pari-suka.
Wong sing duwé gawé ora kalebu golongané wong sugih, mulané pasugatan sing diwetokaké ora nganti mubra-mubru. Enggoné duwé gawé mung ngarah saperluné baé, malah kena diarani tjlimèn. Senadjan mengkono, kagawa saka enggoné arep nututi adat kalumrahan, bawahan mau enggeng-enggengan nganti pitung dina lawasé. Kotjapa bareng njanḍak pitung dinané, anggur seḍijan njugata tamu entèk babar pisan. Mangka wis akèh ḍajoh sing teka. Gèk keprijé polahé sing duwé gawé, saupama ḍajohé nganti ora disuguhi anggur? Mesṭiné wong-wong mau ora ana sing gelem njruwé, nanging mung mbatin: Wah, mesakaké temen! ....
Nanging sing djan memelas iku pangantèné! Iba tjuwa lan wirangé, déné ora bisa njugata tamuné! Nanging keprijé manèh, angguré wis entèk!
Marjam ija ngerti jèn wong sing duwé gawé ketjipuhan banget. Marga saka kamiwelasen, Marjam bandjur njeḍaki Gusti Jésus karo mbisiki: „Paḍa ora duwé anggur!”
Généja kok Marjam ngutjap mengkono? Apa karepe? ....
Marjam wis ngerti, jèn Gusti Jésus kersa mitulungi, seḍela baé karépotané wong-wong mau sirna. Wah saiba senengé, jèn Gusti Jésus saiki uga kersa nedahaké kaluwihané sing tanpa tanḍing, lan jèn Pandjenengané iku satemené kang djumeneng Nabi kang pinasṭi rawuh. Généja ta kok isih dienḍé-enḍé enggoné arep ngébaraké kamuljané? Marjam, kang ibu, rak ja wenang ta ngadjap-adjap sing mengkono iku?
„Paḍa ora duwé anggur!”
Nanging Gusti Jésus mangsuli: „Ibu, sampéjan tumut-tumut punapa ḍateng kula? Dèrèng dumugi waktu kula.”
Pantjèn njata, Marjam ora ngerti apa-apa sing gegajutan karo prakara kaswargan. Mung Gusti Allah pijambak kang pirsa, kapan waktuné Gusti Jésus miwiti nedahaké kamuljané marang djagad. Lah Marjam, bawané wong wadon sing mung abadan waḍag, mesṭi ora bisa nggajuh kekeran mau.
Éwasemono Marjam bandjur metu klawan lega atiné, lakuné terus menjang panggonané para sinoman.
Gusti Jésus mau ngandika: „Dèrèng dumugi waktu kula.” .... Pantjèn durung. Nanging sawajah-wajah rak bisa kelakon tekan waktuné. Mangka Marjam jakin, saupama Gusti Jésus kepareng mitulungi, mesți Pandjenengané kuwasa.
Marjam bandjur préntah marang para sinoman, kambi nudingi Gusti Jésus saka kadohan: „Apa saḍawuhé marang kowé, iku paḍa lakonana.”
Sawisé iku Marjam bandjur ngentèni, kaja wong sing jakin, jèn kamuljané kang putra sedéla manèh bakal kebabar.
ING satjeḍaké pendapa ana genṭong watu waḍah banju nem idji geḍé-geḍé, seḍijan kanggo sesutji sadurung lan sawisé mangan, utawa kanggo asah-asah grabah lan bala petjah lijané.
Ora antara suwé saka prentahé Marjam, Gusti Jésus bandjur murugi sinoman sing duwé bubuhan ngisèni genṭong sarta ḍawuhé: „Genṭongé paḍa isènana banju.”
Ḍawuh mau tumuli diéstokaké, awit wis dipréntah Marjam mengkono, senadjan paḍa ora ngerti apa karepé préntah mau. Genṭong nem idji mau diisèni nganti kebak mentjep-mentjep.
Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Saiki tjiḍuken, gawanen katur marang pitajaning gawé.”
Bareng ngrungu ḍawuh mengkono iku, para sinoman mung ndomblong baé. Diḍawuhi keprijé? Njiḍuk banju, bandjur diaturaké marang, pramugarining bawahan? Kanggo apa? ....
Nanging para sinoman mau anané mung manut.
Nalika semono Gusti Jésus wis awor lenggah manèh karo para tamu.
Pramugari mau bareng ngitjipi banju, sing digawa sinoman, bandjur alok; „Lah généja iki isih ana anggur: Malah anggur énak, luwih betjik katimbang anggur sing wis dila[ 34 ]dèkaké ḍèk wingi-wingi!” Pangantèné lanang tumuli diaturi lan rada dipaido: „Dados sampéjan taksih gaḍah anḍungan anggur. Kula kinten, angguripun sampun telas sedaja. Tjobi sampéjan itjipi, rak punika anggur nomer setunggal! Kénging punapa boten sampéjan segahaken rumijin? Limrahipun tijang njegahaken anggur ingkang saé rumijin. Déné menawi para tamu anggènipun ngundjuk sampun kaṭah, ladjeng njegahaken ingkang kirang saénipun. Mangka sampéjan kok nganḍungaken ingkang saé ngantos samangké!
Pangantèn lanang mung njawang pramugari mau, awit ora ngerti apa-apa. Nanging para sinoman bandjur mara lan nganḍaraké apa sing mentas kelakon, karo nudingi Gusti Jésus: „Punika tijangipun ingkang nḍawuhi kula!” .... Sabandjuré.... lelakon kang banget ngéram-éramaké mau seḍéla baé wis sumebar ing antarané para tamu, pawarta mau tular-tumular saka wong sidji menjang sidjiné, lan angger wong sing ngrungu pawarta mau, bandjur kepéngin mèlu ngrasakaké anggur sing kedadéjané saka banju tawa, mangka rasané ora kalah karo anggur peṭingan.
Saiki wong-wong sing ana ing padjagongan mau enggoné njawang Gusti Jésus kanṭi pakéring lan wedi, djalaran durung paḍa ngerti, sapa sadjatiné Gusti Jésus iku. Ana sawenèh sing bisik-bisik: „Iku anaké Marjam. Meneng-meneng bisa njulap banju dadi anggur. Gèk keprijé bisané? .... Mesṭiné bakal dadi nabi geḍé!”
Nalika iku sing geḍé banget panuwuné marang Gusti Jésus iku pangantèné lanang, awit wis olèh pitulungan; déné sing bungah lan lega atiné iku Marjam, lan sing munḍak mantep pangandelé iku sekabat wong lima. „Sanjata Pandjenengané iku Sang Mesih, Putrané Allah. Wiwitan mula aku wis paḍa ngandel, nanging saiki aku wis paḍa jakin temenan,” kaja mengkono pangunandikane sekabat wong lima mau klawan kabungahan.
IKU mau pratanḍa kang kawitan kang mbabaraké mahakuwasané Gusti Jésus ana ing ngarepé wong akèh. Lan ora mung sepisan dji iku baé enggoné wong-wong bakal njawang marang kebabaring kamuljané Gusti Jésus, malah nganti ora kena diwilang tjatjahé kaélokan sing diparingaké marang djagad. Nanging selawasé ora tau Gusti Jésus ngagem mahakuwasané kang makolèhi Ḍiri-pribadi, senadjana Gusti lagi nanḍang kemlaratan lan karépotan pisan. Gusti Jésus tansah ngagem kaélokan mau samangsa perlu njlametaké manusa, lan samangsa arep ngluhuraké Sang Rama kang ana ing swarga.
Ana ing bawahan memanton ing Kanah Gusti Jésus malihaké banju dadi anggur, nanging enggoné nindakaké mau klawan siḍeman, ora ndadak nglumpukakè wong akèh utawa ora ndadak njebar wara-wara luwih ḍisik .... Pakarjané Allah kang sarwa élok lan ngéram-éramaké iku kelakoné tansah tanpa sabawa, kajadéné mingseré lintang-lintang ing langit wajah bengi, pinḍa mekaring kembang-kembang sing ketaman soroting srengéngé ing wajah awan.
KATJARITA, nalika ngarepaké rijaja Paskah, Gusti Jésus lan para sekabaté bandjur tindak menjang ing Jerusalèm, perluné paḍa arep ngéling-éling rijaja Paskah kang kawitan ḍèk djaman kuna lan ngéling-éling bab geḍéning sihé Gusti Allah marang umat kagungané. Pangéling-éling mau ditindakaké ana ing padaleman sutji ing Jerusalèm.
Kuṭa Jerusalèm wiwit munḍak ramé. Umjung swarané wong golongan sing paḍa teka saka désa ngadésa. Déné sing raméné paḍa karo pasar sing lagi tumawon iku ing sakiwa tengené padaleman sutji, malah ing djero palatarané, sangarepé padaleman sutji.
Ing kono panggonané para imam njaosaké kurban lan panggonané wong-wong sing paḍa nggawa kurban; ing kono ija papané wong paḍa sembahjang, béda-béda patrapé, ana sing tanpa swara, sembahjangé mung dibatin baé, ana sing njuwara seru supaja kaweruhana ing wong akèh; nanging—ana ing palataran kono uga, ing ngiringan, akèh wong sing paḍa adol sapi lan weḍus, apadéné manuk dara, njeḍijani kabutuhané wong sing paḍa arep saos kurban. Blantik-blantik mau enggoné njuwara nawakaké dagangané wis tanpa ngèngèh-ngèngèh, binarung swara pambengahé sapi lan pangembèké weḍus, wis ora ngélingi wong-wong sing lagi paḍa sembahjang, adja manèh ngélingana geḍéning sihé Allah marang umat kagungané, djalaran sing paḍa diudi lan dipikir mung ḍuwit, saja akèh, saja betjik.
Ing kana kéné ana médja ènḍèk, médjané wong paréjalan, ḍuwité petjah wis ditaning-taning ing ngarepé, njeḍijani wong-wong saka mantja pradja sing paḍa arep ngidjolaké ḍuwité, wis mesṭi baé sing diudi wong-wong paréjalan mau ora lija ija mung unḍaking ḍuwité ḍéwé.
Saben wong arep mlebu ing padaleman sutji, kudu asok pisungsung satengah sèkel; iku wis dadi pisungsung adjegan. Lan sing ora duwé ḍuwit tengahan sèkel, ora perlu kuwatir, awit wong paréjalan wis njeḍijani kabutuhané, waton kurup karo kangèlané, Mulané wong-wong paréjalan mau mèlu bengak-bengok nawakaké ḍuwité. [ 36 ] [ 37 ]Ḍuwit liru ḍuwit. Wong-wong sing mata ḍuwiten mau sing diojak mung ḍuwit, lan bebaṭèn utawa kasugihan.
Kasutjèning padaleman sutji, utawa pakéring marang Allah wis ora katon babar pisan ... prasasat wis kesasaban ing ḍuwit!
Kaja mengkono iku kaanané padaleman sutji nalika semono jèn pinudju rijaja. Para imam lan wong-wong sing paḍa saos ing paḍaleman sutji ora ngrèwès babar pisan; saking kulinané malah wis ora ngrungu swara gumeder lan bengak-bengoké wong dol-tinuku. Wong-wong mau sadjatiné ija ngrasa jèn patrap mengkono mau murang tata lan njulajani wingité paḍaleman sutji, nanging keprijé manèh, kaanan mau wis ora kena diowahi utawa wis dianggep lumrah lan ora ngrusuhi pagawéané para imam.
KOTJAPA, nalika semono Gusti Jésus rawuh. Apa kaja mengkono iku wudjudé paḍaleman sutji kagungané Allah? Apa iku dalemé Sang Rama? .... Bareng mirsa kaanan mengkono mau Gusti bandjur banget rengu galihé. Wis wiwit bijèn mula, jèn rawuh pinudju rijaja, ija ora ḍangan lan rena ing panggalih mirsani wong-wong sing paḍa ora duwé éring babar pisan marang paḍaleman sutji, malah dipaḍakaké karo pasar, nanging Gusti mung kèndel baé, awit tumrapé wong akèh Pandjenengané isih dadi tukang kaju saka Nasarèt.
Nanging saiki? .... Saiki wis tumeka wajahé Pandjenengané ngatingalaké kalenggahané enggoné djumeneng Sang Mesih, Putrane Allah.
Pandjenengané bandjur munḍut tampar-tampar kadamel petjut. Wong-wong mau dalah radjakajané paḍa ditunḍungi metu saka ing papan kono; ḍuwité wong-paréjalan disuntak lan médjané digulingaké. Wong-wong sing mauné bengak-bengok ngumbar swarané, saiki tjep klakep kaja orong-orong dipidak, sidji baé ora ana sing mangga pulih ana ing ngarsané Gusti, djalaran wong-wong mau paḍa ngrasa jèn ana daja prabawa lan kasektèn metu saka ing sarirané Prija sing lagi anjar katon mau. Kabèh paḍa sumingkir ndeleng pantjerenging tingalé. Pangandikané marang wong-wong mau klawan sereng: „Barang-barang iki singkirna saka ing kéné. Padalemané Ramakku adja kogawé omah padagangan!”
Wong-wong mau kabèh, dalah para imam lan kang paḍa saos ing padaleman sutji, kagèt lan tjingak njawang tandang tanduké Gusti Jésus.
Sapa ta wong iku? Apa ta karepé? Keprijé bisané wani lan kuwasa tumindak mengkono iku?
Nanging ora antara suwé para imam paḍa pating kedumel nélakaké ora trima. Djalaran para imam mau paḍa rumangsa ditjahak wewenangé ana ing padaleman sutji. Généja wong anjar iku arep kumawasa tumindak ing sakarep-karep tanpa ndjaluk idiné para imam? Satemené para imam mau ija wis ngrumangsani ing sadjeroning ati, jèn wong anjar mau ora luput, malah tindaké mau kena diarani panggawé betjik, sing beneré dadi bubuhané para imam, nanging sing paḍa dilirwakaké. Mulané para imam mau satemené bakal kawirangan, awit kewelèh enggoné paḍa tlédor. Dadiné para imam paḍa nesu lan ora rena babar pisan ndeleng tandangé wong anjar mau. Sapa ta wong iku?
Gusti Jésus bandjur ditjeḍaki, dirubung kambi disawang, ana sing satengah wedi, ana sing satengah nesu lan wekasan paḍa njelani undjuk, mengkéné: „Kadospundi déné Pandjenengan saged nindakaken pandamel kados mekaten punika? Punapa sebabipun déné tijang-tijang punika sami kepladjeng namung déning Pandjenengan tijang setunggal? Sinten ta Pandjenengan punika? .... Sumangga Pandjenengan ngatingalaken pratanda, supados kula sami mangertos, bilih Pandjenengan punika saèstu djumeneng nabi ageng.”
Nanging satemené Gusti Jésus ora tau ngagem pratanḍa kaélokan kanggé ngébaraké pangwasané, mulané ḍawuh wangsulané: „Kowé paḍa mbubraha padaleman iki, sadjroning telung dina bakal dakadegaké manèh.”
Wangsulan kang anèh. Wong Jahudi mung paḍa mèntjep. Mangsa, padaleman sutji kang nganti patang puluh nem taun lawasé enggoné kabangun, kok mung arep diadegaké sadjeroning telung dina .... Mokal!
Wong-wong iku babar pisan ora duwé éring marang wong anjar mau. Kagawa saka djubrijaning atiné wong-wong mau paḍa suṭik ngrungokaké marang Pandjenengané kajadéné marang nabi.
Mangka satemené wong-wong ora bisa ngerti apa tegesé wangsulan kang anèh mau. Ngadegaké padaleman sutji ing sadjeroning telung dina? .... Mokal! Nanging Gusti Jésus enggoné ngandika mengkono mau, ana prakara lija kang dikersakaké. Sing arep diadegaké mau dudu padaleman sutji jasané para leluhur dèk djaman bijèn, nanging Gusti Jésus mangandikakaké bab sarirané pijambak. Mengkono uga para sekabat ija paḍa durung njanḍak pangandikané Guruné, nanging ing tembé, sawisé Gusti Jésus séda lan ing telung dinané wungu manèh saka ing pasaréané, ing nalika semono para sekabat lagi baé ngerti tegesé wangsulané Gusti Jésus kang anèh mau.
Nanging tangkepé wong-wong Jahudi marang
Gusti Jésus medjanani banget. [ 38 ]SASUWÉNÉ rijaja Paskah Gusti Jésus bola-bali rawuh ana ing palataran padaleman sutji. Ing kono Pandjenengané wiwit meḍar sabda lan memulang wong golongan; ana ing kono Pandjenengané ija ngatingalaké pratanḍa kaélokan warna-warna; paring pitulungan marang kang paḍa kesrakat, wong lara paḍa diwarasaké lan kang nanḍang sedih paḍa diparingi panglipur.
Akèh banget tjatjahé wong kang paḍa pratjaja lan tresna marang Pandjenengané, kajadéné Jochanan lan Pétrus sarta Andréas lan lija-lijané enggoné kasok katresnané marang Gusti Jésus. Saben dina wong-wong mau paḍa sowan ana ing ngarsané perlu ngrungokaké weḍaring pangandikané Gusti, apadéné paḍa ora bosen-bosen njebar warta marang angger wong sing gelem ngrungu: „Sanjata Sang Mesih wis rawuh, lan aku wis paḍa ndeleng kamuljané!”
Nanging para pangarepé bangsa Jahudi, para Farisi lan ahli kitab, paḍa ora pratjaja. Pantjèn nggumunaké banget prakara-prakara kang mentas paḍa dirungu lan dideleng, nanging keprijé bisané ketemu ing nalar jèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing désa Nasarèt? Semuné wong anjar mau mèmper wong tjulika. Saka panjanané kang diarani Sang Mesih iku mesti sédjé banget kaanané.
EWADÉNÉ ....
Ing wajah bengi ngarepaké wajah sirep wong, ing kuṭa Jerusalèm sing wis sepi ana wong lanang mlaku idjèn; wong mau panunggalané para Farisi lan ahli kitab, kalebu pangarepé wong Jahudi, wong kadjèn kéringan ana ing Jerusalèm; namané Nikodémus,
Enggoné mlaku mlipir-mlipir milih panggonan kang rada linḍuk, pamurihé supaja adja nganti kaweruhan ing wong.
Bareng tekan ing ngarep omah pamonḍokané Gusti Jésus nalika semono, Nikodémus bandjur ṭoṭok-ṭoṭok lawang, lan mrasadjakaké karepé enggoné kepéngin ketemu karo Gusti Jésus.
Gusti Jésus ora nampik pisowané Nikodémus. Pandjenengané ija pirsa, jèn Nikodémus mesṭine pakéwuh banget ingatasé para pangerepé wong Jahudi, mulané enggoné sowan milih wajah bengi, éwadéné Gusti Jésus miḍangetaké kabèh aturé Nikodémus klawan rena ing galih.
Mungguh Nikodémus ḍéwé sedjatiné durung bisa olèh wawasan kang gumaṭok ingatasé nabi anjar sing pinangkané saka Nasarèt iku. Pawong mitrané, jaiku para Farisi lan ahli kitab, paḍa ngarani, jèn wong iku tukang ngapusi, nanging osiking atiné Nikodémus ora bisa mbeneraké panemu mengkono iku. Batiné mengkéné: „Ora mokal jèn iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih. Mulané tjoba sowana, njuwuna pirsa ḍéwé, lan tilingna kang dadi pangandikané ....”
Klawan anḍap-asor Nikodémus mundjuk ana ingarsané Gusti Jésus: „Rabbi kawula sami sumerep, bilih rawuh Tuwan dados guru punika saking karsanipun Allah, udjer boten wonten tijang ingkang saged nindakaken pratanḍa kados ingkang Tuwan tindakaken punika, menawi boten tinunggil déning Allah”
Ing nalika iku Gusti Jésus bandjur ngandikakaké prakara warna-warna. Gusti Jésus mratélakalé klawan tjeta, jèn manusa ora bisa olèh karahajon lan ora bisa olèh kaswargan, samangsa ngemungaké netepi lan nglakoni sakèhing angger-angger sing wis diparingaké déning Musa lan angger-angger tambahan gawéané para Farisi. Patrap mengkono iku ora bisa makolèhi tumrapé manusa. Djalaran sing kudu diowahi iku atiné, atiné manusa kudu kebak katresnan marang Allah, lan sabarang gawé kang ditindakaké déning manusa, iku tumindaké mung karana saka katresnané marang Allah, minangka tjihnaning atur panuwuné.
Manusa iku satemené kudu dadi manusa anjar, dadi kudu dilairaké kaping pinḍo.
Nikodémus nilingaké sakèhé ḍawuhé Gusti, nanging durung bisa njanḍak tegesé kabèh. Pangandikané Gusti Jésus béda banget karo piwulangé para ahli kitab.
Sabandjuré Nikodémus isih diparingi wedjangan apa werdiné nabi Musa ing djaman kuna gawé rerékan ula, bandjur disengkakaké ana ing pasamunan, jaiku ing nalika bangsa Israèl katempuh ing ula mandi pirang-pirang, sapa sing ditjakot, mesṭi nemahi mati. Musa tumuli mandjer rerékan ula, mangka ija kelakon saben ana kang katjakot ing ula, angger mandeng marang rerékan ula tembaga mau, temah lestari urip.
Nikodémus wis ngerti tjritané, nanging durung njanḍak eliding tjrita, Gusti Jésus bandjur ngandika: „Kajadéné rerékan ula iku enggoné disengkakaké déning Musa ana ing pasamunan, ija mengkono uga Putrané Manusa enggoné pinesṭi kasengkakaké. Awitdéné Allah enggoné ngasihi marang djagad iku kongsi masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaja saben wong kang ngugemi, adja kongsi nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng.”
Tumrap Nikodémus pangandikane Jésus kang mengkono iku pantjèn katembèn enggoné ngrungu, nanging ija wis bisa njanḍak kang dadi sarining pangandika: „Sang Mesih pinesṭi kasengkakaké ana ing kaju salib, nganti nemahi séda. Lan saben wong kang pratjaja marang Pandjenengané, bakal kaparingan urip langgeng.” [ 39 ]Nikodémus bandjur njawang marang Gusti Jésus. Apa iki kang djumeneng Sang Mesih? Apa Pandjenengané pinesṭi séda sinalib, murih kaslametané manusa kabèh?
Pikirané Nikodémus ora amot nampani wedjangan semono kèhé, nanging ing sadjeroning atiné wis ana pepuntoning panimbang: „Pandjenengané iki kang djumeneng Sang Kristus utawa Sang Mesih, ija Putrané Allah!”
Nikodémus bali manèh, ing sadalan-dalan mung tansah ngrasak-rasakaké apa sing mentas dirungu.
Pangandikané Gusti Jésus kabèh dilebokaké ing atiné. Ing tembé — telung taun manèh sapungkuré lelakon mau — nalika Gusti Jésus kasengkakaké ing kaju salib nganti tumeka ing séda, bandjur nalika arep kasarèkaké, nalika iku pangandika sing tjumaṭet ana ing atiné Nikodémus kebabar dadi panglipur kang ngledjaraké ati. Nalika semono Nikodémus uga teka nglajat, ora ḍeḍemitan manèh kaja nalika ing wajah bengi bijèn, nanging ngeḍèng kaweruhan ing wong akèh, malah nggawa pisungsung tjaruban blendok mur lan kaju garu kagawé sarat ngulesi lajoné Gusti Jésus, ija Gusti pepunḍèné Nikodémus, kang ngangsalaké karahajoning uripé ing salawas-lawasé.
NUDJU sawidjining dina, wajah beḍug awan, ing satjeḍaké kuṭa Sichar ing tanah Samaria, ana sawidjining Prija lenggah ing tepining belik kang karan beliké Jakub, djalaran — miturut gotèké — belik mau tilarané leluhur Jakub ing djaman kuna.
Prija kang lagi lenggah ngaso saka enggoné lelampah iku Gusti Jésus. Para sekabat lagi paḍa menjang kuṭa arep tuku roti. Gusti Jésus lenggah ngaso ana ing kono, sarèhné sajah lan ngelak, ora béda karo wong lumrah kang kena ing sajah lan ngelak, marga saka enggoné lelampah adoh ngambah ara-ara ngenṭak-enṭak.
Mentas baé Gusti Jésus nilar tanah Judéa, ing kono Pandjenengané ija memulang kaja déné nabi Jochanan Pambaptis, lan para sekabaté ija paḍa mbaptisi wong akèh.
Saiki Pandjenengané tindak wangsul menjang ing tanah Galiléa, tindaké nratas ing laladané tanah Samaria.
Tanah Samaria? ....
PARA Farisi, jaiku wong-wong Jahudi kang ambek gumeḍé, paḍa duwé pangira, jèn bangsane iku kang pinundjul ḍéwé ing djagad, mulané ija ora sudi ngambah tanahé bangsa Samaria. Wong-wong Jahudi pilih mubeng nganti pirang-pirang dina lan pirang-pirang djam enggoné paḍa mlaku katimbang ngambah tanah sing disirik.
Bangsa Jahudi iku satruné bebujutan bangsa Samaria. Enggoné paḍa sesatron mau wis olèh pirang-pirang atus taun, wis wiwit nalika bangsa Israèl diulihaké saka ing tanah Babil. Nalika semono sing paḍa dedunung ing tanah Israèl bangsa mantja, sing ija paḍa gelem ngabekti marang Gusti Allah lan paḍa saguh mbijantu mbangun padaleman sutji ing Jerusalèm; nanging bangsa mau paḍa ditampik déning bangsa Israèl, djalaran bangsa mau ora kalebu bangsa Jahudi deles, mulané paḍa suṭik gepok sénggol karo bangsa Samaria mau.
Enggoné sesatron mau munḍak taun ora saja suda, nanging malah saja wuwuh pangigit-igitè.
MULANE rada nggumunaké déné kok Gusti Jésus enggoné tindak nratas tanah Samaria sing tansah disingkiri déning bangsa Jahudi, malah bandjur pinarak lenggah ngaso ana ing tepining belik. Senadjan ngelak lan sajah, lan senadjan banju ing belik katon kintjlong-kintjlong méntjutaké, éwadéné Gusti Jésus ora bisa ngundjuk, djalaran ora kagungan sing kagem nimba.
Ora adoh saka panggonan kono ana kuṭa kang aran Sichar dumunung ana ing lebak ing antarané gunung Ébal lan Gerizim, ija ana ing panggonan kono ing djaman kuna enggoné Jusak damel pradjandjian karo umat Israèl lan paḍa dipatjaki pranatan lan sarak: kang paḍa njingkur marang Allah bakal kataman ing wewelak, déné kang paḍa ngantepi pangabektiné bakal kapanduman berkah mawantu-wantu.
Ora antara suwé, lah ana wong wadon Samaria teka nggawa klenṭing arep ngangsu. Semuné rada kagèt déné ana Prija lenggah ing tepining belik, nanging wong wadon mau ora uluk salam utawa aruh-aruh, djalaran wis ngerti, jèn wong mau panunggalané bangsa Jahudi kang digeṭingi déning bangsané.
Wong wadon mau tumuli nimba.
Gusti Jésus mung ngentèni baé .... Apa wong wadon mau ora weruh, jèn Pandjenengané sajah lan ngelak, banget mbetahaké banju munga satjegukan baé? Apa wong mau wentala ora njaosi ngundjuk marang Pandjenengané?
Nanging wong wadon mau meneng baé.
Mulané Gusti Jésus bandjur ngandika: „Aku wènèhana ngombé.”
Keprijé? .... Wong Jahudi mau wani ndjaluk ngombé? Apa gelem ngombé saka ing klenṭingé? Klenṭingé wong Samaria rak dinadjisaké déning wong Jahudi? Mulané klawan [ 40 ]gumun lan ing semu njudjanani, wong wadon mau bandjur mundjuk marang Gusti Jésus: „Kadospundi déné Sampéjan tijang Jahudi teka neḍa ngombé ḍateng kula tijang Samaria?
Nanging Gusti Jésus mangsuli, pangandikané: „Menawa kowé sumurupa ing peparingé Allah, lan sapa wongé kang tutur ing kowé: Aku wènèhana ngombé, mesṭi kowé kang ndjaluk marang wong iku, tumuli diwènèhi banju urip.”
Bareng ngrungu pangandikané Gusti Jésus mengkono iku, wong wadon Samaria mau saja munḍak gumun lan sudjanané, malah ora ngerti babar pisan apa karepé banju urip sing arep diparingaké. Apa banju sing mentas ditimba saka beliké Jakub ora luwih betjik? Banju sing ing djaman kuna wis diagem ngundjuk leluhur Jakub dalah para putra wajahé turun-tumurun, apa isih ana banju sing ngungkuli betjiké? Apa wong Jahudi iku ngerti dunungé banju sing luwih betjik? Lan keprijé bisané ngangsu tanpa nggawa piranti apa-apa?
Mulané undjuké wong wadon mau: „Angsal Sampéjan toja gesang punika saking pundi?” Wangsulané Gusti Jésus luwih nggumunaké manèh. Pangandikané: „Sapa wong kang ngombé banju iki, bakal ngelak manèh nanging sapa wong kang ngombé banju pawèhku iku, bakal ora ngelak ing salawas-lawasé.
Ora bakal ngelak manèh? Banju apa ta sing arep diparingaké? O, iba senengé jèn bisa olèh banju urip! Mulané undjuké sadjak kesusu: „Tuwan, kula Sampéjan sukani toja punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta sampun susah ngangsu mriki malih.”
Wong wadon mau tetéla ora bisa njanḍak apa kang dikersakaké Gusti Jésus. Senadjan wong mantja, nanging manut panjawangé Gusti Jésus iku sumanak banget. Ora mokal jèn bisa maringi apa-apa sing wong-wong lija paḍa ora bisa mènèhi. Nanging gèk apa sing arep diparingaké? Wong wadon mau ora weruh. Banju urip, wah, iba senenge jèn ora bakal krasa ngelak manèh ing sabandjuré! Keprijé bisané? Banget pangarep-arepé muga énggal kaparingana. Gusti Jésus ija ora kekilapan, jèn wong wadon mau durung njanḍak tegesing pangandikané. Gusti Jésus kepareng paring pirsa .... Banju sumur mesṭi ora bisa ngolèhaké kabegdjan marang manusa, pantjèn ing sadjagad rat ora ana banju sing bisa ngolèhaké kabegdjan langgeng. Nanging wong wadon mau bisa olèh kabegdjan langgeng samangsa bisa nggajuh marang pangapuraning dosa lan sihé Allah .... Dosané wong wadon mau! Gusti Jésus kepareng nedahaké sepira geḍéning dosané. Lan samangsa wong mau ngrumangsani lan nggetuni dosané, Gusti ija bakal kepareng maringi pangapura.
Pangandikané — iki ija nggumunaké manèh: „Lungaa ngundang lakimu, endang mrénéa!”
Wong wadon mau kagèt, awit rumangsa kewijak enggoné wis nglakoni piala, bandjur mundjuk: „Kula boten gaḍah laki.”
Ing kono pangandikané Gusti Jésus: „Bener udjarmu: Kula boten gaḍah laki. Sabab enggonmu laki wus ambal kaping lima, mangka kang samengko iku dudu lakimu; sajektiné baé udjarmu mengkono iku.”
Wong wadon mau dadiné wedi kaworan isin. Sanjata ngéram-éramaké banget, déné Pandjenengané nganti pirsa marang lelakoné. Keprijé bisané pirsa? Pantjèn wong wadon mau landjah, murang kasusilan; wis kaping lima ninggal lakiné, bandjur ngetutaké wong lanang lija sing dudu lakiné. Nanging keprijé bisané Prija mantja iku pirsa marang tingkah polahé? Undjuké: „Gusti, sampun tetéla sumerep kawula bilih Tuwan punika nabi.” Pamikiré sadjeroning atiné kira-kira mengkéné: „Bokmenawa nabi iki kuwasa mitulungi aku, supaja aku dadia wong betjik lan ninggal wewatekanku kang ala. Aku ora ngerti keprijé bisaku marek ing ngarsané Gusti Allah. Miturut kanḍané wong Jahudi, jèn wong arep sowan ngabekti marang Allah kudu ana ing Jerusalèm, mangka bangsaku enggoné paḍa sudjud mung ana ing gunung Gerizim kaé.
Wong wadon mau nudingi gunung Gerizim, ngawasaké dalem pamudjan kang diadegaké ana ing kono, bandjur njuwun priksa marang Gusti Jésus ana ing endi panggonané jèn arep nglakoni sudjud marang Allah.
Ing kono Gusti Jésus bandjur kepareng nerangaké, jèn wong sing pantjèn temen-temen arep ngabekti marang Allah, iku enggoné sudjud bisa ing saenggon-enggon. Ing endi-endi baé Gusti Allah ana, mulané ija bisa disudjudi ing saenggon-enggon, waton enggoné sudjud mau klawan terus ing batin lan ing sadjatiné, awit wong sudjud kang mengkono iku kang dadi keparengé Allah.
Wong wadon mau nggatèkaké banget marang ḍawuh wangsulané Gusti Jésus. Pepeteng ing atiné wis wiwit sumilak, lan katon ana trontong-trontongé pepaḍang kang gawé ledjaring atiné. Wong mau ija ngerti, jèn Sang Mesih bakal rawuh lan bakal ngluwari manusa kabèh saka ing dosané. Samangsa Sang Mesih rawuh, tan kena ora mesṭi bakal mangandikakaké prakara-prakara kang nengsemaké lan bakal ngirid manusa sowan marang ngarsané Allah. Kaja mengkono iku miturut wulangané para imam ing tanah Samaria. Iba begdjané jèn Pandjenengané kelakon rawuh, lan bandjur kepareng ngluwari awaké saka ing dosané!
[ 42 ] [ 43 ]Rasaning atiné kang mengkono mau diundjukaké marang Gusti Jésus. Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Iku ija Aku iki, kang lagi sapotjapan karo kowé.”Ora njana, ora ndimpé, jèn Prija iki Sang Mesih! Mangka mau dikira satruné. Wong wadon mau enggoné njawang Gusti Jésus klawan gumun lan isin banget, nanging atiné kebak kabungahan geḍé. Wong wadon mau ngandel lan pratjaja .... Ing sanalika iku uga wong wadon mau bandjur ninggal klenṭingé, lan ora merduli para sekabat sing mentas paḍa teka, bandjur énggal-énggal bali menjang ing kuṭa, saben wong sing kepeṭuk paḍa dikandani: Mara paḍa mèlua ndeleng wong kang ngwetjakaké marang aku apa salelakonku kabèh. Apa ija kirané iku Sang Kristus, ija Sang Mesih kang pinasṭi rawuh?" Wong wadon mau ora bosen-bosen enggoné njaritakaké lelakoné ana ing belik, lan meksa-meksa wong akèh paḍa diadjak marek bareng karo ḍèwèké, awit kabungahan geḍé kang tumama ana ing atiné iku rak ora mung kanggo awaké ḍéwé; wong-wong lijané ija dipurih mèlu ngrasakaké kabungahan.
SALUNGANÉ wong wadon mau, Gusti Jésus kari bareng karo para sekabat. Kabèh paḍa gumun déné Gusti Jésus teka imbal pangandika karo wong wadon Samaria. Éwadéné ora ana sing wani mundjuk apa-apa.
Roti olèh-olèhé saka kuṭa bandjur paḍa diladèkaké, lan Gusti diaturi ḍahar, nanging Gusti ora karsa ḍahar, kaja-kaja wis ora mbetahaké ḍahar manèh. Para sekabat mung paḍa éram.
Satemené para sakabat mau paḍa durung ngerti marang kawontenané Gusti Jésus. Pandjenengané kang maha asih, senadjan sarirané nanḍang sajah, ngelak lan ngelih, djalaran sarirané kang asipat badan waḍag ija kadunungan apes kajadéné awaké manusa lija-lijané, bareng nguningani ana wong kang perlu kaparingan pitulungan, malah perlu kaluwaran saka ing dajaning dosa, bandjur kasowanaké marek ing ngarsané Allah, ing kono rasa sajah, ngelak lan ngelih sirna sanalika. Kang dadi ḍaharé ija iku enggoné nglampahi karsané Sang Rama lan ngrampungaké ajahané.
Mangka sing perlu dipitulungi iku mung wong wadon Samaria. Nanging sadjatiné rawuhé iku ora ngemungaké kanggo mitulungi bangsa Jahudi baé; sadéngah bangsa lan saben wong senadjan sepira geḍéning dosané, angger paḍa kaduwung lan paḍa gelem ngrungokaké pangandikané, mesṭi bakal paḍa dipitulungi slamet.
ORA antara suwé, lah brol-brolan wetuné wong Samaria, lanang wadon, nom tuwa, saka ing djero kuṭa, marani panggonan lenggahé Gusti Jésus. Kabèh paḍa kepéngin weruh lan njawang marang Pandjenengané. Kabèh paḍa ngrungokaké lan nggatèkaké marang pangandikané, sarta atiné paḍa kepranan déning piwulangé .... Wong Samaria mau ora ana sing kelingan jèn Pandjenengané iku wong Jahudi, lali jèn satruné wong Samaria. Sing paḍa dipendeng mung Sang Mesih sing wis ngédja-wantah lan lagi medar sabda, temah akèh wong Samaria sing pratjaja marang Gusti Jésus.
Kang iku wong Samaria bandjur paḍa duwé atur panjuwun marang Gusti Jésus, muga karsaa lereb ana ing kuṭané, lan maringi pangandika lan piwulang marang tunggal bangsané.
Gusti Jésus ora nampik panjuwunan mau, tumuli lereb ana ing kono nganti rong dina, ing kuṭa Sichar, ing tengahé wong-wong Samaria sing dadi satruné bebujutan wong Jahudi. Nanging ana ing ngarsané Gusti Jésus, sapa sing isih mikir bab sesatron lan sesengitan?
Samangsa Gusti Jésus biḍal manèh saka panggonan kono, keprijé? Ora ana sing bisa ngétung pira tjatjahé wong sing paḍa mandjing pratjaja, sing paḍa tresna lan sumujud marang Gusti Jésus lan nemu karahajon.
Sing bisa nguningani ija mung Pandjenengané pijambak, lan Sang Rama ing swarga, kang tansah diéstokaké ḍawuhé lan dirampungaké ajahané.
KATJARITA mbeneri dina Sabbat ing kuṭa Nasarèt lakuné wong ndilir, pinangkané saka ing endi-endi, kabèh paḍa nunggal sedya menjang ing mesdjid, menjang ing dalem pamudjané Pangéran. Ing kono paḍa arep bebarengan karo pangareping mesdjid ngundjukaké pandonga, sarta ngrepèkaké kekidungan pamudji, apadéné ngrungokaké pamatjaning angger-anggeré nabi Musa lan kitabé para Nabi. Kaja mengkono iku pakulinane wong-wong ing kono saben dina Sabbat.
Nanging nalika semono ....
„Tjoba titènana, ” udjaré wong sawenèh, „saiki Jésus ija teka, kaé ta Jésus, anaké Jusup tukang kaju!” Kabèh bandjur paḍa mèngo ndeleng menjang panggonan pinaraké Gusti Jésus. Wis ana sawetara sasi Gusti Jésus nilar kuṭa Nasarèt, nanging saiki wangsul manèh. Pawarta manéka warna bandjur kawentar ing saindengé djadjahan kono kabèh. Ana kang njritakaké jèn Pandjenengané ana ing bawahan manton ing désa Kanah malihaké banju [ 44 ]dadi anggur, wong lara paḍa diwarasaké tanpa djedjamu .... Mangka saiki Pandjenengané ana ing kuṭané, ing Nasarèt, wah, mbok ija kersa nindakaké kaélokan kaja ana ing kuṭa-kuṭa lijané. Mesṭiné baé ija kersa, saja manèh ana ing kuṭané ḍéwé, temah wong-wong tangga teparoné, mitra karuhé bakal paḍa bisa njipati ḍéwé.
Panjawangé wong-wong marang Gusti Jésus ngemu pangarep-arep bisaa ndeleng kaélokan lan mukdjidjat warna-warna.
Kotjapa sarampungé paḍa ndedonga lan matja angger-angger, bandjur paḍa bebarengan ngrerepi nganggo masmur. Gusti Jésus ija mèlu ngrerepi lumrah lan pasadja kaja adaté wong Israèl sing ngibadah, jèn paḍa memudji ngluhuraké Allah.
Nalika semono merboté mesdjid bandjur ndjupuk gulungan kitab, jaiku kitabé nabi Jesajah, sing kebener kudu diwatja ing dina Sabbat iku. Wong-wong wis wiwit paḍa pating klesik, pangutjapé: „Lah kaé, delengen!
Gusti Jésus bandjur tindak madjeng, minggah ing panggonan mimbar, jaiku panggonané para ulama jèn lagi memulang ana ing mesdjid, tumuli nampèni kitab saka tangané merbot, awit kersa maos. Gulungan kitab bandjur kauḍaran, lan madosi sing arep diwaos.
Wong-wong ing mesdjid kabèh paḍa siḍem permanem, ketungkul enggoné paḍa ngingetaké lan kepéngin ngrungokaké .... Kuwi rak mung anak tukang kaju! Wani-waniné arep matja kitab lan memulang!
Gusti Jésus bandjur miwiti maos, swarané kepénak dirungokaké, déné surasané kitab kang diwaos mengkéné:
„Rohé Pangéran ngajomi Ingsun, awitdéné Pangéran wus ndjebadi Ingsun, kaḍawuhan martakaké Indjil marang wong miskin, lan marasaké kang paḍa rempu atiné; kautus ngunḍangaké luwaré wong kang paḍa kinundjara, lan pulihing pandelengé wong pitjak, ngentasi wong kang paḍa kinaniaja, sarta ngunḍangaké djaman kang dadi keparengé Pangéran.”
Kitabé sawisé kagulung lan kabalèkaké marang merbot, Gusti Jésus bandjur pinarak arep memulang, kaja sing wis dadi adaté ing mesdjid.
Wong-wong saja munḍak siḍem permanem, kabèh paḍa ndjinggleng ngawasaké Gusti Jésus. Gagasané: Gèk apa baé sing arep diwulangaké? Surasané kitab sing mentas diwaos mau wis akèh sing paḍa ngerti; isiné pantjèn mbungahaké atiné saben wong sing paḍa ngrungu.
Kabèh paḍa rumangsa dadi wong miskin; wong lara ora kurang ing kuṭa kono; wong sing nandang susah, jaiku sing paḍa rempu atiné, lan manèh wong kang kinundjara, jaiku wong-wong kang kinundjara déning hawa-nepsu lan dosané ḍéwé, kinundjara déning pangwasané Sétan, o, wong-wong sing kaja mengkono ing Nasarèt ora ngujang, dalah ing mesdjid kono uga ana. Apadéné wong pitjak lan wong kang paḍa kinaniaja, jaiku wong kang paḍa kontjatan kabegdjan lan wis rumangsa kaineban lawang tobat, sing atiné tansah ketir-ketir lan was sumelang, o, wong sing kaja mengkono ija prasasat tanpa wilangan. Mangka wong-wong mau bakal paḍa kaparingan menangi djaman kang dadi keparengé Pangéran. Samangsa djaman mau wis timbul, bakal kelakon apa sing kawetjakaké déning nabi: wong lara paḍa diwarasaké, wong kinundjara diluwari, ringkesé kabèh bakal ngalami kabegdjan! .... Nanging .... kapan tekané djaman mau?
Djaman mau bakal timbul bareng lan rawuhé Sang Mesih kang djumeneng Panebus .... nanging gèk bésuk apa?
Wong-wong mau paḍa ngemen-emenaké enggoné arep ngrungokaké. Panjawangé marang Gusti Jésus bebasan keḍèp tesmak.
Apa baé sing arep diweḍaraké déning anaké Jusup tukang kaju iku?
Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika:
„Ing samengko tulisan iku mau wus kajektènan ing pangrungumu.”
Wong kabèh paḍa kaéraman déning aruming pangandika kang mijos saka ing tutuké Gusti Jésus, atiné marem, malah kaja-kaja wis ngrasakaké djaman kabegdjan sing diḍawuhaké ing kitab. Apa saiki timbulé djaman kabegdjan mau? Ing dina iku uga?
Lha Sang Mesih, sapa sing djumeneng Sang Mesih? Apa anaké tukang kaju kuwi sing djumeneng Sang Mesih? Éndahnéja jèn njata mengkono!
Pitembungan sing diutjapaké mau pantjèn ngéram-éramaké banget, lan isiné njata gawé reseping ati. Nanging jèn ḍéwèké ngaku dadi Sang Mesih, kang djumeneng Panebus, utusané Allah, wah, sapa sing arep ngandel? Sapa sing ora wanuh anaké Jusup tukang kaju? Kabèh wong ing kuṭa Nasarèt paḍa ngerti tjilikané, wanuh ibuné, dalah sedulur-seduluré sing djeneng Jakobus, lan Josès, sarta Simon apadéné Judas lan seduluré wadon .... Anggep-anggepan temen wani ngaku dadi Sang Mesih!
GUSTI Jésus pijambak ora kekilapan mungguh osiking atiné wong mau kabèh. Sing paḍa diarep-arep ora lija mung bisaa weruh pratanḍa lan mukdjidjat kaja sing wis ditindakaké Gusti Jésus ana ing Kanah utawa Jerusalèm, awit wis paḍa ngrungu kabaré. Nanging pratjaja lan tresna marang Pandjenengané kang djumeneng Djuru Slamet, sing [ 45 ]kaja mengkono mau babar pisan ora kenalar. Satemené atiné wong-wong mau guméḍé lan kuminter, mokal jèn gelema sowan ing ngarsané lan njuwun pangapuraning dosané, apadéné katentreman tumrap ing atiné kang tansah ngandut was sumelang. Panganggepè marang Gusti Jésus isih adjeg baé kaja marang anaké Jusup, dadi kaja marang wong pepaḍané malah bisa uga sor-sorané, djalaran sepira ta dradjaté tukang kaju?
Bareng Gusti Jésus mungkasi pangandikané, pitembungané kang arum ngresepaké kaworan rasa seḍih lan ngungun, djalaran ngèngeti kaanané wong-wong mau; tangga teparo lan mitra karuhé, sing beneré dadi pangarep enggoné paḍa pratjaja lan tresna marang Pandjenengané, malah bakal dadi pamburi.
Wekasané Gusti Jésus ngandika: „Satemené pituturku ing kowé, kang djeneng nabi iku ora ana kang kadjèn ana ing negarané ḍéwé.” Malah Gusti Jésus mangandikakaké lelakoné nabi-nabi ing djaman kuna, kajata: nabi Élijah, kang diutus déning Allah marani wong ranḍa kapir ing Sarepta bawahé Sidon, nalika satanah kabèh ketaman ing pailan geḍé. Nabi Élijah kautus nemoni ranḍa kapir ing tanah mantja, mangka ing tanahé ḍéwé ora kurang-kurang ranḍa sing miskin lan butuh pitulungan. Mengkono uga lelakoné Naaman, wong Aram, panggeḍéné wadyabala kapir, sing nanḍang lara saraat. Birating nadjisé mau ija marga déning pitulungané nabi Elisak, mangka ing tanahé ḍéwé akèh kang paḍa nandang lara saraat, nanging ora ana sing dibirat nadjisé.
Bareng ngrungu pangandika kang isi pamelèh mau, wong samesdjid dadi paḍa panas atiné, suwé-suwé kemropok. Kok medjanani temen anaké tukang kaju iki! Pitembungané saja suwé saja njlekit jèn dirasakaké.
Apa disengguh jèn bangsa kapir bakal ngluwihi adjiné bangsa Israèl? Kebangeten temen ta enggoné ngéwak-éwakaké! Apa dinjana, jèn Sang Mesih, samangsa wis rawuh, bakal nampik wong-wong Jahudi Nasarèt, nanging nampèni wong-wong lija, wong kapir lan wong mantja?
Bareng wis paḍa ora kuwat ngampet nepsuné, wong samesdjid kabèh bandjur mak-njat ngadeg, Gusti Jésus ditempuh bareng, sakèhing pakéring lan pangadji-adji sirna sanalika. Gusti Jésus bandjur dilarak metu saka ing mesdjid menjang sadjabaning negara, kaḍabjang menjang ing tampingé gunung, nijaté arep didjorogaké marang djulegan, temah adjur kuwandané! Wis pantes jèn wong sing wani-wani ngaku dadi Sang Mesih kapatrapana ukum pati.
NANGING .... semuné Gusti Jésus manut baé diḍeḍabjang wong golongan. Ewadéné pangarahé wong-wong sing paḍa ambek angkara mau ora bisa kelakon.Ora kok margaGusti Jésus ngagem genining bleḍèg kaḍawuhan njamber wong golongan mau, utawa nandukakè pamelas sing nggegirisi! Gusti Jésus ora kersa njirnakaké wong-wong mau, nanging Gusti Jésus meksa ora kelakon tiwas, djalaran durung tumeka waktuné Gusti Jésus nanḍang apes.
Gusti Jésus mung nratas ing tengahé wong golongan, bandjur ontjat. Embuh apa sing kelakon nalika semono, wong-wong mau paḍa ora ngerti, nanging weruh-weruh Gusti Jésus wis ora ana ing tengahé manèh. Kaja-kaja ana daja prabawa sing metu saka sarirané Gusti Jésus, sing ndjalari wong-wong mau mrutjut panjekelé.
Gusti Jésus bandjur teḍak, tanpa ngandika apa-apa manèh.
Wong golongan mau mung paḍa mlenggong kaéraman njumurupi lelakon iku. Saiki lagi paḍa ngerti, jèn lelakon iku ija kalebu kaélokan, kaja sing dadi pangarep-arepé, nanging émané, kaélokan mau ndjalari wong-wong mau paḍa kapisahaké saka ing patunggalané Gusti Jésus sing rawuhé arep paring pitulungan.
Wong-wong mau paḍa nampik peparing sing ngluwihi adjiné radjabrana ing sadjagad kabèh, djalaran wis nampik marang Sang Djuru Panebus.
Lah mengkono iku olèh-olèhané wong pinter, nanging keblinger!
KATJARITA mbeneri dina Sabbat manèh, Gusti Jésus ana ing kuṭa Kapernaum, kuṭa tjilik, nanging ramé, ing sapinggiré segara Galiléa.
Bijèn, nalika Gusti Jésus ana ing kuṭa Jerusalèm, kuṭa sutjiné bangsa Israèl, Pandjenengané wis ngalami disatru déning wong Jahudi, sing paḍa rumangsa luwih luhur lan luwih ngibadah; ing kono Pandjenengané wis mireng swara pangantjam lan gegeṭingan, mulané Gusti Jésus teḍak saka ing kuṭa kono.
Sateḍaké saka Jerusalèm, bandjur rawuh ing Nasarèt, kuṭa kang didalemi wiwit nalika isih timur. Djebul wong-wong ing kono, tangga teparoné lan mitra karuhé, kabèh paḍa njatru, malah arep ngarah sédané; mèh baé Pandjenengané didjorogaké ing djulegan .... Mulané Gusti Jésus linggar saka ing Nasarèt.
Saiki Pandjenengané rawuh ing Kapernaum kuṭa padunungané Jochanan lan Andréas lan Simon Pétrus, sekabaté Gusti Jésus.
Pinudju dina Sabbat, Gusti Jésus rawuh [ 46 ]manèh ana ing mesdjid perlu nggelaraké Indjil marang wong-wong ing kuṭa kono, supaja pada ngertia, jèn ana pangapuraning dosa lan ana panglipur kanggo atine wong-wong sing tansah nganḍut was sumelang.
Mangka wong ing Kapernaum kabèh paḍa banget enggoné nggatèkaké, lan pangandikané Gusti Jésus ditampani klawan bungah lan mantep. Béda banget wulangané Rabbi anjar iki jèn katimbang karo sing adaté memulang ana ing mesdjid; kedjaba arum pangandikané, ija kanṭi pangwasa kang élok. Wong-wong mau kaja-kaja kepeksa ngrungokaké.
Kotjapa lagi énak-énaké nggatekaké wulangan, dumadakan keprungu panguwuhé wong klawan swara seru: „Ah, Tuwan tumut-tumut punapa ḍateng kawula, ḍuh Jésus Nasarani? Kawula sumerep Tuwan punika sinten, ḍuh manusanipun Allah ingkang sutji.”
Wong samesdjid kabèh paḍa kaget. Sapa ta wong kuwi?
Bareng diawasaké temenan, o, lha, wong kepandjingan ḍemit mèlu mlebu ing mesdjid; saiki arep nunḍung Gusti Jésus lunga saka ing kono. Wong ing kuṭa kono akèh sing paḍa ngerti, jèn wong mau mung dadi dolanané demit, diganggu lan malah sok dipilara, dikon ngutjapaké pitembungan saru lan dikon nglakoni panggawé sing ala. Wong sing kepandjingan mau ora ngerti apa sing diutjapaké. Kabèh mau sing nindakaké ora lija ija ḍemit sing manggon ana ing awaké wong mau.
Rungokna keprijé panguwuhé wong mau? Apa ḍemité wedi marang Gusti Jesus, mulané arep nunḍung Gusti Jésus? ....
Saja élok maneh jèn nilingaké panguwuhé wong mau,Gusti Jesus disebut:„manusanipun Allah ingkang sutji”, dadi ija Sang Mesih. Ḍemit mau, sarèhné wis ngerti sapa Gusti Jésus iku, mulané wediné ora djamak. Pantjèn lelakon sing anèh lan nggumunaké!
Gusti Jésus pijambak keprijé?
Bareng wong mau wis meneng, Gusti Jésus tumuli djumeneng, ḍemité didukani, ḍawuhé: „Menenga, metua saka wong iku!”
Sanalika ana kaélokan sing tumindak ana ing ngarepé wong akèh. Ḍemit mau, sarèhné ora wani mbangkang ḍawuhé Gusti Jésus, mulané sadurungé metu, arep nganiaja wong sing dienggoni. Wongé bandjur dilarak, katibakaké ing satengahé wong-wong sing ana ing mesdjid; sawisé nguwuh seru, ḍemité tumuli metu ora nganggo ndadèkaké tiwasé apa-apa.
Ora ana wong sing weruh ḍemité, nanging kabèh paḍa ngerti, jèn ḍemité enggoné metu saka wong iku marga saka ḍawuhé Gusti Jesus. Wong sing kepandjingan ḍemit mau, sing mentas dilarak-larak lan dibanting, saiki linggih kambi ḍelog-ḍelog, nanging wis pulih waras maneh, lepas saka ing pamoṭa-moṭané ḍemit.
Wong kabèh paḍa kaébatan, lan klawan pakéring njawang marang Gusti Jésus, kambi rerasan, mengkéne: „Iku pangandika apa, déné teka nḍawuhi para ḍemit klawan pangwasa lan wasésa, temah paḍa metu?”
Sapa ta wong kuwi? Apa njata Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih, kang pinasṭi rawuh?
Saunduré saka ing mesdjid, wong-wong mau kabèh paḍa kèbekan atiné déning apa sing dirungu lan dideleng. Ing endi-endi ing sawratané tanah Galiléa, pawartané lelakon mau bandjur kawentar.
Wong-wong Nasarêt paḍa nampik Gusti Jésus, nanging wong-wong Kapernaum paḍa nampani lan nggatèkaké pangandikané Gusti Jésus, mulané paḍa kepareng njumurupi kamuljané Gusti. Lan ora mung manḍeg semono baé enggoné bakal njumurupi kamuljané, sing bakal kelakon isih luwih adi lan mulja manèh.
Sateḍaké Gusti Jésus saka ing mesdjid, tumuli rawuh ing omahé Simon, lan Andréas, seduluré. Emboké maratuwa Simon mau lagi lara panastis banget, mulané Gusti Jesus diaturi maringana pitulungan.
Gusti Jesus bandjur nungkuli kang lara, tangané diasta, larané didukani, temahan mari panastisé, pulih waras manèh kaja wingi uni. Malah sanalika bandjur tangi ngladèni tamune.
Jèn Gusti Jésus maringi pitulungan, mesti mbabarpisani!
Sasuwéné dina Sabbat mau kuṭa Kapernaum katon sepi mamring — kaja adaté jèn mbeneri dina Sabbat, ora ana sabawané wong tumandang ing gawé — nanging bareng srengéngé wis surup, wajahé lagi soré èntèh, kuṭa sing mauné sepi wiwit katon ramé manèh, akèh wong paḍa metu saka ing omahé, kabèh paḍa nunggal paran, jaiku paḍa nggolèki panggonané Gusti Jésus pinarak. Sumebaring pawarta bab lelakon ing mesdjid mau, ndjalari wong-wong mau ketuwuhan krenteg sowan ing ngarsané Gusti Jésus.
Sing akèh-akèh paḍa reréjongan nggawa wong lara arep disuwunaké waras marang ngarsané Gusti Jésus; ana sing digénḍong, ana sing digotong, lan sing paḍa kepandjingan ḍemit diḍabjang-ḍabjang, kabèh paḍa marani omah panggonané Gusti Jésus kèndel. Sing paḍa diutjapaké wong-wong mau ora lija mung njuwun kawelasan, muga kabirata sakèhing memala lan lelarane.
Sadina muput enggoné wong-wong mau nganti-anti tekané wajah soré, djalaran miturut surasané angger-angger, paḍa ora kepareng nindakaké samubarang gawé ana ing dina [ 47 ]Sabbat, nanging panganta-antaning atiné mung bisaa énggal sowan ana ing ngarsané Gusti Jésus, kepéngin ngrungu manèh aruming pangandikané lan njumurupi pakarjané kang sarwa élok.
Nanging jèn srengéngé wis surup, panjengkeré dina Sabbat ija wis rampung .... Mulané lagi baé wajah surup rep, wong-wong ing kono énggal-énggalan nggolèki Gusti Jésus, sarta paḍa njuwun, muga keparenga mitulungi sing paḍa nanḍang lelara warna-warna, anaké, bapa utawa bijungé, sanak lan seduluré, sing larané wis madal sakèhing djamu.
O, jèn Gusti Jésus kepareng, iba begdjané . .
Gusti Jésus mirsani wong golongan mau klawan trenjuh lan welas. Kabèh sing paḍa lara, nanḍang lara apa baé, paḍa diadjokaké ana ing ngarsané, paḍa katumpangan ing astané, temah paḍa kabirat lelarané, kena kabasakaké: djanma mara, djanma mari! Kaja mengkono iku katijasané Gusti Jésus.
Bareng wis kapitulungan kabèh, sakèhing pasambat lan pangaḍuh ija larud sanalika, kagentènan swaraning kabungahan lan pamudji sokur.
Lan wong mau akèh sing paḍa pratjaja marang Gusti Jésus.
Ana sing paḍa kélingan pangandikané nabi Jesajah ing djaman bijèn, pirang-pirang atus taun sadurungé Gusti Jésus rawuh, kang metja bab Sang Mesih kang pinasṭi rawuh: „Sajektiné sangsara kita kang disanggi, lan pilara kita kang disanḍang.” ....
Lan atiné wong mau kabèh kebak suka-sukur marang Allah.
Kaja mengkono iku wusanané dina Sabbat ing Kapernaum, Sabbat kang nekakaké berkah geḍé. Ing wajah benginé Gusti Jésus bandjur teḍak saka ing kuṭa kono, tindak menjang ing gunung, murugi panggonan kang sepi, perlu arep ndedonga lan saos sokur marang Gusti Allah, Sang Rama kang pinarak ing swarga.
PAWARTA bab Gusti Jésus wis sumebar ing sawrataning tanah Galiléa kabèh, pawarta bab sih lan kawelasané Gusti Jésus, bab pangandikané kang arum lan ngresepaké ati kaja sing durung tau keprungu ing tanah kono. Ing saben panggonan, ing désa lan ing kuṭa, kang dirawuhi Gusti Jésus, ing endi-endi baé wong-wong ing kono paḍa nglumpuk lan nampani Gusti Jésus klawan bungah lan pakéring. Apa manèh wong-wong sing paḍa lara disowanaké ing ngarsané Gusti Jésus, temah kabèh paḍa diwarasaké.
KATJARITA ing sawidjining dina Gusti Jésus ngleresi rawuh ing sapinggiré Galiléa, kadèrèkaké wong golongan geḍé, kabèh paḍa kepengin ngrungokaké pangandikané. Kerep baé wong-wong mau paḍa rumangsa kawelèhaké déning pangandika mau marga saka akèhing piala lan dosané, nanging ija kerep baé malih dadi ajem lan tentrem atiné marga saka pangandika kang mratélakaké bab ananing pangapura tumrap angger wong kang paḍa nggetuni dosané klawan terus ing ati. Pangandikané Gusti Jésus bab bebenduné Allah iku tansah diimbangi pangandika bab sih lan kawelasané Allah.
Mulané wis mèmper baé jèn wong golongan paḍa tansah kepéngin ngrungokaké piwulangé Gusti Jésus. Durung tau ana rabbi ing tanah kono sing bisa memulang kaja patrapé Gusti Jésus: arum pangandikané tur kinantènan ing pangwasa.
Kotjapa wong golongan sing paḍa kepéngin ngrungu piwulang klawan tjeṭa paḍa suksukan rebut ngarep, temah suwé-suwé Gusti Jésus enggoné djumeneng wis tekan ing pinggiré banju segara. Ing kono Gusti Jésus bandjur nimbali djuru amèk iwak sing prauné lagi labuh ana ing pinggir segara kono. Sawisé Gusti Jésus minggah ing prau, bandjur ḍawuh ngunduraké seṭiṭik saka ing ḍaratan, dadi uwal saka ing panḍeseké wong golongan. Gusti Jésus pinarak ana ing prau nerusaké memulang wong golongan sing paḍa andèr ing sapinggiré segara.
Kaja mengkono patrapé Gusti Jésus enggoné memulang wong golongan. Déné wong golongan warna-warna patrapé enggoné nampani pangandika: ana sing lingguh, ana sing ngadeg, malah ana sing munggah ing prau lija-lijané sing lagi paḍa labuh ing satjeḍaké prau panggonané Gusti Jésus pinarak; kabèh paḍa nggatèkaké banget marang pangandikané Gusti Jésus, wong lanang lan wadon, nom lan tuwa. Pangandikané Gusti Jésus sing arum angresepaké ngumanḍang ana ing atiné wong kabèh, paḍa ketaman ing pangaribawané sih lan kawelasané pangandika: „Tekané Putrané manusa iku nggolèki lan mitulungi rahaju ..”
Sakèndelé ngandika, nuli ḍawuh marang Simon — prauné mau duwèké Simon — mengkéné: „Mantjala menjang panggonan kang djero, djalamu tumuli tibakna misaja iwak.”
Keprijé dawuhé? .... Simon utawa Pétrus njawang Gusti Jésus klawan gumun. Diḍawuhi mantjal menjang panggonan kang djero lan misaja iwak? Mangka wajahé isih beḍug awan, dudu wajahé wong golèk iwak!
Undjuk wangsulané Pétrus: „Guru, sampun [ 48 ]sadalu muput enggèn kula sami njambut damel, boten angsal punapa-punapa.” Karepé: saja maneh ing wajah awan, gèk arep olèh apa? Nanging Pétrus énggal njambungi undjuké: „Ewasemanten awit saking ḍawuh Tuwan, kawula inggih baḍé nḍawahaken djala.”
Pantjen kuduné ija mengkono. Samangsa Gusti Jésus ḍawuh, tan kena ora Pétrus kudu ngleksanani, ora ngétung wajah lan kangèlan.
Prauné bandjur dilakokaké menjang panggonan kang luwih djero. Simon Pétrus lan Andréas bandjur nibakaké djalané; bareng djalané ditarik munggah, ing tangan wis krasa aboté ora djamak, djalaran kebak iwak akèh banget, malah djalané nganti beḍah. Kantja-kantjané sing ana ing prau lijané paḍa diawé kapurih ngréwangi. Jochanan lan Jakobus énggal paḍa tandang ngréwangi ngunggahaké djalané Pétrus. Bareng wis bisa munggah, prau karo pisan paḍa kamotan iwak, kebak nganti kaja mèh ngèrem-ngèremna.
Simon Pétrus bareng weruh, bandjur ngrumangsani apes lan sèkèng, lan banget kaeraman njumurupi iba mulja lan kwasané Gusti Jésus. Mulané bandjur njungkemi djengkuné Gusti Jésus sarta mundjuk: „Gusti, Tuwan mugi nilar kawula, awit kawula tijang dosa.” Gusti Jésus pirsa apa isiné teleng segara, mesṭiné ija pirsa kang ana ing telenging atiné Simon. Simon rumangsa ora pantes ditenggani Gusti Jésus, mulané Gusti Jésus diaturi tindak saka ing prauné.
Nanging Gusti Jésus ora kersa nilar Simon. Gusti Jésus ija wis pirsa apa sing dadi osiking atiné Simon.
Simon Pétrus dalah kantja-kantjané paḍa rumangsa isin marga saka dosané, apadéné ija rumangsa nanḍang apes lan asor ana ing ngarsané Gusti Jésus. Nanging marga saka rumangsaning ati kang mengkono mau, para sekabat mau malah saja wuwuh enggoné paḍa disihi déning Gusti Jésus. Pangandikané marang Simon: „Adja wedi, wiwit samengko kowé bakal paḍa amèk wong.”
KEPRIJÉ, amék wong? .... O, Simon lan kantja-kantjané wis paḍa njanḍak marang kersané Guruné: paḍa kaḍawuhan martakaké bab katresnan lan pangwasané Gusti Jésus, temah wong-wong kang paḍa ngrungu pawarta mau paḍa kagèndènga marang ngarsané Sang Pamartaning djagad, supaja paḍa pratjajaa marang Pandjenengané murih olèha karahajon. O, jèn mung diḍawuhi nindakaké sing kaja mengkono, Simon sakantjané paḍa saguh nglakoni lan ngéstokaké ḍawuh, malah paḍa rumangsa olèh kanugrahan lan berkah geḍé.
BARENG wis paḍa munggah ing ḍaratan manèh, Simon sakantjané bandjur paḍa ninggal bale-omahé, brajaté, pagawéané lan negarané, nḍèrèkake tindaké Gusti Jésus ing sapurug-purug.
Para murid mau paḍa ora ninggal Guruné manèh nganti tekan waktuné Gusti Jésus ngalami saat sing gawaté keliwat-liwat.
Nanging saiki durung padja-padja tekan waktuné.
KATJARITA ing sawidjining dina ana wong sawetara paḍa nggotong wong lara ana ing paturon. Wong mau sèmpèr tangan lan sikilé, temah ora bisa mlaku babar pisan. Polatané katon suntrut seḍih marga saka enggoné nanḍang lara mau.
Parané wong-wong mau arep menjang endi? Apa arep menjang panggonané dukun? Nanging sapa ta sing bisa nambani larané lan ngledjaraké atiné sing tansah nganḍut seḍih lan was sumelang?
Sadurungé mangkat saka ngomah mesṭiné wis dirantjang ḍisik, sing lara mau arep digawa menjang endi. Sedulur-seduluré wong sing lara wis paḍa ngrungu warta, jèn Gusti Jésus rawuh ing Kapernaum manèh. Mulané wong-wong mau paḍa golong rembugé arep njowanaké sing lara ana ing ngarsané Gusti Jésus, supaja kabirata larané. Wong mau wis paḍa jakin temenan, jèn ora ana dukun lija-lijané manèh sing bisa marasaké seduluré mau kedjaba mung Gusti Jésus. Lakuné ana ing dalan ora njlèwèng mangiwa utawa manengen, djalaran antjasé mung sawidji, jaiku sowan ing ngarsané Gusti Jésus.
Lah, omah panggonané Gusti Jésus pinarak wis katon. Lakuné disengkud, daja-daja énggala tekan. Sing lara wis dikanḍani: „Seḍéla engkas kowé tekan ing ngarsané Gusti, bandjur....” Sing lara bisa mèsem, wis nitjil bungah. Atiné nganta-anta énggala bisa njawang Gusti, temah mesṭi birat lelarané.
Nanging kotjapa, bareng wis tekan ing palatarané omah, wong-wong mau kepeksa manḍeg, djalaran ora bisa olèh dalan. Ing latar, apa manèh ing djero omah wis djedjel rijel wong sing paḍa ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus. Mangka enggoné pinarak ing tengahé omah. Wong golongan sing ana ing kono kabèh paḍa ngrungokaké. Kabèh malah kepeksa ngrungokaké, apa tekané mrono iku kagawa saka sih tresnané marang Gusti Jésus, apa mung djalaran kepéngin weruh tok, utawa apa marga saka enggoné geṭing marang Pandjenengané, kabèh paḍa baé angger Gusti Jésus lagi ngandika, tan kena ora wong-wong ing sakiwa-tengené mesṭi ngrungokaké. [ 49 ] [ 51 ]Bareng wis tita ora bisa mbatjutaké lakuné, bandjur paḍa lèrèn ana ing palataran karo golèk akal keprijé bisané nglebokaké sing lara mau. Mangka ora ana wong sing gelem mingsed seṭiṭik baé, kabèh mung paḍa ketungkul ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus. Wong sing lara dalah sedulur-seduluré paḍa ketjuwan banget atiné, djalaran wis tjeḍak banget karo Gusti Jésus, nanging meksa isih adoh saka ing pitulungan.
Saiki keprijé rékané? Apa ngentèni sabubaré? Nanging jèn wis bubar, apa malah ora munḍak seksekan wong golongan sing paḍa arep mulih? Jèn mengkono, apa sing lara bisa kelakon disowanaké ing ngarsané Gusti Jésus? Ringkesé jèn ngentèni sabubaré, mesṭi bakal ora olèh gawé!
Jèn ora ngentèni, gèk keprijé manèh rèkané? Apa kelakon sing lara digotong mulih, disèlèhaké ing panggonané gumléṭak mau, ngaṭang-aṭang ing selawas-lawasé nganti tekan adjale? Ah, mesakaké temen jèn mengkono!
Dalané kaslametan mung sidji, jaiku sowan ing ngarsané Gusti Jésus! Saupama sing lara bisa nganti kapirsan déning Gusti, wis mesṭi kapitulungan! Nanging keprijé dalané?
Bareng wis nggolongaké rembug, wong sing nggotong mau bandjur paḍa tumandang. Embuh bener, embuh luput ichtijar sing ditindakaké, wis dinalar dawa, waton seduluré sing lara mau bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus. Wong sing lara mau bandjur digotong metu ing unḍak-unḍakan sing digawé nurut témbok omah, munggah tekan ing pajon rata, sing adaté diarani „sotoh”. Saka ing pajon mau wong bisa ndeleng ing goḍagan omah ing djero, bisa ngrungu swarané wong sing paḍa guneman. Sing lara bandjur diglétakaké; djubin tutuping pajon bandjur dibréngkali, pener ing saḍuwuré Gusti Jésus pinarak. Bareng bolongané wis tjukup ambané, sing lara bandjur kauḍunaké sapaturoné, kaeneraké ing ngarsané Gusti Jésus.
Gusti Jésus lan wong-wong sing ana ing djero omah kono paḍa njumurupi ana wong lara sapaturoné diuḍunaké saka ing pajon.
Gusti Jésus bandjur kèndel enggoné ngandika, nanging Gusti ora duka marga ana sing wani-wani ngrusuhi enggoné memulang. Malah saiki Pandjenengané mirsa sepira geḍéning pangandelé sedulur-seduluré wong sing lara mau, lan ija mirsa sangsarané wong sing sèmpèr, sing babar pisan ora bisa ngglawat, nanging mripaté katja-katja, ésṭané kaja njuwun muga kapitulungana. Gusti Jésus ora pisan-pisan mengku duka, nanging malah rentah welasé.
Mulané bandjur ngandika marang kang lara: „He pawong sanak, dosamu wus kaapura!” Wong-wong sing paḍa ngrungu pangandika mau, bandjur paḍa gumun. Sowané wong lara mau rak perlu njuwun kawarasaké sèmpèré, mangka pangandikané Gusti Jésus: „Dosamu wus kaapura!” Malah para ulama lan para Farisi sing ija paḍa melu ana ing kono, paḍa nggrundeli Gusti Jésus: „Wong iku sapa ta déné kok ngutjap njenjamah marang Allah? Kang kwasa ngapura dosa sapa ta, kedjaba mung Allah pijambak?” ...
Nanging Gusti Jésus mirsa apa kang dadi osiking atiné wong. Pandjenengané mirsa was lan sumelangé atiné wong sing nanḍang lara, marga ngrasakaké geḍéning dosané nalika isih bagas kuwarasan. Mulané Gusti Jésus ngersakaké marasaké atiné ḍisik, sarana ngapura dosané.
Lelarané mau dadi paukumaning dosané. Jèn dosané wis diapura, larané mesṭi tumuli birat. Bareng sing lara mau ngrungu pangandikané Gusti Jésus mengkono iku, polatané malih dadi sumringah, suntrut lan seḍihé larud sanalika ....
Mengkono uga Gusti Jésus ija mirsa kang dadi osiking atiné para ulama lan para Farisi lan wong lija-lijané sing paḍa ora kesdu marang Pandjenengané. Gusti mirsa jèn wong-wong mau ora duwé pangandel marang Pandjenengané. Pantjèn gampang ngetokaké udjar marang wong, jèn dosané wis kaapura. Saben wong rak bisa muni mengkono, mangka pangutjap mengkono iku klebu njenjamah marang Allah! Kaja mengkono iku panggraitané para ulama lan para Farisi. Nanging saiki Gusti Jésus arep nedahaké, jèn Pandjenengané ija kagungan pangwasa ngapura dosa temenan, mulané arep nindakaké prakara sing wong lija ora bisa.
Pangandikané Gusti Jésus marang wong-wong mau: „Kowé paḍa duwé panggraita kaja apa ana ing atimu? ....” Sawisé ndukani wong-wong mau, bandjur ngandika marang sing lara: „Ḍawuhku marang kowé: Ngadega, paturonmu angkaten, lan muliha!”
WONG sing sèmpèr mau keprijé? Bareng dipangandikani mengkono, ora kok bandjur ndomblong njawang Gusti Jésus, djalaran rumangsa jèn ora kuwagang nglakoni saḍawuhé. Lan ija ora ndjadjal ngadeg alon-alon awit sumelang jèn pangandika mau ora temenan! Ora, wong mau marga saka pangandelé sanalika bandjur ngadeg, ora nganggo djadjal-djadjal ḍisik. Awaké sakodjur kaja-kaja klebon daja kakuwatan sing anèh. Bareng wis ngadeg, paturoné tumuli diangkat, bandjur mundur mulih kambi ngluhuraké Allah.
Nalika iku wong-wong sing djedjel rijel [ 52 ]bandjur paḍa nisih, temah wong sing mentas pulih kawarasané, bisa metu saka ing kono.
Wong kabèh paḍa kagawokan lan paḍa ngluhuraké Allah, sarta nanḍang wedi banget. Kabèh paḍa njawang Gusti Jésus klawan pakéring.
Pangutjapé wong akèh: „Ing dina iki aku paḍa weruh lelakon kang nglengkara!” ....
SEKABATÉ Gusti Jésus saiki tjatjahé wis ganep rolas. Saka ing antarané wong-wong sing paḍa pratjaja marang Pandjenengané, apadéné sing paḍa tresna lan saguh nḍèrèkaké ing satindaké, Gusti Jésus milih wong pitu kanggo ngganepi sekabat lima sing ḍisik.
Apa sebabé Gusti Jésus nindakaké sing mengkono iku lan apa sebabé Gusti tansah diḍèrèkaké tindaké, wong-wong mau durung ngerti. Saiki durung ngerti, nanging bésuk ing tembé bakal paḍa ngerti ḍéwé.
Para sekabat mau ing tembé ija kudu memulang marang wong akèh bab kratoning Allah, kajadéné sing tansah ditindakaké déning Gusti Jésus. Malah para sekabat mau bakal uga kaparingan kasektèn nindakaké kaélokan. Bubuhané para sekabat mau ngunḍangaké pawarta kabungahan marang bangsa Jahudi, bangsa kapir, lan marang angger wong sing paḍa gelem ngrungu pawarta mau, jaiku jèn Gusti Jésus rawuh ing djagad perlu njlametaké wong dosa.
Bésuk ing tembé ....! Nanging saiki, nalikané isih nḍèrèkaké Guruné, para sekabat mau durung bisa ngerti. Ing tembé, samangsa Guruné wis kondur menjang ing swarga. Ing tembé paḍa ora disebut sekabat manèh, nanging para Rasul.
Sekabat rolas mau, jaiku: Simon Pétrus lan Andréas; Jochanan lan Jakobus; Filippus lan Bartoloméus; Tomas lan Mattéus; Jakobus anaké Alféus lan Judas Taddéus; Simon Zélotès lan Judas Iskariot.
Nanging para sekabat mau babar pisan durung tjukup kawruhé bab kratoné Allah. Panjanané wong-wong mau, Gusti Jésus bakal djumeneng radja ana ing bumi, lan para sekabat bakal kadadèkaké para najaka.... Djebul njatané béda babar pisan.
Para sekabat isih kudu ngerti, jèn kawibawan lan kasugihan iku ora bisa gawé slamet lan begdjaning wong; sing bisa njlametaké iku mung ati kang wedi asih lan tresna marang Gusti Allah.
KATJARITA Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabaté munggah ing gunung arep memulang marang para sekabat lan wong golongan mungguh keprijé lakuning ngaurip lan apa sing kudu ditindakaké murih bisa dadi putra kagungané Gusti Allah.
Wong golongan sing paḍa nḍèrèk munggah ing gunung wis paḍa anḍèr ana ing ngarsané, kabèh paḍa anteng lingguhé sumaḍija nampani weḍaring pangandika. Ing kono Gusti Jésus bandjur wiwit meḍar sabda, memulang marang para murid lan wong golongan, pangandikané: „Rahaju para wong kang rumangsa mlarat ing budi, awit iku kang paḍa nduwèni kratoné swarga. Rahaju para wong kang prihatin, awit iku kang bakal paḍa kalipur. Rahaju para wong kang sabardrana, awit iku kang bakal paḍa olèh warisan bumi. Rahaju para wong kang keluwèn lan ngelak ngorong marang kasampurnan, awit iku kang bakal paḍa kawaregan. Rahaju para wong kang ambek welasan, awit iku kang bakal paḍa olèh piwelas. Rahaju para wong kang burus atiné, awit iku kang bakal paḍa weruh marang Allah. Rahaju para wong kang demen ngrukunaké, awit iku kang bakal paḍa kasebut para putrané Allah. Rahaju para wong kang dikuja-kuja krana saka kamursidané, awit iku kang paḍa nduwèni kratoné swarga. Rahaju kowé menawa diwewada lan diojak-ojak sarta diala-ala ing wong kang klawan doratjara, krana saka Aku .....”
LAN bab tresna-tinresnan ing antarané wong lan sapepaḍané, pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Pada tresnaa marang satrumu; wong kang njupatani kowé paḍa pudjèkna betjik; gawéa betjik marang wong kang paḍa njengiti kowé; wong kang nganiaja lan ngojak-ojak marang kowé, paḍa dongakna slamet; supaja kowé paḍa ketitika dadi putrané Ramakmu kang ana ing swarga ....”
GUSTI Jésus ija mangandikakaké bab tjarané wong dedana. Wong iku jèn dedana sing akèh-akèh ora kagawa saka welasing ati utawa kadereng déning tresnané marang Allah, nanging sing diudi supaja kaweruhana ing wong akèh lan olèha pangalembana enggoné loma lan demen dedana. Nanging para sekabat lan wong lijané sing kepéngin sinebut para putrané Allah, adja pisan-pisan tumindak mengkono.
Pangandikané Gusti Jésus: „Pada diprajitna, adja nganti nglakoni kautamanmu ana ing sangareping wong, kang supaja katona ing wong iku .... Samangsa kowé dedana, adja kodjuwarakaké kaja adaté para wong lamis ana ing mesdjid-mesdjid lan ing lurung[ 53 ]lurung, pamurihé supaja kaalema déning wong.... Balik samangsa kowé dedana, tanganmu kang kiwa adja nganti weruh polahé kang tengen, supaja enggonmu dedana ana ing pasingidan, mangka Ramakmu nguningani sadjroning pasingidan, iku bakal malesaké marang kowé ana ing eḍèngan ....”
Bab ndedonga marang Allah ija diwulangaké déning Gusti Jésus. Pandjenengané wis pirsa, jèn akèh wong sing paḍa ḍemen sembahjang ana ing tengahé mesdjid, malah ana ing podjoké lelurung, nganggo swara seru lan tembung lalahan pirang-pirang, ora kok marga déning tresnané marang Allah, nanging pamurihé ora lija supaja katona ing wong, temah dianggepa wong mursid lan ngibadah .... Balik pandonga kang sedjati ora mengkono patrapé, nanging kudu ditindakaké ana ing pasingidan; pandonga iku adja mung katon ana ing lambé ndremimil, nanging kudu metu saka ing dasaring ati. Lan manèh ora perlu nganggo pitembungan lalawora. Pandonga kang sedjati iku pasadja lan kebak pangandel.
Pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Samangsa kowé paḍa sembahjang, adja kaja para wong lamis, djenèh iku paḍa ḍemen sembahjang adeg-adegan ana ing mesdjid lan ing podjoké lelurung, pamurihé supaja katona ing wong .... Balik kowé samangsa sembahjang, lumebua ing senṭonganmu, sarta lawangé kantjingen, nuli ndedongaa marang Ramakmu ana ing pasingidan .... Anadéné samangsa kowé paḍa sembahjang, adja nganggo tembung lalahan kaja para wong kapir, udjer iku paḍa nduwèni panduga jèn ketrimané marga saka akèh tembungé. Mulané kowé adja maḍani wong iku, awit Ramakmu ora kekilapan apa kang dadi kakuranganmu sadurungé koaturi panjuwun ....”
Ing kono Gusti Jésus bandjur mulangaké marang para muridé lan para wong kang paḍa ngrungokaké, pandonga kang dadi paṭisarining pandonga, ija musṭikaning pandonga ing saindengé djagad. Pangandikané Gusti Jésus: „Kang iku enggonmu paḍa ndedonga dikaja mengkéné:
Ḍuh Rama kawula ingkang wonten ing swarga.
Asma Tuwan mugi kasutjèkna, Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdéné wonten ing swarga, inggih mekatena ugi wonten ing bumi.
Mugi kawula sami Tuwan paringi redjeki kawula satjekapipun ing dinten punika.
Saha Tuwan mugi ngapunten sakaṭahipun kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih sami ngapunten ing tetijang ingkang kelepatan dateng kawula.
Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dateng panggoḍa, mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila. Awitdènè Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisèsa tuwin kamuljan langgeng ing saliminipun. Amin.”
ISIH akèh manèh prakara-prakara kang diwulangaké Gusti Jésus marang wong golongan.
Bab banḍa utawa radjabrana kadonjan ija dipangandikakaké. Akèh sing paḍa duwé pangira jèn bakal bisa ngrasakaké kasenenganing urip, samangsa katunggonan ing banḍa. Mulané sadjroning uripé mung mindeng nglumpukaké radjabrana ing donja, temah lali lan nglirwakaké marang Allah kang dadi etuking kabegdjan.
Pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Adja paḍa nglumpukaké banḍa ana ing donja, kang ana rengeté lan amané ngentèkaké, sarta ana malingé paḍa mbabah lan njolong. Nanging paḍa nglumpukna banḍa ana ing swarga ....”
Gusti Jésus pirsa, jèn wong sing karem banḍa lan sing atiné kraket karo amal kadonjan iku ora bisa tresna marang Allah. Sapa sing tresna marang Mammon, jaiku kasugihan, mesṭi ninggal Gusti Allah.
Pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulané; awit ora wurung bendarané kang sidji dibaèkaké, sidjiné ditresnani, utawa rumaket marang kang sidji medjanani marang sidjiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mammon ....”
GUSTI Jésus ija mangandikakaké bab pasrah lan suménḍé marang Allah Sang Rama. Akèh wong sing tansah njumelangaké uripé, mangka satemené wong urip iku kudu mung tansah pasrah lan suménḍé marang Allah kang ora kenḍat-kenḍat rumeksa marang para putrané, kajadéné bapa enggoné rumeksa marang anak-anaké. Pangandikané mengkéné: „Adja paḍa sumelang mungguh uripmu, bab kang kopangan utawa kang koombé, lan mungguh badanmu, bab kang kosanḍang. Adja ana tjelaṭumu: Kang dakpangan apa? Utawa: Kang dakombé apa? Lan manèh: Kang daksanḍang apa? Awit iku kabèh diudi déning para wong kapir. Ramakmu ing swarga rak wus mirsa jèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu. Nanging kratoné Allah lan kasampurnané iku paḍa upajanen ḍingin, nuli samubarang iku mau bakal diwuwuhaké marang kowé. Mulané adja paḍa sumelang mungguh ing dina sésuk, amarga dina sésuk iku bakal njumelangaké bagéané ḍéwé ....!
Paḍa mawasa marang manuk ing awang-awang; paḍa ora njenjebar lan ora derep, [ 54 ]sarta ora tetanḍo ana ing lumbung, éwadéné paḍa kaparingan pangan déning Ramakmu ing swarga; kowé apa ora katjèk luwih akèh katimbang karo manuk iku? ....”
GUSTI Jésus mangandikakaké bab watak kumlungkung lan sumutji-sutjiné wong. Pandjenengané pirsa jèn akèh wong sing tansah ngawasaké marang pialané wong lija lan nganggep dosa lan murang sarak, nanging pialané awaké ḍéwé sing luwih akèh lan luwih geḍé, ora tau digagas.
Pangandikané: „Keprijé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glonḍong kang ana ing mripatmu ḍéwé, kowé teka ora weruh? Utawa keprijé enggonmu bakal tutur marang sadulurmu: Mara dakulapané tatal ing mripatmu, mangka ta ing mripatmu ḍéwé ana glonḍongé?
Èh wong lamis, glonḍong ing mripatmu ḍéwé buwangen ḍingin, nuli lagi bisa waspada enggonmu ngulapi tatal ing mripaté sadulur-mu iku....”
GUSTI Jésus mangandikakaké bab geḍéning sihé Allah kang tansah miḍangetaké pandongané para wong kang suméndé marang Pangéran.
Pangandikané: „Paḍa njenjuwuna, temah bakal kaparingan. Paḍa golèk-golèka, temah bakal nemu. Paḍa ṭoṭok-ṭoṭoka, temah bakal kawenganan. Sebab sok wonga kang njuwun, iku tampa, lan kang golèk, iku nemu, tuwin kang ṭoṭok ṭoṭok, iku bakal kawenganan. Endi ta ana wong panunggalanmu kang didjaluki roti anaké, rak ija ora diwènèhi watu? Apamanèh saupama didjaluki iwak, rak ija ora diwènèhi ula? Kang iku menawa kowé, senadjan ala paḍa mangerti ing bab pawèwèh kang betjik marang anak-anakmu, méndahané manèh Ramakmu ing swarga mesṭi peparing kang betjik marang wong kang paḍa ngaturi panjuwun ....”
MENGKONO uga ana pangandikané Gusti Jésus bab wong kang pinter lan kang punggung. Wong kang pinter enggoné ngadegaké omah ana ing paḍasan, sentosa panḍemèné; jèn ana udan deres, ora bakal kuwatir .... Déné wong kang punggung enggoné jasa omah ana ing paweḍèn ora bakuh lan sentosa; samangsa katempuh ing prahara ...!
Pangandikané mengkéné: „Saben wong kang ngrungu pituturku, sarta nganggo dilakoni, iku bakal Dakupamakaké kaja wong pinter kang ngadegaké omahé ana ing paḍasan. Bareng ana udan deres, lan bandjir teka, sarta angin midid, paḍa nempuh marang omah mau, meksa ora rubuh, amarga katalesan paḍasan.
Balik saben wong kang ngrungu pituturku, mangka ora nglakoni, iku bakal diupamakaké kaja wong punggung, kang ngadegaké omahé ana ing paweḍèn. Bareng ana udan deres, lan bandjir teka, sarta angin midid, paḍa nempuh marang omah mau, tumuli rubuh lan banget rusaké ....”
ISIH akèh manèh prakara kang diweḍaraké déning Gusti Jésus marang para sekabaté lan wong golongan. Pangandika kang diweḍaraké mau kabèh mratélakaké bab keprijé wewatekané wong lan apa kang kudu dilakoni samangsa paḍa arep nggajuh dadi putrané Allah, samangsa paḍa ngarah dadi ahli-warisé kratoning swarga kang diratoni déning Gusti Jésus pijambak.
Sarampungé maringi piwulang, Gusti Jésus bandjur kèndel, lan wong golongan kabèh ija paḍa meneng, djalaran paḍa kagawokan déning piwulangé. Durung tau ana pamulang kang maḍani Gusti Jésus, enggoné arum ngresepaké pangandikané, enggoné djero lan wingit surasané. Malah enggoné mulang mau kaja ngagem pangwasa, ora kaja para ulama.
SAKÈHÉ piwulangé Gusti Jésus ana ing gunung mau ing sangarepé wong golongan geḍé, iku diarani Warsita-arga, katjekak dadi Warsitarga, tegesé: piwulang ing gunung.
KATJARITA satumeḍaké Gusti Jésus saka ing gunung bandjur kaḍèrèkaké déning wong golongan pirang-pirang. Ing kono ana wong nanḍang lara saraat. Awaké sakodjur katon pating benjinjih putih-putih; awaké krasa lara lan lungkrah, apadéné atiné seḍih djalaran disingkang-singkang déning wong pepaḍané. Wong lara saraat iku ora kena manggon ana ing kuṭa, malah mlebu menjang kuṭa baé ora kena; pamanggoné kapisah ana ing sadjabané kuṭa. Lelara kang nggegirisi mau kalebu lelara nular. Sapa sing nganti gepok sénggol karo wong lara saraat, bisa ketularan. Mangka jèn ketularan, tangèh bisané mari, temah sadjegé urip mung tansah nanḍang lara lan seḍih nganti tekan adjalé. Mulané wong sing wis ketjanḍak lara saraat dipapanaké pamanggoné ana ing sadjabané kuṭa. Jèn pinudju lumaku ing dalan, kudu awèh sasmita klawan alok-alok: „Nadjis, nadjis!”
Wong-wong sing nandang lelara saraat iku tansah disirik déning angger wong, malah dianggep nadjis. Mangka lelara mau ora bisa mari. Lelarané saja suwé saja banget, nganti sing lara tumeka ing adjalé. Ing djaman semono durung tau ana ḍukun sing bisa nambani lelara saraat .... [ 55 ]Nalika semono ana wong nanḍang lara saraat lumaku ing dalan. Sanḍangan sing dienggo suwèk-suwèk, kaja wong lagi nanḍang susah marga kasripahan; rainé separo katutupan ing gombal .... Nanging .... mripaté sing adaté katon lojop-lojop, saiki katon sumilak paḍang, kaja-kaja ana sing nenangi pangarep-arepé.
Wong mau wis ngrungu warta bab Gusti Jésus. Iku kang nenangi pangarep-arepé ana ing atiné: „O, Gusti Jésus mesṭi kwasa marasaké aku .... „Semuné prakara sing mokal lan nglengkara, awit lelara saraat iku wis kawentar madal tamba. Nanging wong sing nanḍang lara mau ana ing atiné wis mantep pangandelé: „Mung Gusti Jésus kang kwasa marasake ....”
Mulané wong mau bandjur nempuh bjat ninggal panggonané, bandjur nggolèki Gusti Jésus. Saja bungah atiné, bareng saka kadohan weruh untabé wong golongan sing paḍa medun saka ing gunung, nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus. Lakuné bandjur digelak, laraning awaké wis ora digawé rasa. Bareng tekan ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur sudjud sarta mundjuk: „Gusti, menawi Tuwan karsa, inggih kawasa mbirat nadjis kawula.” Tumrapé wong sing lara wis ora ana wong lijané manèh sing dipandeng kedjaba mung Gusti Jésus. Wong golongan sing pijak marga njingkiri wong lara saraat mau, dianggep sepi. Apadéné saraking angger-angger sing turun-tumurun diparingaké marang bangsané, diterak wani, udjer mung sawidji sing dadi paraning atiné: birat nadjisé marga pitulungané Gusti Jésus. Mulané bareng wis tekan, wong mau ora taha-taha bandjur sudjud lan mundjuk.
Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? Apa Pandjenengané adjrih kagepok ing wong lara saraat mau? Apa ija kuwatos jèn kasutjèné bakal katularan nadjisé sing nanḍang lara saraat mau? Apa Gusti Jésus ija runtik galihé kajadéné wong golongan? .... Ora, Gusti Jésus ora mengkono.
Nanging Gusti Jésus bandjur mulung astané, ndemèk marang wong mau sarta ngandika: „Aku karsa, birata nadjismu!” Paḍa sanalika kabirat malané saraat dadi resik. Sing pating benjinjih putih-putih ilang babar pisan, kulité pulih kaja wingi uni, lan awaké sing lungkrah malih dadi kuwat manèh. Durung nganti mundjuk apa-apa manèh, wong mau wis diḍawuhi Gusti Jésus supaja adja kanḍa-kanḍa marang wong apa sing mentas kelakon; wong mau diatag supaja énggal nuduhaké awaké marang imam lan njaosaké kurban miturut ḍawuhé nabi Musa .... Sawisé nglakoni iku kabèh, wong sing wis mari larané mau lagi bisa manggon manèh ing kuṭa awor sanak seduluré.
WONG sing wis birat lelarané mau bandjur lunga klawan kabungahan geḍé. Atiné prasasat mbludag suka sokur marang Allah déné diparingi kanugrahan sing tanpa upama geḍéné, temah ora kena ditjanḍet manèh grengsenging atiné arep njritakaké lelakoné kang nggumunaké mau. Ing sadalan-dalan ora lèrèn-lèrèn enggoné njritakaké kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Sapa baé sing gelem ngrungokaké ditjritani, awit kabegdjan sing semono geḍéné mau ora amot disimpen ana ing atiné,
ORA antara suwé sapungkuré lelakon ing ḍuwur mau Gusti Jésus rawuh manèh ing Kapernaum, kaḍèrèkaké wong golongan geḍé. Lan sanalika wong-wong pada kumrubut sowan arep njuwun pitulungan. Saiki sing paḍa sowan para pinituwané wong Jahudi. Nanging sowané mau ora kanggo butuhé ḍéwé; sing disuwunaké pitulungan iku baturé panatus pradjurit Rum, djalaran lara mbebajani ndungkap mati. Gusti Jésus diaturi rawuh ing omahé panatus pradjurit mau, supaja marasna baturé sing lagi lara.
Jèn digagas, satemené kalebu anèh, déné ing atasé pinituwané wong Jahudi kok nganti paḍa gelem ngaturi Gusti Jésus rawuh ing omahé wong Rum, mangka sing lara iku mung batur, malah bisa uga batur tukon. Mulané wong Jahudi mau paḍa njaosi katerangan, jèn wong Rum sing ngaturi Gusti Jésus iku wong betjik, ora ambek sija ing atasé bangsa Jahudi, malah saking tresnané nganti ngjasakaké mesdjid ing kuṭa Kapernaum.
Katerangan mau ḍasar kepara njata. Panatus pradjurit Rum mau pantjèn wong sing luhur budiné. Jèn ora mengkonoa, mangsa wong Jahudi nganti gelem dadi kongkonané. Wong Rum mau nganggep sapaḍa-paḍa marang bangsa Jahudi, senadjan bangsa telukan. Djalaran wong Rum mau wis wanuh marang Allahé bangsa Israèl, malah ija ngabekti marang Allah, mulané bisa nduwé katresnan marang bangsa Jahudi .... Wong mau mesṭi baé luhur budiné, apamanèh ambek welasan, katélak saka enggoné keraja-raja golèk ichtijar murih warasé baturé sing lagi lara banget. Endi ana wong Rum sing gelem nggumatèni batur? ....
GUSTI Jésus midangetaké aturé wong Jahudi mau klawan rena galihé. Enggoné wong-wong mau paḍa tresna-tinresnan iku [ 56 ]kang ndjalari renaning galihé. Mulané Gusti Jésus sanalika bandjur teḍak mbarengi lakuné wong-wong mau.
Undjuké panatus pradjurit kang lumantar para pinituwané wong Jahudi mengkéné: „Réntjang kawula sakit sanget wonten ing grija kawula, langkung sanget anggènipun ngraos sakit. Mugi Tuwan kepareng njarasaken ....” Sanalika ḍawuhé Gusti Jésus: „Aku teka mrana, marasaké.”
Nanging bareng wis tjeḍak ing omahé panatus pradjurit mau, bandjur ana kongkonan manèh marek ing ngarsané Gusti Jésus kapurih mundjuk: „Duh Gusti, sampun ndadosaken damel Tuwan, margi boten pantes ing atasipun kawula, menawi Tuwan ngantosa rawuh lumebet ing wangon kawula. Kawula inggih sampun rumaos boten pantes menawi sowana pijambak, nanging Tuwan mugi njabdakaken kémawon, temtu réntjang kawula baḍé saras. Kawula punika rak inggih tijang ingkang kapréntah sarta mbawahaken pradjurit. Mangka menawi kawula akèn, préntah kawula mesṭi dipun lampahi sanalika, lan menawi kawula dipun paringi ḍawuh, kawula temtu énggal-énggal ngéstokaken ḍawuh .... Ḍuh Gusti, Tuwan punika kagungan pangwaos ingkang linangkung, inggih nguwaosi saḍéngah kawontenan, malah inggih nguwaosi sesakit. Ḍuh Gusti, mugi Tuwan kepareng njabdakaken, temah réntjang kawula temtu baḍé saras.”
Gusti Jésus miḍangetaké atur mengkono klawan banget renaning penggalih, déné nguningani pangandel sing nganti semono geḍéné, mangka sing duwé pangandel mau wong Rum. Mulané semu seḍih pangandikané Gusti Jésus, nalika minger lan mangandikani wong-wong kang paḍa nḍèrèk .... Pandjenengané ora kekilapan, jèn ing antarané bangsa Jahudi ḍéwé isih akèh wong sing paḍa ora pratjaja marang Pandjenengané, malah paḍa njepèlèkaké, lan paḍa ngarani Gusti Jésus iku dudu Sang Mesih, nanging wong tjulika.
Pangandikané Gusti Jésus: „Pituturku ing kowé: senadjan ing bangsa Israèl, aku durung nemu pangandel kang geḍéné seméné iki. Nanging Aku pitutur ing kowé jèn bakal ana wong akèh teka saka ing wétan lan ing kulon, paḍa mèlu kembulan karo Abraham, Iskak lan Jakub ana ing kratoné swarga. Mangka para putrané kraton paḍa kabuwang metu marang pepeteng ing djaba pisan ....”
Pangandika mau isi pamelèh sing peḍes tumrap wong Jahudi sing paḍa ngegung-egungaké enggoné paḍa dadi teḍaké Abraham, temah paḍa ngira jèn mesṭi bakal olèh swarga .... Mangka Gusti Jésus ngandika, jèn panatus pradjurit mau, senadjan wong Rum, dadiné ija wong kapir, apadéné wong akèh saka ing wétan lan ing kulon, bakal paḍa nḍisiki bangsa Jahudi enggoné ketampan lan mlebu ing kraton swarga, Déné bangsa Jahudi ḍéwé bakal paḍa kabuwang metu ing djaba.
Wong Jahudi ngrungu pangandika mengkono iku, atiné serik banget.
Nanging para pinituwa suruhané panatus mau paḍa kaparingan pangandika kang banget ngresepaké ati, mengkéné: „Wis, mundura, kowé ketekana kaja kang dadi pangandelmu.” Bareng para pinituwa mau tekan ing omahé panatus pradjurit, batur sing lara banget mau wis ketemu waras.
Pangandelé wong Rum sing semono geḍéné mau dadiné ora nganti kawirangan.
KATJARITA ing sawidjining dina ana iring-iringané wong akèh metu saka ing kuṭa Nain nguntapaké lajon menjang ing pakuburan ing sadjabané kuṭa. Sing arep dikubur mau majité botjah lanang anaké ontang-anting ranḍa ing Nain. Banḍosané dilurubi nganggo lawon putih, dipikul wong papat, lumaku alon-alon ang ing ngarep. Ing saburining banḍosa wong-wong lanang wadon sing paḍa urun tangis lan pangaḍuh, kaja sing wis dadi adat kalumrahané ing tanah kono. Swarané pating gléro gawé seḍihé sing paḍa ngrungu. Ing buriné manèh mbok ranḍa ngetutaké lakuné banḍosa kambi nangis ngglolo djalaran banget seḍihé. Anaké mung sidji, mangka saiki wis mati, diuntapaké menjang ing pakuburan, bakal pepisahan ing salawas-lawasé. Kaja-kaja botjah mau nusul bapakné sing wis nḍisiki lumaku menjang ing djaman kalanggengan. Mulané mbok ranḍa rumangsa ditinggal idjèn ana ing alam donja, tanpa rowang tanpa kanti. Anak lanang sing digaḍang-gaḍang bisaa mikul ḍuwur menḍem djero, saiki wis ora kena didjagakaké pitulungané, mbok ranḍa seḍihé kepati-pati. Sing dipendeng ora ana lijané manèh kedjaba mung anaké lanang sing lagi diuntapaké menjang ing pakuburan.
KOTJAPA bareng tekan ing sadjabané kuṭa, lakuné peṭukan karo arak-arakan lija sing arep mlebu menjang kuṭa, jaiku wong golongan sing paḍa nḍèrèkaké Gusti Jésus lan para sekabaté.
Wong golongan mau bandjur pijak nisih mengiwa lan menengen, ngentèni saliwaté sing paḍa nguntapaké lajon. Wong-wong mau kabèh paḍa meneng, atiné karanta-ranta njumurupi solahé mbok ranḍa, nanging keprijé manèh, arep tetulung paḍa ora bisa. Sapa ta [ 57 ]sing bisa nguripaké wong wis mati? Mengkono gagasané wong golongan.
Nanging mungguh Gusti Jésus keprijé? Pandjenengané ija mirsa wong pirang-pirang paḍa nguntapaké lajon, ija wis nguningani mbok ranḍa .... Gusti bareng mirsa ranḍa mau, luwih banget trenjuh galihé déning welas. Gusti Jésus bandjur njelaki mbok ranḍa, sarta ngandika: „Adja nangis!”
Keprijé, ora diparengaké nangis? Wong kabèh paḍa gumun; sing mikul banḍosa bandjur manḍeg; wong sing urun tangis paḍa meneng sanalika. Keprijé iki, apa wong kepatèn anaké ora pareng nangis?
Lan mbok ranḍa ḍéwé keprijé? Wong sing nḍawuhi adja nangis mau, ija durung tau tumon, malah ija ora ngerti apa sing diḍawuhaké. Sing dadi telenging atiné mung sawidji, jaiku: anaké sing ditresnani wis mati, mengko jèn wis rampung panguburé, bakal mulih idjèn, tjiptané mung bakal mati ngenes, awit wis peḍot gantilaning njawané. Mulané ija ora bisa njanḍak apa karepé dipenging enggoné nangisi anaké.
Ing kono Gusti Jésus bandjur marepeki ndemèk krenḍané, ḍawuhé: „Tolé, ḍawuhku: tangia!” Wong-wong sing paḍa ngrubung bandjur mundur sanalika, djalaran kang mati ndjenggèlèk, kaja patrapé wong sing mentas tangi turu. Sawisé linggih, mripaté mung tansah ngingetaké wong ing sakiwa-tengené, suwé-suwé bandjur bisa guneman, babar pisan ora ngetarani jèn mentas mati; mbok ranḍa ija njumurupi lelakon mau, weruh jèn anaké wis urip manèh, nanging ora bisa ngutjap apa-apa .... Anaké énggal dirangkul lan diambungi kambi nangis, nanging enggoné nangis saiki marga saka geḍéning kabungahané.
GUSTI Jésus bandjur mbatjutaké tindaké .. Wong golongan paḍa rebut ngarep enggoné arep nḍèrèkaké tindaké; wong-wong sing mentas paḍa nguntapaké lajon, dalah mbok ranḍa saanaké, lan wong sing paḍa urun tangis ora gelem kari, kabèh paḍa ngetut-wingking tindaké Gusti Jésus mlebu ing kuṭa Nain. Umjung swarané wong paḍa nggunem lelakon sing ngéram-éramaké mau, pangutjapé: „Ana nabi geḍé djumeneng ing antara kita, lan Allah nuwèni umaté!”
Kaélokan sing semono geḍéné durung tau kelakon ing tanah kono. Apa tumon, ana wong mati bisa urip manèh, mung marga diḍawuhi déning Gusti Jésus! Mangka ora ana wong sing ngaturi Gusti supaja mitulungi mbok ranḍa, djalaran pantjèn ora klebu ing nalar, jèn wong mati bisa urip manèh. Dadi wis tjeṭa, jèn enggoné Gusti Jésus maringi pitulungan mau mung marga kadereng déning geḍéning sih kawelasané marang wong, ora marga saka kepénginé oleh pangalembana. Nanging kabéh mau nenuntun marang kaluhurané Sang Rama kang ana ing swarga.
PAWARTA bab kaélokan mau bandjur kawelantrah marang satanah Judéa kabèh nganti tekan ing ngamantja.
KATJARITA Gusti Jésus rawuh manèh ing Kapernaum. Wong golongan bandjur énggal nampèni rawuhé, djalaran kabèh wis paḍa ngarep-arep. Lakuné wong prasasat ora kena ditata, awit kabèh-kabèh kepéngin njelaki Gusti Jésus. Nalika semono ana wong nḍesek madju njungkemi padané Gusti Jésus sarta mundjuk: „Ḍuh Gusti, mugi Tuwan kepareng rawuh ing grija kawula sareng kalijan kawula. Anak kawula èstri sakit sanget malah sampun mèh pedjah. Menawi Tuwan kersa rawuh saha numpangaken asta Tuwan, anak kawula mesṭi baḍé saras tumunten. Ḍuh Gusti, mugi Tuwan melasi anak kawula!”
Wong sing duwé atur panjuwun mengkono iku djenengé Jairus, lurahing mesdjid ing Kapernaum. Jairus wis wanuh karo Gusti Jésus, lan ngandel, jèn anaké wadon sing ontang-anting mesṭi bakal bisa waras manèh, waton Gusti Jésus kersa rawuh mitulungi. Mulané adreng panjuwuné: „Ḍuh Gusti, mugi kepareng rawuh!” ....
Gusti Jésus ija kepareng rawuh ing omahé, bandjur teḍak kaḍèrèkaké Jairus lan wong golongan. Lakuné wong djedjel rijel ora kena dipijak, nḍesek marang Gusti Jésus, pamurihé mung bisaa tjeḍak karo Pandjenengané.
Kotjapa, nalika semono ana wong wadon nḍresel ing tengahé wong golongan. Wong wadon mau katoné wis nékat, ora perduli diesuk-esuk ing wong akèh, nḍesek sarosané supaja bisa njelaki Gusti Jésus. Mangka polatané katon jèn nganḍut wedi lan isin. Éwasemono banget pangudiné njelaki Gusti, djalaran kepéngin nuruti grendjeting atiné. Waton bisa njelaki Gusti, awaké mesṭi kapitulungan, djalaran Gusti wis kwasa mitulungi wong pirang-pirang. Nanging sing dirasa ana ing atiné, ora nganti dilairaké ing tjangkemé; abot rasané jèn nganti ngundjukaké kang dadi perluné, mangka ana ing ngarepané wong akèh. Mulané osiking atiné mengkéné: „Aku ora perlu mundjuk apa-apa, waton aku bisa ndumuk djubah pangagemané Gusti, aku mesṭi pulih waras manèh!” Pangandel lan kamantepaning ati mengkono iku kang ndjalari wong mau ora ngétung kangèlan lan rekasa diesuk-esuk ing golongan Pangudiné mung sawidji: njelaki Gusti Jésus, temah waras! [ 58 ]
Wong wadon mau enggoné nanḍang lara wis rolas taun lawasé; ḍèk bijèn kalebu wong tjukup, nanging saiki wis entèk banḍané kanggo mertamba, nanging ora ana kang bisa marasaké. Ḍèk bijèn awaké waras lan rosa, nanging saiki kari lung-lit. Malah saiki larané saja nemen. Nanging jèn bisa kelakon njelaki Gusti Jésus, wis mesṭi mari larané!
Bareng wis bisa tjeḍak, bandjur marepeki marang Gusti Jésus saka ing wingking, tangané énggal-énggal mulung ndumuk gombjoking djubahé Gusti, lan sanalika iku uga larané mari. Awaké krasa seger, ana daja anjar lumebu ing otot-balungé, temah pulih kakuwatané lan waras manèh. Bareng wis krasa mari, bandjur arep njlimpet lunga. Lagi baé arep mingser, bandjur krungu Gusti Jésus ndangu para sekabaté: „Kang ndumuk Aku sapa?” Wong wadon mau, senadjan ora didangu, atiné kagèt banget, djalaran mauné ngira ora bakal kapirsan déning Gusti. Bareng kabèh paḍa meneng baé, Pétrus lan kantjané paḍa mundjuk klawan gumun: „Guru, tijang golongan djedjel sami nḍesek dumateng Tuwan mekaten, kok Tuwan ngantos ngandika: Kang ndumuk Aku sapa?” Nanging Gusti Jésus ngandika manèh: „Ana wong kang ndumuk Aku, awit Aku krasa ana daja kang metu saka ing Aku.” ....
Wong wadon mau bareng weruh jèn ora kena dikilapi, bandjur marek klawan gumeter, sumungkem ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk blaka ana ing ngarepané wong kabèh, jèn enggoné lara wis tetaunan, nanging saiki wis mari marga saka enggoné ndumuk djubahé Gusti Jésus ....
Gusti Jésus mirsa wong wadon mau klawan welas lan rena ing galih, déné semono geḍéné pangandelé, pangandikané: „Hé, enggèr, diénak atimu, pangandelmu kang mitulungi kowé. Mundura klawan tentrem rahaju lan birata lelaramu.”
Sadjroné isih ngandika, kesaru tekané kongkonan saka ing omahé Jairus. Bareng weruh wongé teka, Jairus wis entèk atiné, nemtokaké jèn wongé mau nggawa kabar ora betjik. Saja kuwur pikiré bareng ngrungu aturé wong mau: „Putra sampejan sampun ngadjal. Sampejan sampun ngribedi dateng Guru.” Wis mati .... Apa isih ana perluné ngaturi Gusti Jésus rawuh ing omahé? Saiki wis kasèp .... djenèh mau tindaké dienḍeg-enḍegi déning wong wadon sing ndumuk djubah. Saiki keprijé polahé Jairus? Apa mulih idjèn ngupakara sing wis ora ana? Atiné djuḍeg banget. Gusti Jésus mijarsa lan mirsa kabèh, bandjur njelaki Jairus sarta ngandika: „Adja maras, kumandela baé, temah botjahé bakal kapi[ 59 ]tulungan.” Jairus atiné krasa mak tjles, bareng ngrungu pangandika mengkono iku. „Adja maras!” O, Jairus ora bakal maras, jèn Gusti Jésus isih ana ing sanḍingé. Wis mantep pangandelé, jèn mung Gusti Jésus sing bisa maringi pitulungan.
Ora antara suwé lakuné wis tekan ing omahé Jairus. Ing kono wis akèh wong sing paḍa lajat. Swarané wong sing paḍa nangis lan ngaḍuh-aḍuh ngebaki omah, binarung ing unining suling sing nggalik-galik swarané. Bareng Gusti Jésus rawuh, wong-wong mau kabèh paḍa kaḍawuhan metu ing djaba. Sing klilan nḍèrèk mlebu mung Pétrus, Jakobus lan Jochanan, apadéné bapa-bijungé si botjah.
Wong-wong sing paḍa nangis dipangandikani mengkené: „Adja paḍa nangis. Botjahé ora mati, mung lagi turu.” Wong-wong mau bandjur nggeguju, udjaré: „Botjah wis mati kok diarani lagi turu!” Apa perluné Gusti Jésus diaturi rawuh? Botjah wis mati arep dikapakaké manèh, jèn ora diupakara karo ditangisi kaja adaté sing uwis-uwis? Saiki kok paḍa diḍawuhi meneng? .... Bebasané rak: désa mawa tjara, negara mawa tata?
Kotjapa kang paḍa ana ing kamaré botjah sing wis mati; Jairus bareng weruh anaké wis dilurubi, atiné kumesar, awaké lemes tanpa daja. Tudjuné Gusti Jésus ana ing sanḍingé. Tangané botjah mau bandjur diasta sarta pangandikané: „Ebèng, tangia!” Njawané bandjur bali, paḍa sanalika botjahé tangi, bandjur njawang bapa lan bijungé, kaja botjah mentas tangi turu. Gusti Jésus bandjur ḍawuh mènèhi mangan. Botjah mau bandjur mangan, katon wis waras manèh. Wong tuwané bungahé ora kira-kira.
Gusti Jésus bandjur tindak saka ing kono kaḍèrèkaké sekabaté telu sing paḍa neksèni lelakon mau. Wong golongan sing ngentèni ing djaba paḍa kagawokan, bareng ngerti jèn botjahé wis urip manèh. Wong-wong sing mauné paḍa nggeguju, saiki ora bisa ngutjap apa-apa kedjaba mung meneng lan wedi.
Nanging Jairus atiné mbludag kabungahan, pangandelé marang Gusti Jésus njata mijatani. Jairus ora bakal bisa lali marang pangandikané Gusti Jésus sing bisa njirnakaké sumelanging atiné: „Adja maras, kumandela baé!” Pangandika mau mesṭi bakal diéling-éling ing salawasé urip.
ING negara Jerusalèm, ing ngarepé Sekèṭèng Weḍus — jaiku panggonané wong paḍa tuku weḍus kanggo saos kurban ana ing padaleman sutji — ana blumbangé padusan, arané Bètèsda, ing basa Djawa pantes diarani: Panti-wilasa. Blumbang kang ana banjuné kimplah-kimplah ing sakubengé digawèkaké bangsal tjatjahé lima, jaiku panggonané wong-wong sing paḍa nanḍang lara warna-warna, wong pitjak, wong lumpuh, wong gering, paḍa ngaḍang-aḍang kotjak ing banju ing blumbang. Awit ing samangsa-mangsa ana malaékat tumeḍak ngotjakaké banju ing blumbang, sarta sing sapa njemplung ḍisik bareng lan kotjaké banju, iku dadi waras sanalika, ora pilih-pilih larané. Mulané wong-wong sing lara paḍa ngentèni ana ing bangsal samangsa banju ing blumbang katoné kaja dikebur, wong-wong mau rebut ḍutjung arep njemplung ing blumbang, ana sing mlaju, ana sing mbrangkang, malah ana sing mung ngésod baé; sing babar pisan ora bisa obah, kepeksa digénḍong sanak seduluré, murih bisané njemplung ḍisik ing banjuné Bètèsda. Sing kèri tekané, senadjana wis njemplung, larané ora bisa mari. Mangka tekané malaékat sing ngotjakaké banju mau ora kena ditangguh mangsané. Dadiné wong-wong mau kudu ngentèni klawan sabar lan waspada, adja nganti keḍisikan kantjané.
Kotjapa ing kono ana wong kang nanḍang lara wis telung puluh wolu taun lawasé. Wong mau gumluntung ana ing kono, tanpa rowang tanpa kanṭi, mangka tangan lan sikilé ora kena digawé ngglawat, mulané sepi pangarep-arepé bisané mari lelarané. Ḍèk bijèn nalika mentas teka ing Bètèsda, isih geḍé pangarep-arepé bisa waras, nanging saiki kaja-kaja lelarané kudu disanḍang nganti tekan adjalé. Pantjèn pandumaning ngaurip iku béda-béda, mengkono pamupusing atiné.
Nalika semono mbeneri rijaja Paskah ing Jerusalèm. Mulané Bètèsda mundak ramé, luwih katimbang adaté. Saka ing désa ngadésa tekané wong-wong lara karo sanak seduluré arep njoba golèk kuwarasan ana ing blumbang Bètèsda. Mèh saben wong lara duwé réwang sing sumaḍija nulungi njemplungaké ing banju, samangsa-mangsa kotjak. Nanging wong tuwa sing wis lawas gumléṭak ana ing kono, ora ana sing nulungi. Mripaté mung kelop-kelop njawang wong sing paḍa lunga teka ing kono, nanging awaké ḍéwé wis ngedjibaké jèn ora bakal mingsed saka ing paturoné sadurungé ngadjal.
Kotjapa wong lara mau krasa jèn disawang lan digatèkaké déning wong sing mentas teka ing kono. Kadingarèn temen ana wong gelem nggatèkaké. Sapa ta wong iku? .... Wong mau malah njelak lan ndangu, pangandikané: „Apa kowé kepéngin waras?”
Kepéngin waras? .... Wong lara mau ngingetaké sing ndangu semu gumun. Saiba enggoné kepéngin! Wis telung puluh wolu taun lawasé enggoné kepéngin bisa waras, nanging [ 60 ]keprijé bisané, djalaran obah baé ora bisa. Apa wong iki kira-kira gelem nulungi njemplungaké ing blumbang Bètèsda, samangsa ana malaékat tumeḍak? .... Nanging kira-kira ija tanpa gawé, awit mesṭiné wis keḍisikan wong lija. Mulané wong lara sing kapiran mau bandjur mangsuli: „Ḍuh Tuwan, kula boten gaḍah réntjang ingkang njemplungaken kula ḍateng ing blumbang samangsa tojanipun panudju kotjak. Déné menawi kula saweg murugi, ladjeng wonten tijang sanès ingkang ambjur ngrumijini kula.”
Wong kang ndangu mau bandjur rentah welasé, énggal ngandika marang kang lara: „Tangia, paturonmu angkaten, lumakua!” Sanalika wong mau dadi waras, sarta ngangkat paturoné, tumuli mlaku. Awaké sing lemes tanpa daja sanalika dadi kuwat, kaja-kaja kalebon ing daja gaib sing ndjalari warasé.
Bareng wong mau wis ngrasakaké pulihing kakuwatané, ménga-méngo nggolèki wong sing marasaké arep awèh panarima, nanging wis ora katon ana ing kono. Sapa ta wong iku, déné kok kuwasa marasaké wong lara mung nganggo disabdakaké baé? Wong mau ora ngerti, marga saka lawasé enggoné gumléṭak ana ing bangsal kono, nganti ora tau ngrungu kabar apa-apa saka ing sakiwa-tengené.
SAKING bungah-bungahé déné wis kelakon bisa waras manèh, wong mau bandjur mlaku-mlaku ana ing kuṭa Jerusalèm, ngalor ngidul kambi manggul paturoné. Atiné kebak kabungahan, malah kaja-kaja wong sadjagad paḍa mèlu ngrasakaké kabungahané. Ing nalika iku panudju dina Sabbat.
Dumadakan ana wong ngaruh-aruhi lan njenḍu: „Iki dina Sabbat, ora kena kowé nggawa paturon.”
Wong sing disenḍu mau kagèt. .... Paturoné? Ora rumangsa babar pisan jèn sing dipanggul mau paturoné lan jèn tindaké mau luput. Sing digagas-gagas mung kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Klawan tadjem wong mau mandeng wong-wong Farisi lan wong Jahudi lijané, sarta mangsuli: „Tijang ingkang njarasaken kula punika ingkang ḍawuh: Paturonmu angkaten, lumakua!” „Jèn kula namung sadermi nglampahi ḍawuh, mangka ingkang paring ḍawuh punika tijang ingkang kuwaos njarasakan kula, rak kula boten lepat sanget-sanget!” Nanging wong mau tetep diluputaké déning wong Farisi. Bangsa Jahudi kabèh rak wis ngerti jèn paḍa ora kepareng nglakoni saḍéngah pagawéan ing dina Sabbat . Lan wong sing bisa marasaké wong lumpuh, sapa ta wong iku? Nanging wong sing mentas waras ora weruh iku sapa.
Nanging wong-wong Farisi wis paḍa ngerti lan wani nemtokaké sapa wongé sing marasaké: iku ora lija Rabbi anjar saka Nasarèt kaé! Jèn kélingan wong Nasarèt mau, saja wuwuh enggoné paḍa ngigit-igit. Ora perduli apa wong Nasarèt mau pinter marasaké wong lara sarana kaélokan! Ora perduli apa wong sing wis lawas nanḍang lara lumpuh saiki wis mari temah bisa ngrasakaké kabungahan geḍé! Djenèh wong-wong mau paḍa nemaha nerak wewaler dina Sabbat! Wong sing mentas mari iku mlaku ngalor ngidul karo manggul paturoné, dadiné ngeḍèng enggoné nglakoni pagawéan ing dina Sabbat. Mangka sing ḍawuh mengkono iku wong Nasarèt sing aran Jésus! Dadi sakaroné paḍa kaluputan nerak wewaler dina Sabbat. Wong-wong Farisi satemené wis ora gumun, jèn Guru anjar saka Nasarèt iku duwéa pokal kang mengkono iku. Pantjèn medjanani banget tangkepé marang golongané wong Farisi lan para ulama; pepatjak lan préntahé dianggep tanpa teges,malah pangibadahé mung dianggep lelamisan. Mulané wong Farisi lan para ulama geṭingé ndjering marang Gusti Jésus. Apa sing mentas kelakon ana ing Bètèsda wis ditjaṭet, mung kari ngentèni mangsané jèn sundukané wis kebak.
Wong sing mari lumpuhé didjaraké baé, nanging Gusti Jésus ing sabandjuré tansah ditut-buri lan ditliti, digolèki lénané.
SAWUSÉ mengkono wong sing wis mari iku mlebu ing padaleman sutji, bareng karo wong golongan arep njaosaké pamudji sokur marang Allah. Polatané katon bingar lan atiné gambira, déné wis bisa mlaku ing saparan-paran manut kekarepané.
Lagi énak mlaku-mlaku ing padaleman sutji, dumadakan kepranggul karo wong sing marasaké awaké. Ing kono lagi baé wong mau ngerti jèn sing kawasa marasaké iku Gusti Jésus. Atiné wong mau banget enggoné kakenan.
Gusti Jésus ija pirsa wong mau, bandjur dipangandikani. Wong-wong ing sakiwa-tengené paḍa ora bisa ngerti apa tegesé pangandika mau, nanging wong sing dipangandikani ora bakal kliru tampa. Pangandikané Gusti Jésus: „Lah kowé wus dadi waras, adja manèh gawé dosa, supaja kowé adja nganti ketaman kang luwih banget.” Wong mau mung nḍingkluk baé marga kisinan. Pantjèn enggoné nanḍang lara nganti lawas mau dadi paukumané enggoné mblunṭah uripé nalika isih enom lan rosa. „Adja manèh gawé dosa!” mengkono ḍawuhé Gusti Jésus, awit samangsa mbalèni uripé sing bijèn, mesṭi bakal ketaman kang luwih banget, jaiku paukuman kang langgeng. Wong mau tumuli lunga .... marani wong Farisi.
Wong mau rak ditakoni sapa sing marasaké lan sing ḍawuh ngangkat paturoné. Nalika [ 61 ] [ 61 ]ditakoni, durung ngerti sapa wongé, nanging bareng saiki wis ngerti, bandjur énggal-énggal awèh weruh, jèn sing marasaké awaké iku Gusti Jésus. Wong mau enggoné awèh weruh, iku mung kagawa saka bungahing atiné déné wis bisa ngerti sapa sing mbetjiki awaké, tanpa nglegéwa jèn pawartané iku mau malah ngobong atiné para wong Farisi lan para ulama. Saiki wis tjeṭa sapa wongé sing nerak wewaler dina Sabbat, awit mauné mung paḍa duwé panggrajangan jèn sing nerak iku mesṭiné Jésus, wong Nasarèt. Wong-wong mau bandjur paḍa sekongkel arep ngringkes wong Nasarèt sing ora duwé éring babar pisan karo para pangarepé bangsa Jahudi lan sing tansah dietut-buri ing wong golongan. Ing tembé buri samangsa wis kebak sundukané, pira suwéné njirnakaké wong sidji, bebasan isih suwé midjet wohing ranti.Saiki wong-wong mau wis paḍa gilig rembugé, jèn wong Nasarèt iku, jaiku Gusti Jésus, kudu disirnakaké. Pantjèn, jèn Gusti Jésus wis kelakon séda, ija wis ora ana manèh sing wani ngagru-agru para wong Farisi lan para ulama. Mulané saiki wong-wong mau mung arep métani tindak-tanduké Gusti Jésus, sing paḍa diudi supaja bisa ngonangi Gusti Jésus nindakaké kaluputan utawa panerak.
ING sawidjining dina Gusti Jésus diaturi ḍahar déning wong Farisi, aran Simon, ana ing omahé. Miturut tata lairé, wong Farisi mau katon sumanak lan betjik tangkepé marang Gusti Jésus, mangka sadjatiné ora babar pisan. Enggoné ngaturi Gusti Jésus rawuh ana ing omahé lan njaosi ḍahar, iku ora marga saka keduga lan senengé wong mau marang Gusti Jésus, nanging marga saka nalar lija. Wong Farisi mau rumangsa luwih unggul ing samubarang prakara katimbang karo Gusti Jésus, kang asalé mung saka ing désa Nasarét. Nanging sarèhné Guru mau wis kawentar bisa memulang lan nindakaké kaélokan warna-warna, mulané wong Farisi mau kepéngin tetepungan lan wawan gunem karo Gusti Jésus. Lan supaja adja nganti dirusuhi déning wong golongan, Gusti Jésus bandjur diaturi rawuh ing omahé. Iku djalarané Gusti Jésus rawuh ana ing omahé wong Farisi.
Rawuhé ora pijambak, kedjaba Gusti Jésus isih akéh sing diaturi rawuh, jaiku para wong Farisi lan para djamhur lija-lijane. Rawuhé para tamu ditampa klawan pakurmatan, sikilé diwidjiki lan disaosi djebad wangi déning para abdi, sawisé mengkono Simon ḍéwe sing dadi tuwan rumah, bandjur meṭukaké tamuné, ngaturi pambagé sarana ngambung miturut adaté ing tanah kono.
Nanging nalika Gusti Jésus rawuh, ora ana wong sing mbagèkaké; ora ana batur sing teka midjiki sampéjané, ora ana sing njaosi lenga djebad lan ora ana sing nutjup Pandjenengané. Awit pangirané wong Farisi, pambagé sing kaja mengkono iku ora samesṭiné dietrapaké marang Guru weton Nasarèt, rak wis pira-pira wong mau dililani kekembulan karo wong Farisi; dadi apa perluné ndadak isih diaturi pambagé klawan pakurmatan?
KOTJAPA para tamu wis paḍa pinarak arep ḍahar; enggoné paḍa pinarak ana ing resbang sing ditata mubeng ngubengi médja, lingguhé setengah turon, sikil karo pisan diunggahaké ing resbang, sawisé trumpahé diutjuli lan disèlèh ing ngisor resbang. Para tamu wis gupjuk enggoné paḍa ngandikan, nanging sing akèh ḍéwé enggoné ngandikan iku Gusti Jésus, djalaran diteter ing pitakonan, émané enggoné paḍa takon mau mung tumudju arep njoba, awit para wong Farisi wis paḍa rumangsa luwih pinter lan luwih witjaksana katimbang Rabbi anjar saka désa Nasarèt. Miturut udjaré wong akèh, Pandjenengané iku djumeneng nabi, nanging para wong Farisi durung gelem nganggep nabi jèn durung weruh tanḍa-jektiné.
Nalika semono ana lelakon kang dadakan. Ing tengah-tengahé wong akèh sing paḍa ngadeg ana ing palataran nonton sing lagi paḍa andrawina, ana sawidjining wong wadon.
Wis rada suwé enggoné ingak-inguk, djalaran ana sing digolèki, jaiku Gusti Jésus. Saka ing djaba wis katon tjeṭa ana ing sisih endi pinaraké. Bareng wis tita panjawangé, wong wadon mau bandjur mlebu ndjudjug ing panggonan pinaraké Gusti Jésus. Klawan mbrebes-mili ngrungkebi padané, eluhé dléwéran nelesi sarta bandjur diusapi nganggo rambuté .... Wong wadon mau ora bisa mundjuk apa-apa, bisané mung nangis kelara-lara kambi tangané srikutan ngusapi padané Gusti Jésus, bandjur diudjungi sarta dilengani nganggo djebad olèhé nggawa saka ngomahé. Wong wadon mau enggoné nganti kumawani tumindak sing katoné murang tata mau, iku mung marga saka kapeteking atiné déning seḍih. O, gèk sapa sing bisa ngerti lan ngrasakaké seḍihé? .... Wong-wong sing ana ing padjagongan kono paḍa tjingak, bareng weruh wong wadon mau. Wong-wong Farisi, dalah Simon ḍéwé, paḍa méntjep lan grenengan, déné wong wadon mau tanpa pamit wani mlebu ing kalangané para wong geḍé, tur ora iḍep ing isin mbebarang tangis ana ing ngarepé wong akéh. [ 62 ]Nanging Gusti Jésus pijambak ija dianggep asor dradjaté, ora béda karo wong wadon mau. Malah pangunandikané Simon mengkéné: „Saiki wis tjeṭa, jèn guru weton Nasarèt iku satemené dudu nabi. Djalaran saupama nabia, mesṭi sumurup wong wadon kang nggepok awaké iku sapa lan éwoning apa. Jèn ngertia, rak mesṭi wis ditunḍung, djalaran wong mau kalebu golongané wong dosa!”
Pantjèn njata, wong wadon mau wis kawentar alané. Sapa wongé sing gelem srawung lan gepok sénggol karo wong sing asor lan nisṭa kalakuané? Saben wong sing kepeṭuk, mesṭi nisih, sing ditjeḍaki, mesṭi ngadoh, supaja adja nganti ketularan ing pialané lan ketèmpèlan ing dosané. Ora patut babar pisan jèn wong sing resik sesrawungan karo wong kuwi, luwih manèh nganti gepok sénggol .... Lha kok saiki, apa sing katon? Jésus, Rabbi saka Nasarèt kuwi, gelem lan ora risi dirungkebi sikilé lan diudjungi wong wadon mau. Apa sing kaja mengkono iku patut ing atasé nabi?
PARA wong Farisi lan para ulama kabèh paḍa ngadoh, pamurihé adja nganti katjipratan ing djedjemberé, djalaran kabèh paḍa rumangsa resik tanpa tjatjat. Kabèh paḍa gila lan gigu ndeleng wong wadon mau . . Mung Gusti Jésus pijambak sing ora mengkono paningalé. Wong-wong lijané paḍa ora ngerti apa sebabé wong wadon mau nganti nangis kelara-lara .... Gusti Jésus pirsa. Ora ana wong sing duwé welas marang ḍéwèké .... Gusti Jésus kagungan sih piwelas. Ora ana wong sing gelem lan bisa nglipur lan nulungi wong wadon mau .... Gusti Jésus kersa lan kuwasa mitulungi. Mulané Gusti Jésus ora nunḍung wong wadon mau ...
Apa manèh .... Gusti Jésus ija ora duka marang wong-wong Farisi sing paḍa rumangsa resik lan awatak lamis. Malah Gusti Jésus ija wis pirsa apa sing ana ing batiné wong-wong mau, mulané tanpa ana sing kumetjap njuwun priksa, Gusti bandjur maringi wangsulan, tumudju marang Simon, pangandikané: „Simon, aku duwé pitutur ing kowé .... Ana wong duwé potang marang wong loro, kang sidji limang atus dinar, sidjiné sèket. Sarèhné ora duwé kang kagawé njaur, dadi utangé dililakaké marang sakaroné. Kang iku kowé tutura: Wong loro mau kang luwih akèh katresnané kang endi?” Undjuk wangsulané Simon: „Punika prakawis gampil. Pandugi kula inggih ingkang kaṭah anggènipun nglilakaken.” Mengkono wangsulané Simon, nanging Simon lan wong-wong lijané sing paḍa ngrungu tjrita mau paḍa ora ngerti apa kersané Gusti Jésus.
Ing kono pangandikané Gusti Jésus marang Simon: „Simon, kowé apa weruh wong wadon iki? .... daktekani ing omahmu, ora kowènèhi banju wisuh ing sikilku, déné wong iki nelesi sikilku klawan luhé lan diusapi klawan rambuté. Kowé ora ngambung marang Aku, déné wong iki wiwit nalika lebuné tansah ngambungi sikilku. Kowé ora nglengani sikilku. déné wong iki nglengani sikilku klawan djebad .... Mulané pituturku ing kowé: Dosané wong iki kang pantjèn akèh wus paḍa kaapura, djenèh akèh katresnané. Nanging kang kaapura saṭiṭik, katresnané ija saṭiṭik.”
Simon rumangsa kawelèhaké déning Gusti Jésus, mulané rada ketjipuhan. Atiné saja krasa ora kepénak, jèn ngrasakaké isining tjrita mau. Wong sing duwé utang sèket dinar mau ija Simon ḍéwé. Pangandikané Gusti Jésus iku genahé mengkéné: „Simon, kowé adja duwé panganggep jèn kowé resik lan sutji, awit sadjatiné kowé ija kalebu wong sing duwé utang ....”
Wong wadon ala iku wong sing duwé utang limang atus dinar. Mangka utang semono kèhé saiki wis dililakaké, tegesé: dosané sing geḍé wis kaapura. Iku sing dadi djalarané wong mau kasok tresnané marang Gusti Jésus, ngungkuli tresnané Simon. Iba begdjané wong wadon iku, ngluwihi kabegdjané Simon.
Gusti Jésus tumuli ngandika marang wong wadon mau: „Dosamu wus kaapura .... Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura klawan tentrem rahaju.”
Wong-wong sing paḍa ana ing kono, bareng ngrungu pangandika iku mau, bandjur paḍa grenengan: „Katik ana wong bisa ngapura dosa! Sapa ta wong iku? Rak mung Allah pijambak kang kuwasa ngapura dosa!”
Wong wadon mau ora ngrèwès babar pisan marang gunemé wong akèh, atiné wis bungah lan marem ngrungu pangandika: „Dosamu wus kaapura ....” Wong wadon mau pantjèn wis ngakoni jèn dosané iku luwih déning geḍé. Wis sawetara suwé enggoné ngrasakaké seḍih marga njumurupi geḍéning dosané .... Mangka ora ana wong sing bisa nulungi, sing akèh-akèh malah mung nutuh lan mojoki. Mung sidji sing bisa maringi pitulungan, jaiku Gusti Jésus. Mulané bareng wis tjeḍak karo Gusti Jésus, bandjur ngrungkebi padané kambi nangis kelara-lara, tanpa bisa mundjuk apa-apa, kagawa saka geḍéning prihatin. Nanging wong wadon mau ora perlu mundjuk apa-apa, awit Gusti Jésus wis pirsa apa sing dadi gémbolaning atiné.
Saiki? .... Wong wadon mau kaḍawuhan mundur klawan tentrem rahaju, atiné ajem, djalaran dosané wis kaapura, lan sabandjuré uripé bakal mung tansah sumaos marang Allah. [ 63 ]Saiba enggoné tresna marang Gusti Jésus déné wis kepareng ngapura dosané sing tanpa upama geḍéné. Saiba bungahé atiné déné kaparingan tentrem rahaju ing salawas-lawasé.
SUGENGÉ Gusti Jésus ana ing donja iku satemené tansah kalimputan ing kaprihatinan. Pandjenengané nilar swarga kang sarwa éndah lan mulja, bandjur tumeḍak ing donja, ing lembah kasusahan, prihatin lan kasangsaran .... Luwih-luwih jèn Gusti Jésus maspadakaké wong-wong sing paḍa nanḍang lara, sing pitjak, bisu, lan buḍeg, sing lumpuh sing karandjingan ing ḍemit, lan samangsa Gusti Jésus mirsani was sumelang lan tintrim ana ing atiné manusa, ing kono Gusti mesṭi trenjuh galihé lan kamiwelasen, kaja-kaja sawernaning pananḍang mau karaos ana ing galihé pijambak lan kasarira ana ing sarirané.
Gusti Jésus ora kakilapan apa sing dadi nalar lan sebabé, iku ora lija mung marga saka dosané manusa. Mulané Gusti Jésus rawuh ing donja, sumedya ngontjataké manusa saka ing seḍéngaha pananḍang, djalaran saka geḍéning sihé.
Mangka pameteking sangsara ing atasé Gusti Jésus saja suwé saja munḍak mlinder ... Nanging ora ana wong sing ngerti lan nduga kaanan sing kaja mengkono iku.
Djalaran Pandjenengané pijambak kang bakal njanggi paukumaning dosané saumat kabèh, nganti tumeka ngalami séda, temah—ngolèhaké karahajon langgeng kanggo para wong kang pratjaja marang Pandjenengané.
Nanging sih katresnané Gusti Jésus kang semono geḍéné iku ora dingertèni ing wong.
Mulané sugengé Gusti Jésus ana ing donja iku tansah kalimputan ing kaprihatinan.
TANPA timbang geḍéné sih katresnan kang dilubèraké Gusti Jésus marang manusa, nanging ora ana wong sidji baé sing bisa males katresnan mau.
Lha keprijé kaanané wong golongan sing tansah nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus? ....
O, wong-wong mau tekané mung paḍa arep nonton tandangé Gusti Jésus; jèn bisa njumurupi anané kaélokan, bandjur paḍa bungah, keplok-keplok kaja patrapé wong nonton sulapan. Lan samangsa Gusti Jèsus mbeneri meḍar sabda, wong golongan ija paḍa seneng ngrungokaké, djalaran ḍawuh lan piwulangé Gusti iku tansah ngresepaké ati. Menjanga ing endi baé Gusti Jésus tansah diḍèrèkaké wong golongan .... Nanging satemené enggoné paḍa tansah kumantil lan kumawula karo Gusti Jésus iku wadiné mengkéné: wong-wong mau paḍa duwé pangarep-arep njumurupi Gusti Jésus ing tembé ngagem prabawa lan katijasané kang luwih ngébat-ébati jaiku merdikakaké bangsa Jahudi saka pangregemé bangsa Rum lan ndadèkaké bangsané pinundjul ing sadjagad.
Nanging kelakoné adoh banget sungsaté karo pangangen-angené wong golongan. Gusti Jésus ija wis uninga jèn tjaloné bakal ditinggal ing wong akèh, malah ditégakaké ing para muridé, bareng wong golongan paḍa ngerti jèn Gusti Jésus ora kersa nggajuh marang kamuktèn lan kawibawan kaja salumrahing ratu kadonjan, pilalah nanḍang sangsara lan nisṭa kaja wong prantéan sing bakal kaukum pati .... Wong-wong semono kèhé iku kena diwilang tjatjahé sing paḍa mantep lan setya nḍèrèk Pandjenengané. Lelakon sing mengkono iku Gusti wis pirsa sadurungé.
LAN keprijé pokalé para imam, wong Farisi lan para ulama? .... Wong-wong mau pada dadi pangarep, luwih witjaksana katimbang wong golongan lan kena diarani ahli mungguh ing kitab-kitab tilarané nabi Musa lan para nabi lijané. Pantjèné wong-wong mau paḍa bisa ngerti saka ing surasané Kitab, jèn Gusti Jésus iku kang djumeneng Sang Mesih.
Nanging wong-wong mau paḍa wangkot atiné.
Miturut panganggepé para ulama lan wong Farisi, tindaké Gusti Jésus iku wis luput saka mula-bukané, généja kok ora gelem njowani wong-wong mau sadurungé miwiti memulang lan ora njuwun wulang-wuruk lan pituduh marang wong kang paḍa luwih ngerti, apa manèh généja kok ora napak tilasé para wong sing wis misuwur kinatjèk ing kamursidan lan pangibadahé, lan généja kok ora gawé wewaler lan pepatjak tumrap saumat kabèh, kanggo muwuhi angger-angger gawéané nabi Musa, .... saupama mengkono tandang-grajangé Gusti Jésus nalika wiwitan, wis mesṭi Pandjenengané kinulawarga déning para djamhuré bangsa Jahudi mau.
Nanging saiki .... wong-wong mau malah paḍa sengit lan geṭing marang Gusti Jésus, Rabbi weton Nasarèt,
Apa sebabé? .... Sebab Gusti Jésus mung mangandikakaké apa njatané!
Kosokbaliné para wong Farisi lan para ulama mau kabèh paḍa lelamisan. Tindak-tanduké katoné pantjèn ngibadah lan mursid banget; angger-angger sakabèhé diéstokaké klawan tumemen; lungguhè ana ing mesdjid mesṭi ana ing ngarepan, kaja-kaja wis luwih tjeḍak menjang swarga pinaraké Allah; jen ndedonga paḍa adeg-adegan lan ana ing podjoking lelurung, sarta nganggo tembung lalahan pirang-pirang nganti dawanè ngaluk-aluk; [ 64 ]djubahé nganggo plipidan amba ing pinggir, nganggo tulisan bludiran peṭikan saka ajat-ajating Kitab Sutji, pamurihė supaja katona jèn wong mursid; nanging batiné adoh karo Gusti Allah. Lair lan batiné kosokbalèn bledjed!
Mangka Rabbi saka Nasarèt mau blak-blakan tanpa tèḍèng aling-aling enggoné mengkono iku! Lan apa sing dipangandikakaké kabèh dirungu lan digugu déning wong golongan. Sapa wongé sing ora kemropok jèn ngélingi enggoné dirèmèhaké mengkono iku? Wis wiwit djaman bijèn mula sing dadi guru lah paramparané saumat kabèh rak ija para Farisi lan para ulama ta, lan kok saiki paḍa kelaju ngetut-buri guru anjar, anak tukang kaju saka désa Nasarèt .... Senadjan guru anjar mau bisa nindakaké kaélokan warna-warna, lan senadjan tansah ditut-buri wong golongan, éwasemono para ngulama lan Farisi paḍa ora gelem kalah. Wong golongan kudu diarah bisané bali manèh ngrungokaké piwulangé, ngéstokaké pepatjak gawéané. Wong golongan kudu bisa nglirwakaké guru anjar mau, adja pisan-pisan bisa ngasoraké prabawané para pangarepé bangsa Jahudi.
MUNḌAK dina munḍak ndjering geṭingé wong-wong mau marang Gusti Jésus. Pira banggané wong sidji, kok arep wani ngajoni wong-wong sing wis ngentèk ngèlmuné. Wong golongan kudu bisa neksèni ḍéwé, jèn para ngulama mau luwih witjaksana lan luwih mursid katimbang karo Gusti Jésus. Mulané wiwit nalika semono bandjur paḍa tansah golèk ḍaḍakan enggoné arep njrékal lan mbantah Gusti Jésus. Nanging Gusti Jésus ora kèwuhan nandingi wong-wong mau, pasang gelar apa baé wis kapirsan ing sadurungé, mulané wong-wong mau tansah tuna-dungkap ing pangarahé, djalaran sanjatané Gusti Jésus iku ing seḍéngaha prakara ngungkuli wong-wong mau kabèh.
Jèn ngélingi enggoné wis bola-bali kebentus-bentus nglawan Gusti Jésus, atiné wong-wong mau banget seriké. Sakèhé rékadajané gagal, ora ana sidji baé sing makolèhi. Ora ana wong sing bisa nemokaké kaluputané Gusti Jésus.
Jèn wong-wong mau paḍa rerasan ḍéwé utawa guneman karo wong golongan, ora tau lali njatur Pandjenengané.
Wis tau Gusti Jêsus nimbali salah sawidjining djuru mupu béja kadadèkaké muridé, djenengé Mattéus, mangka ing antarané bangsa Jahudi sing djeneng djuru mupu béja iku ing endi-endi wis kelun alané .... Para wong Farisi nganggep tindak nisṭa jèn gelem sesrawungan karo djuru mupu béja utawa gelem teka ing omahé; nanging Gusti Jésus ora nganggo éwuh-pakéwuh rawuh ing omahé Mattéus mau lan ḍahar kembulan karo wong-wong panunggalané djuru mupu béja lijané .... Lelakon iku mau nganti suwé dadi kembang lambè ing atasè para wong Farisi; bebasan entèk amèk kurang golèk enggoné paḍa njatur lan ngrasani Gusti Jèsus, andèkna wong kaja mengkono arep ngaku-aku djumeneng Sang Mesih!
Nanging para wong Farisi mau ora mikir babar pisan, jèn Mattéus mau lila ninggal kasugihan lan kamuktèn bandjur nḍèrèk Gusti Jésus dadi wong mlarat, apamanèh ora ngélingi jèn Mattéus ninggal uripé sing lawas, sing kebak dosa, bandjur nḍèrèk Gusti Jésus supaja olèh karahajon kang langgeng. Kabegdjaning wong sing semono mau ora tau klebu ing nalar lan pikirané para wong Farisi ....
ING sawidjining dina .... pinudju dina Sabbat, Gusti Jésus tindak karo para sekabat nglangkungi paganduman. Sarèhné paḍa keluwèn, para sekabat bandjur njeṭuti wulèning gandum, sarta dipangan. Patrap mengkono iku konangan ing para wong Farisi. Miturut panemuné wong-wong mau, para sekabat wis nerak wewaler dina Sabbat, djalaran paḍa njeṭuti wewulèn gandum, dadi geḍé-tjilik paḍa nglakoni pagawéan, mangka nalika semono mbeneri dina Sabbat. Apamanèh Gusti Jésus ija ora ngélikaké utawa ndukani para sekabat. Semuné guru lan muridé paḍa baé enggoné ndjarag nerak wewaler dina Sabbat, mengkono panemuné para wong Farisi.
Ing dina Sabbat iku uga Gusti Jésus rawuh ing mesdjid; ing kono ana wong tjéko tangané sisih. Ḍawuhé Gusti Jésus marang wong tjéko mau: „Tanganmu aṭungna!” Sanalika wong mau bisa ngaṭungaké tangané, pulih waras paḍa kaja sisihé.
Para wong Farisi sing paḍa ana ing kono, bareng njumurupi Gusti Jésus marasaké wong lara ing dina Sabbat, bandjur paḍa rerasan: „Wong iku nglakoni pagawéan ing dina Sabbat, dadi njawijah marang dina Sabbat.” Wong-wong mau katoné kaja nesu, nanging satemené paḍa seneng, djalaran nemu dadakan nggugat marang Gusti Jésus. Wong akèh paḍa neksèni, jèn Gusti Jésus nindakaké padamelan ing dina Sabbat, dadiné nerak angger-angger.
Nanging Gusti Jésus ndangu wong-wong mau, apa wong sing weḍusé ketjemplung ing sumur ing dina Sabbat, ora énggal-énggal tumandang ngentas weḍusé. Kuwi rak ja djeneng njambutgawé ing dina Sabbat. Luwih manèh manusa, sing adjiné ngungkuli weḍus, apa ora kudu dipitulungi, senadjana [ 65 ]ing dina Sabbat? Dadiné ing dina Sabbat kelilan nglakoni kadarman.
Gusti Jésus ora kekilapan mungguh ing akalé wong-wong mau, lan iku njalari trenjuhing galihé Gusti. Pandjenengané ora béda karo wong lija-lijané enggoné netepi dina Sabbat, pirsa apa isiné angger-angger bab nutjèkaké dina Sabbat, mulané ora bakal jèn ngantia nerak angger-angger. Nanging Pandjenengané uga wis uninga jèn para wong Farisi paḍa gawé pranatan manèka warna ing atasé angger-angger dina Sabbat.
Marga saka pokalé para wong Farisi, dina Sabbat sing diparingaké Allah marang umat kagungané minangka dina pangasoan, malah dadi dina sing ngebot-eboti lan ngrubedi uripé. Mitulungi wong mlarat lan wong kasangsaran, nglelipur wong prihatin, nindakaké kadarman lan kabetjikan, iku kabèh ora diwaleri ing dina Sabbat. Gusti Jésus kang djumeneng Putrané Allah, ija djumeneng Gustiné dina Sabbat.
Nanging para pangarepé bangsa Jahudi mau, sarèhné wis ngenḍem sengit, bandjur paḍa rerembugan bab rékané enggoné bakal njédani marang Gusti Jésus. Embuh keprijé akalé, nanging Gusti Jésus kudu disingkiraké, sing tansah dadi klilipé kudu diulapi!
Ora mung sepisan Gusti Jésus ngandikakaké jèn djumeneng Putrané Allah. Kuwi rak udjar goroh lan lalawora, apadéné panjenjamah!
Wis kerep Pandjenengané ngandika: „Dosamu kaapura!” Udjar mengkono iku mung nélakaké wataké sing deksura, awit sing bisa ngapura dosa iku rak mung Gusti Allah pijambak, mengkono panemuné para wong Farisi.
Wis tau Pandjenengané nḍawuhi wong sing mentas diwarasaké, ngangkat paturoné, mangka mbeneri ing dina Sabbat! Iku digawé tanḍa-jekti jen Gusti Jésus iku guru nasar, piwulangé nasaraké saumat kabèh, nganti paḍa nglakoni panggawé sing murang sarak. Dadi béda banget jèn katimbang karo para ngulama lan wong Farisi, sing tansah mulangaké apa sing betjik lan bener.
Ing sawajah-wajah lan ing saenggon-enggon wong-wong mau paḍa ngodjok-odjoki bangsané supaja ninggal Gusti Jésus.
Malah wis tau kelakon, Gusti Jésus njarasaké wong bisu lan kasurupan ḍemit. Wong golongan paḍa kaéraman njumurupi kang mengkono iku, nanging udjaré para wong Farisi: „Enggoné nunḍungi ḍemit iku marga déning panggeḍéné para ḍemit.” Udjar mengkono iku pamurihé supaja wong golongan adja paḍa ngandel marang Gusti Jésus. Paḍa baé karo jèn paḍa duwé udjar mengkéné: „Adja paḍa ngrungokaké piwulangé, adja ngandel marang mukdjidjaté; mesṭi baé wong kuwi bisa nglungakaké ḍemit, djalaran wis sekuton karo panggeḍéné para ḍemit!”
Nanging pangandikanė Gusti Jésus ing atasé wong-wong mau mengku kakantjingan kang nggerisi.” „Bilai kowé, èh para wong lamis” Gusti Jésus wis pirsa keprijé bakal paukumanė wong-wong mau, djalaran nemaha nglawan marang Gusti Allah.
DADI wis tetèla banget, jèn sugengé Gusti Jésus iku ing sanjatané kebak kaprihatinan.
Èwasemono――ana uga wong-wong sing paḍa tresna lan pratjaja marang Pandjenengané klawan gumolonging ati, lan sing paḍa nganḍemi kasetyané nganti paḍa diréwangi lara-lapa, kajata para sekabaté, lan para wong sing wis diwarasaké lelarané, lan isih akèh manèh wong-wong sing paḍa ngrungu lan nampani piwulang pangandikané Gusti Jésus klawan ati lamba ....
Mangka Gusti Jésus wanuh lan nguningani wong mau kabèh. Iku kang wis ginaḍang dadi ahli warisé kratoné Allah, langgeng ing salawas-lawasé .... Lan Pandjenengané kang djumeneng Djuru Slamet lan Ratu Gustiné ing salawas-lawasé ....
Èwasemono .... ing antarané para sekabaté Gusti Jésus ana uga kang ing tembé bakal dadi satru. Wis tau Gusti Jésus ngandika mengkéné: „Aku apa ora milih kowé wong rolas, mangka panunggalanmu sidji iku sétan.” ... Gusti Jésus mirsa wong-wong mau nganti tekan ing ḍasaring atiné. Gusti wis uninga jèn ana muridé sidji sing bakal njidrani, malah ngulungaké Gusti Jésus marang mungsuh. Déné kang dipangandikakaké mau sekabat sing djeneng Judas.
PANGANTJAM-ANTJAM marang Gusti Jésus pantjèn ora baèn-baèn, nanging sih-katresnané Gusti Jésus isih luwih déning geḍé, temah ora nganti kéguh déning pangantjam. Pandjenengané ora tau ngeḍagaké enggoné nindakaké pakarjané memulang, mitulungi lan njlametaké wong akèh, awit ija sing kaja mengkono iku sing dadi keparengé galihé.
Djagadé wong duraka wis sakuṭon arep nganiaja lan njirnakaké Gusti Jésus. Nanging Pandjenengané ora gigrig déning sangsara lan pananḍang, kagawa saka geḍéning sih-katresnané sing ora kena didjadjagi.
Lan marga saka sih-katresnané mau Pandjenengané djumeneng Djuru Slamet tumrap saḍéngah wong kang ngéklasaké awaké lair batin dadi kagungané.
NANGING nalika djaman semono durung ana wong kang bisa njanḍak marang
eliding lelakon mau kabèh. [ 66 ]LELAKON kang wekasané njeḍihaké! ..............................
Ing sabrangané kali Jardèn, ora adoh saka Segara-Mati, ana bètèng-keḍaton Makaérus, kagungané radja Héroḍès. Ing sangisoré keḍaton kang sarwa éndah mau ana senṭong peteng kanggo pakundjarané wong prantéan. Déné sing dilebokaké ing pakundjaran mau .. Jochanan Pambaptis! Lha kok anèh! .... Gèk apa baé dosané nganti klebu ing pakundjaran? Déné sing dianggep dadi dosané jaiku enggoné kumawani, bawané dadi nabiné Allah, duwé atur kang njata ....
ING sapungkuré Gusti Jésus kabaptis ana ing kali Jardèn, Jochanan isih adjeg memulang kaja adaté. Piwulangé isih adjeg dibukani nganggo pangatag: „Paḍa mratobata!” .... Wong-wong sing kepéngin mandjing muridé, kudu paḍa njumurupi sepira geḍéning dosané lan kudu paḍa mratobat. Akèh wong sing paḍa netjep piwulang mau lan paḍa sumujud marang Jochanan kaja marang nabi geḍé, senadjan pangandikané kereng.
Nanging nalika semono Jochanan bandjur gaṭuk karo radja Héroḍès, jaiku putrané radja Héroḍès kang ambek sija, kang ḍawuh matèni baji-baji ing Bètlechèm. Gaṭuké karo radja Héroḍès iku kang ndjalari tjilakané Jochanan, djalaran wulangané tansah adjeg saluguné baé, dalasan tumrap radja Héroḍès ija ora nganggo tèdèng aling-aling: „Mratobata! Djalaran dosamu wis luwih déning geḍé!”
Katjarita ana ing bètèng keḍaton mau radja Héroḍès ngiwat wong wadon sing dudu hak wenangé ḍéwé. Wong mau djenengé Héroḍias, somahé saḍèrèké Héroḍès kaprenah adi. Héroḍias ninggal somahé ḍéwé, bandjur mèlu manggon ana ing bètèng keḍaton, rumangsané arep ndjèdjèri Héroḍès dadi pramèswari.
Lelakon iku mau wis dadi kembang lambéné wong sanegara. Lan saben wong ngerti jèn tindaké Héroḍès lan Héroḍias iku kalebu panggawé makruh. Ḍawuh ing angger-angger uniné mengkéné: „Sira adja laku béḍang.” Wong iku ora diparengaké ngalap somahé wong lija kadadèkaké somahé ḍéwé, dalasan radja pisan ija ora diparengaké.
Saben wong ing tanah kono wis ngerti unining pepatjak mau, nanging ora ana wong sing wani mundjuk élik-élik ana ing ngarsane Héroḍès utawa Héroḍias. Sapa sing wani melèhaké ratu?
Sapa? .... Jochanan Pambaptis wani!
Radja Héroḍès wis miḍanget bab Jochanan Pambaptis kang memulang ana ing ara-ara samun ana ing ngarepé wong atusan. Sang Prabu uga kepéngin srawung karo nabi sing wis kawentar kerasé. Mulané Jochanan tumuli katimbalan marek ....
Ing kono Jochanan bandjur teka ana ing keḍaton, isih nganggo djubahé wulu unta kasabukan welulang; mripaté mantjereng ningali Sang Prabu sarta tangané diagar-agaraké patrapé ora béda karo nabi Élijah nalika ngélikaké radja Achab lan Izèbèl .... Jochanan ora keblerengan déning uparengganing keḍaton kang sarwa éndah, ora ulap déning panguwasané Sang Prabu lan para sénapati kang asikep gegaman. Sing dadi telenging tjiptané mung enggoné arep melèhaké dosané Sang Prabu karo wong wadon béḍangé. Lan atas terang saka karsané Allah, Jochanan mundjuk marang Sang Prabu: „Boten kénging pandjenengan dalem munḍut garwa tijang punika!” Dadi wong wadon klangenané Sang Prabu kudu ditunḍung saka ing keḍaton, dibalèkaké manèh marang panggonané somahé ḍéwé.
Undjuké Jochanan mau ora ndjalari murubing dukané Sang Prabu kang banget. Senadjan ing galihé wis rumangsa salah, nanging babar pisan ora kagungan sedya mbalèkaké Héroḍias, ora nijat ngèndeli enggoné laku ngiwa karo wong wadon mau.
Mungguh Héroḍias ḍéwé, atiné banget seriké ngrungu pamelèh mau, ora béda karo Izèbèl nalika diwelèhaké nabi Élijah. Tjiptané Héroḍias ora lija mung arep njirnakaké nabi sing kumawani ngélikaké pandjenengané ratu lan sing madakaké pramèswari kekasihé Sang Prabu karo wong wadon ala; tetéla banget jèn tekané nabi mau mung arep ngemping lara nggéndjah pati!
Wiwit nalika iku ora lèrèn-lèrèn Héroḍias enggoné ngungsed marang Sang Prabu supaja kersaa medjahi Jochanan Pambaptis, nanging Sang Prabu ora kersa, djalaran adjrih marang wong akèh, marga iku paḍa nganggep nabi marang Jochanan. Saupama nabi Jochanan kelakon nganti kasédanan, mbokmenawa wong golongan bandjur nganakaké pagègèran mbaléla marang paréntah.
Senadjan adjrih medjahi nabi Jochanan, éwadéné radja Héroḍès meksa ḍawuh njekel lan ngundjara marang abdiné Allah, marga saka enggoné ngantepi ajahaning nabi nglairaké apa saluguné miturut pepatjak ḍawuhé Gusti Allah.
SABEN dinané Jochanan tenguk-tenguk idjèn ana ing senṭong pakundjaran, lan suwé-suwé atiné katuwuhan rasa seḍih lan prihatin. Jochanan mau ora kok mrihatinaké bab enggoné ngrasakaké pepesṭèning uripe sing kodjur, lan ija ora marga wedi marang Héroḍès utawa Héroḍias, apa manèh ora marga atiné kebak pangunḍamana djalaran [ 67 ]kaukum tanpa dosa; ora marga saka iku mau kabèh, nanging mung ana saprakara kang diprihatinaké, jaiku: bab Gusti Jésus .... Saiki Pandjenengané ana ing endi? .... Lan apa sing ditindakaké? .... Rak ora kliru ta jèn nganggep Pandjenengané kang djumeneng Sang Mesih? O, bok ija Pandjenengané rawuh ngirid wadyabala pirang-pirang, bandjur nelukaké para radja lan para bupati, sarta djumeneng Nata binaṭara ana ing kuṭa Jerusalèm, ngratoni bangsa kang merdika, kaja sing dadi pangarep-arepé wong Israèl ing atasé Sang Mesih kang pinasṭi rawuh .... Upama kelakon mengkonoa, saiba enggoné nengsemaké ati!
Nanging Jochanan bola-bali mung tansah ngrungu warta jèn Gusti Jésus tansah memulang marang wong golongan, tansah ngolah-ngalih panggonan, wis kalok jèn wataké sabar drana lan anḍap-asor. Miturut panganggepé Jochanan, sing kaja mengkono rak ora samesṭiné. Pandjenengané sadjatiné rak Putrané Allah, rak kuwasa djumeneng Nata ngerèhaké sadjagad rat. Kok sulaja karo sing dadi pangarep-arepé Jochanan!
Awit saka lelakon kang mengkono mau, suwé-suwé Jochanan bandjur katuwuhan pamaido ing atiné. Apa ija kuwi kang djumeneng Sang Mesih kaja udjaré wong akèh? Apa ija Pandjenengané kuwi kang djumeneng Putrané Allah, kang munḍut dibaptis ana ing kali Jardèn? .... Jochanan isih éling wewèntèhan lelakon nalika semana, éwadéné .... ora mokal jèn kuwi dudu Sang Mesih kang diarep-arep rawuhé. Lha kok tradjangé banget enggoné anḍap-asor, prasadja lan ing semu tanpa daja prabawa.
Mangka prihatiné Jochanan munḍak dina munḍak nggeges. Terkaḍang ana muridé sawetara sing pada tilik, nemoni Jochanan ana ing pakundjaran. Lan nalika Jochanan wis ora bisa njirep pamaidoné, murid-muridé mau paḍa diutus sowan ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk pitakèn mengkéné: „Punapa Tuwan ingkang pinasṭi rawuh, punapa kawula sami ngantos-antos ḍateng sanèsipun?”
Murid-murid mau satekané ana ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur paḍa mundjuk pratéla bab pamaido lan melang-melanging atiné Jochanan.
Gusti Jésus miḍangetaké wong-wong mau. Pandjenengané ora ketambuhan mungguh kaanané Jochanan enggoné mesakaké, déné ora bisa mèlu neksèni apa sing ditindakaké Gusti Jésus. Pantjèn Jochanan kepéngin banget pratjaja lan tresna marang Gusti Jésus kang dadi Djuru Slameté, nanging atiné kebak pamaido ....
Ing kono Gusti Jésus bandjur maringi wangsulan, pangandikané: „Paḍa mundura mratélakna marang Jochanan apa ngrungumu lan sapandelengmu: Wong pitjak paḍa ndeleng, wong lumpuh paḍa lumaku, wong nanḍang lara saraat paḍa kabirat nadjisé, lan wong buḍeg paḍa ngrungu; wong mati paḍa katangèkaké, lan wong mlarat paḍa kawartanan Indjil ....”
Wong-wong mau saulihé saka ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur nganḍaraké kabèh marang Jochanan apa sing dideleng lan dirungu; kabèh sing dipangandikakaké Gusti Jésus ...
Bareng Jochanan mireng anḍarané murid-muridé mau, atiné bandjur lega lan bungah. Pamaido kang ana ing atiné larud sanalika. Wong kang bisa nindakaké kaélokan kaja mengkono iku tan kena ora mesṭi kang djumeneng Sang Mesih pijambak! .... Saiki Jochanan ora nglangut pikirané ngrasakaké enggoné Gusti Jésus katoné tansah anḍap-asor lan tanpa daja, lan généja Gusti Jésus ora ngerigaké wadyabala neluk-nelukaké ratu mantja-negara. Sapa sing kagungan panguwasa sing semono geḍéné, malah nganti bisa nguripaké wong mati, rak mesṭi luwih luhur lan mulja, apadéné luwih kuwasa katimbang karo sakèhing panguwasa lan radja ing bumi .... Saiki Jochanan lagi baé tinarbuka atiné njumurupi jèn Kratoné Gusti Jésus iku tjaloné dadi Kraton kaswargan, dudu kraton kadonjan. Kraton kadonjan iku ing wusanané bakal sirna tanpa kukupan, kosokbaliné Kratoné Allah iku ora bakal sirna ing salawas-lawasé .... Atiné Jochanan saiki wis lega, ajem lan tentrem.
Saiki, mbok ana lelakon apa baé, atiné wis ora bakal godjag-gadjeg manèh. Saiki anané mung kumandel lan pratjaja, mangka Jochanan ija wis ngerti, jèn ana ing pangaubané sihé Allah mesṭi slamet uripé.
Ana ing senṭonging pakundjaran kono Jochanan mung tumungkul narima ing pandum, djalaran sakabèhing lelakon sing wis tumama ana ing awaké lan sing isih bakal tumindak ing tembé, iku mung ana ing pamengkuné Gusti Allah. Atiné Jochanan saiki wis sarèh lan narima, mulané pira lawasé enggoné kudu ngentèni ana ing pakundjaran, iku wis ora dadi pikiran manèh ....
Nanging — ora antara suwé Jochanan bakal njumurupi prakara mau.
KATJARITA ana ing keḍatoné radja Héroḍès dianakaké bodjana andrawina, mbeneri tingalané Sang Prabu. Para tamu lan para luhur kabèh paḍa mangun suka-wibawa, nutug enggoné paḍa ḍahar lan ngundjuk anggur, nganti akèh kang paḍa wuru, temah paḍa lali marang tata lan susila. Sidji baé ora [ 68 ]ana sing kelingan marang sing lagi dikurung ana ing pakundjaran.
Katoné pantjèn kaja wis paḍa lali kabèh marang Jochanan, nanging sadjatiné ana sidji sing ora bisa nglalèkaké, djalaran atiné kebak pangigit-igit marang kang dianggep dadi klilipé. Wong mau jaiku Héroḍias!
Bodjana andrawina mau disemuwakaké déning unining tetabuhan lan beksané putrané èstri Héroḍias, dipitongtonaké ana ing tengahé pasamuwan, temah banget nengsemaké galihé Héroḍès lan para tamu kabèh. Gumuruh swaraning surak lan keploké wong sapa-samuwan bareng Salomé, jaiku putrané Héroḍias, marek ing ngarsané Sang Prabu ngundjukaké sembah mungkasi beksané. Ḍasar putri sulistya ing warni, mrak-ati sasolah-bawané, baud nenangi wiragé, luwih-luwih tumrap Sang Prabu lan para tamu sing keladuk enggoné suka ing galih déning sumuking anggur. Mulané tanpa taha-taha kelair pangandikané Sang Prabu marang Salomé mengkéné: „Njuwuna, mesṭi bakal kaparingan apa sapanjuwunmu, .... senadjan ngantia sepasenadjan ngantia separoning kraton!” Pangandikané Sang Prabu kang mengku prasetya lan supaos mau kaseksèn lan karudjukan déning para luhur kabèh kang paḍa ana ing pasamuwan kono.
Sarèhné Salomé wis diadjani déning kang ibu, énggal bandjur mundjuk marang Sang Prabu mengkéné: „Kawula mugi kaparingana sirahipun Jochanan Pambaptis wonten ing ngriki kawaḍahana ing ḍulang.”
Sang Prabu kedjot ing galih, ora njana babar pisan jèn rupa sing mrak-ati mau bisa nglairaké witjara sing nggegirisi. Sang Prabu ora bisa marengaké panjuwunan sing mengkono iku, nanging keprijé manèh, pangandikané wis kelair klawan supaos nganggo kaseksèn déning para tamu semono kèhé, senadjan Sang Prabu sungkawa ing galih, kepeksa ḍawuh maringaké apa kang dadi panjuwuné Salomé, sarta utusan nigas Jochanan ana ing pakundjaran. Mengkono wekasané uripé Jochanan. Sirahé kawaḍahan ana ing ḍulang, bandjur katampakaké marang Salomé, kang bandjur nggawa marang ngarsané kang ibu. Héroḍias lan Salomé mau bandjur paḍa girang-girang gumuju, pangunandikané mesṭiné mengkéné: „Rasakna saiki opahané wong dahwèn pati opèn! Mara muni-munia manèh jèn wani! Ora wurung aku sing menang! Sapa saiki sing wani ngalang-alangi karepku? Nabi sing ora duwé duga-prajoga wis sirna!” ....
Nalika iku para sekabaté nabi Jochanan bandjur paḍa teka ngukup lajoné guruné, bandjur disarèkaké.
ING semu lelakon ing ḍuwur mau pantjèn njeḍihaké wekasané .... Sing djudjur kodjur, nanging sing salah malah mbruwah. Nanging iku mung katoné ing lair!
Awit satemené Jochanan iku ninggal djagad kang kebak dosa lan piala, pinḍah menjang ing papan kang sarwa éndah lan mulja, ing kono wis ora ana para tjidra lan rasa sengit apadéné pananḍang. Jochanan abdiné Allah, sarampungé enggoné nglakoni ajahan klawan setya tuhu, bandjur katimbalan marek ing dalemé Ratu Gustiné, diparengaké ngrasakaké karahajon langgeng ing salawas-lawasé.
Kosokbaliné keprijé mungguh wekasané Héroḍès, Héroḍias utawa Salomé? Miturut lairé wong-wong mau bisa mukti wibawa, ketutugan ing sakakarepané .... Nanging ing ḍasaring atiné tansah ana rasa sumelang, marga ngélingi paukuman sing bakal tumama ing awaké sumurup opahaning panggawéné kang ala. Malah wis tau kelakon, nalika Héroḍès mireng warta bab Gusti Jésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, Sang Prabu bandjur kataman ing adjrih, disengguh jèn Jochanan urip manèh .... Dadi Héroḍès sadjatiné isih nganḍut adjrih marang Jochanan, senadjana wis tilar.
Pantjèn njata, wong-wong mau paḍa bisa ngumbar ardaning atiné .... nanging mung kanggo sawetara mangsa. Ing wekasané mesṭi bakal paḍa tumeka ing adjalé. Lan jèn tekan semono, bandjur? ....
LELAKON kang wekasané njeḍihaké ...., nanging ora tumrapé Jochanan, djalaran Jochanan bisa olèh ajem lan tentrem ana ing ngarsané Allah. Kosokbaliné tumrap wong-wong lijané sing tumindak sawenang-wenang, sing ngegungaké watak angkara-murka, tumrap wong-wong mau wekasaning lelakoné pantjèn njeḍihaké temenan ....
ING sawidjining dina ana wong golongan paḍa nglumpuk marang ngarsané Gusti Jésus ana ing pinggiring segara. Mulané Gusti Jésus bandjur minggah ing prau sarta pinarak, déné wong golongan paḍa mapan ana ing gegisik.
Gusti Jésus mirsani wong golongan mau, tuwa anom, lanang wadon lan geḍé tjilik, katoné kabèh paḍa sumaḍija nampani wedjangan warna-warna. Gusti Jésus pirsa keprijé kaanané wong-wong mau, lan apa sing dadi gagasané, malah ija pirsa apa sing mobah mosik ana ing telenging atiné. Ing antarané wong mau akèh uga sing paḍa asih lan tresna marang Pandjenengané lan ora bosen-bosen ngrungokaké pangandikané bab Kratoné [ 69 ]Allah; — nanging luwih akèh manèh wong-wong sing ora tresna marang Pandjenengané, malah lumuh srawung karo Pandjenengan sarta éwa marang sakèhing piwulangé.
Ing kono Gusti Jésus bandjur mangandikani wong golongan mungguh prakara pirang-pirang klawan pasemon. Pasemon sing diḍawuhaké iku njritakaké lelakon sing pasadja lan gampang dingertèni wong akèh.
ḌAWUHÉ: „Lah, ana djuru njebar metu njebar widji ....” Gusti Jésus bandjur njrijosaké keprijé kadadéjané widji kang kasebar. Ana kang tiba ing dalan, durung nganti ṭukul, wis entèk ditjutjuki manuk.
Ana manèh kang tiba ing paḍasan, ing kono ana lemahé, nanging mung saṭiṭik; widjiné énggal ṭukul, nanging ojodé ngambang, ora bisa nundjem ing paḍasan sing atos. Bareng srengéngé saja ḍuwur, ṭukulan anjar mau kebrangas, bandjur mati garing.
Salong ana kang tiba ing erèn. Senadjan widjiné bisa ṭukul lan metu ojodé, nanging bareng eriné saja ḍuwur, ṭukulan anjar ing kono bandjur kelinḍih nganti mati.
Salong ana kang tiba ing lemah betjik; widjiné ing kono bisa ṭukul klawan subur, ojodé bisa olèh pangan ing satjukupé, bisa nundjem nganti djero, djalaran ora ketanggor ing paḍasan; ṭukulan anjar ing kono bisa énggal geḍé lan ḍuwur, ora ana erèn sing ngalang-alangi, temah wekasané metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sewidak, lan ana kang tikel telung puluh. Bareng tekan mangsa panèn, djuru njebar mau bisa ngunḍuh olèh-olèhaning kangèlané klawan bungah.
Mengkono tjaritané djuru njebar sing metu njebar widji.
WONG golongan paḍa klawan tumemen enggoné ngrungokaké pangandikane Gusti Jésus, nanging paḍa durung bisa njanḍak eliding tjarita. Dudu prakara anjar utawa ruwet sing dipangandikakaké, mèh saben dina ana wong lunga menjang ing pategalan utawa sawahé arep njebar widji. Nanging wong-wong mau wis ngerti, jèn tjaritané wong njebar widji mung digawé pasemon baé, maksudé isih kineker ana ing djeroné; wong sing ngrungokaké kudu paḍa pinter nguḍari kekeraning pasemon.
Wong-wong sing pantjèn ndableg wataké lan éwa atiné marang Gusti Jésus, paḍa wegah njuwun priksa apa maksudé pasemon mau. Saja suwé wong-wong mau saja rekasa panampané marang pangandikané Gusti Jésus, lan saja suwé ija saja ngadoh lan renggang srawungané karo Gusti kang satemené keduga lan ḍangan ing galih paring pitulungan.
Déné para sekabat lan murid lija-lijané sing pantjén maḍep atiné marang piwulangé Gusti njuwun supaja didjarwanana apa maksudé pasemon mau. Wong-wong mau saja suwé saja munḍak pangertiné mungguhing kaadilan lan kadarmané Allah, saja suwé ija bakal saja tjelak enggoné ngaḍep ana ing ngarsané Allah, lan saja raket srawungané karo Gusti Jésus kang wis sumaḍija mitulungi lan njlametaké uripé saka ing pamisésané dosa.
ING kono Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, nguḍari kekeraning pasemoné wong njebar widji.
Saḍéngah wong sing ngunḍangaké pawarta bab Kratoné Allah, iku kena kaupamakaké kajadéné wong sing njebar widji. Widji sing disebar iku betjik, ora ana sing gabug, nanging papan sing ditibani widji mau sing akèh-akèh ora betjik. Akèh wong sing paḍa seneng ngrungokaké pawarta bab kadarman lan panguwasané Allah, nanging paḍa ora ngerti maknané; wong-wong mau paḍa ora kapilih dadi para putrané Allah; paḍa baé karo upamané widji kang tumiba ana ing papaning atiné, bandjur sirna ilang karebut déning Iblis.
Ana manèh wong lijané sing paḍa seneng nampani pangandika, bandjur paḍa marek ing ngarsané Allah, — nanging paḍa ora antepan. Bareng ketaman ing karubedaning ngaurip, sirna pangandelé marang sih kadarmané Allah; pangandika sing mentas ditampani klawan bungah, iku prasasat widji kang bisa tumuwuh seḍéla, nanging ora bisa ngojod ana ing batiné; paḍa alum kena ing sumuking hawa, kajadéné widji kang tumiba ing paḍasan. Wong-wong kang kaja mengkono iku énggal paḍa murtad.
Ana manèh wong-wong sing paḍa temen-temen nggatèkaké pangandika, nganti kelair kasaguhané arep nḍèrèk marang Allah lan ngéstokaké ḍawuhé ing salawas-lawasé. Nanging wong-wong mau bandjur katempuh ing panggoḍa warna-warna, ana sing kepéngin dadi sugih, ana sing ngojak pangkat lan ana sing kaebjukan ing pakéwuhing donja, temah paḍa lali marang pangandika. Wong-wong mau paḍa ora sembada dadi putra pilihané Allah; ora béda karo widji sing tumiba ing erèn, bareng wis ṭukul, bandjur mati kalinḍih déning eri sing ṭukulé luwih rosa lan rikat katimbang karo widji sing betjik.
Nanging ana uga wong-wong kang paḍa ngrungu lan nampani pangandika, paḍa sumujud marang Allah klawan bungah, apadéné paḍa njaosaké pangabekti klawan sih-katresnan marang Pandjenengané lan ora ana manèh-manèh sing dirungkebi klawan gumolonging ati kedjaba mung enggoné ngéstokaké [ 70 ]sakèhing pangandikané Allah. Wong-wong mau kelakon dadi para putra pilihane Allah temenan. Wong-wong mengkono iku kaupamakaké kajadéné widji kang tumiba ana ing papan sing betjik, bandjur ṭukul lan metu wohé. Wong-wong mau paḍa dadi abdiné Allah kang setya tuhu, kang bisa ngetokaké wohing katresnan, sing sidji tikel satus, sidjiné tikel sewidak, sidjiné manèh tikel telung puluh.
KAJA mengkono iku maksudé tjarita pasemon sing diḍawuhaké Gusti Jésus marang wong golongan bab djuru njebar kang metu njebar widji.
PRAKARA pirang-pirang bab Kratoné Swarga kang bakal dirawuhaké déning Gusti Jésus marang djagad, dipangandikakaké marang para murid lan wong golongan klawan pasemon.
AKÈH wong sing paḍa ngaku jèn dadi ahli warisé Kraton Swarga, mangka satemené paḍa ora tresna marang Allah, nanging malah paḍa njatru marang Kratoné Allah. Senadjan mengkono, wong-wong mau isih paḍa diparengaké lestari urip bareng karo wong-wong sing paḍa temen-temen dadi para putrané Allah, nganti tumeka ....
Prakara sing gawat iki dipangandikakaké Gusti Jésus klawan pasemon: „suket parèn”. Pangandikané mengkéné:
Ana wong sugih njebar widji betjik ing sawahé. Nanging bareng wajah sirep wong, satruné nekani, bandjur njebar widji suket parèn ing tengahé widji sing betjik; sarampunge nindakaké panggawéné sing tjidra mau, bandjur lunga .... Widji sing betjik ṭukul bareng karo widji suket; wiwitané katoné paḍa baé, nanging bareng munḍak geḍé lan wiwit nganḍut woh, bandjur suketé parèn ija ketara uga. Batur-baturé wong sugih mau bareng weruh ana suket parèn ing satengahé tanduran sing betjik, bandjur paḍa matur lan njuwun priksa marang bendarané; bareng paḍa diparingi wangsulan jèn iku panggawéné satru kang kumèrèn, aturé batur-batur mau: „Punapa karsa sampéjan kula sami tumandang nglempakaken?” Ḍawuhé bendarané: „Adja, enggonmu nglumpukaké suketé bokmenawa ngatutaké kebeḍol tandurané sing betjik. Karebèn paḍa tuwuh bareng, nganti tumeka ing mangsa panèn; déné samangsa panèn, wong derep bakal dakpréntahi nglumpukaké suketé ḍisik, bandjur dibentèli, tumuli kaobong, nanging gandumé kudu diklumpukaké ana ing lumbungku.”
Maksudé pasamon suket parèn mau ija dipangandikakaké Gusti Jésus marang para sekabaté. Satru sing awatak kumèrèn lan drengki, iku satemené Iblis. Iblis iku tansah klintar-klinter njebar piala ana ing djagad, lan sing tansah diintjer iku para manusa, ija para putrané Allah. Nanging sasuwéné ana ing djagad wong sing betjik karo wong sing ala paḍa urip bebarengan, nganti tumeka ing wekasaning djagad. Ing djaman wekasan, samangsa Gusti Jésus rawuh ngadili para wong kang urip karo kang mati, ing kono para wong ala kang diupamakaké kaja suket parèn bakal paḍa diklumpukaké lan diparingi paukuman langgeng. Nanging para wong betjik, jaiku para putrané Allah, kaparingan urip langgeng ana ing Kraton Swarga kang mulja.
Ana manèh pangandikané Gusti Jésus marang para sekabaté bab Kraton Swarga sing diupamakaké kaja „krakad” utawa djaring, lan maksudé ora béda karo pasemon „suket parèn”.
Pangandikané: Kraton Swarga iku upamané kaja krakad kang ditibakaké ing segara, nglumpukaké warna-warna. Samangsa wis kebak, bandjur ditarik munggah ing gegisik; wongé bandjur paḍa milihi sing betjik-betjik sarta diwaḍahi, déné sing ora kanggo dibuwangi.
Kaja mengkono bakal kaanané ing bésuk ing wekasané djaman; para malaékat bakal paḍa metu misahaké para wong ala saka ing tengahé para wong mursid.
ING sawidjining dina Gusti Jésus mangandikani para sekabaté, jèn sing paḍa gelem ngrungokaké lan nḍèrèk Pandjenengané tjatjahé durung akèh, lan jèn wiwitaning Kratoné Swarga iku tjilik, nanging selot suwé selot munḍak geḍé, nganti nelukaké sadjagad kabèh, apadéné tjatjahé wong sing paḍa dadi putrané Allah bakal dadi maèwu-èwu, malah majuta-juta.
Gusti Jésus nḍawuhaké pasemon bab widji sawi kang katibakaké ing bumi. Widji sawi iku paḍa-paḍa widji kalebu tjilik ḍéwé, éwadéné samangsa wis tuwuh, dadi geḍé-geḍéning djanganan, malah bisa dadi kekajon, nganti kasaba ing manuk. Kaja mengkono bakal kaanané Kraton Swarga, wiwitané tjilik, saja suwé saja munḍak geḍé.
MENGKONO uga Gusti Jésus ija mangandikakaké pasemon bab ragi. Saben wong ngerti panganggoné ragi. Ragi seṭiṭik, sing diulet karo djladrèn glepung telung taker, bisa ndajani djladrèn mau, nganti bisa melar lan munḍak énak rasané. Mengkono uga bab pangandel marang Pandjenengané iku bisa mrasuk ing sanubariné wong, ndjalari uripé paḍa bisa ngrasakaké karahajon lan katentreman, kajadéné ragi sing wis mrasuk ana ing djladrèn glepung mau. [ 71 ]
WAH, sapa sing ora kepéngin dadi ahli warisé Kraton Swarga, tetep dadi kagungané Gusti Jésus lan manggon bareng karo Pandjenengané ing salawas-lawasé? Sapa sing ora gelem tombok banḍa, malah tombok njawa pisan, murih bisané ngalami karahajon sing semono mulja lan luhuré?
Prakara iku ija dipangandikakaké Gusti Jésus marang para sekabaté klawan pasemon rong warna, jaiku pasemon radjabrana kepenḍem lan pasemon mutijara adi.
Tjritané mengkéné: ana wong nemu radjabrana kepenḍem ana ing lemah. Nanging sarèhning lemah iku dudu duwèké ḍéwé, mulané radjabrana mau bandjur disasabi ḍisik, awit rumangsa ora wenang ndjupuk radjabrana kang dadi darbèké wong lija. Awit saka kepénginé duwé radjabrana mau, bandjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh, ḍuwit pepajoné ditukokaké palemahan mau, temah radjabrana sing kepenḍem ana ing kono ija bandjur kalebu dadi hak lan wewenangé.
Gusti Jésus ija njarijosaké: ana sudagar lunga arep kulak mutijara. Wong mau wis duwé mutijara apik-apik, nanging bareng mrangguli mutijara sidji sing luwih geḍe lan luwih akèh adjiné, bandjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh kanggo tuku mutijara sing luwih geḍé lan luwih akèh adjiné mau.
Mengkono uga kaanané wong-wong sing paḍa kepéngin dadi kagungané Gusti Jésus, samangsa wis ngerti sepira geḍéning sih-katresnané marang manusa, bandjur paḍa ngedoli barang darbèké lan ngetjulaké kagunan sarta ngèlmuné, waton bisa nḍèrèk Gusti Jésus.
SAWISÉ Gusti Jésus mangandikakaké pasemon-pasemon mau, bandjur ndangu marang para sekabaté: „Kowé apa paḍa ngerti iku mau kabèh?” Wangsulané kang kadangu: „Inggih Gusti!”
SADINA muput Gusti Jésus nindakaké pakarjané memulang lan marasaké wong lara; wong golongan prasasat ora mingser saka ing ngarsané, ana sing mundjuk pitakon warna-warna, ana sing kuminter mabeni pangandikané. Mengkono uga Gusti Jésus ora [ 72 ]kekilapan mungguh wong-wong sing paḍa njatru-batin marang Pandjenengané.
Mulané bareng wis wajah soré, Gusti Jésus bandjur kepéngin ngleremaké sarira, nilar wong golongan, biḍal menjang panggonan sing sepi. Para sekabat diḍawuhi njaḍijakaké prau kanggo mantjal njabrang ing segara Galiléa. Pantjèn, jen Gusti Jésus ora tindak saka ing kono, wong golongan mangsa gelema bubaran ora!
Para sekabat bandjur paḍa mantjal klawan Gusti Jésus kang wis minggah ing prau, lan ana prau lijané manèh kang barengan lakuné.
Sarèhning sajah banget, Gusti Jésus bandjur mapan saré ana ing buritan ngagem kadjang sirah.
Nalika semono wajahé wis ngarepaké wengi lajaré kumrebet katempuh ing sumiliring angin, prauné angler lakuné, saja suwé saja adoh saka ing gegisik. Lintang-lintang abjor ing langit katon ajang-ajangané ana ing banju kaja ana ing katja benggala. Nanging kotjapa, ora antara suwé saka ing saduwuring pagunungan sing ngupengi segara Galiléa ana angin geḍé midid nempuh ing segara, saja suwé saja santer, temah segara sing wiwitané katon kimplah-kimplah, prasasat kaja dikebur, alun gegulungan ngebjuki prau nganti kaja mèh kelem-kelema. Para sekabat sing wis paḍa kulina ngambah segara, klawan tatag enggoné nglakokaké prauné.
Nalika semono Gusti Jésus isih étja saré.
Kaja-kaja Pandjenengané ora uninga bab ananing prahara kang bakal tumempuh ing prauné. Para sekabat ora ana sing wani mungu Gusti.Santering angin lan sumempjoking banju durung gawé mirising atiné para sekabat. Nanging anginé ora padja-padja menda, malah saka ing pagunungan kaja-kaja ana prahara geḍé tumurun nempuh segara, nganti prauné kombak-kombul kabuntjang ing alun. Para sekabat rumangsa kuwalahen njembadani kroḍaning angin lan banju. Mangka djumeguring ombak lan gumrubuging prahara ora ndjalari Gusti Jésus wungu. Senadjan wis tautaté ngambah segara, wis bola-bali katempuh ing prahara, nanging sepisan iki para sekabat ketuwuhan rasa sumelang lan miris ndeleng geḍéning alun lan santering prahara. Salawasé dadi djuru amèk iwak para sekabat durung tau menangi lelakon sing kaja mengkono, tjiptané ora lija mung bakal nemu tiwas!
Mangka Gusti Jésus isih étja saré baé! Kaja-kaja Pandjenengané ora pirsa jèn prauné katempuh ing prahara geḍé kang mbebajani. Prauné kaebjukan banju saka kiwa lan tengen nganti mèh kebak. Bareng wis kentèkan akal, para sekabat bandjur paḍa njelaki Gusti Jésus sarta mundjuk: „Ḍuh Gusti, mugi tulung, kawula sami ketiwasan!” Gusti Jésus sanalika wungu. Pangagemanè mobat-mabit katempuh ing angin. Muntjrating banju sing ngebjuki prau nelesi sarirané, nanging Gusti Jésus ora katon miris babar pisan. Gusti Jésus bandjur djumeneng rinubung ing para sekabat apinḍa radja sinatrija karo punakawan kinrubut ing bala danawa. Angin lan segara bandjur didukani, ḍawuhé: „Menenga, dipantjed!” Ing sanalika iku uga anginé bandjur menḍa, temahan sirep ḍeḍep.
Déné para sekabat paḍa dipangandikani: „Jagéné kowé paḍa wedi? Keprijé déné kok ora duwé pangandel?”
Para sekabat mau paḍa mundur klawan wedi sarta banget kaébatan. Pangutjapé wong-wong mau: „Saiba geḍéné kasektèn lan pangwasané, déné dalah angin lan segara paḍa mbangunturut marang Pandjenengané!” Para sekabat bandjur paḍa rumangsa apes lan nisṭa ana ingarsané Guruné kang kwasa ngenḍakaké kroḍaning prahara lan segara.
Apadéné paḍa rumangsa kawirangan, ... déné kok paḍa wedi déning pangamuking angin lan banju, mangka Gusti ana ing tengahé. Senadjan Pandjenengané lagi saré, rak mesṭi kwasa ngreksa marang para kagungané. Jèn Gusti ana ing tengahé para sekabat, apa kelakon prauné nganti kèrem ing segara?
Saiki para sekabat wis paḍa ngerti keprijé kaanané Guruné: sing saré marga kesajahan, iku sipaté kamanusan sing diagem déning Gusti Jésus, nanging sing kwasa ndukani prahara lan segara iku sipaté Gusti Jésus kang djumeneng Putrané Allah, malah ija Allah pribadi.
Para sekabat enggoné paḍa njawang marang Guruné klawan adjrih-asih, apadéné paḍa geḍé lan mongkog atiné kepareng nḍèrêk Pandjenengané
Sapungkuré lelakon mau, prauné angler baé lakuné ngambah segara sing anteng, anginé sumilir adjeg kaja-kaja njurung prauné daja-daja énggala tekan ing sabrang.
Para sekabat ora ana sing paḍa guneman, durung mari enggoné paḍa kagawokan njumurupi kaélokan sing mentas kelakon mau.
KATJARITA, sing paḍa andon laku ngambah ing segara Galiléa wis tekan ing sabrang ing laladané tanah Gadara. Wajahé isih ésuk umun-umun, isih sepi njenjet. Gusti Jésus lan para sekabate bandjur paḍa mentas saka ing prau, arep mbatjutaké tindaké menjang ing kuṭa. Lakuné saka ing pesisir menjang ing kuṭa ngliwati dalan ing sela-selané punṭuk-punṭuk gamping. Saben wong ing panggonan kono wis paḍa ngerti, jèn dalané rada [ 73 ]mutawatiri, mulané ora nggumunaké jèn panggonan kono sepi, djalaran ora ana wong sing wani liwat ing dalan mau. Kabéh wis paḍa ngerti, jèn ing kono dadi pasabanè wong kesurupan ḍemit sing mbebajani; gawéné nglambrang ana ing pakuburan utawa ing punṭuk-punṭuk lan munasika wong liwat. Uripé wis ora béda karo kéwan, bligang-bligung tanpa nganggo apa-apa, awaké sakodjur reged djalaran wis ora tau kambon banju. Wudjudé pantjèn nggegirisi, ngaglah ana ing dalan kambi bengak-bengok ngumbar swara karo nḍoḍogi awaké ḍéwé nganggo watu. Sadurungé kesurupan ḍemit wong mau ija manggon ana ing kuṭa, nanging bareng malih dadi kaja wong édan marga disurupi ḍemit, wong mau dadi mbebajani. Wis asring kelakon dibanda lan ditlikung nganggo ranté lan blenggu, nanging ranténé dipeḍot lan blengguné dibeḍat, apadéné babar pisan ora kena diarah tututé. Tudjokna wong mau metu saka ing kuṭa, bandjur nglambrang ana ing gunung-gunung lan manggon ana ing pakuburan. Katoné wong mau merdika, wong lija-lijané wis ora ana sing wani ngalang-alangi kekarepané, nanging kamerdikan sing kaja mengkono iku malah njilakani. Udjaré wong akèh: „Wong iku dadi buḍaking Iblis!” Pantjèn wong mau wis ora bisa ngerèh awaké ḍéwé, apa sing dilakoni iku mung manut saka karepé Iblis, kajata: awaké ḍéwé dipilara lan diḍoḍogi nganggo watu ... Dadi katoné wong mau merdika, nanging satemené dadi bebandané Iblis! Mangka ora ana wong sing bisa ngrebut wong mau saka ing pangwasané Iblis!
Pantjèn dalan sing sepi mau katoné singer banget ....
Gusti Jésus tindak liwat ing kono kaḍèrèkaké para sekabat. Durung nganti adoh tindaké, dumadakan kepranggul wong kang kesurupan ḍemit mau. Wong mau kaja-kaja djumeḍulé saka ing pakuburan; saka kadohan wis bengak-bengok kambi mlajoni Gusti Jésus, kaja arep nempuh-nempuha wong sing wani-wani ngambah ing wewengkoné. Nanging bareng wis tjeḍak, wong mau bandjur sudjud klawan wedi banget, djalaran kena ing sambang pangaribawané Gusti Jésus, patrapé kaja kéwan galak sing nḍepèpès ana ing ngarepé sing nututaké. Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus marang wong mau: „Èh ḍemit, metua saka wong iku!” Wong mau bandjur mbengok sakajangé karo ngolang-aling kaja wong kelaran, undjuké: „Tuwan tumut-tumut punapa ḍateng kawula, ḍuh Jésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur! Tuwan kawula supaosi demi Allah, sampun misakit ḍateng kawula.”
Sing paḍa ngrungu undjuké wong kaja mengkono mau, mesṭi wis paḍa ngerti jèn sing mundjuk mau dudu wongè ḍèwè, nanging Iblis sing manggon ana ing wong mau.
Wong mau bandjur didangu: „Sapa djeneng-mu?” Atur wangsulanè: „Westa kawula pun Legijun, awit tjatjah kawula punika kaṭah.” Legijun iku saka tembung Legio, tegesè: pirang-pirang èwu, djalaran sing paḍa manggon ana ing wong mau tjatjahè pirang-pirang èwu, lan wong mau mung dadi ḍemit Legijun.
Saiki laladané tanah kono ditekani saka sabrangé segara manusa sing luwih déning kuwasa, jaiku Gusti Jésus .... Para ḍemit mau wis paḍa ngerti marang Pandjenengané, lan wis paḍa ngerti jèn ora ketjonggah nanggulangi pangwasané, mulané ora kira-kira geṭingé marang Gusti Jésus. Klawan ngasih-asih enggoné paḍa njenjuwun, supaja adja nganti diulihaké menjang ḍangkané, jaiku ing naraka, nanging paḍa diparengna ngalih menjang ing babi sapanṭa geḍé kang pinudju diengon ana ing pèrèngané gunung kono, ing pinggiré segara .... Para ḍemit mau wis paḍa ngerti jèn kudu ninggal wong sing diandjingi, djalaran mengkono ḍawuhé Gusti Jésus, mangka ḍawuhé ora kena dibaèkaké.
Gusti Jésus tumuli nglilani panjuwun mau. Para ḍemit bandjur paḍa metu sarta mandjing ing babi mau. Kelakoné mau ora katon ing mripat, weruh-weruh babi sapanṭa geḍé mau paḍa gumrudug bebarengan mlaju marang ing djulegan bandjur ambjur ing segara, swarané gumuruh nggegirisi. Babi wetara rong èwu tjatjahé pada mati klelep ana ing segara, ndadèkaké kapitunan geḍé tumrapé sing duwé. Pangoné babi mau ora bisa apa-apa kedjaba mung mlaju mulih menjang ing kuṭa, awèh weruh marang wong-wong ing kono apa sing mentas kelakon. Wong sakuṭa kabèh bandjur paḍa metu arep njumurupi ananing lelakon. Miturut udjaré pangon, sing teka ing laladan tanah kono iku wong Galiléa, sing asma Jésus dalah para sekabaté. Enggoné wong-wong mau metu saka ing kuṭa ora sedya meṭukaké rawuhé Gusti Jésus klawan kabungahan, déné wis kepareng rawuh ana ing wilajahé, lan kepareng mitulungi wong-wong ing tanah kono sing paḍa nanḍang ketjingkrangan, apadéné maringi pitedah bab dalaning karahajon kang andjog menjang ing swarga. Ora, tekané wong-wong mau ora karana betjik; senadjan atiné paḍa nganḍut wedi, éwadéné wong-wong mau kelair panjuwuné marang Gusti Jésus supaja kersaa tindak saka ing tanah kono. Wong-wong mau ija paḍa weruh wong sing tilas kerandjingan ḍemit lungguh lan wis manganggo tur wis pulih waras manèh budiné, wis ora dadi bebandané Iblis, nanging merdika nglakoni karepé ḍéwé. Lelakon mau [ 74 ]pantjen ngéram-éramake, nanging tumrapé wong-wong mau ora maédahi apa-apa. Sing tansah dadi pikirané rak enggoné paḍa kèlangan babi sapanṭa geḍé sing paḍa mati ing segara. Pira baé kapitunané wong-wong mau marga tanahé dirawuhi Gusti Jésus! Wong-wong mau paḍa wedi marang Gusti Jésus; rawuhé ing kono dianggep mung bakal nekakaké karépotan lan kapitunan, mulané adreng panjuwuné supaja Gusti Jésus kersaa tindak saka ing kono.
Gusti Jésus ija tumuli djengkar .... O, wong ing tanah Gadara pantjèn bliwur pikiré, ketutupan déning banḍa kadonjan. Djalaran kélangan babi rong èwu, wong mau nampik karawuhan Gusti Jésus, banḍa kang ora kena dikerta-adji tjara lumrah. Dadiné wong-wong mau paḍa nampik musṭikaning peparing saka ing ngaluhur marang djagad, jaiku sih katresnané Gusti Jésus! Wis ana daulaté, ....!
Déné wong sing mauné kerandjingan, duwé panjuwun supaja diparengna nḍèrèk tindaké Gusti Jésus ing salawas-lawasé. Nanging Gusti Jésus ora marengaké, ḍawuhé: „Kowé muliha ketemu karo sanak lan kantjamu, paḍa tjritanana kaanané kaélokan kang ditandukaké déning Pangéran marang kowé, tuwin sih palimirmané marang kowé!”
Wong mau kaparingan bubuhan abot saka Gusti Jésus, kakersakaké njritakaké bab sih palimirmané Allah, marang sanak seduluré, malah ija marang wong-wong sing wis paḍa nampik Gusti Jésus. Bubuhan sing abot mau dilakoni klawan legawaning ati. Tanah Dékapolis didladjahi kabèh, lan wong ing kono pada ditjritani bab kaélokan kang wis tumanduk ing awaké lan bab sih palimirmané Allah, temahan paḍa kaéraman.
GUSTI Jésus lan para sekabat bareng wis minggah ing prau, bandjur mantjal menjang ing sabrang, bali manèh ing laladané tanah Kapernaum.
KATJARITA ing sawidjining dina Gusti Jésus karo para sekabaté nitih prau menjang ing sabrangé segara Galiléa murugi panggonan samun perlu arep nḍéwé. Ḍawuhé Gusti Jésus marang para sekabat: „Paḍa asoa seḍéla!” Mulané ḍawuh mengkono awit wong akèh paḍa lunga teka ana ing ngarsané Gusti Jésus nganti ora ngoberaké mangan.
Nanging enggoné paḍa nglungani wong golongan mau meksa ora olèh gawé. Bareng wis tekan ing sabrang, ing kono wong golongan wis anḍèr ngentèni rawuhé Gusti Jésus. Mulané mengkono, djalaran nalika paḍa mantjal menjang ing sabrang paḍa kaweruhan ing wong akéh. Wong-wong mau bandjur paḍa nututi metu ing ḍarat menjang ing papan sing dipurugi Gusti Jésus, nḍisiki rawuhé. Dadiné wong golongan mau saja suwé saja munḍak akéh, awit wong saka désa ngadésa paḍa gumridig lumaku bebarengan arep mapagaké rawuhé Gusti Jésus, kambi nggawa sanak seduluré sing paḍa nanḍang lelara warna-warna. Senadjan rekasa lakuné, nasak-nasak ing papan sing ora tau diambah, mangka pinudju panas gumemplang, éwadéné wong-wong mau ora ngétung sajah lan rekasaning laku, waton bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus.
Mulané bareng prau titihané Gusti Jésus minggir, wong golongan wis paḍa ngentèni ana ing pesisir. Saka ing prau Gusti Jésus wis mirsa wong-wong sing wis paḍa mapan ngentèni lan mirsa uga lakuné wong pirang-pirang anglur-selur ora ana peḍoté marani ing panggonan kono. Senadjan wis tita jèn kersané arep paḍa ngaso ora sida kadumugèn, éwadéné Gusti Jésus babar pisan ora runtik ing panggalih, nanging malah trenjuh ing galih déning welas, awit wong-wong mau prasasat pepanṭan weḍus kang ora ana pangoné. Mulané Gusti Jésus kersa djumeneng Pangoné kang utama!
BARENG wis paḍa munggah ing ḍaratan, Gusti Jésus bandjur wiwit nindakaké pakarjané manèh. Wong golongan paḍa diwulangi pirang-pirang prakara sing magepokan karo Kratoné Allah, apadéné wong sing paḍa nanḍang lelara paḍa diwarasaké ... Lan sing paḍa marek njuwun pitulungan iku mung tansah teka lunga baé ora lèrèn-lèrèn. Lan ora ana wong sidji baé sing ditampik utawa ditunḍung legèh.
Wong golongan paḍa mindeng ngrungokaké piwulangé Gusti Jésus, nganti paḍa lali wajah, lali mangan, lali jèn mengko isih kudu bali mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé; pantjèn wong-wong mau wis lali samubarang — mung marga kasengsem ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus.
Nanging bareng wajahé wis lingsir kulon, lan seḍéla manèh srengéngéné ngarepaké wajah tunggang gunung, para sekabat bandjur paḍa ora kepénak atiné. Apa Guruné supé temenan, jèn wajahé wis ngarepaké soré? Mangka wong golongan semono kèhé iku paḍa ora sangu pangan, lan upama nggawaa sangu, mesṭiné wis entèk dipangan. Apamanèh isih kudu diélingi, panggonan ing kono iku samun. Mulané para sekabat bandjur marek ngèngetaké Guruné. Sing tansah dipenggalih iku rak mung enggoné arep memulang lan mitulungi, nanging bab pangané wong-wong mau ora [ 75 ]dièngeti babar pisan, mengkono panjanané para sekabat. Undjuké marang Gusti Jésus: „Tijang-tijang punika mugi sami Tuwan lilani mundur, supados sami késaha ḍateng ing ḍusun-ḍusun ingkang tjelak tumbas roti, djalaran sami boten gaḍah ingkang kateda.” Nanging para sekabat ora mikir, apa wong-wong mau paḍa sangu ḍuwit kanggo tuku roti. Wong-wong sing ketjingkrangan uripé ora dipikir bisané olèh pangan sarana apa, rumangsané para sekabat wis tjukup jèn ngèngetaké Gusti Jésus, djalaran ing semu Pandjenengané supé marang kabutuhané wong golongan.
Gusti Jésus bandjur mangsuli, pangandikané: „Kowé baé paḍa mènèhana mangan!” Lho, keprijé bisané mènèhi mangan wong semono kèhé? Sing paḍa anḍèr ana ing-ara-ara kono wetara wong limang èwu, durung kepétung wong wadon lan botjah-botjah. Nanging pangandikané Gusti Jésus mau kanggo ndadar keprijé panemuné para sekabat, sebab Gusti wis nguningani sadurungé apa sing bakal ditindakaké.
Ing kono undjuké Filippus, salah sawidjiné sekabat: „Senadjan kula sami késah ngupados roti, roti pengaos kalih atus dinar boten njekapi tijang semanten, murih sageda kawradinan njakeḍik.” Pangandikané Gusti Jésus: „Kowé duwé roti pira? Paḍa lungaa mriksa!” Sawisé dinjatakaké,sawidjining sekabaté Gusti, Andréas, bandjur mundjuk: „Punika wonten laré ingkang mbekta roti sair gangsal kalijan ulam loh kekalih, nanging punika nggawer, punapa kanggé tijang semanten kaṭahipun?” Gagasané Andréas: „Roti mung limang idji lan iwak loh loro jèn dipangan wong loro utawa telu baé durung karuwan maregi, apa manèh kanggo wong golongan semono kèhé! Betjiké Gusti énggal paring ḍawuh supaja wong-wong iku mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé. Nanging Gusti Jésus bandjur ngandika: „Prènèkna, tampakna ing Aku; wongé paḍa konen lungguh kepungan njèket-njèket ana ing pasuketan.” Para sekabat ora suwala manèh; bandjur paḍa nglakoni apa saḍawuhé Guruné. Bareng roti lan iwak mau wis kasaosaké, wong golongan bandjur paḍa dikon lungguh krompolan njèket utawa njatus ana ing pasuketan. Kebeneran banget déné papan ing kono djembar.
Nanging para sekabat durung bisa njanḍak apa sing dikersakaké déning Guruné. Apa roti karo iwak semono iku arep diagem njaḍongi wong sing tjatjahé pirang-pirang èwu kaé? Para sekabat ora wani mundjuk apa-apa, mung ngingetaké Guruné klawan pakéring.
Ing kono Gusti Jésus djumeneng ana ing pepunṭuk ingaḍep déning para sekabat lan sinawang déning wong golongan pirang-pirang èwu. Sawisé menḍet roti lima lan iwak loro mau, bandjur tumenga marang langit saos sokur marang Allah lan njuwunaké berkah, kaja patrapé sawidjining bapa kang ndedonga njuwun berkah sadurungé kembulan mangan karo anak-anaké. Roti lan iwak mau bandjur ditjuwil-tjuwil, sarta diparingaké marang para sekabat supaja kaladékna marang wong golongan, bandjur paḍa mangan nganti sawaregé. Mesṭi baé para sekabat ribut enggoné ngladeni wong semono kèhé nganti paḍa kawratanan kabéh. Durung tau ana lelakon sing kaja mengkono éloké, wong limang èwu pundjul paḍa ditjaḍongi mangan mung nganggo roti limang idji lan iwak loro. Para sekabat lan wong golongan paḍa ora bisa nduga iba sekti lan kwasané Guru lan Gustiné, lan iba élok lan muljané sing dadi Djuru Slameté! ... Mangka mauné para sekabat paḍa duwé panjana, jèn Gusti Jésus ora menggalih marang kabutuhané wong-wong sing paḍa kesajahan lan keluwèn, djebul saiki wong semono kèhé kabèh paḍa kapanduman tjaḍong sawaregé lan sidji baé ora ana sing keliwatan. Sawisé paḍa wareg, para sekabat isih wira-wiri mlaku nglumpukaké tjuwilan turahan, olèh rolas wakul kebak isi tjuwilan roti, jaiku sisané tjuwilan sing ora nganti kepangan. Roti mung limang idji lan iwak loro, bareng ditjuwil-tjuwil, kena dienggo njaḍongi wong limang èwu pundjul, mangka isih ana sisané rolas wakul kebak!
Wong golongan bareng wis paḍa ndeleng pratanḍa kaélokan kang ditindakaké Gusti Jésus mau, bandjur paḍa ngutjap: „Sanjata iku Kangdjeng Nabi kang rawuh ing djagad!”
Wong semono kèhé mau kabèh paḍa marem lan lega atiné, déné kaparingan nabi geḍé sing kagungan kasektèn lan pangwasa linuwih, mulané paḍa madju njelaki Gusti Jésus ....
Nanging Gusti Jésus pijambak malah katon sekel galihé nguningani pangangsegé wong golongan. Para sekabat ija ngétokaké gambiraning atiné kajadéné wong golongan, nanging iku mung muwuhi trenjuhing galihé. Keprijé ta nalaré?
Djalaran Gusti Jésus wis mirsa jèn wong golongan mau wis paḍa nunggal sedya mbojong Pandjenengané klawan peksa arep didjumenengaké ratu ing kuṭa Jerusalèm, ngerèhaké bangsa Israèl kabèh.
Pangrantaming atiné wong golongan iku mengkéné: „Pandjenengané iku linuwih ing kasektèné nganti bisa maringi pangan wong pirang-pirang èwu prasasat tanpa sarana; jèn mengkono Pandjenengané mesṭi kagungan pangwasa njingkiraké bupati Pilatus utawa radja Héroḍès dalah sawadyabalané kabèh, apadéné wong-wong lijané kang paḍa nandukaké pamisésa marang bangsa Israèl, lan [ 76 ]bandjur djumeneng ratu pinarak ana ing ḍampar kepraboné Dawud, djumeneng ratu agung binaṭara, kaloka ing djagad!” Gémbolaning atiné wong golongan kaja mengkono iku wis kapirsan déning Gusti Jésus.
Nanging rawuhé Gusti Jésus marang djagad iku ora kagungan sedya djumeneng ratu ing djagad. Para radja ing djagad ing wekasan bakal sirna dalah sakamuljan lan kawibawané. Pandjenengané kersa djumeneng Ratu Kaswargan, ngratoni para wong sing paḍa mandjing pratjaja marang Pandjenengané, lan Kratoné iku ora bakal sirna ing salawas-lawasé.
Wong-wong mau satemené mesakaké banget, djalaran isih paḍa tjupet nalaré. Sing dikepéngini iku mung kraton tjilik tur ora langgeng; déné kraton sing geḍé lan langgeng ing salawas-lawasé paḍa ora dingertèni. Iku mau sing ndjalari trenjuhing galihé Gusti Jésus.
Pantjèn dudu kersané Gusti Jésus ngadegaké kraton ing djagad!
Ing kono para sekabat bandjur paḍa diḍawuhi nunggang prau manèh mantjal menjang ing sabrang sadurungé wajah bengi. Déné Gusti Jésus ngersakaké kantun pijambak ana ing kono. Wiwitané para sekabat paḍa mopo . Apa ta perluné déné kaḍawuhan paḍa lunga? Rak wis mèh tekan saaté wong golongan ndjumenengaké ratu marang Guruné! Éman banget jèn ngantia wurung!
Sarèhné mengkono, para sekabat nganti paḍa dipeksa déning Gusti Jésus munggah ing prau. Para sekabat ija bandjur paḍa ngéstokaké ḍawuhé Guruné, senadjan abot rasaning atiné. Mengkono uga wong golongan bandjur paḍa dililani mundur. Kabèh paḍa ora ngerti, généja Pandjenengané kok ora kersa didjumenengaké ratu. Senadjan ora ngerti, wong golongan bandjur paḍa bubaran mulih sowang-sowangan menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé, atiné kebak kabungahan lan suka sokur déné paḍa kepareng ngalami sih kawelasané Gusti Jésus.
Gusti Jésus mirsani wong golongan paḍa bubaran, kabèh paḍa katon bungah marga mentas paḍa kaparingan mangan sawaregé, nanging émané déné paḍa ora ngerti jèn Gusti Jésus kwasa maringi kang luwih adji tinimbang roti, jaiku karahajon kang langgeng ...
Bareng wis bengi Gusti Jésus kantun pijambak ana ing kono, bandjur minggah ing gunung, kersa ndedonga, marek marang ngarsané Allah Sang Rama kang pinarak ing swarga.
KATJARITA nganti sawetara suwé Gusti Jésus enggoné mijambak ana ing gunung, nutug enggoné marek ana ing ngarsanè Allah Sang Rama. Bareng wis ngarepaké wajah bangun ésuk, Gusti Jésus lagi manḍap saka ing gunung.
Kotjapa para sekabat sing paḍa lelajaran ing segara, bareng wis wajah lingsir wengi, prauné katempuh ing prahara. Anginé nampek, mulané para sekabat rekasa banget enggoné nḍajungi prauné, mangka aluné geḍé-geḍé. Katoné para sekabat wis ora ketjonggah nanggulangi pangamuké ombak lan angin geḍé. Saka kadohan Gusti Jésus nguningani karépotané para sekabat mau. Senadjan wajahé wengi peteng nḍeḍet, tur ana ing tengah segara, adoh lor adoh kidul, Gusti Jésus meksa pirsa apa sing dialami para sekabaté, dalasan was sumelanging atiné ija wis diuningani uga. Gusti Jésus iku pantjèn maha wikan, nguningani samubarang, para kagungané kabèh kapirsan, sidji baé ora ana sing ketriwal.
Sawengi iku para sekabat rumangsa kuwalahen enggoné arep njratèni prauné sing kaja-kaja ora gelem dikemuḍèni. Wiwit soré anginé wis nampek. Senadjan wis paḍa ngetog kakuwatan lan kaprigelané nglakokaké prau, éwadéné prauné prasasat ora ana adjuné babar pisan, sakèhing kangèlané para sekabat muspra tanpa gawé. Angin lan ombak ing segara sangsaja suwé sangsaja munḍak santer lan geḍé, déné para sekabat malah sangsaja entèk akalé lan tanpa daja.
Mangka nalika semono Gusti Jésus ora ana ing tjeḍaké, kaja ḍèk anu kaé. Senadjana Pandjenengané saré manèh, mesṭi ora bakal diwungu, djalaran para sekabat wis paḍa ngandel, jèn Pandjenengané kuwasa ngajomi para sekabat, senadjan saré pisan .... Nanging saiki Pandjenengané ora ana ing prauné, isih kari adoh ana ing ḍaratan, malah ana ing gunung .... Para sekabat ana ing satengahing bebaja rumangsa kidjènen lan kontjatan pangajoman. Para sekabat kekes atiné déning djumeguring ombak lan gumrubuging angin banter. Dumadakan .... para sekabat paḍa ndjerit: „Memedi! .... Memedi!”, djalaran paḍa weruh ana rerupan kaja wong mlaku ing segara, ing saḍuwuring alun! .... Mangka rerupan mau saja suwé saja njeḍaki prauné. Rerupan mau mesṭiné memedi, awit jèn wong lumrah, mangsa bisaa napak ing banju. Ing kono para sekabat bandjur paḍa ngrungu jèn diaruh-aruhi déning rerupan mau, lan paḍa ora pangling swarané: iku swarané Guruné ḍéwé! Pangandikané: „Paḍa diénak atimu! Iki Aku, adja wedi!”
Swarané tjeṭa swarané Gusti Jésus! Dadi nalika paḍa rumangsa kidjènen, satemené babar pisan ora kidjènen, djalaran Gustiné wis ana ing satjeḍaké. Pandjenengané saka kadohan wis pirsa karépotané, mulané énggal [ 77 ]tumeḍak saka ing gunung, bandjur ndjudjul para sekabat ing segara perlu paring pitulungan. Gusti Jésus ngagem pangwasané tindak napak ing banju segara kajadéné tindak ana ing ḍaratan.
Bareng Pétrus ngerti jèn sing ngandika iku Gustiné, bandjur ènggal mundjuk: „Ḍuh Gusti, menawi èstu Tuwan, kawula mugi Tuwan ḍawuhi murugi napak ing toja.” Ḍawuhé Gusti Jésus tjekak aos: „Maraa!”
Pétrus, sing tjukat tandang-grajangé lan ora tau duwé wedi, bareng ngrungu ḍawuh mengkono mau, énggal bandjur andjlog saka ing prau tumapak ana ing banju lumaku marani Gusti Jésus. Gusti Jésus sing ḍawuh, Pétrus mung saderma nglakoni, mulané atiné tatag, wani napak ing banju kajadéné ana ing ḍaratan. Klawan bungah mripaté njawang marang Gustiné. Senadjan awaké kombak-kombul katut ing obahing banju, senadjan sikilé kasempjok ing ombak, éwadéné Pétrus terus mlaku marani Gustiné. Nanging bareng méngo seḍéla, ngingetaké ngiwa nengen, weruh angin geḍé lan alun gegulungan, bandjur maras atiné. Kakendelané lan kapratjajané marang maha-kwasané Guruné sirna sanalika pinḍa merkètèké geni klaras kobong, murub seḍéla bandjur sirep. Bareng Pétrus léna ora ngawasaké Gustiné, djalaran méngo ngiwa nengen sumurup kaantjam ing bebaja geḍé, ing sanalika iku uga Pétrus bandjur maras atiné, lali marang maha-kwasané Gusti Jésus. Bareng karo sirnaning pangandelé Pétrus krasa sikilé ambles ing banju, tumuli sambat: „Duh Gusti njuwun tulung!” Pétrus énggal ditjepeng déning Gusti sarta dipangandikani: „Èh wong tjupet ing pangandel, jagéné teka uwas?”
Jagéné? .... Pétrus ora ngaturi wangsulan, djalaran rumangsa isin. Satemené Pétrus ora perlu maras lan wedi, djalaran wis ngerti, jèn Gustiné iku kang murba-misésa ombak lan prahara. Saiki Pétrus rada kisinan, djalaran pangirané duwé kakendelan lan kapratjajan ngungkuli para sekabat lija-lijané, nganti wani tumapak ing segara, djebul saiki dipangandikani: „Èh wong tjupet ing pangandel!” Pétrus rumangsa isin!
Bareng wis paḍa minggah ing prau, angin tumuli menḍa. Para sekabat lija-lijané ija paḍa rumangsa kawirangan ana ing ngarsané Guruné awit paḍa kapirsan enggoné paḍa maras atiné lan tjupet pangandelé bareng katempuh ing ombak lan prahara; Gusti Jésus ija pirsa enggoné paḍa nanḍang was lan sumelang ana ing satengahing bebaja. Jagéné paḍa ora duwé pangandel marang Guru lan Gustiné? Senadjana adoh, Pandjenengané rak kwasa maringi pangajoman! Apa kaélokan bab roti lan iwak durung njukupi kanggo nuwuhaké pangandel marang maha-kwasané Gusti Jésus?
Ing kono para sekabat kabèh bandjur paḍa marek sudjud marang Gusti Jésus, undjuké: „Saèstu Tuwan Putranipun Allah!”
Wajahé wis bjar-ésuk; ing sisih wétan katon trontong-trontong pleṭèking srengéngé.
ḌUH Gusti, teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi. Anak kawula èstri memelas anggènipun kerandjingan.” Mengkono panguwuh-uwuhé wong wadon bangsa kapir, kang ngetut-buri tindaké Gusti Jésus lan para sekabaté. Wis sawetara suwé enggoné tut-buri karo nguwuh-uwuh njuwun tulung, nanging semuné sing disuwuni tulung mau ora ngrèwès babar pisan. Senadjana mengkono, wong wadon mau ora kanḍeg pangundiné. Panguwuhé diambali manèh: „Anak kawula èstri mugi Tuwan welasi, ḍuh Gusti, .... Mugi Tuwan tulungi!” Menjanga endi baé tindaké Gusti Jésus, wong wadon mau tansah kekinṭil ana ing sawingkingé.
KELAKONÉ iku mau ora ana ing tanahé bangsa Jahudi, nanging kepara adoh ing sadjabaning wilajah, jaiku ing tanah Feniké, tanahé bangsa kapir. Wong wadon mau wis ngerti, sapa sing rawuh ana ing désané, awit wis kerep ngrungu pawarta bab sih kawelasan lan pangwasané Gusti Jésus. Pantjèn wis suwé enggoné kepéngin sowan ana ing ngarsané, nanging marga sebab warna-warna pangarep-arepé mau durung bisa kaleksanan. Saiki tanpa kanjana-njana Pandjenengané wis rawuh ing désané, mulané wong wadon mau ora ketlompèn ngetut-buri tindaké Gusti Jésus. Mumpung Pandjenengané kena ditjelaki!
Ambal-ambalan panguwuhé: „Ḍuh Gusti, Putranipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Nanging Gusti Jésus maringi wangsulan saketjap baé ora! Éwadéné wong wadon mau ora kemba atiné. Wis mantep panemuné, jèn Gusti Jésus mesṭi ora mentala nilar awake ing sadjeroning karépotan lan kasusahané.
Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? Apa nganti kelakon Pandjenengané ora mijarsakaké pasambat lan panguwuhé wong wadon kawelas-asih? Para sekabat sing ana ing sawingkingé Gusti Jésus wis ora betah ngrungokaké panguwuh-uwuhé wong mau, mulané bandjur paḍa marek sarta mundjuk marang Gusti: „Gusti, tijang èstri punika mugi Tuwan lilani, supados boten keladjeng-ladjeng anggènipun nututi kalijan nguwuh-uwuh mekaten. Boten sandé mangké mesṭi baḍé kepireng déning tijang kaṭah!” [ 78 ]
Nanging Gusti Jésus mangsuli, pangandikané: „Enggonku kautus mung pinatah marani weḍusé Banisraèl kang paḍa ketriwal.” Para sekabat énggal bisa njanḍak wigatining pangandika mau. Rawuhé Sang Mesih marang djagad iku mung tumudju kanggo mitulungi lan ngluwari bangsa Jahudi saka ing tangané mungsuh. Mengkono iku panemuné bangsa Jahudi kabèh, dalah para sekabat ija ora béda panemuné. Bangsa kapir iku dudu bangsa kagungané Allah, malah kerep diunèn-unèni kaja pepaḍané asu. Pantjèn ora kliru pangandikané Gusti Jésus mengkono iku!
Mungguh wong wadon mau keprijé, bareng ngrungu pangandika mau? Senadjan wis ngerti marang lèrèging pangandika mau, éwadéné ora tjilik atiné. Batiné isih kebak pangarep-arep bakal olèh pitulungan, djalaran kukuh pangandelé: „Gusti iku maha welas. Sing bisa mitulungi anakku mung Pandjenengané. Tjoba dak-udiné sepisan manèh!” Mulané wong wadon mau nerusaké enggoné ngetut-buri tindaké Gusti Jésus. Bareng paḍa mlebu ing omah, wong wadon mau ija mèlu mlebu, bandjur marek sudjud ing sampéjané Gusti Jésus, undjuké: „Ḍuh Gusti, njuwun tulung!”
Gusti Jésus bandjur mirsani wong mau sarta ngandika: „Tjikbèn para anak iku paḍa wareg ḍisik, sebab ora arus ndjupuk rotiné anak-anak diuntjalaké marang kirik.”
Pangandikané Gusti Jésus mengkono mau awudjud sanépa, lan wong wadon mau wis njanḍak karepé. Wong kapir pantjèn kerep diunèkaké asu déning bangsa Jahudi. Mangka saiki ana pangandikané Gusti Jésus, jèn ora pantes ndjupuk roti tjaḍongé anak-anak, bandjur diuntjalaké marang kirik. Sing diupamakaké anak-anak jaiku bangsa Israèl, lan wong wadon mau karo bangsané iku kang diupamakaké kirik .... Wong iku ora kok bandjur serik atiné, utawa susah, nanging malah ora mèngèng panjawangé marang Gusti Jésus .... Gagasaning atiné mengkéné: „Wong Jahudi tjikbèn olèh panduman berkah sing geḍé, déné aku mung arep njuwun kètjèrané baé!
Wong wadon mau mangsuli, undjuké: „Kesinggihan, Gusti, semanten ugi kirik inggih sami neḍa kekètjèranipun para anak wonten ing nganḍap médja.” Undjuké mau jèn ditjetakaké mengkéné: „Gusti, rotinipun mugi Tuwan paringakan ḍateng tijang Jahudi, nanging kawula mugi Tuwan parengakan neḍa tjuwilanipun ingkang rentah saking médja.”
Ing kono Gusti Jésus bandjur ketara banget rena ing galih. Wong wadon mau ora bandjur [ 79 ]ditunḍung saka ngarsané, lan Pandjenengané babar pisan ora mengku duka. Enggoné Gusti Jésus kétoké ora ngrèwès marang pasambaté wong wadon mau, lan ora kersa énggal maringi pitulungan, iku mung kanggo njoba kaantepané lan kanggo nedahaké marang para sekabat, jèn wong wadon bangsa kapir iku luwih gedé pangandelé marang Pandjenengane katimbang wong Israèl sing akèh-akèh.
Ing kono ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Hé pawong sanak, teka geḍé pangandelmu, kowé ketekana kaja kang dadi karepmu.”
Lega atiné ngrungu ḍawuhé Gusti Jésus sing wis suwé dianti-anti, wong wadon mau bandjur énggal mulih menjang omahé, lan anaké tinemu lagi teturon, wis kaontjatan ḍemité, pulih waras kaja wingi uni, tjotjog karo pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Ḍemité wis metu saka ing anakmu.”
Anadéné para sekabat paḍa njawang marang Guruné semu gumun. Akèh wong Israèl sing paḍa ora ngandel, malah njatru marang Pandjenengané, mulané klawan ati seḍih enggoné paḍa ninggal negarané, biḍal menjang ing tanahé bangsa kapir. Djebul saiki .... ana ing tengahé bangsa kapir para sekabat mau malah paḍa neksèni ḍéwé pangandelé wong wadon sing semono geḍéné kaja sing durung tau diweruhi ana ing Israèl. Wong wadon mau ora kenḍat-kenḍat panguwuh lan panjuwuné, nganti wekasané panjuwuné mau kadjurungan.
Gagasané para sekabat: „Pantjèn nggumunaké temenan, déné Gusti kersa melasi wong kapir.”
Para sekabat durung bisa mbobot sepira geḍéné katresnané Gusti Jésus, durung tutug enggoné paḍa nggegulang bab tumindaking katresnan.
BÉSUK ing tembé, samangsa Gusti Jésus wis séda, bésuk para sekabat lagi paḍa bisa ngerti klawan tjeṭa sing saiki durung dingertèni.
KATJARITA sawisé ndjadjah pagunungan Libanon Gusti Jésus bandjur wangsul ing laladané tanah Israèl, ing satengah-tengahé tanah Dékapolis, nglangkungi segara Galiléa ing sabrangé Kapernaum, dadi ing tanah panggonané wong kesurupan ḍemit Legijun, sing bandjur paḍa mandjing ing babi sapanṭa geḍé.
Lagi baé Gusti Jésus nḍarat ana ing tanah kono, pawarta bab rawuhé wis sumebar ing endi-endi, temahan wong pirang-pirang paḍa ambjuk ana ing panggonan kang dirawuhi Gusti Jésus, kambi njowanaké sanak seduluré sing paḍa nandang lelara warna-warna ....
Gusti Jésus nguningani tekané wong golongan mau. Iku kabèh wudjuding sangsara panggawéné dosa, opahing piala kang ndjalari manusa paḍa kataman ing kasusahan lan karépotan ana ing donja, mangka ing nalika wiwitan manusa iku tinitahaké pinundjul lan sampurna ngungkuli sakabèhing dumadi. Trenjuh galihé Gusti Jésus mirsani kasangsarané manusa, mulané klawan legawaning penggalih Gusti paring pitulungan.
ING kono ana wong lara kairid marek ing ngarsané Gusti lan disuwunaké muga katumpangana asta. Wong mau buḍeg lan tjéḍal. Dadi wong mau ora tau bisa ngrungu apa kang diḍawuhaké Gusti Jésus lan ija rekasa jèn arep nglairaké rasaning atiné.
Wong mau bandjur diadjak misah saka ing tengahé wong golongan, menjang panggonan sing rada nḍéwé, dadi wong mau mung aben adjeng karo Gusti Jésus pijambak. Gusti ora paring pangandika apa-apa, nanging bandjur tumanḍang: kupingé wong mau bandjur dilebeti dridjiné, lan sawisé ketjoh Gusti bandjur ndumuk ilaté. Wong mau wis njanḍak apa sing dikersakaké Gusti sarana patrap mengkono iku. Kuping lan ilaté iku sing tjatjad, sing ndjalari tjilakané wong mau. Bareng kuping lan ilaté diasta Gusti Jésus, sanalika wong mau njanḍak jèn Gusti kersa njarasaké lelarané. Tindak mengkono iku luwih tjeṭa tinimbang pangandika pirang-pirang.
Ing kono Gusti Jésus bandjur tumenga marang langit kanṭi ngesah. Kaja mengkono patrapé Gusti Jésus enggoné ngundjukaké panjuwun marang Sang Rama ing swarga, mung sarana dibatin baé, sarta enggoné ngesah mau nélakaké trenjuhing galihé mirsani akèhing pananḍang lan sangsara kang ana ing djagad. Sawisé mengkono Gusti bandjur ngandika: „Èffata!” tegesé: mengaa! Lan sanalika kupingé wong mau bandjur menga, apadéné ilaté kaja-kaja bandjur kauḍaran, temahan tètèh patjelatoné. Iba begdjané wong mau, djalaran wis ora buḍeg manèh; saiki bisa ngrungokaké apa kang njuwara gumjah ing sakiwa tengené, luwih seneng manèh atiné déné saiki bisa mèlu ngrungokaké ḍawuh pangandikané Gusti Jésus kajadéné wong-wong lijané .... Mengkono uga saiki wis bisa guneman tjeṭa, bisa gijak-gijak nglairaké kabungahaning atiné lan mudji sokur bebarengan karo wong akèh, sing paḍa kagawokan njumurupi kaélokan mau sarta ngutjap mengkéné: „Wong buḍeg dadi paḍa bisa ngrungu lan wong tjéḍal dadi paḍa bisa tjelaṭu! Pantjèn pandamelé iku sarwa betjik!” [ 80 ]Wong akèh mau paḍa dipatjuhi adja nganti kanḍa-kanḍa marang wong bab lelakon iku mau, nanging sepiraa enggoné dipatjuhi, malah munḍak nemen enggoné martak-martakaké marang angger wong kang gelem ngrungu, djalaran wong mau paḍa kaéraman ndeleng mahakwasané Gusti Jésus.
Ing panggonan lija, isih nunggal wilajah karo telatahé tanah kono, tau ana babi sapanṭa geḍé paḍa ambjur ing segara nganti mati kabèh. Wong-wong ing kono paḍa njuwun marang Gusti Jésus klawan adreng supaja kersaa tindak saka ing telatahé ....
Nanging lelakon saiki kosokbali bledjed.
KATJARITA ing sawidjining dina Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabat rawuh ing laladané negara Késaréa Filippi, ora adoh saka pagunungan Libanon.
Nalika semono ana pandanguné Gusti Jésus marang para sekabat mengkéné: „Mungguh rasanané wong golongan, Aki ini diarani sapa?”
Kang kadangu paḍa mangsuli, undjuké: „Jochanan Pambaptis,sawenèh: Élijah sawenèh malih: Jirmijah utawi salah satunggaling para nabi.”
Para sekabat wis kerep paḍa ngrungu udjaré wong golongan sing paḍa duwé pangira jèn Pandjenengané iku mesṭi sawidjining nabi geḍé, ora béda karo nabi-nabi ing djaman kuna. Nanging saiki Gusti Jésus mirsani para sekabaté, sing ora kenḍat nḍèrèkaké tindaké. Gusti Jésus ija kepéngin miḍanget keprijé panganggepé wong-wong mau marang Pandjenengané. Pandanguné mengkéné: „Nanging mungguh kowé, Aku koarani sapa?” Ing kono Simon Pétrus bandjur madju, prasasat makili kantja-kantjané, sarta mundjuk: „Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang asipat gesang.” Undjuk wangsulane mengkono iku ora digawé-gawé, nanging pantjén metu saka ing ḍasaraning atiné sing wis mantep enggoné pratjaja lan tresna, apadéné éring marang Gusti lan Guruné.
Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, pangandikané: „Rahaju kowé, Simon!” Gusti banget rena ing galih, déné mirsa kamantepaning atiné Pétrus lan déné para sekabat ora paḍa duwé pangira kajadéné wong golongan, malah wis paḍa kukuh pangandelé jèn Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Kristus. Satemené para sekabat mau enggoné paḍa duwé panganggep mengkono iku mung marga saka panuntuné Allah kang maha mirah.
NANGING nalika iku uga ana prakara kang gawé kagèt lan seḍihé para sekabat, djalaran wiwit nalika iku Gusti Jésus paring pitedah marang para sekabat jèn Pandjenengané perlu tindak menjang ing Jerusalèm, lan nanḍang sangsara akèh déning para pinituwa lan para pangarepé imam tuwin para ulama, lan wekasané disédani, nanging ing telung dinané kawungokaké.
Para sekabat paḍa diblakani prakara iku mau kabèh ing sadurungé kelakon, nanging ing atasé para sekabat pangandika iku mau dianggep nglengkara bisané kaleksanan. Djalaran para sekabat wis paḍa mantep pangandelé jèn Guruné iku kang djumeneng Kristus, lan isih paḍa duwé pangira, jèn samangsa Sang Mesih rawuh, Pandjenengané bakal jasa kraton kang pinundjul kamuljan lan pangwasané. Déné para sekabat sing paḍa tansah nḍèrèkaké tindaké, bakal kinulawisuḍa kaparingan pangkat luruh lan pangwasa ....
Djebul saiki .... Gusti paring pirsa jèn Pandjenengané kudu nanḍang sangsara akèh, malah kudu ngalami séda. Wis ora klebu ing nalar, jèn Pandjenengané kang linuwih kasektèn lan kwasané, kang tau-taté marasaké wong lara lan nguripaké wong mati, kang njirep prahara lan ngenḍakaké alun segara, Pandjenengané kang djumeneng Putrané Allah, ngantia nanḍang sangsara utawa ngalami séda! Iku kena diarani prakara sing nglengkara lan mokal!
Enggoné Gusti ngandikakaké jèn ing telung dinané arep wungu manèh saka ing padunungané wong mati, iku malah ora kepikir babar pisan déning para sekabat.
Sing banget karasa-rasa ing atiné para sekabat jaiku enggoné Gusti Jésus kudu ngalami séda. Apa kelakon jèn Gusti lan Guruné nganti ngalami séda? Para sekabat ija wis paḍa ngerti jèn para pinituwa, para pangarepé imam, para ulama lan wong Farisi paḍa geṭing marang Pandjenengané, apadéné akèh wong bangsané ḍéwé sing paḍa ora ngandel jèn Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih. Nanging senadjan mengkonoa, Gusti Jésus rak kagungan pangwasa nindakaké ing sakeparenging kersané pijambak!. Keprijé déné Pandjenengané isih ngandikakaké bab papa lan sangsara, bab lara lan pati? Ana ing endi kasektèn lan kwasané?
Kaja mengkono pangudarasané para sekabat. Pétrus babar pisan ora bisa njanḍak apa gunané ndadak ana prakara sing aèng lan njeḍihaké iku. Gusti Jésus bandjur diaturi sumingkir seḍéla bandjur dibisiki, undjuké: „Ḍuh Gusti, punika mugi kasandèkna, sampun pisan-pisan Tuwan keḍatengan ingkang mekaten! Pandjenengan saèstu sampun ginaḍang-gaḍang djumeneng ratu. Mila sam[ 81 ]pun ngantos Pandjenengan ngalami sangsara lan séda!” ....
Nanging nalika semono Gusti Jésus malah mangku duka, paḍa kaja nalika Gusti Jésus duka djalaran kagoḍa déning Iblis ana ing putjaké gunung sarta diaturi ningali sakèhé kraton ing sadjagad lan sakamuljané kabèh.
Gusti Jésus kang maha wikan, ija nguningani jèn undjuké Pétrus mengkono mau marga saka pangodjok-odjoké Iblis. Mulané Pétrus bandjur didukani, ḍawuhé: „Èh sétan, kowé sumingkira menjang buriku, kowé dadi sanḍunganku, amarga kowé ora mikir kang mungguh ing Allah, amung kang mungguh ing manusa!”
Pétrus kagèt, bandjur mundur klawan banget wirangé. Ora njana babar pisan jèn undjuké kang dianggep betjik mau, malah dadi sanḍungan lan kala djiret tumrapé Gusti lan Guruné sing dadi woding katresnané. Jèn mengkono, Pétrus ora arep mundjuk apa-apa manèh, supaja adja nganti dadi pambengan tumrap Gustiné.
Ing kono para sekabat paḍa didjarwani klawan tjeṭa, jèn Pandjenengané pinesṭi ngalami sakèhé prakara kang dianggep nglengkara mau kabèh. Pandjenengané pinesṭi nanḍang sangsara lan séda, sumurup enggoné njanggi paukuman sing mesṭiné kudu dietrapaké marang manusa karana dosané. Lan enggoné kelakon mengkono mau marga saka kersané pijambak kagawa saka tresnané marang para manusa. Apa manèh Gusti Jésus ija mulangi para sekabat jèn wong sing nedya dadi muridé Gusti iku ora patut ngarep-arep olèh kaluhuran lan pakurmatan kadonjan. Pangandikané mengkéné: „Menawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku njingkura marang awaké ḍéwé, sarta sadina-dina ngangkata salibé ḍéwé lan mèlua Aku.”
Djalaran saben wong sing dadi muridé Gusti Jésus, iku ija bakal ngalami papa lan sangsara, malah lara lan pati. Nanging menawa bisa mbetahaké sakèhé pananḍang klawan sabar mantep, kagawa saka enggoné kasok tresnané marang Gusti Jésus, iku kang bakal bisa dadi murid kang sedjati.
PARA sekabat mau kabèh paḍa meneng karo nilingaké pangandikané Guruné, ing batin senadjan durung bisa njanḍak kabèh apa wigatiné prakara sing aéng lan njeḍihakė mau, para sekabat wis bisa ngamini.
Saiki durung tjeṭa pamawasé, nanging ing tembé samangsa njumurupi Guruné kelakon kasédanan kaja patrapé wong durdjana, nanging bandjur kawungokaké saka ing antarané wong mati, ngampil pangwasa djumeneng Ratuning swarga lan bumi, ing kono para sekabat lagi paḍa damang ing sakabèhè.
Lan jèn wis tumeka ing wajahè, Gusti Jésus bakal jasa Kratoné kang langgeng, lan para sekabaté bakal paḍa dadi abdinė; dudu abdi kang kaampilan kaluhuran tjara kadonjan, nanging dadi abdinė Allah, lan iku bakal dianggep dadi kanugrahan sing geḍé lan pakurmatan sing pinundjul.
WAJAH bengi sepi njenjet.
Gusti Jésus mbekta sekabat telu, jaiku Pétrus, Jakobus lan Jochanan, minggah ing gunung kang ḍuwur pijambakan, kersané arep ndedonga; sekabat lijané paḍa kari ana ing ngisor.
Ing panggonan sing sepi Gusti Jésus ndedonga, ngundjukaké sakèhing karépotaning galihé marang Sang Rama kang ana ing swarga, njuwun kaparingana kakuwatan ing sadurungé njanggi sawernaning pananḍang kang lair lan batin: enggoné bakal kasangsara, kapojokan lan malah kasédanan. Apa Pandjenengané adjrih katempuh ing lara lan pati? Satemené ora, djalaran Pandjenengané bakal njanggi sakèhing tjoba klawan legawaning galih; Pandjenengané mung ngersakaké ndedonga lan tjelak karo Allah Sang Rama. Jèn tansah bisa tjelak karo Allah, galihé wis kalipur lan kasantosakaké .... Mulané asring baé Gusti Jésus minggah ing gunung perlu ndedonga ing panggonan sing sepi, adoh saka panggubelé wong golongan, adoh saka djagading karaméan.
Sadjeroné Gusti Jésus ndedonga, sekabat telu mau keturon, bawané awak sajah lan lungkrah kasiliran angin samirana, ora kélingan babar pisan jèn enggoné paḍa kaḍawuhan nḍèrèk munggah ing gunung iku perluné ngéwang-éwangi Guruné. Mangka sedina muput atiné èmeng ngrasakaké nasibé Guruné sing memelas. Mauné para sekabat paḍa nemtokaké jèn Guruné mesṭi bakal djumeneng Ratu agung binaṭara, mukti wibawa anjakrawati. Djebul saiki .... Pandjenengané paḍa baé karo wong ngulandara utawa wong klarahan, mangka wis ngarepaké nanḍang sangsara lan wekasané mati. O, memelas temen nasibé Guruné!
Sekabat telu mau sing paḍa nḍèrèkaké Guruné minggah ing gunung, ing sadalan-dalan, ora paḍa guneman, marga saka èmeng atiné. Mulané bareng paḍa lèren ing putjak gunung, seḍéla baé wis keturon.
NANGING dumadakan .... sekabat telu mau paḍa kagèt bandjur tangi, djalaran [ 82 ]mripaté kataman ing sorot pepaḍang sing mblerengi. Apa sing katon?
Peteng nḍeḍet sing nglimputi putjaking gunung wis malih dadi paḍang sumilak, lan Gusti Jésus katon djumeneng ana ing tengah-tengahing pepaḍang. Malah pepaḍang mau ora saka ing djaba pinangkane; Gusti pijambak sing dadi tuking pepaḍang, wedanané metjorong kaja srengéngé lan pangagemané dadi putih gumilang mawa praba. Ing sadjagad rat ora ana rerupan sing maḍani éndah lan muljané, malah para malaékat ing swarga paḍa kalah prabawa, lan kira-kira ija kaja mengkono kaanané Gusti Jésus, nalika isih ngagem kamuljan ana ing swarga.
Mangka ing sadjeroning pepaḍang kang ngasoraké tjahjaning srengéngé, Gusti Jésus ora katingal pijambakan, ing kiwa tengené katon ana prija loro ngagem kamuljan, paḍa imbal pangandika karo Pandjenengané, reraosan bab pungkasaning lelampahan kang bakal tumindak ....
Embuh keprijé bakal kadadéjané, sing katon saiki wudjudé banget nengsemaké ati!
Déné prija loro sing ngagem kamuljan mau, iku Musa lan Élijah, utusan kang tumurun saka ing swarga, paḍa kautus déning Allah Sang Rama, ndikakaké nglipur lan njantosakaké Gusti Jésus enggoné bakal ngajati pakarjan sing abot, apadéné paḍa kakersakaké muljakaké Gusti Jésus ing samadjadé enggoné djumeneng Putrané Allah kang Mahaluhur.
Sekabat telu mau paḍa njawang lan ngrasakaké kaéndahan lan kamuljan sing ngasoraké sakèhing èdi pèni kadonjan, lan mesṭiné kamuljan sing bakal tinemu ing swarga ija kaja mengkono iku katoné. O, bok ija lestaria kaja mengkéné kaanané ing donja, éndah lan mulja, sumisih saka sakèhing rerubed lan sangsara!
Ora kumetjap enggoné sekabat telu mau njawang Guru lan Gustiné ngagem kamuljan kaswargan .... Dumadakan Pétrus ora taha-taha ngundjukaké usul marang Gusti Jésus: „Guru, sampun prajogi sanget kawula sami wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kelilana damel tarub tiga, setunggal kagem ing Tuwan, setunggalipun Musa, setunggalipun malih Élijah!”
Pétrus enggoné duwé undjuk mengkono mau pantjèn tanpa duga prajoga, djalaran duwé nijat ngeḍunaké kamuljan ing swarga menjang djagad, lan kamuljan sing tjeṭa katon kemata mau arep digonḍèli, pamurihé adja nganti ontjat saka ing panggonan kono.
Usul sing ngajawara mau diwangsuli baé ora; ing sanalika bandjur ana méga ngajomi putjaké gunung, lan ing méga mau ana swara keprungu.
Sekabat telu mau paḍa gugup lan wedi banget. Prija tetelu sing mau katon paḍang gumilang, ora katon babar pisan kalimputan ing keteling méga. Swara sing metu saka ing méga mau keprungu klawan tjeṭa, lan swara mau mangku ḍawuh tumudju marang wong telu sekabaté Gusti.
Mangka sing ngandika saka ing méga iku Allah pijambak ― paḍa kaja pangandikané Allah nalika Gusti Jésus kabaptis ana ing kali Jardén mangkéné: „Iki Putraningsun kekasih, iku sira éstokna!"
Sekabat tetelu tjeṭa las-lasan pangrunguné ana ḍawuh: „Sira éstokna! Ḍawuh sing ora kena dilirwakaké babar pisan!
Ing kono Gusti Jésus bandjur njelaki para sekabat, paḍa didjawili, djalaran isih paḍa sumungkem ana ing bumi marga saka wediné. Sarèh pangandikané Gusti: „Paḍa ngadega, adja wedi!” Bareng sekabat mau paḍa ngawasaké mubeng, wis ora ana manèh kang katingal kedjaba mung Gusti Jésus pijambak, wis ora ngagem kamuljan kaswargan, nanging pulih manèh kaja adaté. Gusti Jésus bandjur paḍa diḍèrèkaké muḍun saka ing gunung.
Lelakon ing gunung iku kelakoné mung seḍéla, nanging senadjan bebasan munga satjlérétan, tumrapé para sekabat wis geḍé banget paédahé. Para sekabat mau wis paḍa neksèni lan njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus ngagem kamuljan kaswargan. Gegambaran sing wis tjumiṭak ana ing atiné wong-wong mau ora bakal kena dibusek ing salawasé urip. Senadjan tjaloné Gusti Jésus bakal nanḍang disangsara, diwewada lan dipojoki déning wong akèh, nanging para sekabat ora bakal suda panganggepé marang Gusti lan Guruné, jèn Pandjenengané iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih kang Mahakuwasa, ija Putrané Allah pijambak .....
NALIKA paḍa muḍun saka ing gunung, Gusti Jésus bandjur ḍawuh marang para sekabat mau, pangandikané: „Wahju iku mau adja kokanḍak-kanḍakaké marang wong, kongsi bésuk Putrané manusa wus tangi saka ing antarané wong mati!”
Sekabat telu mau ora ana sing mangsuli, kabèh sing dirungu mau mung paḍa dirasak-rasakaké ing atiné. Keprijé karepé pangandika: wungu saka ing antarané wong mati? Apa Gusti Jésus bakal kelakon séda, nanging bandjur wungu manèh ....? Sekabat mau paḍa durung bisa njanḍak eliding pangandika mau.
Saiki paḍa diḍawuhi njiḍem prakara mau, senadjan tjangkemé kumudu-kudu arep njaritakaké marang pawong mitrané apa sing wis tjumiṭak ana ing atiné. Nanging ing tembé samangsa wis tekan waktuné paḍa diparengaké, wis mesṭi prakara sing paḍa dialami ana [ 83 ]ing gunung bareng karo Gustiné bakal diwartak-wartakaké marang saben wong sing gelem ngrungu: Gusti Jésus, Putrané manusa, ngagem kamuljan kaswargan!
KATJARITA ing sawidjining dina Pétrus mundjuk marang Gusti Jésus, undjuké: „Gusti, menawi saḍèrèk kawula gaḍah kalepatan ḍateng kawula, ngantos rambah kaping pinten enggèn kawula ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”
Panjanané Pétrus: „Ping pitu, semono iku rak wis katog djenengé! Jèn wong digawé serik déning seduluré nganti ambal kaping pitu, ora nganti muring, iku wis ngungkuli takeran, dadi mesṭiné ora ana sing bisa nglakoni. Dalah wong Farisi ḍéwé paḍa mulangaké: „Ambala ping telu enggonmu paḍa ngapura ....!” ”
Ing kono ḍawuh wangsulané Gusti Jésus mengkéné: „Adja mung ping pitu, malah ngantia ping pitung puluh tikel pitu.”
Para sekabat wis bisa njanḍak kang dadi kersané Guruné, jaiku: wong urip iku paḍa kaḍawuhan tansah tjumaḍang ngapura kaluputané pepaḍané, mengkono sing dikersakaké Gusti Jésus, nanging sapa sing kuwat?
MULANÉ Gusti Jésus bandjur paring piwulang sarana pasemon tjritané abdi kang kamitégan, tjrita sing wiwitané njenengaké, nanging wekasané njeḍihaké. Ana sawidjining radja lagi sinéba ing para abdiné sing paḍa utang-kapiutang karo sang prabu. Ing kono ana abdi sidji kasébakaké kang duwé utang saleksa talenta (kira-kira telung puluh nem juta rupijah), mangka wong mau ora duwé kang kagawé njaur utangé. Lan saupama wong mau diparengaké nitjil utangé, mbok nganti tekan punḍating umuré, utangé durung bisa lunas. Keprijé enggoné arep bisa mentas saka ing kasangsaran semono geḍéné?
Sarèhné wis tita mengkono kaanané, mulané ḍawuhé sang prabu: „Wong mau saanak-bodjoné dalah saduwèk-duwèké kaedolana, supaja anaa kang kagawé njaur. Senadjan ora sepiraa pepajoné, éwadéné tumrap wong mau lelakon iku dadi paukuman kang abot!”
Ing kono abdi mau bandjur sumungkem sudjud marang sang prabu sarta mundjuk: „Ḍuh Gusti, mugi wontena kasabaran dalem ḍateng kawula, ladjeng baḍé kawula saosi Panjaur sapunḍatipun.”
Sang prabu banget trenjuh galihé déning welas. Apa wong mau bisa njaosi panjaur sapunḍaté? Ora mengkono sing dikersakaké sang prabu. Mulané ḍawuhé sang prabu: „Wis mundura! Sira sunluwari lan utangira sunlilakaké marang sira.”
Abdi mau bandjur mundur klawan bungah atiné, rumangsa begdja kemajangan olèh kanugrahan sing tanpa upama geḍéné. Saiki wis luwar saka sangsara lan utangé wis lunas kabeh!
Kotjapa .... saunduré abdi mau saka ing paséwakan, bandjur ketemu kantja abdi sing kepotangan satus dinar (kira-kira mung patang puluh loro rupijah). Kantja tunggal gawé mau bandjur ditjekel lan ditekak guluné, kambi udjaré: „Bajaren kang utangmu!”
Abdi sing mentas ngrasakaké kawelasan lan kanugrahan semono geḍéné, wentala tumindak sawenang-wenang marang kantja abdi, mangka enggoné motangaké mung seṭiṭik. Bareng dianggrak mengkono mau, sing rumangsa kalah bandjur sumungkem lan memelas, pangutjapé: „Mugi wontena sabar sampéjan ḍateng kula, ladjeng baḍé kula aturi panjaur sapunḍatipun.” Nanging kang motangaké rengkeng lan ora gelem tepa-slira, malah kang utang mau bandjur dilebokaké ing kundjara.
Kantjané paḍa abdi bareng ngrungu warta bab lelakon mau, paḍa banget pangunguné. Udjaré wong-wong mau: „O, angkara lan ambek-sija temen wong iku! Awaké ḍéwé begdja, djalaran utangé sing semono geḍéné wis dililakaké. Saiki gelem tumindak sawenang-wenang gawé tjilakané paḍa kantjané, mangka utangé ora sepiraa kèhé.” Mulané wong-wong mau bandjur paḍa séba marang sang prabu, ngaturi pirsa apa kang kelakon kabèh. Sang prabu sanalika bandjur duka banget, lan utusan nimbali abdi kang kamitégan mau. Bareng wis sowan, abdi mau bandjur dipangandikani klawan sereng: „Èh abdi duraka, utangira kang semono iku wus sunlilakaké marang sira, marga sira memelas marang ingsun; rak wis wadjib sira uga melasi marang kantjanira kaja enggoningsun melasi marang sira.”
Sarèhné sang prabu banget dukané, abdi mau bandjur dilebokaké ing kundjara supaja kapatrapan ukum siksa nganti punḍat enggoné njauri utangé. Apa bisa punḍat? .... Ngantia tekan ngadjalé pisan, utangé mesṭi durung bisa lunas!
SAWISÉ Gusti Jésus nḍawuhaké pasemon mau, ing kono pangandikané Gusti: „Kaja mengkono uga Ramakku ing swarga ija bakal matrapi sawidji-widjining panunggalanmu kang ora ngapura klawan terus ing ati marang kaluputané saduluré.”
Pétrus lan para sekabat lijané wis bisa njanḍak eliding pasemon mau. Radja kang ambek [ 84 ]paramarta mau dadi pralambangé Gusti Allah; lan para abdi kang paḍa duwé utang iku masemoni manusa kabèh sing paḍa kanggonan dosa. Sing akèh utangé, paukumané ija abot. Malah ing salawasé uripé, manusa ora bakal bisa mbudidaja murih luwaré saka paukuman. Nanging Gusti Allah iku maha mirma lan asipat welas. Allah kepareng ngapura .... Mulané manusa apa paḍa ora kuwadjiban apura-ingapura mungguh ing kaluputané pepaḍané, kaluputan sing mung sepélé, jèn katanḍing karo kaluputané manusa ana ing ngarsané Allah?
Wis naté Gusti Jésus paring piwulang bab pandonga; lan pandonga mau ana kang surasané mengkéné: „Ḍuh Rama! .... Tuwan mugi ngapunten sakaṭahipun kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih sami ngapunten ing tetijang ingkang kelepatan ḍateng kawula.” Ngapura sadulur! Ora mung ping pitu, nanging malah nganti ping pitung puluh tikel pitu! Ora kenḍat-kenḍat ing salawas-lawasé. Kaja mengkono kersané Gusti!
ING sawidjining dina ana wong ahli Torèt sowan ing ngarsané Gusti Jésus sumedya njoba marang Pandjenengané. Gagasané wong mau kira-kira mengkéné: „Guru anjaran iki daktjobané, apa bisa mangsuli pitakonku apa ora. Dakdadaré kawruhé bab angger-angger, apa bisa ngimbangi kawruhku apa ora. Jèn nganti mlèsèt wangsulané, mesṭi tjilaka awaké, djalaran akèh wong sing bakal ngrungu, temahan bakal konangan jèn enggoné dadi guru iku mung apus-apusan baé, dudu guru sedjati kajadéné para ulama, ahli Torèt lan wong Farisi, sing wis mesṭi luwih pinter lan luwih mursid.” .....
Undjuké wong ahli Torèt mau: „Guru, srana pandamel punapa kula baḍé angsal warisan gesang langgeng?” Gusti Jésus ningali wong mau, lan ija wis mirsa apa sing dadi gémbolaning atiné, éwadéné ora bandjur duka. Wangsulané Gusti Jésus awudjud pandangu mengkéné: „Kang katulisan ing Torèt apa? Pamatjamu keprijé?”
Tumrapé wong ahli Torèt pandangu mengkono iku dudu apa-apa, mulané énggal njaosi wangsulan: „Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu diklawan gumolong atimu, lan gumolong njawamu, sarta klawan sakakuwatanmu, apadéné klawan gumolong budimu. Lan marang sapepaḍamu dikaja marang awakmu ḍéwé.” Pangandikané Gusti Jésus: „Bener wangsulanmu. Ija iku lakonana, temah kowé bakal urip.”
Wong ahli Torèt, panunggalané djamhur-djamhur Jahudi, ketjélik lan kisinan, djalaran ora olèh gawé enggoné njoba Gusti Jésus. Malah saiki wong akèh bakal paḍa ngerti jèn Gusti Jésus ngungkuli wong ahli Torèt dalasan ing bab angger-angger.
Éwadéné wong mau durung entèk akalé. Sarèhné arep mbetjikaké awaké ḍéwé, mulané mundjuk pitakon manèh mengkéné: „Sinten ta ingkang dados sesami kula?.. Wong mau karepé arep mratélakaké, jèn wis nresnani pepaḍané, jaiku seduluré, sanak-kadangé, bangsané. Apa iku isih kurang? „Sinten ta ingkang dados sesami kula?”
ING kono Gusti Jésus bandjur maringi wangsulan ngagem pasemon, pangandikané: „Ana wong lumaku meḍun saka ing Jerusalèm menjang ing Jericho. Dalané rumpil tur sepi, lan mutawatiri .... Satekané ing panggonan sing singub, wong mau ketiwasan katempuh ing bégal, diblèdjèdi barang gegawané tekan sanḍangané, sarta awaké diwasuh nganti setengah mati, lan wekasané ditinggal gumlinting ing pinggir dalan dikira jèn wis mati. Sawisé iku bégal lan kantjané kabèh bandjur énggal sumingkir.
Wong sing dibégal mau kari gumléṭak ana ing dalan tanpa daja, awaké sakodjur gubras getih, rasané ndjarem lan pegel ora karuwan, wuwuh-wuwuh kebrongot déning panasing tengangé; jèn ora bisa olèh pitulungan wong mau mesṭi bakal mati ngenggon ....
NALIKA semono kapinudjon ana wong liwat, mangka sing liwat iku imam. Imam iku abdining Allah, mesṭiné sugih kawelasan lan katresnan. Nanging ana daulaté, ora ana begdjané! Bareng weruh ana wong gumléṭak ing pinggir dalan, imam mau liwaté bandjur njimpangi, asengadi ora weruh wong mau. Ing batiné wis olèh pawadan mengkéné: „Wong kaé mesṭiné wis ora kena ditulungi; upama ditulungana, ora wurung mesṭi mati. Mangka jèn bégalé bali manèh nempuh marang aku, gèk keprijé polahku? Luwih betjik aku énggal ngontjati panggonan iki, supaja ....!”. Lakuné bandjur digelak, daja-daja bisaa sumingkir saka ing panggonané bilai!
O, pantjèn wis nasibé wong sing dibégal mau, arep olèh pitulungan baé kok nganti wurung!
NANGING ora antara suwé keprungu ana gedebegé wong mlaku; saiki sing liwat kalebu golongané wong Lèwi, dadi ija kagolong abdiné Allah, pagawéané ana ing padaleman sutji ngladèni para imam jèn pinudju saos kurban .... Wong iki mesṭiné kena diarep-arep pitulungané. Nanging bareng weruh wong sing wis gilang-gilang asawang lajon, wong Lèwi mau liwaté ija bandjur njimpangi. Ing batin wis dirantam-rantam apa pawadané enggoné ora awèh pitulungan, senadjan wis ana osiking atiné jèn duwé kuwadjiban tetulung; djalaran saupama gelem nulungi wong sing kasangsaran, ora wurung mung arep ngunḍakaké karépotané awaké ḍéwé. Mulané luwih betjik jèn awad-awad ora weruh lan ora ngerti apa-apa! Wong Lèwi mau ija bandjur énggal-énggal bablas! [ 86 ] [ 87 ]Wong sing gumléṭak ing pinggir dalan isih adjeg gumléṭak, tanpa olèh pitulungan babar pisan. Mangka sing kepener liwat ing dalan kono wong-wong sing pantjèné kena didjagakaké pitulungané, jaiku imam lan wong Lèwi, karoné paḍa ngabdi ana ing ngarsané Allah ing padaleman sutji. Lha jèn imam lan wong Lèwi ora gelem nulungi, sapa baja sing sudi tetulung? .... Apa kira-kira mung tekan semono pepesṭèning uripé?
NANGING tudjokna isih ana wong liwat ing kono; saiki wongé nunggang kuldi. Émané sing teka saiki dudu imam, dudu wong Lèwi, malah dudu wong Jahudi, nanging wong Samaria, dadi kalebu satru bebujutan. Wis mesṭi baé wong mau ora sudi tetulung; adja sing tetulung, ngingetaké baé suṭik, malah mung ketjah-ketjuh idu nélakaké giguné!
Kotjapa, bareng wong Samaria mau wis tjeḍak, lan weruh ana wong gumléṭak ing dalan, wong sing dinjana ala mau, banget trenjuh atiné; ora dipikir babar pisan jèn sing ngaṭang-aṭang ing dalan iku wong Jahudi, satruné bebujutan. Wong sing kelaran mau énggal diparani, tatuné diblebedi klawan dikopoh lenga lan anggur, kaja-kaja awaké ḍéwé mèlu ngrasakaké larané. Wong Samaria mau temen-temen ora duwé pikiran jèn wong mau sadjatiné wong Jahudi, lan ija ora klebu ing nalaré jèn bégalé bisa bali manèh, apadéné ora sing ngétung rekasa lan kangèlan, djalaran sing dadi antjasing atiné mung arep mitulungi wong sing lagi kasangsaran lan sing tumuli kudu olèh pitulungan sadurungé kasep.
Bareng wis rampung enggoné mblebedi tatuné, wong mau mau bandjur didjundjung alon-alon, katunggangaké ing kuldiné, tumuli diaterakè menjang ing désa satjeḍaké panggonan kono. Wong Samaria mau karo mlaku ora lérén-lérén enggoné ndjagani supaja sing lara adja nganti tiba. Satekané ing omah panginepan, wong sing lara bandjur dipulasara lan diwènèhi kabutuhané ing satjukupé. Ésuké bareng wong Samaria mau arep mangkat mbatjutaké lakuné, ora lali ninggali ḍuwit rong dinar diwènèhake marang kang duwé omah panginepan, wekasé: „Tijang punika sampéjan pulasara ingkang saé, sampéjan sukani sakabetahanipun supados énggal mantun sakitipun. Menggah wragadipun, inḍakipun saking semanten, punika kula ingkang baḍé nglintoni ḍateng sampéjan, béndjing sawangsul kula mriki malih.” Bareng wis pamitan, wong Samaria mau mangkat.
Tjrita pasemon wong Samaria ditjupet tekan semono. Gusti Jésus kèndel seḍéla. Ing ngarep mau ana pitakoné wong ahli Torèt mengkéné: „Ingkang dados sesami kula sinten?” Saiki Gusti Jésus ndangu wong mau: „Saka pandugamu, wong telu mau endi kang dadi pepaḍané wong kang katempuh ing bégal mau?” Wong ahli Torèt bangsa Jahudi mau kepeksa ngaturi wangsulan, senadjana atiné geṭing banget marang wong Samaria, mengkéné: „Inggih ingkang nandukaken kawelasan ḍateng pijambakipun wau.” Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus: „Lungaa, kowé ija nglakonana kang kaja mengkono uga.”
Kaja mengkono uga ....! Apa kersané Gusti Jésus supaja wong ahli Torèt mau saben dina mlaku liwat ing dalan saka ing Jerusalèm menjang ing Jericho, nggolèki wong sing katempuh déning bégal? Ora, pangandikané Gusti Jésus mau ora kudu ditampa lugu kajadéné unining tembung, nanging sing luwih perlu iku sariné!
Mungguh kersané iku mengkéné: wong ahli Torèt mau kudu nandukaké katresnan kaja patrapé wong Samaria, ora ngemungaké marang sanak seduluré, lan marang bangsané ḍéwé, nanging ija marang wong lija, bangsa lija, dalasan marang mungsuhé, jaiku samangsa lagi nanḍang kasangsaran. Wong iku kudu bisa ngoṭongaké atiné, adja nganti kalebon ing watak murka, tjulika, djubrija, nanging atiné iku kebaka nganti mbludag katresnan lan kawelasan; jèn mengkono, wong lagi bisa weruh sapa sing dadi pepaḍané. Wong sing paḍa nanḍang papa lan sangsara, kesrakat lan sinangsaja, sumebar ing endi-endi, lan kabèh paḍa mbutuhaké pitulungan lan kawelasan. Mengkono kersané Gusti Jésus sarana ḍawuh: Nglakonana kang kaja mengkono uga!
Wong ahli Torèt mau meneng, awit wis krasa ketapuk rainé .... Tekané nglangak ngungasaké kapinterané, nanging mundure nḍingkluk kewirangan.
KATJARITA kuṭa Jerusalèm katon asri kaja petamanan, rinengga-rengga lan pinadjang-padjang nganggo gegoḍongan lan kem[ 88 ]bang-kembang mantjawarna; ing sadalan-dalan wiwit ing djero kuṭa nganti tekan sadjabané kuṭa wong-wong paḍa ngedegaké tarub lan omah-omahan, direngga-rengga nganggo wohing kitri kang éndah-éndah, papahing kurma lan gegoḍongané wit kang ngrempajak. Nalika iku wong Israèl kabèh lagi paḍa ngrijajakaké rijaja Tantjebing tarub. Iki rijaja sing ramé lan geḍé ḍéwé tumrap bangsa Israèl. Pitung dina lawasé wong Israèl paḍa manggon ana ing tarubé ḍéwé-ḍéwé lan paḍa olah kabungahan. Rijaja mau dianakaké saben taun sepisan samangsa wis rampung enggoné paḍa ngunḍuhi pametuné bumi lan nglebokaké pametuning panutoné gandum lan pamipitané anggur lan lenga. Déné perluné rijaja mau supaja wong Israèl paḍa ngélingana jèn para leluhuré ing djaman kuna, sawisé dientasaké déning Allah saka ing tanah Mesir, paḍa nglembara ana ing ara-ara samun lan paḍa manggon ana ing tarub, apadéné paḍa ora duwé tanah pusaka lan ora duwé pametu gandum, anggur utawa lenga. Mulané bangsa Israèl kaḍawuhan bungah-bungah ana ing rijajané mau.
Nanging sing dadi pusering karaméan iku tinemu ing padaleman sutji. Ing kono wong Israèl paḍa saos kurban .... „Minangka saos panuwun sokur marang Allah!” udjaré wong akèh. Ing kono papan nglumpuké para imam, para ulama lan wong Farisi, jaiku djamhur-djamhuré bangsa Israèl. Udjaré wong akèh: „Wong-wong iku kalebu golongané wong peṭingan, unusaning bangsa, kang paḍa ngabdi ana ing ngarsané Allah!” .... Ing kono tempuké wong golongan saka désa ngadésa sing paḍa ambjuk ing padaleman sutji, perluné arep: njaosaké pangabektiné marang Allah, arep njuwun panglipur tumrap atiné sing kebak was sumelang déning dosané .... Mengkono udjaré wong akèh. Nanging apa iku mau kabèh njata mengkono?
KOTJAPA, wong golongan sing tanpa wilangan tjatjahé, ing semu paḍa nunggal karep lan nunggal rasa; kabèh paḍa takon: „Wongé ana ing ngendi? Apa Pandjenengané wis rawuh? ....”
Para pangarepé bangsa Jahudi sing paḍa ngedir-ediraké kapinteran lan kamursidané, ija paḍa nakokaké apa Gusti Jésus wis rawuh ing Jerusalèm. Nanging enggoné paḍa takon mengkono iku paḍa ngemu rasa geṭing. Tjoba, jèn wani mlebu ing kuṭa Jerusalèm, iku bebasan: kuṭuk marani sunduk; wis mesṭi Gusti Jésus bakal ditjepeng, lan jèn perlu disédani pisan, djalaran dianggep dadi guru panasaran.
Wong-wong Jahudi sing kawentar dadi umat kagungané Allah, sing djaréné paḍa ngibadah lan kadunungan kawitjaksanan, ... wong-wong iku paḍa geṭing marang Putrané Allah.
Ing antarané wong golongan akèh kang paḍa ngrasani Gusti Jésus, pangutjapé: „Iku wong betjik!” Nanging ana uga kang duwé udjar mengkéné: „Ora, malah nasaraké wong golongan.” Nanging enggoné paḍa nglairaké rasaning atiné iku ora wani ngeblak, waniné mung paḍa bisik-bisik, djalaran kabèh paḍa wedi marang para pangarepé wong Jahudi. Malah akèh uga kang paḍa rerasan jèn tuwa-tuwaning padaleman sutji wis paḍa njebar mata-mata sing paḍa momor-sambu karo wong golongan, paḍa kabubuhan njepeng marang Gusti Jésus samangsa wani mlebu ing kuṭa Jerusalèm, lan jèn bangga, paḍa diḍawuhi ngrampungi pisan.
Wong-wong sing asalé saka ing tanah Galiléa utawa wilajah lijané, ija paḍa takon-tinakon: „Wongé ana ing ngendi?” Mangka wong-wong mau paḍa ora ngerti pasang-gelaré para pangarepé wong Jahudi enggoné paḍa ngarah njédani Gusti Jésus. Wong-wong mau enggoné paḍa takon-tinakon mung marga saka kepénginé weruh kaélokan lan ngrungu pangandikané Gusti Jésus. Mengkono uga ana wong sawetara sing paḍa takon-tinakon kaja wong lija-lijané, nanging enggoné takon mau marga saka geḍéning katresnané marang Gusti lan Guruné kang djumeneng Djuru Slameté. Mèh saben wong ing kuṭa Jerusalèm paḍa ngutjap-ngrasani Gusti Jésus, ana sing ala, ana uga sing betjik.
Bareng wis nengahi rijaja, Gusti Jésus rawuh in Jerusalèm, terus minggah menjang ing padaleman sutji, bandjur memulang.
Memulang ana ing padaleman sutji? .... Apa Gusti Jésus kaduk wani kurang deduga? Apa ora pirsa jèn kasugengané diantjam déning sagolongané wong Jahudi sing paḍa ngenḍem sengit? Apa ora sumelang jèn dilimpé temah dipradjaja déning satru? Apa ora pirsa jèn para ulama lan para imam iku geḍé pangaruh lan pangwasané lan jèn wong golongan iku wataké mung èla-èlu baé? ....
Ing kono Gusti Jésus klawan tatag djumeneng ana ing tengahé wong akèh sarta memulang. Wong-wong sing paḍa kepéngin ngrungu piwulangé, bandjur paḍa ngangseg madju njelaki Gusti Jésus, Rabbi weton Nasarèt. Gusti Jésus ora kekilapan mungguh kang dadi rerasanané wong golongan, malah ija pirsa apa sing dadi gémbolané atiné, éwadéné Gusti Jésus ora kagungan rasa kuwatir babar pisan. Djalaran ora ana wong sing bisa nggepok Pandjenengané samangsa durung tekan ing waktuné. Ing sadjeroné rijaja Tantjebing tarub Gusti Jésus durung tekan ing waktuné masrahaké sarirané. Nanging ing tembé jèn [ 89 ]wis tekan ing waktuné, kira-kira ora antara suwé sapungkuré rijaja Tantjebing tarub, — ing kono Gusti Jésus bakal nanḍang sangsara, uga mbeneri ana karaméan ana ing kuṭa Jerusalèm. Nanging saiki durung tekan ing waktuné, mulané Gusti Jésus ora was utawa sumelang, lan klawan tatag memulang ing ngarepé wong golongan. Kersané Allah Sang Rama kang ana ing swarga mesṭi bakal kaleksanan lan ora ana tumitah sing bisa ngowahi utawa ngalang-alangi.
Jèn disawang tata-lairé, Gusti Jésus katoné mung wong tjilik lan prasadja baé, mangka wani djumeneng ana ing tengahé wong Jahudi sing paḍa manganggo pamèran. Ewadéné ing sanjatané Gusti Jésus djumeneng ana ing kono ngagem pangwasaning Ratu, pangandika kang midjil saka ing tutuké mesṭi katampan ing kuping bablas tekan ing atiné wong, apadéné kawitjaksanan sing diḍawuhaké ora ana wong sing bisa mbantah utawa madoni.
Nanging ing salebeting galih Gusti Jésus ngembeng sungkawa, karana wong golongan, karana pokalé para wong ahli Torèt lan wong Farisi: wong-wong mau paḍa apal angger-angger tilarané nabi Musa lan paḍa rumangsa ngibadah ngabekti marang Allah, mulané paḍa kibir sumungah awit rumangsané wis pinter netepi surasaning angger-angger kabèh, mangka satemené wong-wong mau paḍa njimpang adoh saka ing ngarsané Allah djalaran atiné paḍa ora sumujud lan tresna marang Pandjenengané. Trenjuhing galihé Gusti Jésus ija karana nguningani kaanané wong golongan sing ubjang-ubjung nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus lan sing paḍa seneng rerasan bab kaélokan lan pakarjané, nanging atiné paḍa ndableg lan paḍa ora wanuh, adja manèh pratjaja marang Pandjenengané. Dalaning kaslametan wis kabuka tumrapé wong-wong mau, nanging émané wongé paḍa ora gelem ngambah ....
Wong-wong mau kabèh paḍa ora duwé kang kagawé njantosakaké atiné sing tansah ketar-ketir sumelang déning dosa. Mangka rawuhé Gusti Jésus iku mbirat dosané lan ngluwari wong-wong mau saka ing paukuman, temah paḍa bisa ngrasakaké karahajon ing donja lan ing achérat .... Nanging wong-wong mau paḍa nampik lan njatru Pandjenenganė.
Gusti Jésus wis rawuh ing djagad, nanging ora wanuh ing Pandjenengané.
KOTJAPA karaméan ing rijaja Tantjebing tarub isih dibandjuraké. Para imam paḍa ndjupuk banju saka ing blumbang padusan ing Siloam, bandjur diesokaké ing saḍuwuring misbjah, binarung ing suraké wong akèh.
Wong golongan ngulukaké kekidungan pamudji sokur marang Allah. Banju sing diesokaké ing misbjah ngélingaké Israèl marang lelakon ing djaman kuna, nalika Gusti Allah maringi banju para leluhur sarana banju kang mantjur saka ing parang.
Nalika iku Gusti Jésus bandjur nguwuh pangandikané: „Menawa ana wong kang ngelak, iku mareka ing Aku lan ngombéa!”
Wong sing pratjaja marang Djura Slamet, iku bakal olèh karahajon kaja upamané wong sing ngelak bandjur olèh banju. Wong sing mengkono iku olèh pitulungan ing salawas-lawasé.
Para ulama lan para imam, bareng ngrungu pangandika kang mengkono mau, bandjur paḍa muring-muring. Pangunandikané: „Wong iku medjanani temen nganti wani ngutjap kang mengkono.” Apa ora ana wong sing wani njepeng? Ana ing ngendi wongé sing paḍa pinatah njekel lan ngladèkaké wong Nasarèt iku? ....
ING dina wekasaning rijaja, ing palatarané padaleman sutji didèkèki damar sèwu, jèn bengi disumedi kabèh, urubé pating klentjar maḍangi wong akèh sing lagi paḍa olah kabungahan. Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika manèh marang wong akèh, ḍawuhé: „Aku iki pepaḍangé djagad; wong kang ngetut-buri Aku bakal ora lumaku ana ing pepeteng nanging nduwèni paḍanging urip.”
Damar sèwu sing paḍang kentjar-kentjar wusanané bakal sirep; kabungahan lan sukan-sukan iku anané ija mung seḍéla .... Nanging sapa sing paḍa pratjaja marang Gusti Jésus iku nduwèni kabungahan kang langgeng.
Pangandikané Gusti Jésus mengkono mau ndadèkaké para imam paḍa gregeten atiné. Wah, wani-waniné Rabbi saka Nasarèt iku muni mengkono. Mangka wong golongan paḍa ora mèngèng saka ing ngarsané, lan ngrungu kabèh kang diwulangaké ana ing eḍèngan, apadéné paḍa rerasan bab Pandjenengané. Jèn terus kaja mengkono kaanané, suwé-suwé wong golongan kèlu kabèh marang Guru anjaran iku, lan nglirwakaké para imam lan ulama lija-lijané. Para pangarepé wong Jahudi saiki mung paḍa takon-tinakon: „Ana ing ngendi ta wong-wong sing paḍa duwé bubuhan njekel lan ngladèkaké guru panasaran iku? Wong-wong sing digolèki mau, paḍa bali legèh sarta pada matur: „Salaminipun dèrèng naté wonten tijang ingkang witjanten kados tijang punika!” Senadjan ana krentegé wong-wong mau arep njekel Pandjenengané, nanging ora ana sidji baé kang nganti ngranggèh marang sarirané.
Ésuké para pangarepé wong Jahudi bandjur paḍa marek marang ngarsané Gusti Jésus arep saraséhan karo Pandjenengané. Gusti [ 90 ]Jésus dikrubut pitakonan sing njlekit-njlekit, malah diunèk-unèkaké jèn kepandjingan ḍemit .... Atiné wong-wong mau saja suwé saja panas lan saja kemropok, djalaran ora bisa ngalahaké pangandikané Gusti Jêsus.
Lan ing wusanané bareng wis ora kuwat ngampah atiné, wong-wong Jahudi mau bandjur paḍa ndjupuki watu arep dienggo mbenturi Gusti Jêsus. Jèn dikrutugi pitakonan Gusti Jésus ora ambruk, bandjur arep dikrutugi watu supaja ndadèkaké sédané.
Nanging Gusti Jésus bandjur njamaraké sarira, teḍak saka ing padaleman sutji, nratas ing tengahé wong akèh tanpa kaweruhan. Watu sidji baé ora ana sing tumama ing sarirané.
Djalaran pantjèn durung tekan ing waktuné.
RIJAJA Tantjebing tarub iku kuduné dadi rijajaning kabungahan lan pamudji sokur marang Allah, adeḍasar kamursidan lan katresnan kang sedjati.
Nanging apa iku mau kabèh njata mengkono?
ING pinggir dalan ora adoh saka ing padaleman sutji ana wong ngemis nḍéprok ing lemah, ndermimil melas-asih enggoné nembung pitulungané wong sing paḍa liwat ing dalan kono. Wong mau ora bisa njambutgawé, djalaran pitjak wiwit lair mula. Panguripané mung marga saka enggoné pepriman, dadi mung gumantung saka kawelasané wong liwat. Salawasé tumitah ing ngalam donja wong mau durung tau weruh paḍangé srengéngé, rina wengi tansah kalimputan ing peteng nḍeḍet. Kaanané mengkono mau mesṭiné ora bakal owah-owah nganti tekan ing adjalé. Saben dina mung nḍéprok ing pinggir dalan kono, ora adoh saka padaleman sutji ....
KATJARITA ing sawidjining dina Sabbat, nalika Gusti Jésus langkung ing dalan kono, ningali wong sing pitjak lair mula iku. Para sekabat bandjur paḍa mundjuk pitakon mengkéné: „Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tijang punika punapa tijang sepuhipun, déné lairipun ngantos pitjak mekaten?” Enggoné paḍa mundjuk pitakon mengkono mau, djalaran para sekabat paḍa ḍuwé panemu, jèn katjilakan sing tumanduk ing awaking wong, iku dadi paukumaning dosané ḍéwé. Ing djaman semono wong Jahudi sing akèh-akèh ija paḍa duwé panemu mengkono.
Nanging Gusti Jésus mangsuli „Dudu wong iki kang gawé dosa, lan dudu wong tuwané.” Dadi tjeṭa enggoné wong mau pitjak, iku ora minangka paukumaning dosané, nanging pamurihé mung supaja wong akèh paḍa njumurupana jèn Allah iku kang Maha-kuwasa, Maha-agung lan Maha-luhur.
Sawisé ngandika mengkono mau, Gusti Jésus bandjur njelaki wongé sing pitjak. Wong mau ora wanuh marang Gusti Jésus, nanging ngrasa jèn ditjeḍaki lan ija ngrungu ana wong guneman mengkené: „Aku dadi pepaḍangé djagad.” Wong sing pitjak mau ora ngerti sapa sing njeḍaki lan apa karepé. Apa arep mènèhi dana? Tangané wis njaḍong arep nampeni pawèwèh.
Nanging Gusti Jésus ketjoh ing lemah; ketjoh mau didamel luluhan karo lemah, bandjur dilèlètaké ing mripaté wong sing pitjak. Wong mau mung meneng baé, ora bangga ora apa, senadjan krasa mripaté dilèlèti luluhan lemah. Tjeṭa pangrunguné nalika diḍawuhi: „Lungaa, raupa menjang blumbang padusan ing Siloam!” Wong pitjak mau sanalika ngadeg, bandjur grajah-grajah ṭeruṭukan nganggo tekené golèk dalan marani blumbang padusan Siloam. Wong mau wis ngerti ing ngendi dunungé blumbang Siloam, malah, wis bola-bali raup ana ing kono, nanging mripaté adjeg ora bisa ndeleng apa-apa. Saiki maneh dilèlèti nganggo luluhan lemah, apa ora malah munḍak banget larané? Nanging sing kaja mengkono iku kabèh ora digagas babar pisan. Wong mau anané mung nglakoni ḍawuh, senadjan ora ngerti sapa sing ḍawuh, éwadéné wong mau wis ngandel mung sarana nitèni swara sing tumama ing kupingé, jaiku swarané wong sing sugih kawelasan lan pangwasa. Satekané ing Siloam, wong mau bandjur raup, mripaté diresiki lemahé lan diutjek-utjek. Bareng melèk, bandjur bjar bisa ndeleng pepaḍang, mulat ngiwa nengen, menḍuwur mengisor, ing ngendi-endi ana pepaḍang .... lan etuking pepaḍang mau ana ing ḍuwur. Lah apa kae sing diarani srengéngé? Saiki wong mau bisa namataké pandelengé nganggo mripaté ḍéwé keprijé wudjudé sing diarani wong, sato-kéwan lan ṭeṭukulan, apadéné padaleman sutji, ringkesé kabèh kang gumelar ana ing ngalam donja iku katon sumeblak ana ing ngarepé. Wong mau banget enggoné kaébatan déning sesawangan sing tumama ana ing mripaté, lan atiné kebak kabungahan lan suka sokur marang Allah kang tanpa upama!
Bareng wis tita pandelengé marang wong-wong sing ana ing kiwa-tengené, wong sing mauné pitjak bandjur arep nggolèki wong sing mbetjiki awaké, sing swarané bisa gawé kepénaking atiné .... Nanging Gusti Jésus wis ora ana ing kono manèh.
[ 91 ] [ 93 ]Kotjapa wong mau ing sasuwéné nrutus nggolèki Gusti Jésus, bandjur kelakon diirid menjang ngarepé para ulama lan Farisi, kaja wong kang kena ing terka ana ing ngarepé pradata sing arep ngadili. Wong mau atiné tatag, ora nganḍut kuwatir apa-apa, djalaran pantjèn ora rumangsa gawé luput, lan polatané katon gambira. Kosokbaliné para wong Farisi katon ndjenggureng, mripaté mantjereng, djalaran paḍa ora rena banget déné ana lelakon mengkono iku .... Sapa ta wong iki? Apa kuwi sing dikanḍakaké wong pitjak lair mula? Ah, mokal jèn wong pitjak lair mula bisa mari pitjaké! Wong mau bandjur diḍeḍes-ḍeḍes keprijé kelakoné.Wong mau bandjur matur apa anané, kaja sing wis ditjritakaké marang tangga-tanggané lan marang wong kang mauné paḍa weruh enggoné pepriman ing pinggir dalan, marang wong-wong sing setengah ora ngandel, djalaran nalika ésuké wong mau isih katon andon nḍéprok pepriman, mangka saiki wis bisa mlaku menjang ngendi-endi lan awas pandelengé kaja salumrahé wong. Jèn para ulama lan Farisi paḍa kepéngin ngerti keprijé mula-bukané bisa waras pitjaké, wong mau ora rumangsa kabotan njritakaké lelakoné, malah sapa baé sing gelem ngrungu tjritané, kena ngrungokaké.
Nanging para ulama mau paḍa ora ngandel, lan ora lega atiné, malah wekasané bandjur paḍa muring-muring lan paḍa udur-uduran rebut bener. Ana sawenèhé wong Farisi sing ngutjap mengkéné: „Wong iku mesṭiné baé Jésus, Rabbi saka Nasarèt. Wong iku tetep dosané, djalaran nindakaké pagawéan ing dina Sabbat. Jèn mengkono ora saka ing Allah asalé, awit ora netepi Sabbat.” Nanging ana wong lijané sing madoni, tembungé: „Wong kang nanḍang dosa keprijé jèn bisaa gawé pratanḍa kang kaja mengkono iku?” Temahan para ulama paḍa dija-dinija.
Senadjan wong sing mauné pitjak wis bola-bali matur apa sing mentas dialami nganggo diseksèni wong lija-lijané, éwadéné para ulama paḍa ora gelem ngandel, malah ngarani jèn wong mau mung gawé-gawé! Para ulama ḍasar paḍa ora gelem pratjaja marang mahakwasané Gusti Jésus. Bapa lan bijungé wong mau bandjur paḍa diundang menjang ngarepé para ulama sarta ditakoni: „Apa iki anakmu? Apa njata pitjak lair mula? Jèn mengkono keprijé déné saiki bisa ndeleng?” Wong loro mau enggoné paḍa ngadep ana ing ngarepé para ulama klawan wedi lan kuwatir, djalaran wis paḍa krungu gotèké wong akèh, jèn para ulama wis paḍa mupakat, saupama ana wong ngakoni Sang Kristus marang Gusti Jésus, iku bakal kasébrataké saka ing padaleman sutji, tegesé: wong mau dilarang mlebu ing padaleman sutji utawa ing mesdjid, dadi didjabakaké saka ing umaté Allah, dipaḍakaké karo wong kapir, .... Wong loro mau mesṭiné paḍa wedi marang para ulama sing kwasa matrapi paukuman, nanging paḍa ora ngélingi geḍéning katresnané Gusti Jésus sing wis ditandukaké marang anaké. Aturé wong mau: „Kula sami ngakeni bilih punika anak kula lan bilih pitjak wiwit lair mila. Nanging kadospundi déné sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, sampéjan dangu pijambak kadjengipun matur prakawis awakipun pijambak.” Sawisé paḍa matur mengkono mau, wong loro mau énggal-énggal paḍa mundur supaja adja ketjangking-tjangking ing prakarané anaké.
Para ulama paḍa durung marem atiné, isih golèk réka enggoné arep njatakaké sing dianggep kaélokan mau. Nanging sadjatiné enggoné paḍa mempeng pangungsedé mau kagawa saka sengité marang Gusti Jésus, pamurihé bisaa olèh bukti jèn Gusti Jésus iku mung guru tjulika, lan kaélokan sing ditindakaké iku mung apus-apusan utawa gawé-gawéné wong ngemis mau.
Wong sing mauné pitjak bandjur diundang manèh sarta ditakoni kaping pinḍoné lan dipituturi: „Kowé ngurmatana marang Allah. Matura ing sanjatané kowé mung gawé-gawé baé. Mungguh ta aku, wong kaé wus dakweruhi jèn wong dosa.”
Wong mau bandjur mangsuli, lan wangsulané mau nélakaké kamantepaning atiné lan panganggepé marang Gusti Jésus sing ora kena diowahi manèh, mengkéné: „Tijang punika punapa tijang dosa, kula boten sumerep. Namung saprakawis ingkang kula sumerepi, waunipun kula pitjak, samangké saged ningali.”
Supaja wong mau dadi bingung lan wedi, temah kliru wangsulané, bandjur diḍeḍes-ḍeḍes manèh, tembungé: „Kowé mau dikapakaké? Enggoné ngelèkaké mripatmu keprijé patrapé?”
Wong sing mauné pitjak mau satemené ora wegah njritakaké lelakoné, nanging saiki bareng weruh polatan lan pratingkahé para ulama sing katon paḍa ora rena atiné malah ija katon jèn paḍa ngenḍem sengit marang nabi sing mbetjiki awaké, wong mau emoh ngandakaké apa-apa manèh. Wangsulané sengol: „Kula sampun matur ḍateng sampéjan, sampéjan teka boten mirengaken. Punapaa sampéjan baḍé mireng malih? Punapa sampéjan inggih baḍé dados muridipun?”
Dadi muridé? Para ulama, para pangarepé wong Jahudi, dadi muridé Jésus, guru nasar? Ora sudi! Wong mau bandjur dipisuhi entèk-entèkan, malah wekasané wong mau nganti disébrataké saka ing padaleman sutji.
Dadi wong mau kapatrapan paukuman sing abot ḍewé tumrapé wong Jahudi. Jèn wong [ 94 ]mau dilarang mlebu ing padaleman sutji, iku ateges jèn wong mau ija kasébrataké saka ing ngarsané Allah; kaanané ora béda karo wong kapir, wong sing paḍa kena ing laknat.
Wong sing mauné pitjak bandjur lunga metu saka ing kono; atiné sing lagi baé bisa ngrasakaké kabungahan, wiwit ketaman ing seḍih manèh. Nanging wong mau aluwung ngrasakaké seḍih djalaran kasébrataké, katimbang karo ngrudjuki para Farisi ngala-ala marang wong sing wis diseksèni djumeneng nabi temenan ....O, aluwung disébrataké!
Wong sing mauné pitjak saiki dadi wong buwangan, wong tampikan. Sapa sing gelem tjanḍuk lawung karo ḍéwèké? Upama ana sing gelem, mesṭiné rak wedi lan éring karo para imam lan para ulama! Nalika isih pitjak, akèh sing pada welas marang awaké, nanging saiki bareng wis bisa ndeleng, sapa sing welas lan sudi karo wong tampikan?
Gusti Jésus ija mijarsa jèn wong mau wis disébrataké, mulané bandjur dipanggihi. Gusti Jésus iku tansah madosi wong sing kaja mengkono, sing disébrataké sanak seduluré, sing katjingkrangan lan dikaniaja. Bareng wong mau wis kepanggih, bandjur dipangandikani: „Kowé apa pratjaja marang Putrané Allah?” Wong mau bandjur njawang marang Gusti Jésus, awit durung tau weruh wongé, nanging ora pangling swarané. Atiné wong mau bungah banget, déné saiki bisa adu-arep karo wong sing diseksèni djumeneng nabi, sing wis ngelèkaké mripaté. Saiki bisa ngaturaké panuwun sokur déné wis diparingi bisa ndeleng gebjaring pepaḍang.
Sarèhné didangu, wong mau bandjur mangsuli: „Sinten punika, Gusti, ingkang sinebut Putranipun Allah? Menawi Tuwan pirsa, kawula mugi Tuwan paringi sumerep, supados kawula pitadosa ḍumateng Pandjenenganipun. Awit punapa ingkang Tuwan ḍawuhaken, punika mesṭi njata.”
Gusti Jésus ngandika manèh: „Pandjenengané wus kodeleng, ija kang lagi sapotjapan karo kowé, iku Pandjenengané!”
Wong mau bandjur njatitèkaké panjawangé marang Gusti Jésus; dadi sing mitulungi awaké iku Sang Mesih pijambak, ija kang djumeneng Putrané Allah! Enggal-énggal wong mau bandjur sudjud ana ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk: „Kawula pitados, Gusti!” Wong mau ora bisa mundjuk manèh-manèh, kedjaba mung sudjud lan ngabekti ing sampéjané Gusti Jésus. Wong mau rumangsa olèh kanugrahan geḍé banget, nalika lair ing ngalam donja ora bisa weruh apa-apa, nanging saiki bareng wis diparingi bisa ndeleng malah bisa njawang Sang Mesih, ija Sang Djuru Slamet!
WIWITANE wong mau diutus menjang ing blumbang padusan Siloam, perluné kanggo ndadar pangandelé — paḍa kaja patrapé nabi Élisak nḍawuhi Naaman wong Aram supaja adus ing kali Jardèn ....
Saiki wis ketitik jèn wong sing pitjak lair mula mau duwé pangandel. Mripaté bandjur bisa ndeleng pepaḍang sing kasat mripat waḍag. Sawisé mengkono, wong mau bandjur dipanggihi Gusti Jêsus manèh, arep diparingi kang luwih adji lan luwih mulja katimbang samubarang kang kena dideleng nganggo mripat. Wong sing disébrataké mau, saiki diparingi bisa ngandel lan pratjaja marang Sang Djuru Panebus, kang kwasa ngluwari saka pamisésaningdosa.Peparing iku ngungkuli adjiné pepaḍang kang tumrap ing mripaté, djalaran kang diparingaké iku pepaḍang tumrap ing djiwané. Nalika iku Gusti Jésus pijambak ngandika: „Aku dadi pepaḍangé djagad!”
SAIKI wong mau wis ora perduli apa para ulama, para imam lan wong Farisi paḍa nesu lan misuh-misuh, lan ija ora dadi baja jèn mung disébrataké saka ing padaleman sutji ....
Djalaran swarga wis binuka kanggo awaké!
WAJAH ésuk umun-umun ing tengah ara-ara. Ana ing papan sing paḍang ngilak-ilak ing ara-ara djembar ana kanḍang weḍus. Sing diarani kanḍang weḍus ing kéné iku ora paḍa karo prandjên utawa omah-omahan kanggo ngingu kéwan, nanging panggonan djembar sing dipageri mubeng nganggo pager watu, diwènèhi lawang sidji. Kanḍang weḍus mau kanggoné mung ing wajah bengi; ing wajah soré saulihé saka ing pangonan, pepanṭan weḍus digiring mlebu ing kanḍang; lawangé dikantjing rapet. Lan sawengi muput para pangon genti-genti paḍa tugur ing kono.
Ing wajah ésuk lawangé wis dibukak, pangoné ngadeg ing lawang karo ngundangi weḍusé manut arané ḍéwé-ḍéwé, bandjur digiring metu menjang ing ara-ara djembar, ing panggonan sing akèh suketé idjo rijo-rijo. Pangoné lumaku ing ngarep, lan weḍusé paḍa ngetut-buri, marga paḍa wanuh swarané. Pangon kang utama nganṭi lakuné weḍus-weḍusé, weruh ing ngendi dunungé papan kang murah suket; jèn wis wareg enggoné paḍa njenggut, weḍusé bandjur lon-lonan digiring menjang banju ing panggonan kang tentrem, paḍa diplégungaké ing panggonan kang ajom lan éḍum. Pangon kang utama [ 95 ]ora tau ninggal weḍusé. Sing dadi gegamané pangon iku teken lan banḍil. Jèn ana weḍusé sing misah saka ing pepanṭan, bandjur énggal disawat nganggo banḍil, supaja bali manèh ana ing pepanṭan. Tekené sing geḍé lan dawa kena dienggo nanggulangi kéwan galak sing wani neba ing tengah pepanḍan, ora pilih-pilih kéwané: asu adjag, bruwang utawa singa. Pangon kang utama iku wani ngetohaké njawané nglabuhi weḍusé ....!
Jèn wis wajah soré, pepanṭané weḍusé bandjur digiring menjang ing kandang. Jèn dalané rekasa lan adoh, tjempé sing durung kuwat mlaku ḍéwé, dipanggul utawa dibopong. Bareng wis tekan ing ngarep lawang, pangon mau bandjur nelungaké tekené, weḍusé baka sidji dikon mbrobos sangisoré tekené, dilebokaké ing kanḍang karo diwilang. Jèn ana weḍus sing tatu awaké marga kerènḍèt-rènḍèt ing eri utawa ketjotjog ing parang tjuri, tatuné bandjur dikopoh nganggo lenga supaja ilang perihé. Lan jèn ana weḍus sing ketriwal, senadjan munga sidji, atiné pangon wis nganḍut seḍih lan kuwatir: pepanṭaning weḍusé bandjur ditinggal, perlu nggolèki sing ketriwal nganti saketemuné, ora ngétung sajah lan rekasa; rerungkudan lan gegrumbulan kebak eri lan bonḍot disasak, djurang tjerung dieḍuni, weḍus sing ketriwal kudu nganti ketemu. Lan jèn wis ketemu, bandjur dipanggul klawan bungah. Saulihé bandjur nglumpukaké prasanakan lan tangga teparoné, paḍa dituturi mengkéné: „Paḍa gujubana enggonku bungah-bungah, marga weḍusku kang ketriwal saiki wis ketemu!” Mengkono pangrumaté pangon kang utama marang weḍus ngon-ngonané.
GUSTI Jésus pijambak wis naté ngandika: „Aku iki djuru pangon kang utama. Djuru pangon kang utama iku ngetohaké njawané nglabuhi para weḍus.”
Wong-wong sing paḍa ngrungu pangandika mengkono mau wis paḍa njanḍak tegese: Gusti Jésus iku djuru pangon kang utama, déné pepanṭan weḍus sing dadi ngon-ngonané iku para muridé sing tansah nḍèrèkaké tindaké lan mung tansah ngarep-arep pitulungan saka Pandjenengané, kajadéné weḍus-weḍus sing mung tansah ndjagakaké pitulungané pangoné. Pandjenengané kang tansah ngreksa marang para muridé lan para wong sing paḍa pratjaja marang Pandjenengané, ing sawajah-wajah, rina lan wengi. Pandjenengané kang maringi katentreman ana ing atiné. Pandjenengané kang bakal nanggulangi mungsuh sinekti, jaiku Iblis sing tansah arep gawé tjilakané manusa. Pandjenengané kang bakal nglari nganti saketemuné samangsa ana kang ketriwal utawa kesasar lakuné, temah njingkur marang Allah lan ndarung uripé sadjeroning dosa, kaja patrapé pangon kang nggolèki weḍusé samangsa ketriwal .... Lan keprijé samangsa wis ketemu? Ing omahé pangon mau ana kabungahan geḍé. Mengkono uga ing swarga, ana ing ngarsané Allah, ija ana kabungahan. Pangandikané Gusti Jésus: „Aku pitutur ing kowé: Kaja mengkono uga ing swarga bakal ana kabungahan tumrap wong dosa sidji kang mratobat ....”
SIH katresnané Sang Djuru Slamet marang manusa iku tanpa upama geḍéné. Ḍawuhé: „Aku iki djuru pangon kang utama.” Ḍawuh mau wis tjeṭa lan gamblang, kabèh wong wis paḍa ngerti. Nanging Pandjenengané isih ngandika: „Pangon kang utama iku ngetohaké njawané nglabuhi weḍusé!”
Apa ta kersané ngandika mengkono iku? Para murid lan wong-wong lijané paḍa durung bisa njanḍak tegesé.
Apa kira-kira Gusti Jésus bakal sida ngalami séda? Ngetohaké njawané nglabuhi para kagungané? Apa ta gunané?
Rak luwih pantes jèn Pandjenengané djumeneng Ratu, agung binaṭara lan sekti mandra guna, ngerèhaké sadjagad rat. Mengkono iku rak luwih betjik katimbang séda!
WONG-WONG mau pantjèn paḍa durung bisa njanḍak sing dadi kersané Gusti Jésus! Saiki durung!
ANA wong duwé anak lanang loro. Pangrengkuhé marang anaké sing tuwa lan sing nom ora dibedakake, karoné paḍa ditresnani banget. Botjah loro mau tansah ketjukupan ing sakabutuhané kabèh, djalaran wong tuwané klebu wong sugih lan kadjèn kéringan.
Anak sing nom duwé watak bosenan lan bjang-bjangan. Atiné seḍih djalaran terus manggon ing omah, saben dina paḍa baé, sing dipangan, sing disanḍang, senadjan ora kekurangan, nanging suwé-suwé mboseni, mangka ing sadjabaning omahé lan wilajahé désané djagad isih djembar gumelar mamèraké kaéndahané. Atiné wis suwé gandrung-gandrung kegèndèng menjang djagading karaméan.
Ing sawidjining dina anak sing nom matur marang bapakné: „Rama, kula mugi sampéjan paringi panduman radjadarbé bebahan kula, djalaran baḍé kula angge kekésahan ndjadjah negari. Kula sampun boten kraos terus manggèn ing grija kémawon. Kula mugi sampéjan lilani nginḍakaken seserepan lan ndjembaraken pengalaman.” [ 96 ]
Bapakné bandjur mandum barang darbèké marang anaké karo pisan, nanging satemené atiné banget trenjuhé ngrasakaké anaké sing nom. Généja anaké mau nganti téga ninggal bapakné; apa ora duwé katresnan marang wong tuwané? Apa botjah mau durung ngerti jèn djagad sing djembar iku kebak bebaja mantjawarna?
Anak sing nom mau bareng wis dipandumi bubuhané warisan, bandjur lega atiné, djalaran saiki bakal bisa ketekan apa sing wis suwé dadi iḍam-iḍamané. Ora antara suwé wong nonoman mau bandjur ngringkes sabarang darbèké kabèh, bandjur buḍal saka ing dalemé bapakné lelungan menjang ing tanah adoh. Kasusahané bapakné sing rumangsa kélangan anak wis ora dipikir babar pisan, sing digagas mung senengé atiné ḍéwé, djalaran bakal bisa ketutugan sakakarepané. Wah, saiba senengé bisa urip merdika, ora ana sing ngarubiru kakarepané, mangka ora perlu rekasa njambutgawé, djalaran wis ketunggon sanḍang pangan lan radjabrana mubra-mubru. Wah, saiba senengé!
Dadiné wong nonoman mau sida ninggal balé-omahé wong tuwané lan saduluré,lunga menjang ing negara adoh, lan sabarang darbèké pawèwèhé wong tuwané digawani kabèh. Saduluré lanang kari nunggoni bapakné sing wis tuwa. Wataké ora bjang-bjangan kaja aḍiné, luwih seneng manggon ana ing omah katimbang karo nglembara ing saparan-paran, ora gampang kepèntjut déning karaméaning donja. Atiné ajem baé ditinggal lunga aḍiné, djalaran wis ora kena dipirmakaké utawa ditjanḍet kakarepané. Nanging jèn ana botrépot utawa apesé sasuwéné ana ing paran, iku bonggané ḍéwé; jen leginé wis dirasakaké, paité ija adja dilepèh! Mengkono gagasané anak sing tuwa ing atasé aḍiné. Apa ta perluné mrihatinaké begdja-tjilakané wong lija? Rak luwih betjik ngénak-énak ana ngomah nunggoni banḍa tinggalané wong tuwa! Nanging satemené ḍasaring atiné ora kadunungan katresnan marang aḍiné, awit sing ditresnani, iku mung awaké ḍéwé!
Kosokbaliné bapakné, kembeng-kembeng eluhé nalika ngingetaké anaké buḍal saka ing omahé. Atiné kebak prihatin ngrasakaké, keprijé bakal kadadéjané mengko ana ing paran. O, muga-muga ginandjara slamet ing salaku-lakuné. Pangutjapé: „O, nggèr anakku, aku ora bakal lali ndongakaké kowé!” Semono geḍéning katresnané wong tuwa marang anaké! [ 97 ]KOTJAPA satekané ing negara mantja, wong nonoman mau bandjur énggal ngetjakaké rantjanganing atiné, ngudja kakarepané. Saiki sapa sing arep ngalang-alangi? Wong tuwa lan saduluré, apadéné mitra karuhé sing lawas wis ora kotjap babar pisan. Djagad lan sakaéndahané kabèh gumelar ana ing ngarepé, ésṭané lumadi ing sakédah-sakérahé! Tangané mung kari kumlawé, mripaté mung kari kumeḍèp, sagrendjeting atiné bisa ketekan kabèh! Bawané wong isih enom, tur ketunggon ing banḍa akèh, uripé ing sadina-dina prasasat tjetjiblon ana ing kasenengan, Dajané banḍa bisa nekakaké mitra, mulané wong nonoman mau, senadjan wong mantja, éwadéné saḍéla baé wis rinubung sinuba-suba déning mitra pirang-pirang lanang lan wadon. Saben dina, wiwit bjar nganti rep lan wiwit rep nganti bjar manèh, ing omahé ora kenḍat ana bodjana andrawina, gilir gumanti sing paḍa teka: pasugatané mbanju mili, inum-inuman anggur prasasat mbludag tanpa ana peḍoté. Saiki ngarah apa manèh atiné, kabèh kakarepané wis ketutugan!
Wong nonoman mau saben dinané mung ngemataké enggoné mangun kasukan, ora tau njambutgawé utawa nglakoni panggaotan lijané. Apa ta perluné njambutgawé jèn sing disanḍang lan dipangan wis turah-turah? Banḍané diebrèh-ebrèh kagawé ngudja kakarepané; wetuning ḍuwité prasasat sumentoring banju padasan. Mulané ora nganti sepira lawasé ana ing tanah mantja kono, radja darbèké wong nonoman mau wis ḍaḍal, djalaran ora tau diedjogi. Laruding kasugihané ija ndjalari njenjeting omahé, awit pawong mitra sing mauné ora tau towong teka among suka, saiki wis ora tau ngaton manèh.
Senadjan saiki tumiba ing kamlaratan, wong nonoman mau isih duwé pangarep-arep olèh pitulungané pawong mitrané .... Nanging iba gelaning atiné, ora ana wong sidji baé sing gelem nulungi! Nalika isih ketunggon ing banḍa, wong nonoman mau disuba-suba lan diempèk-empèk, nanging bareng wis entèk banḍané, malah mung diwewada lan dipojoki!
Saiki wong nonoman mau rumangsa kepèpèt, wuwuh-wuwuh nalika barang-barang ing omahé wis entèk kabèh, ing tanah kono kambah ing pailan kang banget temah wong mau nganti nanḍang ketjingkrangan. Saking bangeté enggoné kepèpèt ing butuh, wong mau bandjur kelakon ngèngèr marang sawidjining wong tani, diwènèhi pagawéan angon babi menjang pategalané. Wong nonoman sing tekané ing tanah kono katon bagus kesembuh ing busana adi, sinuba-suba déning wong nonoman pepaḍané, saiki mung katon kaja kéré, pating srempal sanḍangané, ilang kabagusané kesasaban ing kokot-bolot, adoh saka pawong mitrané, nanging saben dina mung rinubung ing babi lan gendjik. Semono wong nonoman mau enggoné keplorod dradjaté.
Jèn weruh babi-babiné paḍa dibruki pakan, wong mau menḍekel atiné, djalaran kepéngin maregi wetengé nganggo pakaning babi, nanging ora ana sing mènèhi. Saking bangeting luwéné, wong mau sok ngrebut pakané babi, mung waton wetengé ana isiné pangan.
Kotjapa ing sawidjining dina wong nonoman mau pinudju nunggoni babiné ana ing pategalan. Awaké sajah lan luwé, sanḍangané wis ora arupa sanḍangan, pating srempal ora ana sing wutuh, apamanèh atiné prasasat adjur katempuh ing prihatin. Ing kono ing satengahing panggonan sing djembeg lan djember wong mau bandjur kélingan marang kanikmataning urip ana ing omahé wong tuwané bijèn, sanḍang pangan ora tau kurang, batur lanang wadon pirang-pirang, mangka saiki awaké ana ing tanah mantja mung dadi baturé wong lija! Katon gawang-gawangan tjeṭa ana ing batiné, nalika bapakné dipamiti ora bisa ngutjap apa-apa, nanging mung katja-katja mripaté déning seḍih. Suwé-suwé wong mau bandjur kelair ngutjapaké rasaning atiné: „Buruhé bapakku pirang-pirang paḍa duwé pangan kongsi mubra-mubru, mangka aku iki teka tiwas déning kaliren ana ing kéné. Aku dakngadeg bandjur mangkat, nemoni bapakku sarta matur: Ḍuh rama, kula sampun nglampahi dosa ḍumateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéjan. Kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéjan, mugi karengkuha kados berah sampéjan.”
Wong nonoman mau saiki wis tobat, wis ngrumangsani pamblasaré .... wis golong pikiré arep ngakoni kaluputané ana ing ngarepé bapakné. O, muga-muga bapakné rentaha welasé lan ngapura kaluputané. Atiné sing mauné peteng bjar dadi paḍang, djalaran tuwuh pangarep-arepé mentas saka ing kasangsaran lan ngrasakaké urip sing rada kepénak. Djagad ing tanah mantja sing bijèn katoné éndah gawé kepéntjuting atiné, saiki malih dadi blaḍeraning sangsara. Saiki wis ora ana papan panggonan lijané manèh sing bisa nengsemaké atiné kedjaba mung omahé bapakné kang ambek welasan. Ana ing tanah mantja awaké diwewada lan dipojoki, apadéné disija-sija, nanging ana ing omahé bapakné, senadjan mauné mblasar lakuné, éwasemono mesṭi bakal olèh kawelasan. Awit atiné isih duwé kajakinan, jèn bapakné ora bakal owah-owah katresnané. Ing kono anak sing [ 98 ]mblasar bandjur ngadeg njat, awaké sing wis lemes lan lungkrah dikuwat-kuwataké, mlaku mulih marani omahé bapakné. Saiki wis ora bisa muni arep mulih menjang omahé ḍéwé, awit iku wis dudu omahé, lan marga saka pamblasaré, awaké ora pantes kasebut putrané bapakné, djalaran wis kélangan hak lan wewenangé marga saka luputé ḍéwé. Pangarep-arepé mung muga-muga bisaa ketampan dadi batur, senadjana mung batur sing asor ḍéwé, awit sing digajuh ora lija mung bisaa ngajom ana ing pangaubané bapakné.
Lakuné saiki wis tjeḍak. Saka kadohan omahé bapakné wis katon putih keṭap-keṭap kaja-kaja mbagèkaké tekané .... Nanging sapa sing isih kélingan jèn sing saiki katon kaja kéré iku putrané sing kagungan dalem, wong anom tur bagus kesembuh ing busana adi, sing bijèn buḍal saka ing kono arep lelana menjang ing negara mantja? Wong ing saomah kono mesṭiné paḍa pangling kabèh.
Nanging ora kabèh. Mung sidji sing ora pangling! Bapakné ḍéwé! Senadjan bebasan bisa mantjala putra mantjala putri, bapakné mesṭi ora bakal pangling. Djalaran sasuwéné ditinggal lunga anaké, bapak mau saben dina tansah nganti-anti baliné anaké; saben dina ora towong lenggah ana ing penḍapa ngarep terus ngawasaké ing dalan mbokmenawa anaké katon bali .... Kabeneran, nalika wong nonoman mau mulih, bapakné lagi ngawasaké ing dalan kaja adaté, bareng weruh saka kadohan jèn sing teka iku anaké ḍéwé sing wis lawas dianti-anti, bandjur atiné banget trenjuh déning welas. Tumuli diplajoni, karangkul guluné lan diambungi! Anaké bandjur matur: „Ḍuh rama, kula sampun nglampahi dosa ḍateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéjan, kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéjan.” Nanging aturé sing akèh-akèh mau kaja-kaja ora dirungu, tangané dikanṭi diadjak mlebu ing omah. Bapakné bandjur préntah marang batur-baturé: „Dikebat djupukna djubah kang adi ḍéwé, nuli anggokna; nuli ing dridjiné anggonana ali-ali, sarta sikilé anggonana trumpah. Apamanèh peḍèt kang lemon parakna, kasembelèha. Pajo paḍa mangan lan sukan-sukan, awit anakku iki wis mati, urip manèh; wis ilang, ketemu.” Semono geḍéning katresnané bapak marang anaké.
KOTJAPA nalika semono anaké lanang kang tuwa, mulih saka ing pategalan. Bareng tekan ing ngarep omah, bandjur ngrungu swarané gamelan lan sabawané wong sesenḍonan, mangka adaté ing omah kono sepi njenjet kaja omah suwung. Tumuli ngundang batur sidji, ditakoni: „Kaé ana gawé apa?” Aturé batur mau: „Punika raji sampéjan ḍateng; déné rama djengandika sampun ḍawuh mragat peḍètipun ingkang leman, awit kepanggih malih kalijan ingkang putra sami wiludjeng.” Ing kono anak kang tuwa bandjur nepsu, ora gelem mlebu. Atiné ora trima, déné wong paḍa bungah-bungah lan nganakaké karaméan marga saka mulihé aḍiné. Apa wis pantes, jèn botjah sing mblasar, sing ngebrèh-ebrèh barang darbèké, sing mblunṭah uripé, ditampani manèh, malah disuba-suba nganggo unining gamelan lan karaméan? Atiné mangkel banget, mulané ora gelem mlebu, ora gelem mèlu bungah-bungah karo wong lija-lijané ing omah. Atiné ora bisa ngapura aḍiné enggoné mblasar lakuné, awit miturut panganggepé, aḍiné mau pantes jèn nampanana paukuman kang abot murwat karo dosané.
Bapakné bareng ngrungu kang mengkono iku, bandjur metu ngrerepa. Nanging anaké meksa ora gelem mlebu. Mulané kelakon, anak sing mblasar lakuné, bareng ngeduwungi pamblasaré lan njuwun pangapura, bisa mèlu mlebu ing omah lan ngrasakaké kabungahan, lan kosokbaliné anak sing rumangsa mbangunturut lan betjik lakuné, kari ana ing djaba.
GUSTI Jésus nḍawuhaké pasemon iki marang wong akèh, supaja paḍa ngertia jèn ing swarga ana ing ngarsané Allah lan para malaékaté bakal ana kabungahan geḍé tumrap wong dosa sidji kang mratobat. Menawa katresnané bapa kadonjan semono geḍéné, méndahané manèh katresnané Allah Sang Rama kang ana ing swarga! Nanging sapa sing adigang, adigung, adiguna, sing nganggep awaké ḍéwé luwih betjik, luwih mursid katimbang wong lijané, lan atiné sepi ing katresnan, wong mau bakal didjabakaké saka ing swarga adoh saka ing kabungahan lan karaméan. Lan .... wekasané wong sing mengkono iku bakal dadi paḍa kaja anak sing mblasar!
IBA begdjané wong sing sugih tur ginandjar waras awaké! Nanging iba tjilakané wong sing mlarat, mangka awaké nanḍang lelara!
Kasugihan lan kawarasan iku ora langgeng, mengkono uga kamlaratan lan lelara iku ija ana wusanané.
Djalaran jèn wis tumeka ing adjalé, bandjur?
WIS lumrah wong sing uripé sarwa kepénak, disebut: begdja. Nanging sing [ 99 ]uripé tansah nanḍang kamlaratan lan katjingkrangan, disebut: tjilaka. Sing dienggo paṭokan nemtokaké begdja lan tjilaka iku mung prakara kadonjan; nanging prakara kaswargan lan djaman achérat iku ora klebu ing gagasaning wong. Mulané Gusti Jésus kepareng maringi pasemon minangka piwulang, supaja manusa iku adja mung nggagas bab kang kadonjan baé, nanging ija mikira bab kang bakal kelakon ing djaman achérat. Gusti Jésus bandjur nḍawuhaké pasemon bab wong sugih lan Lasarus.
KATJARITA ana wong sugih singgih, ora kurang sawidji apa, malah uripé bisa mubra-mubru. Panganggoné tenunan wungu lan mori alus, ora béda karo pangagemané ratu. Omahé geḍé lan apik, penḍapané kaja bangsal kraton nganggo direngga-rengga rerenggan èdi pèni. Sadina-dina awan lan bengi wong sugih mau karo pawong mitrané paḍa mangun sukan-sukan sarwa mubjar. Suguhan ḍeḍaharan lan undjuk-undjukan mbanju mili wetuné, kaladèkaké abdi lanang lan wadon pirang-pirang. Jèri disawang uripé kaja-kaja mung mudjudaké kasenengan lan kalubèran, tanpa ana blentongé seṭiṭik-ṭiṭika sing bisa gawé sudaning kabungahan. Kaja-kaja sakèhing kanikmataning ngaurip wis ditumplak ana ing kono!
Lan .... ana ing ngarepé regolé wong sugih mau ana kéré, djenengé Lasarus, ngglungsar ana ing lemah, mangka awaké sakodjur korèngen. Saben dina wong mau ora tau mingsern saka ing panggonané, karo ngarep-arep bokmenawa ana wong gelem nguntjali lorodan pangan saka ing médjané wong sugih, supaja adja kebangeten enggoné nanḍang luwé. Nanging sing gelem nekani wong mau mung asu sing paḍa ndilati korèngé. Mengkono uripé Lasarus tansah ngalami sing ora kepénak, jèn awan ngrasakaké panas déning soroting srengéngé, jèn bengi aḍem kasiliran angin, mangka awaké rasané pegel perih kebak korèng. Jèn disawang uripé kaja-kaja mung mudjudaké pananḍang lan kasangsaran, prasasat kungkum ana ing keḍung kamlaratan lan katjingkrangan, dianggep ina-papa déning pepaḍaning tumitah.
KAANANE djagad tansah gilir gumanti, mengkono uga tumrapé wong sugih sing tjetjiblon ana ing kanikmataning ngaurip, ora béda tumrapé Lasarus sing klelep ana ing keḍung kamlaratan lan katjingkrangan. Urip ana ing djagad iku ora tanpa wangenan. Katjarita ing sawidjining dina Lasarus mati .... sanak sedulur utawa waris ora duwé, dadi ora ana sing ngrasa seḍih kélangan Lasarus. Bareng wis dikubur, djenengé wis ora tau kotjap manèh, kaja-kaja katut kapenḍem bareng karo badan waḍagé. Nanging mungguh njawané ora mengkono nasibé. Para malaékat paḍa tumurun saka ing swarga, nambut njawané Lasarus diarak nganti tekan ing pangkoné Abraham, suminggah saka ing djagad lembahing kasangsaran, sumengka ing ngaluhur menjang kamuljaning swarga. Mengkono gilir gumantining kaanan. Lasarus sing mauné nanḍang sangsara diparengaké ngrasakaké kamuljan lan kabungahan .... Iku apa marga saka enggoné nanḍang kamlaratan lan kasangsaran? Ora, ora marga saka iku! Ora angger wong mlarat, lan ora angger wong tjilaka uripé ana ing donja, jèn wis mati, disambut njawané déning para malaékaté Allah. Enggoné Lasarus bisa olèh kanugrahan semono geḍéné iku marga saka pangabektiné Lasarus marang Allah, senadjan uripé digandjar nanḍang ora kepénak.
Lasarus, djeneng sing nélakaké kabatinané wong sing nganggo djeneng mau, tegesé: „Allah iku pitulunganku.”
ING nalika semono wong sing sugih mau ija mati. Wong sing paḍa nglajat tanpa wilangan tjatjahé. Ramé swarané wong sing nganakaké patangisan. Djenengé dadi utjap-utjapané wong sanegara. Saben wong ngrasani kasugihané. Nanging satemené ora saben wong. Para malaékat ing swarga ora ana sing ngutjap ngrasani wong sugih mau.
Nalika lajoné digawa menjang pakuburan, sing paḍa nguntapaké lajon lakuné ndilir ing dalan dadi arak-arakan geḍé, lan panguburé nganggo pakurmatan kaja ratu.
Nanging njawané wong sugih mau dibablasaké menjang ing naraka, menjang ing panggonaning paukuman langgeng. Mengkono gilir gumantining kaanan. Saka ing papaning kanikmatan ngalih ing papaning kasusahan .... Apa iku marga saka kasugihané? Ora, ora marga saka kasugihané! Ora angger wong sing sugih, ora angger wong sing bisa ngrasakaké kabegdjaning ngaurip, bakal katjemplungaké ing naraka. Nanging wong sing sugih mau ing sadjeroné kabungahané ora tau éling lan ngabekti marang Allah.Nalika isih urip, sing dipikir mung radjabrana kadonjan, nanging saiki ora ana bareng darbèké sidji baé sing bisa gawé senenging atiné. Wong sing mauné sugih saiki kudu ngalami dadi mlarat! ......
Kotjapa nalika wong sugih mau ngelèkaké mripaté ana ing teleng palimengan, gumlinting ngrasakaké lara marga kasiksa awaké, ngrasakaké panasé geni murub sing ora bakal kasirep ing salawas-lawasé, ing kono wong bandjur tumenga menḍuwur, lan saka kadohan katon panggonan pinaraké Abraham ana [ 100 ]ing kamuljan, mangka Lasarus ija ana ing kono .... Wong mau bandjar nguwuh-uwuh, aturé: „Ḍuh rama Abraham, kula mugi sampéjan welasi. Lasarus mugi sampéjan utus njelupaken ing toja putjuking dridjinipun, kadamel ngasrepaken ilat kula, awit kula nanḍang sangsara wonten ing latu punika.” Nanging Abraham ngandika: „Enggèr, élinga jèn kowé iku wus tampa panduman kabegdjanmu salawasé urip, mengkono uga Lasarus tampa panduman tjilaka. Ing samengko Lasarus kalipur, kowé nanḍang sangsara .... Lan apa sing kosuwun ora bakal bisa kaleksanan, djalaran ing antarané aku lan kowé dijasani lowahan djembar, supaja wong ing kéné kang arep mlangkah menjang enggonmu, iku adja kongsi bisa, lan ing kono ija adja ana kang mlangkah menjang enggonku.” Aturé wong mau: „Menawi mekaten, ḍuh rama, panjuwun kula, mugi Lasarus sampéjan utus ḍateng grijanipun bapa kula, awit kula gaḍah seḍèrèk gangsal, punika supados sami kaèngetna, sampun ngantos sami ḍawah ugi ing panggènan pamesijasat ngriki.” Pangandikané Abraham: „Sedulurmu wis paḍa ngerti, jèn wong sing uripé ana ing donja tanpa Allah, iku wekasané bakal nemahi sangsara. Sedulurmu wis nduwèni Kitab Musa lan para Nabi, ija iku kang dirungokna .... Menawa paḍa ora ngrungokaké ḍawuhé Musa lan para Nabi, ija mesṭi ora kena dipituturi, senadyan anaa wong kang tangi saka ing antarané wong mati.” Dadiné Lasarus tetep manggon ana ing papaning kamuljan kang langgeng, lan kosokbaliné wong sugih sing sadjatiné mlarat, tetep manggon ana ing panggonaning pamesijasat kang tanpa kenḍat.
TJARITA ing ḍuwur iki mung wudjud pasemon. Gusti Jésus mulangi wong golongan sarana pasemon mau, supaja paḍa ngertia, jèn wong urip iku paḍa kuwadjiban mikiraké lan ngupaja prakara kang ana ing ḍuwur, jaiku ing swarga, adja mung ketungkul ngudi kang ana ing djagad.
IBA begdjané wong sing sugih tur ginandjar waras awaké! Nanging iba tjilakané wong sing mlarat, mangka awaké nanḍang lelara!
Nanging ....
Kasugihan lan kawarasan ora langgeng. Kamlaratan lan lelara ija ana pungkasané. Kang mungkasi sakèhing urip iku pati! Sawisé mati, bandjur ....?
ANA manèh pangandikané Gusti Jésus marang para sekabaté, kaḍapur pasemon, wosé supaja tansah paḍa ndedongaa, adja kongsi semplah.
Katjarita ing sawidjining negara ana hakim kang ora wedi ing Allah. Hakim mau enggoné nindakaké kaadilan ora samestiné. Jèn sing teka njuwun pangadilan iku wong sugih lan nggawa reruba akèh, hakim mau bandjur énggal tumandang ngrampungi prakarané, ora ndadak dienḍé-enḍé. Nanging jèn sing teka mau wong mlarat, dadi mesṭiné ija ora nggawa reruba, prakarané mesṭi dienḍé-enḍé nganti suwé, ora tumuli dirampungi. Hakim mau dadiné kawentar dadi hakim sing ora djudjur.
Ing negara mau ija ana ranḍa mlarat duwé prakara. Ranḍa mau wis bola-bali séba marang hakim, sarta aturé adjeg mengkêné: „Kula mugi sampéjan angsalaken adil ḍateng lawanan kula paben.” Senadjan wis tjeṭa jèn ranḍa mau perlu banget dipitulungi, lan wong lawanané kudu dipatrapi paukuman, éwadéné hakim mau ora gelem nindakaké kuwadjibané awit kangèlané bakal ora ana pituwasé. Ing wiwitané aturé ora dirèwès, nanging wong wadon mau saben dina teka ngaḍep ing ngarsané hakim, ana ing geḍong pangadilan, ana ing omahé, malah jèn kepeṭuk ana ing dalan, ngambali panjuwunané kaja aturé sing ḍisik. Wusanané hakim mau bandjur duwé osik mengkéné: „Senadjan aku ora wedi ing Allah lan ora maèlu ing wong, éwadéné sarèhné ranḍa iki tansah ngrerubedi aku, betjik dakolèhné adil baé supaja adja pidjer teka baé lan ngrubedi aku.”
Ranḍa mau bandjur ditimbali bareng karo lawanané padu, lan prakarané diadili. Sarana pasemon mau Gusti Jésus maringi piwulang marang para sekabaté lan murid lija-lijané, supaja paḍa mbateka ing pandonga, adja nganti semplah .... Hakim mau kalebu wong sing ala wataké, éwadéné gelem minangkani panjuwuné ranḍa mlarat, luwih manèh Gusti Allah, Rama kaswargan, jèn oraa maringi adil marang para pepilihané, kang paḍa sesambat marang Pandjenengané!
Pandonga iku ora sanalika didjurungi! Ing semu Gusti Allah asring ora miḍangetaké pasambat lan pandonga. Kajadéné wong tuwa sok njabaraké pandjaluké anaké, awit diwawas luwih prajoga tinemuné tumraping anaké, mengkono uga Rama kaswargan ija asring njabaraké panjuwuné para kagungané. Nanging Allah mesṭi miḍanget apa sing diundjukaké ana ing pandonga, malah Pandjenengané ija wis mirsa sakèhing karépotané sadurungé disuwun .... Mulané wadjibé manusa iku njenjuwun lan ndedonga tanpa towong, ing wusanané panjuwuné mesṭi bakal
kadjurungan, kajadéné ranḍa mau ija kadjurungan panjuwuné marga ora kendat-kendat enggoné ngrerubedi hakim sing sawenang-wenang iku. [ 101 ]ISIH ana manèh tjarita pasemon sing dipangandikakaké Gusti Jésus minangka piwulang marang wong akèh mungguh keprijé tjarané enggoné paḍa ndedonga.
Ana wong loro paḍa munggah menjang padaleman sutji arep sembahjang. Kang sidji Farisi, sidjiné djuru mupu béja.
Wong Farisi mau mlebuné ing padaleman sutji kétok nglangak olèhé mlaku. Sapa-sapa sing weruh, mesṭi ngarani, jèn wong sing arep sembahjang iku wong sing ngibadah, sing netepi angger-angger lan saraking agama. Wong mau ndjudjug panggonan sing aḍakan, supaja gampang kaweruhan ing wong akèh. Saburiné wong Farisi mau ana wong lijané sing mèlu mlebu ing padaleman sutji, wong sing ora bisa mamèraké kamursidané kajadéné wong Farisi, djalaran mung djuru mupu béja, wong sing wis dilunaké wong dosa. Jèn wong Farisi mlebu ing padaleman sutji iku wis samesṭiné, djalaran wong mursid lan resik lakuné, nanging bareng djuru mupu béja, apa perluné mlebu menjang padaleman sutji? Wong Farisi mung mèsem weruh djuru mupu béja ana ing padaleman sutji ....
Wong Farisi mau sawisé mapan ngadeg, bandjur wiwit sembahjang, swarané tjeṭa, mengkéné: „Ḍuh Allah, kawula sokur ḍumateng Tuwan, déné kawula punika boten kados tijang sanès, tijang ngalapgang, tijang nganiaja tijang bandrèk, utawi kados djuru mupu béja punika. Kawula punika saèstu tijang mursid. Penḍak wolung dinten kawula sijam kaping kalih, senadjan miturut angger-angger namung kaḍawuhan sijam sepisan ing dalem sataun. Sadaja angsal-angsalan kawula punika kawula djakati, saprasedasanipun kawula pisungsungaken ḍateng padaleman sutji.”
Mengkono iku undjuké wong Farisi marang Allah. Nanging satemené undjuk mengkono iku dudu wudjuding pandonga, djalaran mung tansah mamèraké kabetjikané ḍéwé. Mangka Gusti Allah éwa banget marang tetembungané wong udjubrija.
Balik djuru mupu béja mau, sarèhné rumangsa jèn nisṭa lan asor, enggoné mlebu ing padaleman sutji karo nḍekukul sirahé, semoné kaja wong wedi lan isin sowan ing dalemé Allah. Enggoné ngadeg ana ing kadohan, adoh saka panggonané wong Farisi, ora katon ing wong akèh, ana ing papan sing kiwa. Enggoné sembahjang béda banget karo wong Farisi sing nganggo tembung-tembung pilihan lan mamèraké kabetjikané, awit sembahjangé mung awudjud pasambat ....
Djuru mupu béja mau ora wani nḍangak tumenga ing langit, mung tebah-tebah ḍaḍa, awit wis ngrumangsani sepira geḍéning dosané, mangka Allah mesṭi nguningani sakèhing pialané. Mulané nganḍut seḍih lan wedi, awit pantesé mung kudu nampani paukuman. Klawan wedi enggoné mundjuk marang Allah, mengkéné: „Ḍuh Allah, kawula tijang dosa, mugi Tuwan welasi.” Sembahjangé mung awudjud pasambat njuwun kawelasan, njuwun pitulungan ing sadjeroning kasangsarané. Dosa lan pialané gawé girising atiné, temah wekasané ngungsi marang ngarsané Allah. Mengkono pandongané djuru mupu béja, nanging pasambaté kapijarsakaké, djalaran Gusti Allah ora nampik pandongané wong kang anḍap-asor. Djuru mupu béja mau, sing dilunaké dadi wong dosa, saunduré mulih klawan tentrem rahaju, awit dosané kaapura, temah sirna was sumelanging atiné. Kabungahané iku peparingé Allah karana geḍéning sihkamirahané, kaparingaké klawan lalahan.
PANGANDIKANÉ Gusti Jésus: „Sapa wong kang ngluhuraké awak, iku bakal diesoraké, lan sapa kang ngesoraké awak, bakal diluhuraké.” Mengkono enggoné Gusti Jésus maringi piwulang marang wong akèh, supaja paḍa ndedongaa klawan ngesoraké awak, lan paḍa njumurupana ing dosa lan pialané ḍéwé-ḍéwé.
Awit Gusti Allah nglawan wong kang paḍa angkuh tjiptaning atiné, nanging nandukaké palimirma marang wong anḍap-asor.
ING sawidjining dina ana wong wadon sawetara paḍa njowanaké botjah-botjah marang ngarsané Gusti Jésus supaja paḍa diasta. O, muga-muga Gusti Jésus keparenga ing galih numpangaké astané ana ing anak-anaké, lan maringi berkah ...., saiba begdjané! Mengkono gagasané para ibu, sing paḍa ngusil-usilaké anak-anaké sing ditresnani. Nanging bareng paḍa njeḍaki Gusti Jésus lan lagi baé arep ngulungaké anaké, para sekabat bandjur paḍa ngalang-alangi kakarepané wong-wong mau, paḍa disrengeni: „E, sanak, mbok sampéjan sampun ngresahi Gusti Jésus! Sampéjan bekta késah saking ngriki anak-anak sampéjan niku! Wonten perlunipun punapa laré-laré alit sami sowan ing ngarsanipun Gusti, rak namung baḍé ngribedi kémawon.”
Pantjèn jèn digagas tjara lumrah, para sekabat mau ora luput. Apa ta perluné botjah-botjah paḍa disowanaké marang ngarsané Gusti Jésus, mangka ora lara ora barang? Sing pantes paḍa sowan iku rak wong tuwa utawa wong diwasa, sing paḍa arep njuwun wulangan utawa wong lara, supaja paḍa diwarasaké! Tindaké wong-wong wadon mau
tetéla jèn tanpa duga-prajoga! [ 102 ]NANGING Gusti Jésus ija miḍanget apa sing dadi udjaré para sekabaté, apadéné ija mirsa enggoné paḍa nunḍungi wong-wong wadon lan anak-anaké. Ing kono Gusti Jésus bandjur duka banget. Para sekabat enggoné arep rumeksa marang Gustiné malah ora ndadèkaké keparengé. Gusti Jésus kepareng ing galih disowani botjah-botjah mau, kepareng uga dadi Mitrané, malah kepareng dadi Djuru Slameté, awit saka geḍéning sihé marang botjah-botjah mau. Pangandikané marang para sekabat mengkéné: „Tjikbèn botjah-botjah paḍa marek marang ngarepku, adja dipenggak ....” Para sekabat bandjur paḍa mundur sanalika. Gusti Jésus njasmitani wong-wong wadon mau supaja ngadjokaké anak-anaké. Pasurjané Gusti Jésus katon sumèh lan rena banget nampani pisowané botjah-botjah mau, lanang lan wadon ora dibédak-bédakaké; kabèh paḍa katon seneng lan ora ana sing wedi, malah katon paḍa lulut banget marang Gusti Jésus. Botjah-botjah mau enggoné paḍa njawang lan marek Gusti Jésus ora nganggo rasa was lan sumelang, djalaran atiné isih resik, durung kulina ngoṭak-aṭik gagasan sing néka-néka, anané mung tansah pasrah lan suméndé. Mulané rena ing galih enggoné Gusti Jésus nampèni pisowané botjah-botjah mau, paḍa dirangkuli lan diberkahi .... Malah ḍawuhé Gusti Jésus mungguh ing botjah-botjah mau mengkéné: „Wong kang kaja botjah-botjah iku kang paḍa nduwèni kratoné swarga.”
Kraton swarga, dalemé Allah kang mulja, iku mung kena digajuh ing wong-wong sing paḍa kaja botjah-botjah wataké. Lumrahé wong diwasa iku enggoné marek ing ngarsané Gusti Jésus, wis ora lamba atiné. Ana ing duwé rasa wedi lan isin, ana sing wis ngrantam-rantam enggoné arep njoba lan nglawan Gusti Jésus, ana manèh sing mung arep nonton baé, djalaran rumangsa wis ora mbutuhaké pitulungan. Dadi wong diwasa iku atiné wis kebak gagasan néka-néka, ora kaja botjah-botjah sing atiné isih lamba, sing mung rumangsa begdja lan bungah bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus, ora duwé gagasan sing, mengkéné utawa mengkono, anané mung pasrah lan suménḍé, pratjaja mareng Gusti Jésus klawan gumolong atiné. Botjah-botjah paḍa bisa ngrasa sepira geḍéning sih katresnané Gusti Jésus marang awaké ....
ING kono Gusti Jésus bandjur mangandikani wong-wong sing paḍa njawang lelakon iku mau, sing atiné wis kebak gagasan warna-warna, ḍawuhé: „Satemené pituturku ing kowé: Sing sapa ora kaja botjah enggoné nampani kratoné Allah, iku mesṭi bakal ora lumebu ing kono!”
Kira-kira wong-wong mau bisa njanḍak kersané Gusti Jésus, nalika ngandika mengkono iku. Enggoné paḍa marek ing ngarsané Gusti Jésus iku kudu kaja botjah-botjah mau, atiné kudu isih lamba, mung pasrah lan pratjaja, burus lan djudjur, ora nedya nutup-nutupi dosané. Gusti Jésus kepareng mitulungi, malah kepareng mberkahi. Malah Pandjenengané ija kepareng njawisi urip langgeng ana ing swarga, ing ngarsané Allah, — waton wong-wong mau paḍa pratjaja marang Pandjenengané, kaja patrapé, botjah-botjah mau!
ORA adoh saka negara Jerusalèm ana désa tjilik aran Bètani. Ing désa kono ana wong telu sasedulur, jaiku Marjam, Martha lan Lasarus seduluré lanang. Sedulur tetelu mau kalebu wong betjik, akèh pawong mitrané ana ing kalangané, wong geḍé utawa wong tjilik. Malah Gusti Jésus pijambak ija kagolong mitrané. Pandjenengané asring rawuh ing omahé Lasarus lan seduluré wadon, perlu lerem sawetara ana ing panggonan sing tentrem, jaiku ing désa tjilik Bètani.
Kotjapa omahé para mitrané Gusti Jésus kambah ing kaprihatinan. Lasarus lara, malah larané mbebajani. Marjam lan Martha seḍih banget ngrasakaké seduluré sing lara. Gèk keprijé polahé jèn seduluré lanang nganti tumeka ing pati, mangka mung sidji kuwi? Mulané bandjur paḍa kongkonan nggolèki Gusti Jésus ana ing laladané kali Jardèn, lan paḍa diweling mundjuk: „Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit.”
Saupama Gusti Jésus pirsa jèn Lasarus lara banget, Pandjenengané mesṭi tumuli rawuh! O, muga-muga Gusti Jésus énggal-énggal rawuh!
Saungkuré kongkonan, larané Lasarus munḍak banget. Marjam lan Martha ora kurang-kurang enggoné setijar mulasara seduluré sing lara; sawernaning djamu wis ditamakaké, nanging larané Lasarus semu-semuné madal tamba .... ing wekasané Lasarus mati.
Marjam lan Martha banget enggoné kapetel ing seḍih, kélangan sedulur lanang sing dadi sapu-kawaté. Saiki sapa sing bakal dadi andel-andelé? Omahé saiki sepi njenjet, djagad sing ramé saiki katoné mung kaja ara-ara samun .... O, enggoné paḍa nglakokaké kongkonan iku tanpa guna. Saupama Gusti Jésus rawuh, ija wis kasèp, awit Lasarus wis mati ..
Sawisé diulesi, lajoné bandjur diuntapake menjang ing pakuburan, kasèlèhaké ana ing kubur kang aḍapur guwa, katutupan ing watu minangka inebé. Ing kono panggonan sumelèhé Lasarus nganti tekan djaman kijamat. [ 103 ] [ 105 ]O, mesakaké temen Marjam lan Martha! Wong sadésa Bètani paḍa nglajat kabèh; warna-warna patrapé enggoné nélakaké béla sungkawa. Nanging kaprihatinané Marjam lan Martha ora bisa lipur. Omahing katentreman sing asring dirawuhi Gusti Jésus, saiki dadi omah palajatan. Wis olèh patang dina enggoné paḍa nanḍang prihatin, nanging Gusti Jésus durung katon rawuh.
Nanging ing patang dinané ana kang nggawa warta jèn Gusti Jésus rawuh ing Bètani. Bareng ngrungu jèn Gusti Jésus mlebu ing désa, Martha bandjur énggal-énggal meṭukaké tindaké, nanging Marjam kari ḍelog-ḍelog ana ing omah, gela banget déné rawuhé Gusti Jésus wis kasèp. O, rawuhé kok ora ḍèk wingi-wingi ing sadurungé Lasarus mati!
GUSTI Jésus wis ngantjik ing wilajahé désa Bètani. Tindaké sarèh, kaja-kaja ora ana prakara sing gawat. Ing sadalan-dalan ngandikan karo para sekabat lan murid-murid lijané kaja adaté. Gusti Jésus ora tau kesesa tumandang ing damel, djalaran Pandjenengané pirsa ing sadurungé winarah.
Nalika kongkonan saka Bètani marek ana ing ngarsané sarta mundjuk: „Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit.” Gusti Jésus ora kedjot. Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus nélakaké ajem lan tentreming galihé, pangandikané: „Larané iku ora tumeka ing pati, nanging tumeka ing kaluhurané Allah ....” Senadjan wis diaturi rawuh ing Bètani, Gusti Jésus isih lereb rong dina ana ing laladané kali Jardèn. Sawisé mengkono bandjur ngandika marang para sekabat: „Pajo paḍa menjang ing tanah Judéa manèh.”
Menjang ing tanah Judéa? Menjang ing wewengkoné negara Jerusalèm, ing panggonane para ulama sing paḍa arep mbenturi watu Gusti Jésus? Apa arep ngetrepi uniné bebasan: kutuk marani sunduk? .... Para sekabat paḍa kagèt ngrungu pangandikané Gusti Jésus mengkono iku. Tumrapé Gusti Jésus tindak menjang ing tanah Judéa iku rak kena diarani ndjarag marang rerubed lan katjilakan. Mangka Lasarus ija ora kudu tumuli ditulungi, awit Gusti Jésus wis ngandika marang kongkonan saka Bètani, jèn larané iku ora tumeka ing pati, dadi mesṭiné Lasarus bakal mari karepé ḍéwé. Para sekabat babar pisan ora ngerti bab patiné Lasarus lan bab kasusahan sing ana ing Bètani. Sing nguningani iku mung Gusti pijambak, nanging pangandikané: „Lasarus, mitra kita, lagi turu, nanging Aku mrana bakal nggugah enggoné turu.”
Para sekabat bandjur paḍa matur: Gusti, menawi tilem, baḍé saras. Menawi mekaten rak boten perlu tindak ḍateng Judéa, awit ingrika kaṭah bebajanipun!” Para sekabat ora bisa njanḍak sing dadi pangandikané Gusti Jésus, mulané bandjur diblakani supaja paḍa ngertia anané lelakon sing njeḍihaké, ḍawuhé: „Lasarus wis mati! Mangka Aku bungah ..!” Sanalika para sekabat paḍa kagèt banget ngrungu jèn Lasarus wis mati, mangka Gusti Jésus ngétja-étja lereb ana ing tanah kono nganti rong dina suwéné. Lan sing nggumunaké manèh, déné swarané Gusti Jésus ora ngetarani jèn seḍih, malah kelair pangandikané: „Aku bungah .... bab ing ngatasé kowé déné mau Aku ora ana ing kana, supaja kowé paḍa pratjajaa; nanging pajo paḍa mrana! Gusti Jésus bandjur énggal samekta ing tindaké menjang Bètani, kaḍèrèkaké para sekabat, ngliwati dalan sing rumpil munggah meḍun pepunṭuk.
Para sekabat sing mauné paḍa wedi ngambah tanah Judéa, bareng paḍa weruh jèn Gusti Jésus buḍal, ija paḍa ora gelem kari. Tomas kanḍa marang kantjané para sekabat: „Pajo paḍa nḍèrèk béla mati.” ....
Lakuné saiki wis ngantjik wewengkoné désa Bètani.
SAKA ing désa kono ana wong wadon meṭukaké sing lagi paḍa rawuh, polatané katon suntrut, ngetarani jèn atiné kebak kaprihatinan. Wong mau Martha, sing ora sabar ngentèni nganti sarawuhé Gusti Jésus ana ing omahé. Gusti Jésus mirsani Martha klawan banget welasé. Undjuké Martha: „Gusti, menawi Tuwan wontena ingriki, saḍèrèk kawula mesṭi boten èstu pedjah.” Pangandikané Gusti Jésus: „Sadulurmu bakal tangi manèh!” Nanging Martha durung bisa njanḍak tegesé pangandika mau, mulané atiné isih seḍih. Bakal tangi manèh? O, Martha ija ngandel jèn bésuk kijamat ing dina wekasan kabèh wong sing wis paḍa mati bakal ditangèkaké manèh lan Gusti Allah bakal nindakaké pangadilan: ana sing dilebokaké ing kamuljan langgeng lan ana sing katjemplungaké ing naraka .... Nanging saiki, patangèning raga ing djaman wekasan iku ora bakal mulihaké Lasarus kaja wingi-wingi.
Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Aku iki djatiné kijamat lan kauripan. Wong kang pratjaja marang Aku iku bakal urip, sanadjan wusa mati.” Undjuké Martha: „Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah.” Polatané Martha saiki wis katon bungah, atiné wis ledjar; pantjèn Martha wis ora gadjeg-gadjeg atiné mungguh ing Gusti Jésus, Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih, Djuru Slameté djagad; Pandjenengané iku maha welas lan maha kuwasa, bisa ngledjaraké atiné wong seḍih, malah bisa maringi karahajon samengko ana ing donja, lan ing tembé ana ing swarga. Bareng Martha wis ngrasa jèn Gusti Jésus saiki ana ing satjeḍaké, apa perluné isih nandang seḍih lan kuwatir? [ 106 ]
Sawisé mundjuk mengkono mau, Martha bandjur mundur arep ngundang Marjam, sing isih kari ana ing omah. Marjam bandjur dibisiki: „Guru wis rawuh, nimbali kowé.” Marjam bareng ngrungu bandjur ngadeg marani menjang ing ngarsané Gusti Jésus bareng karo Martha.
WONG-WONG sing paḍa lagi nglajat ana ing omahé, bareng weruh Marjam maknjat ngadeg sarta metu, bandjur paḍa ngetutaké lakuné .... Pangirané wong-wong mau parané Marjam menjang ing kubur arep nangis ana ing kono, mulané ngetut buri arep ngétokaké enggoné paḍa béla sungkawa. Nanging Marjam lan Martha ora menjang ing kubur; lakuné arep meṭukaké Gusti Jésus.
Gusti Jésus mirsani tekané Marjam lan Martha ditut-buri wong akèh, Pandjenengané ija mirsa Marjam lan Martha sing paḍa kembeng-kembeng eluhé, mratanḍani geḍéning kaprihatinan sing ana ing atiné, mengkono uga mirsa kaprihatinané wong akèh sing paḍa béla sungkawa. Bareng Gusti Jésus mirsa Marjam njungkemi sampéjané kambi nangis lan wong Jahudi kang ngetutaké ija paḍa nangis, ing kono Gusti Jésus bandjur rengu ing batos lan aruhara ing galih, kaprihatinané wong akèh mau karaos-raos ana ing galihé pijambak. Gusti Jésus bandjur ndangu: „Enggonmu ngubur ana ing endi?” Kang kadangu paḍa mundjuk: „Sumangga Gusti, Tuwan tingali.” Sarawuhé ing pakuburan, Gusti Jésus muwun ngedalaké waspa. Gusti Jésus bareng djumeneng ing ngarepé kuburé Lasarus, aḍapur guwa katutupan ing watu, kawistara enggoné rengu ing batos. Tjlaṭuné wong Jahudi: „Lah saiba enggoné ngasihi. „Nanging ana manèh sing duwé udjar mengkéné: „Kang wis ngelèkaké mripaté wong pitjak, apa mauné ora bisa uga murungaké patiné wong iki?” Nanging ora ana sidji baé sing bisa mbaḍé apa sing arep ditindakaké Gusti Jésus saiki!
Gusti Jésus pirsa — lan iki sing ndjalari Pandjenengané rengu ing batos — jèn mula bukané ana pati ing djagad iku marga saka anané dosa. Mangka sing kuwasa ngasoraké pati iku mung Pandjenengané pijambak. Saiki Pandjenengané arep nedahaké pangwasa lan kaluhurané Allah ana ing ngarepé wong akèh. Pangandikané Gusti Jésus: „Watune singkirna!” Martha kagèt, bandjur énggal mundjuk: „Sampun, Gusti, sampun mambet, margi sampun angsal kawan dinten.” Nanging Gusti Jésus bandjur tumenga sarta ndedonga, matur marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga. [ 107 ]Watu tutuping kubur bandjur disingkiraké, guwa panggonan sumèlèhé kang mati menga, lan lajoné Lasarus isih gumléṭak ana ing kono, Gusti Jésus bandjur nguwuh klawan swara kang sora, ḍawuhé: „Lasarus, metua!” Sanalika kang mati tangi ndjenggèlèk, bandjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, rainé kaaweran ing katju. Lasarus wis pulih urip manèh. Swarané Gusti Jésus kang sora mau mengku pangwasa, nangèkaké Lasarus saka ing kubur. Wong-wong sing paḍa ndeleng lelakon mau, paḍa ndomblong kamitenggen, nanging ija kaworan bungah. Pangandikané Gusti Jésus: „Utjulana ulesé, kerebèn lunga.” Ulesé énggal diutjuli, Lasarus bandjur dipasrahaké marang Marjam lan Martha, dikanṭi lakuné alon-alon mulih menjang ing omahé, diuntapaké ing wong akèh. Sing mauné paḍa nanḍang prihatin marga saka patiné Lasarus saiki paḍa bungah-bungah marga Lasarus wis urip manèh. Wong Jahudi sing paḍa meruhi pandamelé Gusti Jésus iku mau, akèh kang mandjing pratjaja marang Pandjenengané, nganggep jèn Gusti Jésus iku kang sanjata djumeneng Sang Mesih, Putrané Allah. Kaélokan kang ditindakaké Gusti Jésus ana ing désa Bètani, seḍéla baé wis sumebar wartané menjang ing saindengé negara.
PAWARTA bab kaélokané Gusti Jésus enggoné nangèkaké Lasarus saka ing antarené wong mati uga wis sumebar ing Jerusalèm. Nanging para pangarepé imam lan para Farisi paḍa mokalaké lelakon mau, udjaré: „Mokal, wong mati sing wis dikubur nganti patang dina suwéné, keprijé bisané urip manèh? Mustahil bisané kelakon!”
Pawarta mau tular-tumular njrambahi wong sanegara; akèh wong sing paḍa ngandel lan ngalembana pangwasa lan kaluwihané Gusti Jésus. Nanging tumrapé para imam pawarta mau mung memanas ati; wong-wong mau paḍa suṭik ngrungu bab pangwasa lan kaluwihané Gusti Jésus, paḍa dadi satru-ati lan ngenḍem sengit, djalaran Gusti Jésus kerep melèhaké kaluputané tanpa tèḍèng aling-aling, apa manèh Pandjenengané tansah sesrawungan karo para wong asor, wong mlarat, djuru mupu béja lan wong dosa lijané, lan kerep nerak wewaler dina Sabbat .... Mulané para imam nganggep Gusti Jésus iku guru apus-apusan.
Ewadéné wong golongan paḍa seneng ngrungokaké pangandikané lan paḍa martak-martakaké kaélokaning pandamelé Gusti Jésus, — lan suwé-suwé wong golongan mung mindeng nḍèrèkaké Gusti Jésus lan ngrungokaké sakéhé piwulangé, temah paḍa nglalèkaké anané para imam lan para ulama apadéné para ahli kitab lan para pangarepé wong Jahudi .... O, sing kaja mengkono iku adja pisan-pisan nganti kelakon! Guru apus-apusan iku adja nganti menang papan! Para imam lan para pangarep iku tetepa dadi panuntuning bangsa. Embuh keprijé tjarané, utawa sepira kangèlané, nanging sing djeneng Jésus iku kudu disingkiraké!
PRADATA agung ing Jerusalèm, Sanhédrin, paḍa nglumpuk marepat; sing paḍa nglumpuk jaiku para pangarepé imam, para Farisi, para ahli kitab lan para pinituwa, wong-wong iku mau kabèh paḍa njatru Gusti Jésus, kedjaba ana sidji loro sing paḍa dadi mitrané.
Sing paḍa dirembug jaiku lelakon sing mentas paḍa diseksèni ing wong akèh ana ing désa Bètani, lelakon sing ndjalari seriking atiné.
Enggoné paḍa rembugan mengkéné: „Pratingkah kula kadospundi, déné tijang punika damel pratanḍa kaṭah? Menawi kaudja makaten, mesṭi tijang sadaja sami pitados ḍateng pijambakipun, lan kula sami kawastanan ngadegaken ratu énggal, ladjeng sami kalurugan déning tijang Rum, sami ngrebat negari kula, dalah bangsa kula pisan. Prakawis punika sampun ngantos kelampahan; tangsuling pamitran kalijan bangsa Rum sampun ngantos peḍot. Sapunika punapa ingkang kedah sami kula tindakaken ingatasipun Jésus?”
Prakara mau ramé dirembug nganti dedreg, lan wekasané panunggalané salah sidji, nama Kajafas, kang djumeneng imam agung ing taun kang lumaku iku, bandjur ngandika: „Sampéjan teka boten ngertos punapa-punapa, sami boten manah bilih maédahi ḍateng sampéjan, menawi wonten tijang setunggal pedjah krana tijang kaṭah, sampun ngantos saumat tiwas sadaja.” Pangandikané iku mau jèn ditjeṭakaké mengkéné: „Punapa ta ingkang sami sampéjan kuwatosaken? Menawi Jésus punika dipun tjepeng, ladjeng dipun sirnakaken, daja pangaruhipun ḍateng tijang golongan sakeḍap kémawon rak tumunten sirna ugi .... Langkung prajogi wonten tijang satunggal ingkang dados tawur minangka sulihipun tijang kaṭah katimbang kalijan tijang kaṭah nanḍang sangsara namung krana tijang setunggal.” Pamrajogané imam agung mau dirudjuki déning rapaté Sanhédrin: Jésus kudu ditjekel lan disirnakaké. Wong sidji dadi sulihé wong akèh.
PANGANDIKANÉ imam agung Kajafas kang mengkono mau ḍasar njata lan benér, Gusti Jésus kudu nglampahi séda kanggo saumat kabèh. Rawuhé Gusti Jésus marang djagad pantjèn mengku sedya ngrembat lan [ 108 ]ngésahaké dosa, sarana njanggi sakèhing paukuman kang tumudju marang saumat kabèh, pamurihé supaja mulihaké karukunan ing antarané djagad lan swarga, ing antarané manusa lan Allah. Gusti Jésus pijambak wis sagah njanggi sakèhing sangsara sing beneré kudu disangga déning manusa marga saka dosané. Wong sidji njulihi wong akèh.
Pangandikané Kajafas iku njata, malah meḍaraké pametja. Enggoné djumeneng imam agung iku kagem lantaran déning Allah nglairaké pametja ingatasé Gusti Jésus. Nanging Kajafas ḍéwé ora ngerti jèn mung kagem lantaran; déné kelairing pangandikané mau saka ing atiné sing ngenḍem sengit marang Gusti Jésus, daja-daja énggala sirna sing dadi klilipé.
Wiwit nalika iku ana ḍawuh, sapa-sapa sing weruh papan dunungé Gusti Jésus, kudu nglapuraké marang para imam, supaja énggal kaleksanan kaja sing dadi putusané Sanhédrin. Lan iku ora let suwé ija bakal kaleksanan temenan.
Ing kono bakal tumeka ing waktuné Gusti Jésus kaulungaké marang tangané wong dosa, kaja sing wis asring dipangandikakaké marang para sekabaté. Lan ing kono Pandjenengané bakal sida nglampahi séda. Wong sidji dadi tawur krana wong akèh!
SAIKI wis ndungkap waktuné, nanging ora ana wong sing weruh lan ora ana sing ngerti.
Mung Gusti Jésus pijambak kang mirsa apa kang bakal kelakon ing imbangé pagunungan ing negara Jerusalèm. Lan ija mung Pandjenengané pijambak kang ngerti, apa sebabé kudu kelakon mengkono. Ewadéné Pandjenengané babar pisan ora geter, senadjan wis mirsa jèn sing bakal kelakon iku nggegirisi banget.
Saiki Pandjenengané tindak menjang ing Jerusalèm, nglangkungi lembah Jardèn nratas kuṭa Jericho liwat ing pagunungan. Tindaké Gusti Jésus ngener ing séda ngambah ing marga-laja!
KATJARITA nalika semono dalan geḍé sing nradjang lembah Jardèn katon ramé banget. Wong lanang wadon, nom tuwa saka ing désa ngadésa sauruté kali Jardèn, paḍa bebarengan mlaku ngenér menjang ing Jerusalèm, djalaran wis ngarepaké rijaja taunan sing geḍé ḍéwé, jaiku rijaja Paskah.
Mengkono uga Gusti Jésus dalah para sekabat njarengi lakuné wong golongan sing paḍa bebarengan munggah menjang ing Jerusalèm, saka ing lembah Jardèn.
Wong golongan mau sing akèh asalé saka ing djadjahan Galiléa, tepangané Gusti Jésus, mulané wis paḍa ngerti bab pandamelé kang sarwa élok. Wong-wong mau paḍa rerasan jèn saiki wis ndungkap waktuné, malah mbokmenawa mengko mbarengi rijaja Paskah ing Jerusalèm, Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, bandjur njirnakaké bangsa Rum ....
Ratune bangsa Jahudi! .... Tetembungan mengkono iku wis dadi kembang lambéné wong akèh, saben wong kepeṭuk karo Gusti Jésus, bandjur mbisiki kantjané: „Kaé lo Ratuné bangsa Jahudi!” Paraning panjawangé wong akèh ngener marang Gusti Jésus, lan kabèh paḍa wedi sarta éring marang Pandjenengané.
Nanging kotjapa .... sing digaḍang-gaḍang djumeneng Ratu keprijé? Pandjenengané nimbali marek para sekabaté, bandjur diḍawuhi mengkéné: „Aku lan kowé paḍa menjang ing Jerusalèm, lan Putrané manusa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ulama, tumuli dipatrapi paukuman pati, sarta diulungaké marang para wong kapir, supaja dipojoki lan disapu tuwin disalib, .... lan ing telung dinané bakal katangèkaké! ....”
Lo, Gusti Jésus saiki kok ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nanḍang sangsara lan séda, malah luwih tjeṭa katimbang sing wis dipangandikakaké. Nanging bokmenawa pangandikané mau aḍapur sanépa utawa pasemon. Rak éman banget ta, saupama saiki Pandjenegané bandjur séda, mangka beneré kudu djumeneng Ratu! Para sekabat babar pisan paḍa durung bisa njanḍak apa perluné Gusti Jésus rawuh ing djagad, luwih manèh wong golongan sing paḍa arep ngrijajakaké Paskah.
„Kaé lo Ratuku!” mengkono udjaré wong akèh, lan para sekabat ija paḍa seneng nirokaké udjaré wong akèh mau ....
Lakuné wong golongan wis tjeḍak karo Jericho, kuṭa kang misuwur kurmané. Pawarta bab rawuhé Gusti Jésus wis sumebar ing kono, mulané wong-wong Jericho gumrudug paḍa meṭukaké rawuhé, djalaran kepéngin weruh Pandjenengané.
SAUPAMA ana ratu lijan negara rawuh ing sawidjining kuṭa, tamu agung mau rawuhé mesṭi disaosi pakurmatan geḍé, para prijagung paḍa meṭukaké ing sadjabaning kuṭa, bandjur njarengi tindaké mlebu ing keḍaton, ing sauruting dalan rèntèp wong paḍa nonton, ramé swarané wong paḍa surak-surak.
Tamu agung mau enggoné nglangkungi wong-wong sing paḍa nonton mung sakeplasan, bandjur terus mlebu ing keḍaton .... Sing dipireng akèh lan sing ditingali ija warna[ 109 ]warna, nanging sing diadjak ngandikan mung para prijagung lan panggeḍéné kuṭa kono; déné wong tjilik, wong miskin lan asor, turuné wong pidak-padarakan, ora kotjap babar pisan ana ing ngarsané tamu agung, djalaran ora wanuh lan ija ora ditepangaké, apamanèh ora ngerti apa sing dadi osiking atiné wong akèh ....
Kosokbaliné Gusti Jésus, samangsa Pandjenengané rawuh ing sawidjining kuṭa, Pandjenengané pirsa mobah-mosiké wong lan ora kasamaran marang pasambat lan pangaḍuh sing tumuwuh ana ing atiné wong tjilik, mangka Pandjenengané tansah madosi panunggalané wong sing nanḍang sangsara lan kaniaja ....
KOTJAPA nalika tindaké Gusti Jésus wis tekan ing satjeḍaké kuṭa Jericho, ana wong pitjak lungguh nḍéprok ing pinggir dalan pepriman, wong mau arané Bartiméus. Saben dina Bartiméus lungguh ana ing kono, tangané njaḍong ndjaluk siḍekahé wong liwat sing loma atiné, nanging saiki .... sapa sing arep nggatèkaké wong ngemis ing pinggir dalan, wong pitjak lan mlarat, tjala ina lan papa? Saiki .... kabèh paḍa mindeng nḍèrèkaké tindaké Rabbi saka Nasarèt, sing bakal djumeneng Ratu ing Jerusalèm.
Bartiméus bareng krungu sabawané wong golongan gumrudug liwat_ing ngarepé, bandjur takon ana apa. Ana wong sing gelem nganḍani, jèn iku Jésus Nasarani kang langkung.
Ing kono Bartiméus bandjur nguwuh-uwuh seru, undjuké: „Ḍuh Jésus teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Wong-wong sing ana ing tjeḍaké bandjur njenḍu, udjaré: „Hus , meneng! Adja ngrusuhi Gusti! Pandjenengané saiki tjalon Ratuné wong Jahudi, lagi tindak menjang Jerusalèm!” Nanging Bartiméus malah saja nemen panguwuhé: „Ḍuh teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Senadjan swarané kesilep déning gederé wong golongan, éwasemono ora kanḍeg enggoné nguwuh-uwuh, malah saja seru. Bartiméus wis kerep ngrungu tjrita bab Gusti Jésus, Rabbi saka Nasarèt, sing bisa ngelèkaké mripaté wong pitjak .... Bokmenawa saiki lagi tumbuk begdjané Bartiméus, dalan panggonané nḍéprok dilangkungi Gusti Jésus, mangka atiné wis suwé enggoné kepéngin njuwun pitulungan .... Senadjan swarané Bartiméus mung lamat-lamat kepireng ing talingané Gusti Jésus, éwasemono Pandjenengané kepareng kèndel, djalaran sing dipireng ora mung swaraning tjangkemé, dalah swaraning atiné Bartiméus sing kebak pangaḍuh ija wis kapireng ing Pandjenengané.
Bareng Gusti Jésus kèndel, wong golongan ija kanḍeg lakune, para pangarepé bangsa lan para panggeḍé sing paḍa metu saka ing kuṭa Jericho meṭukaké Gusti Jésus, kabèh paḍa manḍeg kepéngin weruh enggoné Gusti Jésus ngandikan karo wong ngemis, wong tjala ina lan papa, Gusti Jésus bandjur ḍawuh nimbali marek Batiméus. Sawisé ngrutjat djubahé, bandjur gurawalan ngadeg sarta katuntun marek marang ngarsané Gusti Jésus. Pangandikané Gusti Jésus: „Karepmu dakkapakaké?” Bartiméus ora bisa njawang Gusti Jésus, nanging kupingé bisa ngrungu swaraning pangandika kang mengku sih kawelasan. Grojok aturé Bartiméus: „Ḍuh Gusti, kawula mugi sageda ningali.” Ḍawuhé Gusti Jésus: „Dibisa ndeleng; pangandelmu kang mitulungi kowé.” Paḍa sanalika mripaté bjar paḍang, djagad lan saisiné katon tjeṭa gumelar ana ing ngarepé .. Lan ing satengahé wong golongan Bartiméus njawang Prija sidji, sing mentas mbirat tjatjading awaké, sing wis dirungu wartané jèn tansah ḍangan ing panggalih maringi pitulungan marang wong papa lan sangsara. Pandjenengané iku kang bakal tansah diḍèrèk ing satindaké. Atiné Bartiméus kebak suka sokur marang Allah, déné wis marengaké bisa sowan ing ngarsané Gusti Jésus, bisa ngalami kabegdjan ana ing uripé. Saiki atiné mantep enggoné pratjaja marang Sang Djuru Slamet. Bareng Gusti Jésus ngladjengaké tindaké, Bartiméus ora gelem kari, klawan bungah nḍèrèkaké tindaké ana ing dalan.
KATJARITA bareng Gusti Jésus lumebet ing kuṭa Jericho, nratas tindaké.
Ing kono ana wong sugih aran Zachéus; nalika Gusti Jésus rawuh ing Jericho, Zachéus enggoné arep ndeleng Gusti Jésus dilakoni mènèk ing wit djaitun ing pinggir dalan sing arep dilangkungi. Keprijé nalaré kok dadi mengkono?
Zachéus iku wong sugih, omahé betjik lan geḍé, praboting omah sarwa pèni, éwasemono kelakon mènèk ing wit lan lungguh ana ing epang kaja botjah tjilik. Mulané nganti dilakoni mengkono, djalaran saka kepénginé ndeleng marang Gusti Jésus kaja apa wudjudé, nanging ora bisa, marga saka tjènḍèking dedegé, temah tansah kaling-kalingan ing wong akèh. Sadurungé Gusti Jésus langkung ing kono, Zachéus wis lumaju nḍisiki, bandjur mènèk ing wit. Enggoné nglakoni mengkono, djalaran kepeksa déning kaanan, awit saupama arep nḍresel ing antarané wong akèh, Zachéus kuwatir mbokmenawa dielokaké lan disingkang-singkang ing wong akèh. Wong ing Jericho kabèh wis paḍa ngerti marang Zachéus, djuru mupu béja sing sugih, nanging kasugihané mau, djaréné wong akèh, [ 110 ] [ 110 ]ora kalal, djalaran asalé saka enggoné meres bangsané ḍéwé. Djuru mupu béja iku dadi buḍaké bangsa Rum, bangsa kapir, dipatah mupu padjegé bangsa Jahudi, nanging enggoné mupu padjeg mau diunḍakaké tikel tekuk. Patrapé sing mengkono iku ndjalari sugihé, nanging ija ndjalari awaké digeṭingi déning bangsané, malah dianggep dadi panunggalané wong dosa lan wong ala, didjabakaké saka ing pasrawungan .....
Sarèhné wis ngrumangsani asoring dradjaté, Zachéus ora wani nḍresel ing tengahé wong golongan, malah pangirané, Rabbi saka Nasarèt iku ija paḍa baé karo para ulama lan para imam, jèn kepeṭuk, mesṭiné ora bakal kersa ngaruh-aruhi kagawa saka éwané.
Zachéus énak-énak lungguh ing pangé wit, ing batin wis nemtokaké jèn saiki mesṭi bakal bisa ndeleng Gusti Jésus klawan tjeṭa. Senadjan akèh sing paḍa ngelokaké lan nggeguju patrapé, éwadéné Zachéus wis ora ngrèwès udjaring wong. Wis suwé enggoné ngrantam-rantam keprijé rékané supaja bisa ndeleng Guru sing pandamelé dadi potjapané wong akèh. Iba begdjané jèn nganti kelakon bisa njawang Sang Maha Guru, senadjana mung saka kadohan. Satemené Zachéus ora rumangsa begdja ketunggon ing banḍa akèh, kasugihané iku ora bisa nentremaké atiné. Zachéus kepéngin nggajuh sing ngungkuli banḍa kadonjan. Nanging keprijé bisané kelakon?
Kotjapa lakuné wong golongan wis njeḍaki panggonané Zachéus. Atiné ḍeg-ḍegan, sepisan iki mesṭi bakal bisa ndeleng marang Gusti Jésus, Zachéus wis mapan enggoné lungguh, tangané tjekelan pang supaja adja nganti tiba, mripaté awas nggolèki sing lagi dirubung ing wong akèh. Lah, kaé sing ana ing tengah, kaé mesṭiné sing disuwuraké dadi Guru saka Nasarèt. Atiné krasa lega déné saiki bisa ndeleng marang Gusti Jésus. Nanging dumadakan .... apa iki?
Sarawuhé Gusti Jésus ing panggonan kono, bandjur kèndel lan tumenga ningali Zachéus. Apa sebabé? .... Zachéus entèk atiné djalaran sumelang jèn pratingkahé mau ora ndadèkaké sardjuning panggalihé sing arep langkung sangisoring wit. Nanging bareng njawang pasurjané Gusti Jésus, atiné dadi ajem, djalaran ora ngetarani babar pisan jèn runtik galihé. Nanging Zachéus ora ngerti apa sebabé Gusti Jésus kèndel.
Gusti Jésus kèndel ana ing ngisor wit iku pantjèn mligi tumudju marang Zachéus, djuru mupu béja, sing didjabakaké saka ing pasrawungané bangsané, Pandjenengané pirsa apa sing ndjalari samaring atiné Zachéus, malah ija wis mireng pasambat sing sumengka saka ing telenging atiné .... Wong lija durung ana sing ngrungu, malah Zachéus ḍéwé ija durung nglairaké pasambaté nanging mungguh ing Gusti Jésus ora ana prakara kang samar .... Mengkono uga samobah-mosiking atiné Zachéus wis kapirsan kabèh.
Gusti Jésus kèndel sarta tumenga ningali Zachéus. Zachéus krasa jèn ditingali, nanging tingalé mau bisa gawé ajem lan tentreming ati. Ing kono Zachéus bandjur krungu jèn dipangandikani, tjeṭa pangrunguné: „Zachéus, diénggal muḍuna, sebab ing dina iki Aku perlu lèrèn ana ing omahmu.”
Gagasané Zachéus: „Ing omahku, omahé djuru mupu béja, wong dosa? Apa temenan Pandjenengané kersa rawuh ing omahku? ...” Zachéus bandjur muḍun rerikatan, mlaju mulih perlu tjetjawis enggoné arep nampani rawuhé Gusti Jésus, tamu agung sing ora dinjana-njana kersa rawuh ing omahé.
Wong golongan sing ngrungu pangandikané Gusti Jésus mau, paḍa pating kedumel, enggoné paḍa rerasan mengkéné: „Ing omahé djuru mupu béja, wong dosa, keprijé déné Pandjenengané kok kersa rawuh?” Wong golongan mau senadjana pating kedumel nggrundeli Gusti Jésus, ora wurung paḍa nḍèrèk nganti tekan ing omahé Zachéus, lan paḍa ngentèni ing djaba. Nanging Gusti Jésus bandjur lumebet ing omahé Zachéus sarta pinarak sawetara suwéné, apamanèh kersa nampani pasugatané Zachéus.
Ana ing ngarsané Gusti Jésus, Zachéus ngrumangsani banget enggoné nasar lakuné, uripé ing saben dinané mung tansah lumèngkèt karo piala, nanging ing samengko uga atiné ngrasakaké ajem lan tentrem, déné Gusti Jésus kepareng ngrawuhi omahé, malah kepareng imbal pangandika karo wong dosa lan wong urakan kaja awaké, Zachéus tumuli madju sarta mundjuk marang Gusti Jésus: „Gusti, lah sabarang gaḍahan kawula sepalih kawula sukakaken ḍateng tijang miskin. Sarta menawi wonten tijang ingkang kawula penḍeti punapa-punapanipun srana paékan, punika kawula wangsulaken tikel sekawan. „Gusti Jésus bandjur ngandika: „Ing dina iki omah kéné ketekan karahajon. Déné tekané Putrané manusa iku nggolèki lan mitulungi rahaju kang ketriwal.”
Iba senengé nampani pangandika kang mengkono iku. Wong-wong lijané bisa uga ora ngerti karepé, nanging Zachéus wis bisa njanḍak kersané Gusti Jésus. Zachéus rumangsa begdja lan rahaju, djalaran dosané kabèh kaapura. Atiné saiki wis ora ngangah-angah manèh marang banḍa lan kasugihan, djalaran saiki wis kaparingan banḍa sing adjiné ngungkuli sakèhing radjabrana ing donja, jaiku
tresna marang Allah. Iku kang dadi karahajoning uripé, langgeng ing salawas-lawasé. [ 111 ]SAWISÉ lelakon iku mau Gusti Jésus ngladjengaké tindaké, kaḍèrèkaké ing wong golongan. Dalané majat munggah menjang ing Bètani, saja suwé saja tjeḍak karo Jerusalèm. Gagasané wong-wong sing paḍa ndèrèkaké Gusti Jésus: „Saja tjeḍak karo Jerusalèm, saja tjeḍak karo kamuktèn lan kawibawan, samangsa Gusti Jésus sida djumeneng Ratu lan aku paḍa kepareng dadi abdiné!
Nanging ora mengkono panggalihé Gusti Jésus: „Saja tjeḍak karo Jerusalèm, saja tjeḍak karo sangsara lan pati!” Éwadéné Gusti Jésus enggoné tindak katon ajem baé. Pandjenengané rumaos jèn kedah ngemban ḍawuh karsané Kang Rama lan iku kang gawé ledjaring galihé. Pandjenengané nemaha murugi kasangsaran kagawa saka geḍéning sihé marang manusa, djalaran Pandjenengané sagah njanggi paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa. Pandjenengané tindak menjang Jerusalèm lan wekasané Pandjengané bakal olèh kaunggulan, apadéné ija bakal djumeneng Ratu agung binaṭara, ngungkuli sakèhing ratu ing donja.
Apa sing arep kelakon ing Jerusalèm mengko iku béda banget karo sing diangen-angen ing wong golongan. Wong-wong mau paḍa ora ngerti, jèn Pandjenengané, kang djumeneng Djuru Slameté, kedah nglangkungi marganing sangsara kang ngener menjang kamuljan. Bésuk ing tembé wong-wong mau lagi paḍa bisa ngerti!
KATJARITA, nalika Gusti Jésus rawuh ing désa Bètani, ing omahé Simon saraat, jaiku Simon sing wis tau nanḍang lara saraat, nanging wis disarasaké, ing kono Pandjenengané disaosi ḍahar, bareng karo para sekabat lan tamu lijané, kajata: Marjam lan Martha, apadéné Lasarus sing ditangèkaké saka ing antarané wong mati.
Gusti Jésus pinarak ana ing kono, diladosi para mitrané sing paḍa bungah-bungah djalaran Pandjenengané kepareng ana ing tengahé. Kabèh sing paḍa ana ing padjagongan katon bungah lan warna-warna patrapé enggoné nglairaké katresnan marang Pandjenengané.
ÉWADÉNÉ swasana sing ngemu rasa seneng lan gambira, meksa ketlusuban ing rasa seḍih lan prihatin.
Marjam, sing mèlu lungguh ana ing kono, wis suwé ngingetaké marang Gusti Jésus, nanging enggoné mèlu bungah-bungah djalaran karawuhan ing Gustiné, meksa kaworan ing seḍih. Wong-wong lijané bisa ngrasakaké kabungahan, mbokmenawa ora mikir apa sing bakal kelakon ingatasé Gusti Jésus. Nanging Marjam ora bisa lali-lali jèn kurang seḍéla engkas bakal ana lelakon sing njeḍihaké, awit Pandjenengané bakal nemahi séda. Mulané saiki mumpung ketudju waktuné, Marjam arep nglairaké sepira geḍéning sih katresnané marang Gusti lan Guruné. Marjam ngadeg, bandjur ngglenes metu. Ora antara suwé bali manèh nggawa gendul isi lenga djebad sing larang banget regané. Alon-alon Marjam njelaki Gusti Jésus, lengané djebad bandjur diesokaké ing mastakané Gusti Jésus: Marjam rumangsa begdja lan bungah banget déné isih bisa nélakaké geḍéning katresnan lan pakéring marang Guruné sadurungé ngalami séda. Senadjan atiné bungah, éwadéné meksa kaworan seḍih jèn ngélingi sangsara sing bakal nempuh Pandjenengané, Marjam bandjur sudjud ing sampéjané Gusti Jésus, saking seḍihé nganti nètès eluhé, bandjur diusapi nganggo rambuté .... Para tamu enggoné paḍa ḍahar kepeksa kèndel, kabèh pada njawang pratingkahé Marjam. Akèh sing paḍa ngalembana marang lekasé Marjam enggoné saos pakurmatan marang Gusti Jésus. Gandaning djebad wangi ngambar-ambar ngebaki saguṭeké omah kono.
Déné Gusti Jésus pijambak banget kepranan ing galih nampèni pakurmatané Marjam.
NANGING kotjapa, pratingkahé Marjam mengkono mau ora ndadèkaké panudjuning atiné salah sawidjining sekabat sing aran Judas. Judas njipati ḍéwé apa sing ditindakaké déning Marjam. Lenga djebad sing akèh adjiné ora éman-éman disuntak ana ing mastakané Gusti Jésus. Udjaré Judas: „Djebad iku jagéné teka ora diedol, paju telung atus dinar, kena didanakaké marang wong miskin?” Udjaré Judas mengkono iku ing semu pantjèn bener. Wong-wong sing ngrungu udjar mau akèh sing manṭuk-manṭuk mbeneraké Judas. Nanging udjar mau pantjèn mung semu lan tata-lair baé. Gusti Jésus kang mirsani ing sadjeroning atiné wong, ija mirsa apa sing aling-alingan ing saburining semu. Ing semu Judas iku ambek welasan, tansah ngélingi marang wong miskin, nanging sadjatiné Judas iku atiné tjeṭil lan ambek tjulika. Judas iku kapasrahan njekel kanṭong ḍuwit. Jèn kepetuk karo wong pepriman, sing kadjibah ngulungaké dana iku Judas. Enggoné duwé udjar mengkono iku pantjèn ana pamrihé, jaiku supaja olèha alem saka wong akèh lan saka Gusti Jésus .... Nanging Gusti Jésus mirsa tjulikaning atiné. Saupama lenga djebad mau diedol, pepajon telung atus dinar iku ora kok bakal mligi [ 112 ]kanggo wong miskin kabèh, nanging Judas ḍéwé ija bakal olèh-olèhan, awit adaté sok njeler sing dilebokaké ing kanṭongé. Mulané ḍawuhé Gusti Jésus marang Judas dirungu ing wong akèh, mengkéné: „Nengna baé ta wong wadon iki enggoné mbetjiki Aku. Wong miskin iku salawasé ana ing kowé, nanging anaku ing kowé ora salawasé. Wong wadon iku nindakaké ing sakadaré. Enggoné ndjebadi Aku iku minangka tjaḍangan ngarepaké dinané enggonku kakubur.”
Gusti Jésus banget rena ing galih mirsani tandangé Marjam, lan pangandikané marang wong lijané sing paḍa ana ing kono: „Ing endi-endia ana ing sadjagad kabèh panggawéné Marjam iki bakal katjaritakaké minangka pangéling-élingé.” Ing djaman sapungkuré lelakon mau tjarita bab katresnané Gusti Jésus bakal kagijaraké ing sadjagad kabèh, lan tjarita bab katresnané Marjam marang Gusti Jésus iku mesṭi bakal ora dilalèkaké.
ENGGONÉ paḍa kembulan ḍahar bandjur diterusaké. Marjam lan Judas paḍa mapan manèh ana ing médjané. Wong loro mau paḍa ngerti jèn Gusti Jésus wis ndungkap waktuné ngalami séda. Prakara mau ditjeṭakaké manèh déning Gusti pijambak sarana pangandikané: „Sebab enggoné ngesokaké lenga iki marang badanku, kanggo njamektani enggonku bakal kakubur.”
Dadi karo-karoné wis paḍa ngerti jèn Gusti mung kari seḍéla enggoné tetunggilan karo para murid ....
Déné Marjam kagawa saka tresnané marang Gusti Jésus mung tansah mrihatinaké Gusti Jésus enggoné arep nanḍang sangsara lan séda. Kosokbaliné Judas, sing tansah dadi gagasané mung awaké ḍéwé, déné gegajuhané tjaloné ora ketjekel. Gusti Jésus iku pirsa sadurungé kelakon, dadi apa sing dipangandikakaké iku njata lan mesṭi bakal kelakon temenan. Jèn wis njata Gusti Jésus bakal ngalami séda, apa gunané nḍèrèk wong sing wis tjepak patiné? Judas kepéngin nḍèrèk lan njuwita marang wong sing kena diandelaké, sing bisa maringi pangkat lan dradjat, apadéné kasugihan.
Sarèhné rumangsa gela banget atiné djalaran ora bakal ketekan kakarepané, mulané bandjur tuwuh geṭingé marang Gusti Jésus .... Saiki atiné wiwit ngrantam-rantam keprijé enggoné arep golèk pepulih sarèhné rumangsa wis digawé gela.
MUNGGUH Gusti Jésus pijambak keprijé? ....
Pandjenengané mirsa samubarang. Pandjenengané nguningani katresnané Marjam, lan ija ora kekilapan jèn Judas wiwit ngenḍem sengit.
KATJARITA ésuké ing dina wiwitaning minggu, sapungkuré dina Sabbat, ana wong golongan geḍé buḍal saka ing désa Bètani ngener menjang ing Jerusalèm. Wong-wong mau kabèh paḍa arep nekani rijaja Paskah sing bakal diwiwiti ing dina Sabbat tjanḍaké. Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabat ija tindak njarengi wong golongan.
Dadiné mung kurang sawetara dina ....
Wong golongan, mengkono uga para sekabat, wis nitjil ngrasakaké bungah sarta paḍa rerasan: „Kurang sawetara dina Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud lan mesṭi bakal nunḍung bala Rum saka ing wewengkon Israèl. Jèn Pandjenengané djumeneng Ratu, aku kabèh paḍa dadi wadyabalané. Pandjenengané iku Sang Mesih, kang bakal ngluwari saumat kabèh saka ing pangawulan, sarta mulihaké kaluhuran lan kawibawaning bangsa Israèl. Kurang sawetara dina ....”
Wong golongan sing wis luwih ḍisik tekan ing Jerusalèm, bareng ngrungu jèn Gusti Jésus tindaké wis tekan ing Bètani arep terus menjang ing Jerusalèm, akèh kang paḍa metu meṭukaké rawuhé. Kabèh paḍa nunggal panemu, jèn saiki wis tumeka ing waktuné Gusti Jésus djumeneng Ratu, pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud. Déné sing paḍa ora ngrudjuki panemu mengkono mau, kajata para ulama lan para imam, iku ora perlu dirèwès! Gusti Jésus kang djumeneng Sang Mesih, lan wis pantes jèn ija djumeneng Ratu!
GUSTI Jésus kang nguningani samubarang ija mirsa batiné wong akèh, lan apa sing diuningani iku ndjalari trenjuhing galihé. O, wong-wong mau paḍa ora ngerti, malah ora gelem ngerti, jèn Pandjenengané enggoné djumeneng Djuru Slamet lan Panebus iku kelakoné sarana nanḍang sangsara lan séda, jaiku sumurup enggoné njanggi sakèhing paukumané wong dosa, temah bisa ngrukunaké manusa karo Gusti Allah.
Satemené ora kliru panemuné wong akèh jèn Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, éwasemono dudu Ratu kang pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud: jèn Pandjenengané djumeneng Ratu, bakal pinarak ana ing tengene Allah Sang Rama ana ing swarga, apadéné bakal ngerèhaké djagad lan swarga.
Pandjenengané ija bakal unggul ing juda, nanging ora marga saka perang tanding karo bangsa Rum: Pandjenengané bakal ngasoraké Iblis, mungsuh kang linuwih kasektèné.
Malah Pandjenengané ija bakal maringi karahajon lan kamuljan marang sakèhé wong sing paḍa pratjaja lan tresna marang Pandjenengané, nanging ora ing sadjeroning uripé ana ing alam donja sing mung satjlérétan; pandjenengané bakal maringaké karahajon lan kamuljan mau ana ing djaman kalanggengan, jaiku ana ing swarga. [ 114 ] [ 115 ]Nanging karana iku mau kabèh Pandjenengané kudu nglampahi nanḍang sangsara kang banget, nganti tumeka ing séda, lan enggoné séda bakal kaja patiné wong durdjana tjinampahan lan pinojokan déning wong akèh!
Gusti Jésus mireng rerasanané wong golongan, mirsa gambiraning atiné, djalaran paḍa kepéngin kaparingan kamuljan lan kaluhuran ing sadjeroning uripé ana ing alam donja .... Sarèhné mengkono kakarepané wong akèh, mulané saiki Pandjenengané arep nedahaké, jèn Pandjenengané iku sanjata djumeneng Ratu, nanging ora kaja sing dadi pangarep-arepé, dudu ratu kang ngasta dedamel samekta ing perang, nanging Ratuning katentreman.
Ing kono Gusti Jésus nimbali sekabaté loro kaḍawuhan mengkéné: „Paḍa menjanga ing désa ngarepmu kuwé, tumuli kowé bakal mrangguli kuldi wadon tjantjangan kanṭi belo, iku paḍa utjulana, nuli gawanen mréné beloné. Déné menawa ana kang ngaruh-aruhi kowé, bandjur tutura, jèn iku perlu kagem ing Gusti, dadi bakal digawakaké tumuli.” Sekabat mau bandjur paḍa lunga lan nglakoni ing sapiwelingé Gusti Jésus. Ing désa kang diparani wis ana kuldi ditjantjang lan beloné ana ing tjeḍaké. Bareng lagi diutjuli, kang duwé kuldi takon généja paḍa nglakoni mengkono, bandjur diwangsuli: „Iku perlu kagem ing Gusti!” Kang duwé kuldi mau mesṭiné kagolong mitrané Gusti Jésus, mulané kuldi wadon sabeloné bandjur digawakaké.
Bareng sekabat mau paḍa sowan manèh ing ngarsané Gusti Jésus lan bareng paḍa ngerti jèn Pandjenengané ngersakaké nitihi beloné — belo mau wis geḍé lan rosa, nanging durung tau ditunggangi ing wong — terus mlebet menjang ing negara Jerusalèm, .... wah, saiba bungahé wong-wong mau. Gusti Jésus adaté mung tindak ḍarat baé, nanging saiki ngersakaké nitih kuldi kajadéné ratu! Kuldiné bandjur énggal-énggal dilarabi djubah lan Gusti Jésus dilawani panitihé. Bareng wong golongan weruh Gusti Jésus wis pinarak ing gegering kuldi, bandjur paḍa surak mawurahan. Sasuwéné tindak, para murid paḍa djèrèng djubahé ing dedalan kang ditindaki lan ana kang ngeṭoki trubusing kekajon, digelar ana ing dalan, dadi dalané kaja-kaja digelari babut prangwedani. Wong golongan kang paḍa lumaku ing ngarep lan kang lumaku ing buri nguwuh-uwuh, wurahan pamudjiné marang Kangdjeng Nabi saka ing Nasarèt, kang djumeneng Sang Mesih, kang rawuhé bakal ngluwari umat kagungané! Pangutjapé wong golongan: „Hosanna kondjuk ing teḍakipun Dawud! Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, inggih Ratunipun Israèl! Hosanna wonten ing luhur!”
Pamudji lan surak mawurahan mau ora peḍot-peḍot ing sadalan-dalan nganti ngumanḍang adoh, malah nganti tekan ing sangareping gapurané Jerusalèm. Wong-wong sing wis ana ing djero negara, bareng ngrungu jèn Gusti Jésus diarak arep mlebu ing negara, bandjur paḍa metu meṭukaké tindaké, kambi paḍa surak-surak, uniné: „Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, Ratunipun Israèl!”
Ana wong Farisi lan para ulama sawetara paḍa metu mbarengi wong golongan, nanging atiné paḍa nganḍut kuwatir bareng ngrungu surak lan pamudjiné wong golongan. Saiki saumat kabèh bakal kérut marang Rabbi saka Nasarèt, sing paḍa digeṭingi, mulané pada mundjuk marang Gusti Jésus: „Guru, para murid Sampéjan kadukanana, lan tijang golongan Sampéjan ḍawuhi kèndel! Udjaripun tijang-tijang punika rak dora ta? Sampéjan rak boten djumeneng Ratu?”
Nanging Gusti Jésus ajem baé galihé lan ḍawuh wangsulané: „Saupama wong iku paḍa menenga, watu-watu mesṭi paḍa nguwuh-uwuh!”
ARAK-arakané wong golongan sing paḍa bungah-bungah lakuné mbatjut munggah ing pèrèngané gunung Zaitun, saja suwé saja tjeḍak karo negara Jerusalèm .... Saka kadohan wis katon keṭap-keṭap témboké negara sutji, muwuhi gambiraning atiné wong golongan, papah kurma sing ana ing tangan diklèbèt-klèbètaké ésṭané uluk salam marang Jerusalèm, kuṭa kradjané tanah Israèl. Jerusalèm sing wis mataun-taun kapeṭatan ratu, saiki bakal karawuhan Ratuné klawan nitih kuldi lan kinurmatan ing umaté! Jerusalèm, negarané para leluhur lan pusering kawibawané Israèl! Wiwit saiki negara sing wis kuna iku bakal pulih anjar lan montjèr manèh! Mengkono pangangen-angené wong akèh!
Apa sing kelakon ing nalika iku wis kawetja déning nabi ing djaman kuna, mengkéné: „Bebungaha kang banget, hé putri ing Jerusalèm! Gijak-gijaka! Lah Ratunira ngrawuhi sira, Pandjenengané adil sarta mengku karahardjan, lembah ing galih, nitih kuldi, ija belo anaking kuldi!”
Mangka saiki sing kelakon iku tjotjog karo sing diḍawuhaké déning nabi ing djaman kuna. Nanging wong-wong mau paḍa kliru enggoné ndjarwani pametjané nabi mau!
Tjoba sawangen, sing katon ing satengahé wong golongan iku diarak lan dipunḍi-punḍi [ 116 ]klawan kabungahan geḍé. Pandjenengané digaḍang djumeneng Ratu ana ing Jerusalèm. Nanging apa ora kliru? Apa wudjudé ngèmperi ratu?
Titihané mung beloning kuldi, dudu djaran tédji, mangka ija ora ngagem busananing ratu lan sirahé ora ngagem makuṭa emas, apadéné ora nganggar peḍang. Sing paḍa lumaku ing ngarep utawa ing buriné iku dudu pradjurit djaranan kang sikep gegaman ....
Rawuhé Ratu mau ora ngagem kamuljan, wataké adil lan mengku karahardjan sarta lembah ing galih. Bareng arak-arakané wis tekan ing gunung Zaitun, negara Jerusalém katon tjeṭa saka ing panggonan kono .... keprijé? Apa wong iku pantes djumeneng ratu?
Mripaté ora katon gumebjar nélakake gambiraning galihé, nanging malah ngrentahaké waspa, djalaran Gusti Jésus bandjur muwun. Pandjenengané banget trenjuh ing galih. Pandjenengané iku maha mirsa, bareng ningali negara Jerusalém saka kadohan katon nengsemaké, ora malah dadi rena ing galih. Pandjenengane muwun, awit mirsa apa sing bakal kelakon ing atasé negara Jerusalèm. Pandjenengane mirsa jèn Jerusalèm bakal katekan ing mungsuh, kuṭané bakal kinepung wakul binaja mangap, negara sing saiki katon éndah nengsemaké bakal dadi luḍesan, wong-wong sing saiki paḍa gijak-gijak ngutjapaké pamudji, bakal paḍa tumpes tapis tekan botjah-botjah tjilik. Negara Jerusalèm bakal kataman ing paukuman kang nggegirisi, djalaran nampik marang Djuru Slamet, malah nganti wani njédani .... Lelakon kang ngébat-ébati iku kabeh wis kapirsan déning Gusti Jésus, mangka ora kena disinggahi. Iku kang ndjalari trenjuhing galihé Gusti Jésus nganti ngrentahaké waspa, kagawa saka banget welasé.
Lan keprijé wekasané bareng wong golongan enggoné paḍa ngarak Gusti Jésus wis mlebu ing negara Jerusalèm kambi gijak-gijak? Keprijé tjalon ratuné? .... O, iku tjalon ratu sing aneh! ....
Gusti Jésus ora bandjur ngagem pangwasané djumeneng ratu kaja sing dadi pangarep-arepé bangsa Israèl mau. Pandjenengané aluwung murugi wong pitjek lan wong lumpuh, bandjur disarasaké. Pandjenengané iku Djuru Slamet kang paring panglipur lan pangentasan saka ing sangsara, kang paring tentrem rahaju ana ing ati, awit Pandjenengané iku kang djumeneng Ratuning katentreman.
UDJARÉ wong akeh isih adjeg mengkéné: „Kurang sawetara dina Pandjenengané bakal ngagem pangwasané ngluwari kita saka tanganing mungsuh.”
Nanging golongané para ulama lan para imam wis paḍa sapotjapan: „Wong iku kudu disirnakaké. Entènana sawetara dina engkas wong iku mesṭi mati!”
„Mung kurang sawetara dina!”
BARENG wajahé wis sore Gusti Jésus bandjur tindak kaḍèrèkaké sekabat rolas, medal saka ing negara Jerusalém, nglangkung pèrèngané gunung Zaitun, menjang ing desa Bètani. Ing sadalan-dalan isih mblasah gegoḍongan lan pang-pang sing ésuké digawé ngurmati tindake Gusti Jésus, nanging wis katon alum lan garing.
Gusti Jésus nilar karaméaning kuṭa, perlu ngupadosi papan sing sepi, supaja bisa tjelak karo Allah lan ndedonga!
ÉSUKÉ Gusti Jésus tindak manèh menjang ing Jerusalem, sarta rawuh memulangana ing padaleman sutji. Ora ana wong sing ngerti apa sing arep kelakon ing sadjeroning minggu iku kedjaba Gusti Jésus pijambak. Kurang sawetara dina, bandjur .... éwadené Gusti Jésus isih adjeg sesrawungané karo wong akeh, isih adjeg memulang wong golongan bab sih katresnané Allah, nanging ija bab kaadilané.
Ana ing padaleman sutji adaté wong-wong paḍa njaosaké pisungsung dilebokaké ing peṭi bèt-amal. Ḍuwit sing dilebokaké iku minangka pisungsungé umat kondjuk marang Gusti Allah.
Ing dina iku wong-wong sing paḍa mlebu ing padaleman sutji ija nglebokaké ḍuwit ing peṭi bèt-amal mau. Nalika semono Gusti Jésus ningali ranḍa miskin nglebokaké ḍuwité mung rong igar, uniné mak kliṭik nibani dinar lan ḍuwit perak lijané sing wis nglumpuk ing djero peṭi. Miturut adjine ḍuwit mung pisungsung sepelé, nanging Gusti Jésus ngandika: „Satemené pituturku ing kowé, enggoné nglebokaké pisungsung ranḍa iki luwih akeh katimbang karo wong kabéh, awit wong-wong lijané enggoné nglebokake pisungsung marang Allah iku saka kaluwihané, balik ranḍa iku saka kabutuhané, malah saduwèk-duwèké kang minangka panguripané, dilebokaké kabeh."
Mengkono enggoné Gusti Jésus paring piwulang marang wong akèh, jèn pisungsungé wong miskin iku ndadèkaké keparengé Allah ngungkuli pisungsungé wong sugih, waton enggoné njaosaké pisungsung mau klawan saos sokur marang Allah.
Padaleman sutji sadina muput kebak wong gilir gumanti mlebu metu ora ana peḍoté, wong saka sawrataning wilajahé bangsa Israèl prasasat ditumplak ing negara Jeru[ 117 ]salèm. Lan sapa-sapa sing teka ing Jerusalèm mesṭi paḍa nggolèki Gusti Jésus arep ngrungu piwulangé, awit durung tau ana Rabbi sing memulang kaja patrapé Gusti Jésus.
Nanging padaleman sutji ija dadi papan nglumpuké para imam, para Farisi lan para ulama lijané. Wong-wong mau paḍa ngrungu piwulangé Gusti Jésus, nanging enggoné ngrungokaké piwulangé mau wis kaḍasaran sengit lan geṭing. Enggoné paḍa nggeṭingi Gusti Jésus saja suwé saja banget, malah saupama wania, mesṭi Gusti Jésus wis ditjepèng lan disédani. Nanging wong-wong mau isih paḍa wedi marang wong golongan. Wong golongan katon enggoné paḍa asih lan sumujud marang Gusti Jésus, jèn Gusti Jésus saiki ditjepèng, mesṭiné bakal ndadèkaké gègèré wong akèh.
Para ulama iku mung paḍa njarèhaké atiné, pangutjapé wong-wong mau: „Disrantekaké tekan lebar rijaja! Dikena iwaké adja nganti buṭek banjuné!”
Nanging para ulama saben dina tansah paḍa rerembugan keprijé patrap lan rékané enggoné arep ningkes satruné. Bola-bali ana wong kongkonané para ulama marek ing ngarsane Gusti Jésus, nganggo pawadan arep njuwun priksa kaja patrapé murid njuwun priksa marang guruné, nanging sadjatiné arep masang kala djiret supaja oleha ḍaḍakan enggoné arep njepeng Gusti Jésus bandjur kaladèkaké marang ngareping pradata. Nanging Gusti Jésus wis uninga ing saolah-kriḍaning satru, mulané ḍawuh wangsulané tansah bisa gawe kedjoḍèrané wong-wong mau. Nanging marga saka kang mengkono mau, malah saja munḍak pangigit-igité para ulama marang Gusti Jésus. Lan iku mung muwuhi trenjuh ing galihé.
Para pangarepé bangsa Jahudi paḍa wangkot atiné lan ora gelem ngaku jèn Gusti Jésus iku Putrané Allah kang rawuhé perlu ngluwari djagad saka ing pamisésaning dosa, malah wong-wong mau tansah nindakaké réka-daja supaja saumat kabèh adja nganti paḍa duwé panganggep kang mengkono iku.
Jerusalèm, negara sutji, wekasané bakal nampik marang Sang Mesih, kang rawuhé wis wiwit djaman kuna dianti-anti déning umat Israèl lan kang pangwasané bisa gawé mongkoging atiné wong Israèl.
Iku mau kang ndjalari trenjuhing galihé Gusti Jésus.
Ing sawidjining dina Gusti Jésus ngandika: „Èh Jerusalèm, Jerusalèm, .... wis nganti ping pira enggonku arep nglumpukaké anak-anakmu, paḍa kaja babon enggoné nglumpukaké kuṭuké sangisoring swiwiné, mangka kowé paḍa lumuh!”
Mengkono uga Gusti Jésus ija wis tau ngandikakaké bab paukuman lan bilai kang bakal nempuh negara Jerusalèm, krana enggoné nampik marang Pandjenengané.
GUSTI Jésus nalika semono uga ngandikakaké bab apa kang bakal kelakon, mangka enggoné ngandika mengkono iku nganti bola-bali, temahan para sekabat paḍa duwé pangira jèn Gusti Jésus ora bakal djumeneng ratu ing Jerusalèm kaja sing dadi pangarep-arepé nalika wiwitan .... Sangsara lan bilai warna-warna bakal nempuh bangsa Israèl, malah para sekabat ḍéwé bakal ngalami nanḍang sangsara uga ....
Nanging wekasané para sekabat mau bakal kaparingan kamuljan, angger paḍa ngantepi kasetyané marang Guru lan Gustine. Ḍawuhé Gusti Jésus: „Sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku kang bakal kapitulungan rahaju.”
MUNGGUH negara Jerusalèm, keprijé bakal kadadéjané?
Ing sawidjiné dina nalika Gusti Jésus teḍak nilar padaleman sutji, sekabaté bandjur paḍa marek ngaturi ningali éndahing jejasané padaleman iku. Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus: „Bésuk ing kéné bakal ora ana watu dilestarèkaké tumumpang ing watu, kang ora bakal didjugrugaké.”
Para sekabat paḍa kaget ngrungu pangandika mengkono iku. Apa padaleman sutji sing semono geḍéné lan sing kaéndahané ngasoraké keḍaton, apa padaleman sing katon bakuh lan santosa iku arep didjugrugaké? Apa sebabé?
Bareng wis ana ing sadjabané negara, ana ing gunung Zaitun, Gusti Jésus pinarak diaḍep para sekabat, kambi njawang marang Jerusalèm saka kadohan, ing kono Gusti Jésus bandjur ngandikakaké sangsara kang bakal nempuh negara Jerusalem dalah padalemané sutji. Bakal ana sabawa lan pawartaning perang, bakal ana bangsa nempuh marang paḍa bangsa lan kraton paḍa kraton, lan ing pirang-pirang panggonan bakal ana pailan, pageblug lan linḍu. Jerusalèm bakal katekan ing mungsuh, wong-wong sing paḍa manggon ing kono bakal paḍa ditumpes, lan nalika iku bakal ana sangsara geḍé, lan durung tau ana negara sing ngalami katempuh ing sangsara sing semono geḍéné.
Berkah peparingé Gusti Allah marang umat Israèl iku mawantu-wantu lan tanpa-wilangan akèhé, ngungkuli bangsa lija-lijané. Éwadéné bangsa Israèl tansah kurang narima. Lan ing wekasané Gusti Allah maringaké Putrané kang ontang-anting supaja ngolèhaké karahajon tumrap umat kagungané, éwadené bangsa mau nampik peparingé Allah sing [ 118 ]pinundjul, lan wani njenjamah lan njawijah marang Putrané Allah .... sarta nganti Pandjenengané ditjepeng lan disédani. Kurang sawetara dina, bandjur ....
Nanging — ing tembé bangsa mau bakal nampani paukuman.
Bab bakal tekané sangsara geḍé iku dipangandikakaké déning Gusti Jésus marang sekabat klawan tetembungan kang banget nrenjuhaké ati.
ING sédje dina Gusti Jésus ija ngandika marang wong golongan mungguh waktu kang bakal nekani sarana pasemon.
Ana wong sugih gawé pakebonan anggur, kang dipageri mubeng, disaḍijani kowèn pamipitan lan digawèkaké panggung pangungakan.
Sawisé dipadjegaké marang wong among tani, wong sugih mau bandjur lelungan menjang ing tanah mantja.
Bareng wis wajahé panèn anggur, wong sugih mau kongkonan batur sidji nemoni wong tani dipurih nampani panduman pametuné pakebonané sumurup ing padjegé .... Nanging sing duwé pakebonan mau ketjuwan banget atiné. Djalaran satekané batur mau ana ing pakebonan, bandjur ditjekel lan digitiki sarta ditulak bali legèh.
Wong sugih mau bandjur kongkonan batur lijane manèh, pangarep-arepé supaja wong among tani mau paḍa elinga marang kasaguhané, nanging baturé malah dibenturi watu nganti tatu sirahé, bandjur ditulak lan diwirang-wirangaké.
Senadjan wong among tani mau wis ketatalan jèn ambek tjulika lan ala, éwasemono wong sugih mau ora kentèkan kasabaran, isih kongkonan batur lijané manèh, nganti bola-bali; ana sing dipilara, malah ana sing dipatèni. Wis tjeṭa banget, jèn kasabarané wong sugih mau ora ndadèkaké kenḍaking angkara-murkané wong among tani, sing bebasané wis mbeguguk nguta waṭon.
Dené wong sugih mau mung kari duwé wong sidji sing kena dikongkon, jaiku anak lanang sing dikasihi. Ing wekasané anaké lanang mau ija dikongkon menjang ing pakebonané anggur, osiké: „Jèn sing teka mrana anakku ḍéwé, mesṭiné wong-wong iku paḍa éring lan ora wani genḍak-sikara!”
Nanging bareng paḍa weruh jèn sing teka saiki anaké sing duwé pakebonan, wong-wong tani mau malah paḍa sapotjapan: „Lah iku ahli-warisé, pajo dipatèni, lemah pakebonan iku kita kang duwéni!” Anaké wong sugih mau bandjur ditjekel, dipatèni lan dibuwang ing sadjabané pakebonan.
NALIKA Gusti Jésus mungkasi pasemon iku mau, bandjur ndangu mengkéné: „Kang iku wong among tani mau bakal dikapakaké déning kang duwé pakebonan, samangsa teka ḍéwé mrono?” Kang kadangu paḍa mundjuk: „Tijang durdjana mekaten punika mesṭi sami dipun tumpes kalijan sija-sija, sarta pakebonanipun dipun padjegaken ḍateng tijang among tani sanèsipun, ingkang baḍé ngladosaken pamedalipun ing kala mangsanipun.”
Para pangarepé imam lan para Farisi, bareng ngrungu ḍawuh pasemoné iku, mung paḍa meneng baé, nanging satemené paḍa nggegem watu, djalaran wis rumangsa jèn awaké sing disemoni. Para ulama mau wis paḍa njanḍak jèn wong sugih sing madjegaké pakebonané anggur marang wong among tani iku mralambangi Gusti Allah pijambak kang maringake tanah kang mili powan lan madu iku marang bangsa Israèl. Nanging umat Israèl iku ora tau njaosaké panuwun sokur marang Allah, lan ora tau ngantepi katresnan lan kasetyané. Ing djaman bijèn akèh para nabi utusané Allah nekani bangsa mau kaḍawuhan ngelingaké, nanging malah paḍa dikaniaja lan dipatèni. Gusti Allah tansah nandukaké kasabaran marang umat kagungané nganti ambal-ambalan Gusti Allah ngutus para abdiné, nanging bangsa Israèl tansah mang kotaké atiné .... Lan wekasané Gusti Allah bandjur ngutus Kang Putra ontang-anting marang djagad, ija marang bangsa Israèl ....
Nanging wong iku? .... Para ulama paḍa gregetan ngrasakaké Rabbi saka Nasarèt iku! Apa wong iku arep mlimpingi jèn awaké iku dadi Putrané Allah lan para ulama dadi wong among tani sing ambek angkara-murka? Lan apa arep njemoni enggoné para ulama golek rékadaja njirnakaké wong iku lan ing wekasané kudu nampani paukuman? Lan apa tanah pusaka tilarané para leluhur ing tembé bakal kaparingaké marang bangsa lija? ....
Wah, kok medjanani temen wong iku! Mokal jèn wong iku kena digugu tembungé! Piwulangé kabèh iku goroh lan ngajawara! ....
Nanging satemené pangandikané Gusti Jésus iku kabèh njata. Apa sing diḍawuhaké mau kabèh bakal kelakon lan paukuman tumrapé bangsa sing murang sarak iku mesṭi bakal nekani!
ANA manèh pangandikané Gusti Jésus bab prakara-prakara kang bakal kelakon, nanging pangandikané saiki isi panglipur tumrap para sekabat lan tumrap para murid lija-lijane sing paḍa trésna murang Gusti Jésus. Kurang sawetara dina Panjenengané bakal nilar djagading karaméan bandjur sumengka kondur menjang swarga, sowan marang ngarsané Kang Rama, nanging .... ing tembé Pandjenengané bakal rawuh manèh. [ 119 ]
Bab prakara mau dipangandikakaké sarana pasemon.
Ing sawidjining negara ana wong duwé gawé mantu. Nalika pangantèné lanang metu diarak mitra-mitrané menjang omahé pangantèn wadon, wong-wong sing kari wis paḍa tata-tata arep meṭuk baliné pangantèn. Mengkono tata-tjarané ing negara mau.
Ana prawan sepuluh sing paḍa arep mèlu meṭuk pangantèn, buḍalé saka omahé paḍa nggawa damaré ḍéwé-ḍéwé, awit wajahé wis bengi. Wong-wong sing paḍa meṭuk ngentèni ing dalan; mengko jèn pangantèné teka, bandjur arep paḍa nggrubjug mèlu ngarak pangantèn nganti mlebu ing papaning karaméan. Wong-wong sing paḍa arep ngarak pangantèn mau kabèh nggawa damar, ora ana sidji baé sing ora tjumawis damaré. Ing sauruting dalan katon paḍang déning urubing damar pating klentjar, kabèh mau minangka pakurmataning pangantèn.
Kotjapa prawan sepuluh mau, sing lima tanpa pikir, sing lima pinter. Prawan sing tanpa pikir mau enggoné nggawa damar ora nganggo nggawa anḍungan lenga, dadi samangsa damaré mati, ora ana sing kagawé ngedjogi, kosokbaliné prawan sing pinter paḍa nggawa lenga anḍungan ana ing waḍahé.
Sarèhné suwé enggoné paḍa ngentèni, mangka pangantèné durung padja-padja teka, prawan mau dadi karipan kabèh nganti paḍa keturon, lan damaré dienggeng murub, temah suwé-suwé lengané entèk.
Bareng wajah tengah bengi dumadakan ana alok-alok: „Pangantèné teka, pangantèné teka, pada peṭuken!” Prawan sepuluh mau tumuli paḍa tangi kabèh, bandjur wiwit nata damaré; damar sing wis entèk lengané bandjur paḍa diedjogi lan disumed. Nanging bareng prawan sing tanpa pikir arep nata damaré, banget kagèté, djalaran lengané wis entèk, mangka ora nggawa lenga anḍungan, mulané bandjur paḍa nembung marang kang pinter: „Aku mbok paḍa kotulungi lengamu, awit damarku wis entèk lengané! Jèn ora kotulungi, aku mesṭi paḍa ora bisa mlebu ing papaning karaméan.” Nanging prawan sing pinter paḍa mangsuli: „Adja, supaja aku lan kowé adja nganti paḍa ketjupetané, angur paḍa menjanga enggoné kang adol, tukua ḍéwé.” Salungané prawan sing tanpa pikir mau tuku lenga, pangantèné teka, ramé suraké wong-wong sing paḍa mangajubagja tekané pangantèn, bandjur paḍa diarak mlebu ing bawa[ 120 ]han. Prawan lima sing wis paḍa miranti bandjur paḍa mèlu menjang ing papaning karaméan; bareng pangantèn sapangiringé wis paḍa mlebu kabèh, lawangé bandjur kakantjing.
Prawan lima sing lagi lunga golèk lenga keprijé?
Satekané ing ngarep omahé pangantèn, lawangé tinemu wis kakantjing rapet. Saka ing djaba prawan mau paḍa ngrungu gijak lan suraké wong-wong sing lagi paḍa bungah-bungah mahargja pangantèn. Prawan mau banget kepénginé mlebu ing bawahan, nanging ora bisa, bandjur paḍa ṭoṭok-ṭoṭok sarta aturé: „Bendara-bendara, kula mugi sami kawenganana!” Nanging saka ing djero pangantèn lanang mangsuli: „Aku ora wanuh ing kowé.” Dadiné prawan lima sing tanpa pikir mau paḍa kari ana ing djaba, ing panggonan sing aḍem lan peteng, mangka ing papaning karaméan ana pepaḍang lan sabawaning kabungahan geḍé ....
Sarampungé nḍawuhaké pasemon mau, Gusti Jésus bandjur ngandika: „Kang iku kowé paḍa melèka, awit kowé paḍa ora weruh dina lan wajahé bésuk rawuhé Putrané manusa.
PARA sekabat wis bisa njanḍak eliding pasemon mau: sing disebut pangantèn ana ing pasemon iku ora lija mung Gusti Jésus pijambak, lan para muridé sing paḍa trésna marang Pandjenengané iku kaḍawuhan ngentèni rawuhé kang kaping pinḍo, sawisé Pandjenengané séda. Lan supaja paḍa bisa kuwat lan mantep enggoné paḍa ngentèni nganti sarawuhé, para murid kaḍawuhan paḍa ngukuhaké katresnan lan kapratjajan, kajadéné damar, supaja bisa lestari urubé, kudu ana isiné lenga, malah kudu diseḍijani lenga anḍungan.
Lan mungguh bakal rawuhé manèh marang djagad, para murid paḍa njuwun priksa marang Gusti Jésus mengkéné: „Gusti, béndjing punapa baḍé kelampahanipun prakawis punika.”
Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika jèn waktuné iku digawé samar, ḍawuhé: „Nanging mungguh dinané lan wajahé iku ora ana kang sumurup, dadia para malaékat kang ana ing swarga, dadia Sang Putra, kedjaba mung Sang Rama!”
Nanging kajadéné bakal ana lelakon kang nggegirisi sadurungé Jerusalèm kagempur, mengkono uga bakal ana lelakon kang luwih nggegirisi sadurungé Putrané manusa rawuh manèh ing djagad: bakal ana pailan, perangé bangsa nglawan paḍa bangsa, pageblug lan linḍu .... Nanging dina lan wajahé digawé samar. Karodéné Indjil kudu kaunḍangaké wrata ing sadjagad kabèh, minangka dadi paseksi marang sakèhé para umat.
Jèn wis kelakon kabèh, bandjur lagi baé tumeka ing dina wekasan, jaiku dinaning Pangadilan. Ing kono saisining djagad bakal paḍa ndeleng Gusti Jésus rawuh nitih mégane langit, ngagem pangwasa lan kamuljan geḍé; Pandjenengané djumeneng Radja ing swarga lan ing bumi, ginarebeg ing para Malaékat sutji, lan Pandjenengané pinarak ana ing ḍamparing kamuljan.
Ing kono sakèhé para umat ing salumahing bumi bakal paḍa kaklumpukaké ana ing ngarsané kaja ana ing ngarsané Hakim. Paḍa kaja pangon enggoné njilah-njilahaké weḍus gembel karo weḍus berok, mengkono uga Gusti Jésus ija bakal njilah-njilahaké para umat. Kang gèmbèl paḍa diprenahaké ana ing tengene, lan kang berok ana ing kiwané. Tumuli Pandjenengané bakal ngandika marang kang ana ing tengené mau: „Hé para kang binerkahan déning Ramaningsun, mara paḍa nampanana warisan kraton, kang wus katjawisaké marang sira wiwit djagad tinalesan. Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira saosi ḍahar, nalika Ingsun kasatan, sira soasi ngundjuk, nalika Ingsun lelana, sira saosi pakuwon, nalika Ingsun kelukaran, sira agem-agemi, nalika Ingsun gerah, sira tiliki, nalika Ingsun kinundjara, sira temoni.”
Ing kono para wong sampurna mau bakal paḍa mangsuli, undjuké: „Ḍuh Gusti kala punapa Pandjenengan dalem kawula tingali kerapan, ladjeng kawula saosi ḍahar? utawi kasatan, kawula saosi ngundjuk? Kala punapa Pandjenengan dalem kawula tingali lelana, ladjeng kawula saosi pakuwon? utawi kelukaran, kawula agem-agemi? Mekaten malih kala punapa Pandjenengan dalem kawula tingali gerah utawi kinundjara, ladjeng kawula sowani?”
Ing kono Gusti bakal mangsuli, pangandikané: „Satemené ḍawuhingsun marang sira: Sepira panggawénira mengkono mau marang sedéngaha para saduluringsun kang tjilik ḍéwé iki, jaiku panggawénira marang Ingsun.”
Sawusé mengkono Gusti ija bakal ngandika marang kang ana ing kiwané: „Èh wong kang kena ing laknat, paḍa sumingkira saka ing ngarsaningsun menjang ing geni langgeng kang wus katjawisaké marang Iblis lan samalaékaté. Awitdéné nalika Ingsun kerapan, ora sira saosi ḍahar, nalika Ingsun kasatan, ora sira saosi ngundjuk, nalika Ingsun lelana, ora sira saosi pakuwon, nalika Ingsun kelukaran, ora sira agem-agemi, nalika Ingsun gerah utawa kinundjara, ora sira tiliki.”
Ing kono wong mau bakal paḍa mangsuli, [ 121 ]undjuké: „Ḍuh Gusti, kala punapa Pandjenengan dalem kawula tingali kerapan utawi kasatan, lelana utawi kelukaran, gerah utawi kinundjara, mangka boten kawula ladosi?”
Gusti ija bakal maringi wangsulan, pangandikané: „Satemené ḍawuhingsun marang sira: Sepira ora anané panggawénira mengkono mau marang seḍéngaha para kang tjilik déwé iki, ija iku ora ana panggawénira mengkono marang Ingsun.”
Déné wong-wong iku bakal paḍa lumebu ing siksa langgeng, nanging para wong sampurna paḍa lumebu ing urip langgeng.
PARA sekabat paḍa ngrungokaké klawan tumemen, lan saiki luwih tjeṭa panampané marang ḍawuhé Gusti Jésus mungguh ing angger-angger kang geḍé ḍéwé, kaja sing wis dipangandikakaké marang wong Farisi, mengkéné: „Sira tresnaa marang Pangéran Allahira diklawan gumolong atinira, lan gumolong njawanira, sarta gumolong budinira, apadéné klawan sakakuwatanira. Ija iku pakon kang luhur ḍéwé, déné kang kapinḍo kang paḍa uga kaja kang ngarep mau: Sira tresnaa ing sapepaḍanira dikaja marang awakira ḍéwé.”
Mengkono manèh saiki dadi saja luwih tjeṭa tumrapé para sekabat, jèn Gusti ora kersa jasa kraton kadonjan, nanging jèn ing tembé Pandjenengané bakal rawuh manèh, bandjur djumeneng Ratu ngerèhaké djagad lan swarga.
Déné para sekabat lan wong-wong sing paḍa tresna marang Pandjenengané kaḍawuhan paḍa ngentèni klawan sabar mantep; lan paḍa kaḍawuhan tansah paḍa ḍangan tetulung marang seḍéngah wong kang ringkih lan asor, marang seḍéngah para kang tjilik, kang paḍa ditresnani déning Gusti pijambak.
Para sekabat mung paḍa njawang marang Gusti Jésus, seḍihing atiné ketara ana ing polatané. Gèk bésuk apa enggoné Gusti arep nilar para kagungané?
Senadjan katoné paḍa nganḍut seḍih, éwasemono isih ana pangarep-arep kang nuwuhaké kabungahan: ing tembé Gustiné, Djuru Slameté, bakal rawuh manèh lan bakal djumeneng Ratu, malah Ratuning kalanggengan!
ING wajah bengi ana wong mlaku mlipir-mlipir témboké omah ing Jerusalèm, nggoléki omah panggonané para pangarepé imam lan para ulama paḍa nglumpuk rerubukan enggoné arep njepeng lan njirnakaké Gusti Jésus. Wong mau wis kesurupan déning Iblis, mulané nggolèki omahé satruné Gusti Jésus. Atiné wis suwé ngenḍem sengit, ketara saka mripaté sing mantjereng. Wong sing apangawak Iblis mau djebul salah sawidjiné muridé Gusti Jésus sing djeneng Judas Iskariot.
Judas mau, paḍa kaja sekabat lija-lijané, kajata: Pétrus, Jochanan utawa Jakobus, ora éman ninggal barang darbèké kabèh, mung perlu arep nḍèrèk Gusti Jésus, nanging lelabuhé sing semono mau bakal ora ana pituwasé apa-apa. Saiki Judas wis jakin, djalaran wis bola-bali Gusti Jésus ngandikakaké apa sing bakal kelakon, malah wis wani nemtokaké, jèn Gusti Jésus bakal nemahi séda.
Sarèhné mengkono, atiné bandjur malih sanalika, ati sing wedi lan éring malih dadi sengit lan geṭing. Sing dadi iḍam-iḍamaning atiné larud kabèh .... Apa mengkono iku wekasané enggoné kepati-pati nḍèrèk Gusti Jésus apa mung dipurih neksèni enggoné arep séda? Lan jèn wis ditilar séda, keprijé nasibé Judas? .... Apa ora malah diwewada lan dipepojok déning wong akèh sarta dielokaké: „Lah kaé panunggalané muridé guru apus-apusan!”.....
O, sing kaja mengkono iku adja nganti kelakon!
Judas mau enggoné nḍèrèk Gusti Jésus nganggo pangarah supaja bisa olèh kasugihan lan kamuljan, malah bokmenawa bakal bisa olèh pangkat bupati ana ing tatanan kraton anjar samangsa Gusti Jésus kersa djumeneng ratu .... Lan gagasan mengkono iku ora klebu gagasan sing ngajawara, waton Gusti Jésus kersa tumandang. Mangka wis kebuktèn jèn, wong golongan paḍa saijeg arep ndjumenengaké ratu marang Gusti Jésus, nalika paḍa surak-surak lan gijak-gijak ngarak Gusti Jésus mlebu ing negara Jerusalèm klawan pamudji: „Hosanna! Hosanna!” ... Apa djalarané déné Gusti Jésus ora kersa minangkani sing dadi pangarep-arepé wong golongan, sing ija dadi pangarep-arepé Judas?
Iku mula bukané Judas ketuwuhan rasa geṭing marang Gusti Jésus, bosen ngrungokaké ḍawuh pangandikané bab tobat lan piduwung, bab kapratjajan lan katresnan .... Nanging Judas ora tau ngrungu bab kamuljan lan kasugihan sing tansah diiḍam-iḍamaké. Mulané Judas rumangsa ketjuwan. Nanging .. saiki arep mbudidaja bisané olèh pepulih....
Ing wajah bengi iku Judas ngglenes ninggal Guru lan kantjané paḍa sekabat lunga menjang ing parepatané para pangarepé bangsa Jahudi, ngaturaké kasaguhané enggoné arep ngulungaké Gusti Jésus; waton Judas dikanṭèni wong sikep gegaman sawetara, wis mesṭi Gusti Jésus ora bakal mrutjut saka ing [ 122 ]tangané. Tekan semono enggoné Judas arep njidra marang Guruné.
Wiwitané para ulama mau paḍa ora ngandel jèn ana sekabat tegel ngulungaké Gurune marang mungsuh, nanging bareng ngrungokaké udjaré Judas lan ndeleng polatan lan solah bawané sing ngenḍem sengit, wong-wong mau paḍa banget bungahé sarta sarudjuk mènèhi opah awudjud ḍuwit telung puluh sèkel selaka, kurang luwih adjiné pada karo patang puluh lima rupijah. Udjaré wong-wong mau: „Saiki ora perlu disrantèkaké tekan lebar rijaja, luwih betjik sadurungé rijaja, mung kari ngentèni sasmitané Judas baé!”
Ngrungu udjaré para ulama mengkono mau, Judas manṭuk sedya ngantepi kasaguhané. Atiné sing ketjuwan bakal sida olèh pepulih, malah olèh tombok ḍuwit telung puluh sèkel selaka!
ING wajah bengi iku uga Judas énggal mulih menjang panggonané Guru lan kantjané paḍa sekabat. Lakuné gegantjangan mlipir-mlipir témbok murih adja nganti konangan ing wong. Mesṭi baé Judas njiḍem prakara mau ana ing ngarsané Gusti Jésus lan para sekabat lijané ora ana sing duwé panggrajangan ingatasé Judas. O enggoné Judas nganti tumindak mengkono iku ora saka karepé ḍéwé, djalaran atiné wis kesurupan Iblis.
Judas, panunggalané murid pilihané Gusti Jésus, saiki wis duwé tékad arep ngulungaké Gusti Jésus, Putrané Allah kang Maha sutji. Mangka opahé mung telung puluh sèkel selaka!
KATJARITA nalika semono mbeneri dina kang kalima ing sadjeroning minggu sing lagi lumaku. Ing dina iku saben brajat Israèl njembelèh tjempé lan ngolah roti tanpa ragi apadéné djangan kang pait ....
Patrapé bangsa Israèl mengkono iku ngleluri tata-tjarané para leluhur ing djaman kuna, nalika Gusti Allah ngarepaké ngentas bangsa Israèl saka ing pangawulan ing tanah Mesir, lan sapungkuré iku patrap mengkono mau saben taun tansah dileluri déning bangsa Israèl nganti tekan djaman semono, senadjan wis let pirang-pirang atus taun.
Adat mengkono mau diarani rijaja Paskah, rijaja sing kebak kabungahan lan panuwun sokur marang sih kadarmané Allah.
Ing djaman kuna nalika wiwitané bangsa Israèl nampani ḍawuh supaja nganakaké rijaja mau, dadi nalika bangsa mau ngarepaké buḍal saka ing tanah Mesir, saben brajat Israèl ana ing omahé ḍéwé paḍa kembulan mangan daging tjempé panggangan karo roti tanpa ragi lan djangan pait.
Saiki, ing djamané Gusti Jésus, ing dina wiwitané rijaja Paskah, bangsa Israèl kabèh ija paḍa arep kembulan mangan Paskah ana ing omahé ḍéwé-ḍéwé. Nalika semono Gusti Jésus ngutus Pétrus lan Jochanan ḍawuhé: „Kowé paḍa lungaa njawisaké enggon kita paḍa mangan Paskah.” Undjuké kang diutus: „Karsa Tuwan anggèn kawula njawisaken wonten ing pundi?” Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus ora kaja salumrahé wong jèn ngantjer-antjeri prenahé omah utawa djenengé wong sing kudu diparani. Pétrus lan Jochanan mau mung kaḍawuhan menjang ing negara, ing satjeḍaking gapura bakal kepeṭuk karo wong sing nginḍit djun isi banju. Wong mau kudu dietutaké nganti mlebu ing omah. Pétrus lan Jochanan kaḍawuhan mlebu ing omah kono uga lan matur marang kang duwé omah mengkéné: „Piwelingipun, Guru ḍateng sampéjan: Ana ing ngendi geḍong pamonḍokan, panggonanku mangan Paskah karo sekabatku.” Wong mau mesṭi bakal nuduhaké geḍong geḍé lan ing lotèngé wis ditata miranti kanggo kaperluané Paskah. Lan ana ing lotèng mau Pétrus lan Jochanan paḍa kaḍawuhan njawisaké Paskah.
Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus mau, senadjan semuné durung pati gumaṭok, nanging tumrapé Pétrus lan Jochanan pangandikané Guruné iku wis dianggep paḍa karo prakara sing njata. Bareng paḍa dilakoni apa sapiwelingé Gusti Jésus, tinemuné kabèh ora ana sing nlisir. Ana ing kono Pétrus lan Jochanan bandjur paḍa njawisaké Paskah.
Bareng wis tumeka wajahé, Gusti Jésus karo para sekabaté rawuh ing panggonan kang katata miranti mau. Karo para sekabate kabèh .... dadiné Judas ija nḍèrèk. Nanging sedyaning atiné sing ala ora ana sing ngerti, kedjaba Gusti Jésus pijambak.
Satekané ing lotèng, trumpahé paḍa ditjopoti lan ditinggal ing sangarepé lawang; para sekabat énggal paḍa mapan ana ing resban sing ditata sakupengé médja ḍahar .... Nalika iku ora ana batur sing ngwisuhi sikilé para tamu, kaja sing dadi adat kalumrahané bangsa Israèl sadurungé para tamu diatjarani mapan lenggah.
Nanging .... senadjan ora ana batur, para sekabat satemené rak bisa nindakaké pagawéan mau ḍéwé, awit ing kono wis disaḍijani banju sapirantiné wisuh kabèh. Nanging sapa sing gelem nglakoni pagawéaning batur? Para sekabat rolas mau ora ana sidji baé sing gelem ngesoraké awak, ngladèni kantjane; kabèh paḍa ngarah supaja diladèni, dadiné luwih kadjèn. Pantjèn ing sadurungé wis ana dija-dinija ing antarané para sekabat bab panunggalané sapa sing dadi pangarep .... [ 123 ]
Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? .... Pandjenengané mirsani sakabèhing rasa-pangrasa sing ana ing atiné para sekabat, mulané bandjur kepareng maringi pameléh. Bareng kabéh wis paḍa mapan ana ing papané ḍéwé-ḍéwé, Gusti Jésus bandjur djumeneng saka ing budjana, lukar pangageman, sarta menḍet lawon, tumuli ngesok banju ing pawisuhan, bandjur lekas ngwisuhi sikilé para sekabat, sarta diusapi nganggo lawon sing diubedaké mau.
Para sekabat paḍa weruh apa sing ditindakaké Gusti Jésus, temah paḍa rumangsa kewelèh. Gusti Jésus nindakaké pagawéan sing adaté dilakoni déning batur. Pandjenengané sing mesṭiné kudu diladosi déning para sakabaté, saiki malah ngladosi. Pandjenengané kang maha sutji lan kagungan pangwasa, kersa ngesoraké sarira nganti djèngkèng ana ing ngarepé para sekabat ngwisuhi sikilé. Para sekabat ngerti piwulang apa sing diparingaké sarana patrap mengkono mau. O, la kok mau-mau ora ana sing duwé gagasan wisuh ḍéwé utawa ngwisuhi kantjané!
Mengkono sabatjuté para sekabat paḍa genti-genti diwisuhi sikilé dening Gusti Jésus, nanging satekané ing panggonané Simon Pétrus, ing kono Pétrus mopo. Pétrus weruh enggoné Gusti Jésus djèngkèng ing ngerepé kantja-kantjané lan ngwisuhi sikilé, nanging ing batin Pétrus ora lila ndeleng Gusti Jésus nindakaké panggawéan batur, gagasané: „Adja nganti aku diwisuhi Gusti!” Bareng Gusti Jésus wis djèngkèng ana ing ngarepé, Pétrus kepeksa mundjuk: „Gusti, punapaa Tuwan kersa ngwisuhi suku kawula?” Nanging Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, pangadikané: „Panggawéku iki samengko kowé durung njanḍak tegesé, nanging bésuk kowé bakal ngerti!” Senadjan Pétrus saiki durung ngerti, éwadéné meksa mopo, undjuké: „Ing salami-laminipun sampun ngantos Tuwan ngwisuhi suku kawula.” Nanging Gusti Jésus bandjur mangsuli pangandikané: „Menawa kowé ora dakwisuhi, dadi ora nunggal panduman karo Aku.” Pangandikané Gusti mengkono iku gawé kagèt lan getuné Pétrus, awit ora njana babar pisan jén undjuké mau bakal mitunani awaké ḍéwé. Ora nunggal panduman karo Gustine, dadiné ora kepareng nḍérék ing satindaké lan ora kepareng dadi sekabaté? O, muga-muga sing kaja mengkono adja nganti kelakon! .... Pétrus wis mantep tékadé arep nḍérék Gusti Jésus [ 124 ]klawan gumolonging atiné ing sadjegé urip, mulané gupuh-gupuh undjuké: „Gusti, sampun ngamingaken suka kawula kémawon, mugi dalah tangan kalijan sirah pisan.” Enggoné Pétrus mundjuk mengkono iku karepé masrahaké djiwa lan ragané supaja kepareng nunggal karo Gustiné. Nanging iku ora perlu, wis tjukup jèn sikilé baé sing diwisuhi. Kaja mengkono patrapé Gusti Jésus enggoné ngladosi Pétrus lan sekabat lija-lijané, nganti kabèh paḍa diwisuhi sikilé.
Gusti Jésus sarampungé ngwisuhi sikilé para sekabat, bandjur ngagem pangagemané sarta pinarak manéh ngepang médja lan ngandika: „Kowé apa paḍa njanḍak tegesé panggawéku marang kowé iku mau?”
APA para sekabat paḍa bisa njanḍak piwulang sing diparingaké Gusti Jésus sarana pandamelé mau? Para sekabat mung paḍa tumungkul isin lan ora mundjuk apa-apa. Enggoné paḍa mangkat menjang ing budjana Paskah mau atiné wis nggawa rasa ora kepénak, djalaran kaja-kaja wis ngarepaké prakara sing nggegirisi, sing asring dipangandikakaké déning Gusti Jésus pijambak. Bola-bali Gusti ngandikakaké bab bakal sédané .... Mangka atiné wis kaḍung tresna marang Pandjenengané, lan jèn Gustiné nganti nemahi séda temenan, gèk keprijé polahé? Mulané ora nggumunaké jèn tekané ana ing budjana Paskah mau atiné wis nganḍut seḍih.
Ewadéné senadjan ana prakara sing luwih déning gawat, para sekabat isih paḍa kober dija-dinija rebut ngarep, nanging saiki paḍa ngerti, jèn enggoné paḍa padu mau mungmuwuhi trenjuhing galihė Gustiné.
Nanging Gusti Jésus ora ketingal jèn rengu galihé, lan para sekabat paḍa ora didukani. Gusti Jésus mung munḍut waḍah banju lan lawon, bandjur ngwisuhi sikilé para sekabat. Pandjenengané ngesoraké sarira ngladosi para sekabat. Sarana patrap mengkono Gusti Jésus nedahaké klawan tjeṭa apa sing kudu ditindakaké para sekabat. Para sekabat diparingi tulaḍa jèn kudu paḍa ngesoraké awak, lan ngladèni pepaḍané klawan katresnan.
Bareng para sekabat mung paḍa meneng bae, Gusti Jésus ngladjengaké pangandikané: „Aku kosebut Guru lan Gusti, lan wus bener panjebutmu iku, awit ḍasar mengkono Aku iki. Kang iku menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Guru, wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowé ija paḍa kuwadjiban wisuh-winisuhan sikil. Awit Aku wus awèh tulaḍa marang kowé, supaja kaja kang dadi panggawéku marang kowé, kowé ija paḍa nglakonana mengkono uga. Satemen-temené pituturku ing kowé: Kang djeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané, utawa kang djeneng utusan ija ora ngungkuli kang ngutus. Menawa kowé sumurup prakara iku, rahaju kowé menawa ija paḍa nglakoni.” Para sekabat saiki wis tjeṭa pangertiné marang piwulang sing diparingaké Gusti Jésus, lan bandjur paḍa kelingan pangandikané bab anḍap-asor mengkéné: „Sing sapa mélik dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia buḍaking akèh”.
ENGGONÉ paḍa ngepung budjana Paskah dibatjutaké, nanging papan ing budjana mau kaja-kaja kalimputan ing swasana seḍih. Para sekabat ora ana sing kumetjap. Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Wus banget kepénginku mangan Paskah karo kowé sadurungé Aku nanḍang sangsara. Awit pituturku ing kowé: Aku bakal ora mangan iku manèh kongsi tumeka bésuk kajektèné ana ing kratoné Allah.” ....
Rungokna ta, saiki Gusti Jésus ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nanḍang sangsara lan séda; pangandikané iku dudu saloka utawa pasemon, nanging pangandika wantah, wong sing ngrungu mesti ngerti kersané.
Para sekabat paḍa njawang Gusti Jésus klawan seḍih, kaja patrapé wong sing paḍa njawang seduluré sing arep petjat njawa lan seḍéla engkas talining katresnan mesṭi peḍot déning dajaning pati. Para sekabat paḍa rumaket marang Gustiné lan Gusti Jésus pijambak ija kasok tresnané marang para sekabaté. Gusti Jésus kepéngin banget ḍahar Paskah bareng karo para sekabat sadurungé séda, dadi mung kari sepisan iki enggoné paḍa bisa tetunggalan, nanging tetunggalan sing wekasan lan sing banget nrenjuhaké.
Nanging para sekabat malah saja samar lan ngungun atiné apadéné koḍeng pikiré, bareng ngrungu Gusti Jésus ngandika manèh: „Satemené pituturku ing kowé: Sawidjining panunggalanmu bakal ngulungaké Aku.”
Ngulungaké? Ngulungaké Gusti marang mungsuh? Ngulungaké Guru lan Gustiné sing paḍa ditresnani lan sing sutji sampurna tanpa kaluputan? Dadi njidra marang Guruné sing mung tansah nindakaké kasaénan? Kaja-kaja ora ketemu ing nalar jèn nganti kelakon mengkono!
Nanging prakara iku mesṭi bakal kelakon temenan, djalaran Gusti pijambak sing ngandikakaké. Gusti Jésus isih njambeti pangandikané: „Lungané Putrané manusa iku ija nurut ing pepesṭèn, nanging bilai wong kang dadi margané enggoné kaulungaké. Begdja wong iku saupama ora kelakona lair.”
Para sekabat tumuli paḍa pandeng-pinandeng kambi melang-melang, sapa baja kang [ 125 ]dipangandikakaké iku. Ing batin paḍa nakoni awaké ḍéwé-ḍéwé: „Apa nganti kelakon aku ngulungaké Gustiku ḍéwé?” Para sekabat bandjur paḍa njeḍaki Gusti Jésus sarta genti-genti paḍa mundjuk: „Kawula rak boten, Gusti?” Kaja-kaja para sekabat mau paḍa arep mundjuk mengkéné: „O, Gusti, mugi kawula Tuwan ajomi, sampun ngantos nglampahi pandamel maksijat punika!”
Jochanan, sekabat sing tansah tjeḍak karo Gusti Jesus, enggoné lungguh ana ing sanḍing pangkoné. Iku bandjur disasmitani déning Pétrus kapurih mundjuk pitakon sapa sing dipangandikakaké iku. Panunggalané para sekabat salah sidji! Gèk sapa wongé? Jochanan mau bandjur manglung ing djadjané Gusti Jésus sarta mundjuk pitakon: „Gusti, sinten tijangipun?”
Gusti Jésus bandjur paring wangsulan tjeṭa: „Kang bakal dakwènèhi pulukan sawusé daktjelupaké, ija iku wongé.” Nanging pangandika mau mung Jochanan ḍéwé sing ngrungu.
Nalika semono lungguhé Judas aḍep-aḍepan karo Gusti Jésus. Bareng ngrungu pangandikané Gusti Jésus bab wong kang bakal ngulungaké Pandjenengané, jaiku panunggalané para sekabat, Judas kagèt banget. Apa Gusti ija wis pirsa tekan ing batiné, jèn kebak pangarah ala lan pangigit-igit marang Pandjenengané? Nanging senadjan rumangsa wis kedjoḍèran, sedyané sing ala mau arep disamudana, mulané bandjur mèlu mundjuk kaja sekabat lija-lijané: „Kawula rak boten ta, Rabbi?” Ing kono wangsulané Gusti Jésus ora ngagem tèḍèng aling-aling: „Kowé wus ngarani!” Ḍawuh wangsulan mau tumadané kaja sumelèté tjemeṭi ana ing rainé Judas. Pangandika mau tjeṭané mengkéné: „Ija, Judas, kowé ḍéwé wis ngrumangsani. Apa perluné kowé ndadak isih nganggo samudana?”
Gusti Jésus bandjur menḍet roti pulukan, sawisé ditjelupaké, diparingaké marang Judas. Sawisé nampani pulukan mau, Judas bandjur dipangandikani déning Gusti Jésus: „Kang dadi sedyamu iku énggalna!”
Para sekabat sing paḍa kembulan kabèh ora ana sing ngerti apa tegesé pangandikané Gusti Jésus marang Judas mau. Ora ana sing njana babar pisan jèn panggawé sing arep dilakoni Judas iku nggegirisi banget. Malah ana sing duwé pangira, sarèhné Judas kang njekel kantong ḍuwit, dadi diḍawuhi déning Gusti Jésus supaja tukua kang dadi kaperluanè rijaja Paskah mau, utawa dikersakaké dedana marang wong miskin.
Déné Judas sawisé nampani pukulan mau, bandjur ngadeg, lan metu tanpa pamit saka ing kono. Mangka wajahé bengi.
Ana ing papaning budjana, ing panggonan sing paḍang, tjeḍak karo Gusti Jésus sing bisa nguningani tekan ing ḍeḍasaring ati, ana ing kono Judas tansah rumangsa ora kepenak atiné. Nanging bareng tekan ing djaba ing panggonan sing peteng, atiné lagi bisa djendjem. Pantjèn piala iku mungguh banget dumunung ana ing pepeteng.
KOTJAPA salungané Judas, budjanané Paskah dibatjutaké. Gusti Jésus mirsani para sekabat, saiki mung kari sewelas, awit Judas wis lunga. Bareng karo lungané Judas, rasa sing njengkal lan sléntja ana ing padjagongan ija bandjur ilang sanalika. Gusti Jésus saiki mung diaḍep para sekabaté sing paḍa wedi asih marang Pandjenengané. Sawusé paḍa saos sokur nganggo kidung pamudji, kaja adaté wong Israèl sadurungé mangan Paskah, Gusti Jésus bandjur menḍet roti, sawisé diberkahi, tumuli ditjuwil-tjuwil lan diparingaké marang para sekabat, kambi ngandika: „Paḍa tampanana, panganen, iki badanku.” Nuli menḍet tuwung isi anggur, sawisé saos sokur, bandjur diparingaké marang para sekabat, ḍawuhé: „Paḍa ngombéa kabèh ing tuwung iki, awit iku getihku kang mungguh ing pradjandjian anjar, kang kawutahaké kanggo ing akèh murih apuraning dosa.” Para sekabat paḍa mangan roti lan ngombé anggur peparingé Gusti kambi njawang Pandjenengané klawan gumun.
Gusti Jésus ija ngandika: „Enggonmu paḍa nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku.” .... Nanging apa kersané maringi ḍawuh mengkono iku? Apa kersané supaja para sekabat adja nganti lali marang Pandjenengané? Apa para sekabat kaḍawuhan paḍa mangan roti lan ngombé anggur bebarengan minangka enggoné paḍa ngéling-éling marang Gusti lan Guruné? Apa mengkono sing dikersakaké?
Lan manèh apa maknané Gusti ngandika jèn roti iku sarirané lan anggur iku rahé kang kawutahaké? Nalika isih paḍa ngepung budjana, para sekabat durung ngerti tegesé pangandikané Gusti Jésus sing tansah ngéling-élingaké marang sangsara lan sédané. Apa njata jèn mung kari sepisan iki enggoné paḍa bisa tetunggalan mangan Paskah karo Gustiné? Dadi iki budjana Paskah sing wekasan?
Para sekabat paḍa mangan roti lan ngombé anggur, ora ana sing kumetjap, djalaran atiné kisruh déning gumun kaworan seḍih.
BÉSUK ing tembé, sawisé lelakon mau kepungkur suwé, para sekabat lagi bisa njanḍak tegesé pangandikané Gusti Jésus mau. Ing tembé para sekabat bakal paḍa [ 126 ]nglumpuk, saben dina, lan mangan roti karo ngombé anggur bebarengan, nanging Gusti Jésus wis ora ana ing tengahé, mung katresnané sing tansah paḍa diéling-éling, jaiku: enggoné Gusti Jésus wis masrahaké sakagungané kabèh, sarira dalah rahé, djiwa ragané, malah sakamuljané kabèh, kanggo wong akèh lan ija kanggo para sekabat ḍéwé.
Budjana Paskah iku budjana pangéling-éling. Wong Israel paḍa njembelèh tjempé lan paḍa mangan roti tanpa ragi, minangka pangéling-éling marang pangentasané bangsa Israèl ing djaman kuna saka ing tanah Mesir.
Budjana Sutji kaja sing diḍawuhaké déning Gusti Jésus marang para sekabat mau, mangan roti lan ngombé anggur, iku ija dadi budjana pangéling-éling marang pangentasan saka ing pamisésané dosa. Gusti Jésus nglampahi nanḍang sangsara lan séda iku kanggo ngentasaké para kagungané saka ing pamengkuné dosa, temah paḍa bisa olèh karahajon langgeng.
Ing tembé para sekabat paḍa bisa ngerti tegesé pangandikané Gusti Jésus, temah trenjuhing atiné nalika semono malih dadi kabungahan geḍé.
Lan ora mung para sekabat sewelas sing paḍa ngéstokaké ḍawuhé Gusti Jésus .... Pirang-pirang atus taun sapungkuré Gusti Jésus séda, ing endi-endi panggonan ing djagad wong-wong sing paḍa wanuh lan tresna marang Gusti Jésus, paḍa ngéstokaké ḍawuh mau, lan saben-saben paḍa tetunggalan nganakaké budjana sutji.
„Enggonmu paḍa nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku!” .... mengkono ḍawuhé Gusti Jésus sing wekasan marang para sekabaté. Lan ḍawuh mau diéstokaké déning wong éwon lan jutan ana ing salumahing bumi. Saben-saben ana pakumpulané wong-wong mau paḍa tetunggalan mangan roti lan ngombé anggur kambi ngéling-éling marang sihé lan marang sédané Gusti Jésus. Lan ḍawuhé mau bakal lestari diéstokaké djalaran wong-wong mau paḍa ngerti, jèn mung sihé Gusti Jésus, sing bisa ngolèhaké karahajon langgeng, temah katarimah manèh ana ing ngarsané Allah.
Nanging nalika wengi iku para sekabat durung bisa njanḍak eliding ḍawuh sing diparingaké déning Gusti Jésus. Kedjaba prakara mau lagi ketembèn tumrapé para sekabat, atiné ḍéwé ija bebeg ngrasakaké Gustiné enggoné bakal nanḍang sangsara.
Déné Gusti Jésus pijambak keprijé? .... Ora ana wong sing ngerti lelakon apa sing bakal kelakon ing bengi iku, kedjaba mung Gusti Jésus pijambak. Senadjan mengkono, éwadéné Gusti Jésus mung tansah migatosaké para sekabaté, sing paḍa katon seḍih atiné, temah paḍa diparingi panglipur.
Pangandikané Gusti Jésus: „Atimu adja melang-melang. Pada kumandela ing Allah, ija kumandela ing Aku uga. Ing dalemé Ramakku akèh panggonané. Aku lunga njawisi papan marang kowé. Déné menawa Aku wus lunga njawisi papan marang kowe, tumuli Aku bakal bali ngalap kowé marek marang Aku, supaja ing endi dunungku, kowé ija paḍa anaa ing kono uga. Mangka ing endi paranku kowé wus paḍa sumurup, lan ija paḍa sumurup dalané .... Aku iki dalané, sarta djatiné kajektèn lan kauripan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama menawa ora metu ing Aku ... Kowé bakal ora daktinggal lola, Aku nemoni kowé.”
Para sekabat paḍa marem ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus lan atiné paḍa kalipur. Gustiné bakal rawuh manèh, malah ing tembé bakal paḍa tetunggalan karo Pandjenengané ing salawas-lawasé.
Isih akeh sing dipangandikakaké Gusti Jésus ana ing budjana Paskah iku. Senadjan Gusti Jésus bakal nilar para sekabaté ana ing tengahing djagad, éwadéné ora ditilar tanpa kanṭi, awit bakal disuwunaké marang Sang Rama supaja diparingana Djuru Pirembag, jaiku Sang Roh Sutji, kang bakal dedalem ana ing atiné, nuntun ing salaku-lakuné, apadéné nedah-nedahaké apa sing durung dingertèni déning para sekabat.
Gusti Jésus ija mangandikakaké bab katresnan sing dadi ḍasaré patunggalan ing antarané para sekabat. Pangandikané: „Kowé paḍa dakwènèhi pakon kang anjar, supaja kowé paḍa tresna-tinresnana. Dikaja enggonku tresna marang kowé, kowé ija paḍa tresna-tinresnana uga. Ija iku margané ketitik marang wong kabèh jèn kowé paḍa dadi muridku, menawa kowé paḍa tresna-tinresnan.” Kaja mengkono patrapé enggoné Gusti Jésus maringi panglipur marang para sekabaté, ora kenḍat-kenḍat enggoné menggalih, ngreksa lan ndongakaké marang para kagungané. Mangka waktuné nanḍang sangsara saja suwé saja njeḍaki, nanging para sekabat ora ana sing ngerti, kedjaba mung Gusti pijambak.
Sawisé paḍa saos sokur lan sarampungé budjana Paskah mau, Gusti Jésus bandjur ngandika marang para sekabat: „Mara paḍa ngadega, pajo paḍa mangkat saka ing kéné.”
WAJAHÉ peteng ndedet lan sepi njenjet. Gusti Jésus biḍal saka panggonané budjana Paskah mau kaḍèrèkaké para sekabat sewelas; kabèh paḍa ngarah bisaa tjeḍak [ 127 ]karo Gustiné, kaja-kaja ora kena ginggang seḍéla baé ... Nanging Gusti Jésus nguningani batiné para sekabat, luwih tjeṭa katimbang para sekabat ḍéwé. Pangandikané Gusti Jésus klawan seḍih: „Ing sawengi iki kowé bakal paḍa ketjuwan krana Aku, awit ana tulisan mengkéné: Ingsun bakal nggebag marang djuru pangèn, sarta para weḍus panunggalaning panṭané bakal paḍa pating slebar.” Para sekabat paḍa mangsuli undjuke: „Ḍuh Gusti, punapa inggih kelampah kawula sami nilar ḍumateng Tuwan? Kawula sampun sami tunggil tékad nḍèrèk Tuwan!” Déné Pétrus bandjur mundjuk ḍéwé: „Gusti, sanadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun, Kawula tjumaḍang mbélani Tuwan, sanadjana dumugi ing kundjara utawi ing pedjah pisan, kawula baḍé ngetohaken njawa kawula nglabuhi Tuwan!” Nanging Gusti Jésus mangsuli pangandikané: „Kowé apa bakal ngetohaké njawamu nglabuhi Aku? Satemen-temené pituturku ing kowé: Ing dina iki bakal ora ana djago kluruk, sadurungé kowé ngaku ora wanuh marang Aku nganti ping telu.”
„Ngaku ora wanuh marang Gustiné? Njélaki? Malah ing dina iki sadurungé djago kluruk? .... Ing salawas-lawasé ora bakal kelakon aku njélaki Gustiku!” mengkono gagasané Pétrus. „Adja sing mung lara, senadjan tekan ing pati pisan, aku ora bakal mundur nglabuhi Gustiku!” Mulané Pétrus mundjuk manèh: „Senadjan ngantosa pedjah mbélani ing Tuwan, mesṭi boten pisan-pisan kawula sélaki.” Kaja mengkono uga undjuké para sekabat kabèh.
KOTJAPA tindaké Gusti Jésus kaḍèrèkaké déning para sekabat njabrang ing kali Kidron, andjog ing dalan kang munggah ing gunung Zaitun. Ing kono ana patamanan kang aran Gètsémané. Gusti Jésus bandjur mlebet ing patamanan kono, kaḍèrèkaké déning para sekabat. Panggonané sepi lan peteng, nanging para sekabat ora kagèt, djalaran Gusti Jésus asring kempalan karo para sekabat ana ing kono. Mesṭiné saiki Gusti Jésus ngersakaké ndedonga manèh kaja adaté.
Sarawuhé ing patamanan mau, para sekabat pada kaḍawuhan ngentèni ana ing satjeḍaké lawangan, awit Gusti Jésus ngersakaké ndedonga. Pétrus, Jochanan lan Jacobus kang paḍa kaḍawuhan nḍèrèk mlebu ing patamanan. Sekabat telu mau kira-kira paḍa kélingan nalika kaḍawuhan munggah ing gunung lan paḍa njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus santun tjahjaning sarirané lan ngagem kamuljan. Déné saiki apa sing bakal kelakon? Apa ija bakal diparengaké ndeleng kamuljané Gustiné manèh?
Nanging sadjeroné paḍa nḍerek ing sawingkingé Gusti Jésus, sekabat telu mau dumadakan paḍa kuwur atiné bareng ngrungu pangesahé Gustiné, nalika ngandika: „Banget prihatin njawaku, kongsi kaja ndadèkna mati. Kowé paḍa tunggua aria ing kéné, Aku réwangana melèk.”
Gusti Jésus bandjur ngladjengaké tindaké nganti sawetara dohé, tumuli sumungkem wedanané .... Sekabat telu mau paḍa ngentèni, wis mantep pikiré arep mbélani Gustiné samangsa ana baja pekéwuh nekani, bandjur paḍa lungguh ana ing suketan, djaga-djaga jèn ana timbalan.
Bareng wis misah saka sekabaté, bandjur djèngkèng ndedonga. Panggalihé kataman ing giris kang banget. Aturé: „Ḍuh Rama, menawi kepareng. Tuwan mugi njingkiraken tuwung punika saking kawula ....”
Nalika semono wis tekan wajahé nanḍang sangsara. Gusti Jésus banget ngungun lan kasungkawan. Satruné wis tjeḍak, Pandjenengané bakal ditjepeng, dipepejok lan dipilara, lan wekasané bakal ngalami séda kinaniaja .. Satemené bab lara lan pati iku ora banget-banget enggoné gawé giris, sing luwih nggegirisi jaiku: Pandjenengané kedjibah ngrembat dosané djagad!
Dosa iku mung tansah gawé giris ....
Mangka Gusti Jésus iku maha sutji, ora tau nglampahi dosa, Pandjerengané mung tansah mitulungi, nglipur lan marasaké, djebul saiki kedjibah nampèni paukuman tumrap ing dosa sing dilakoni déning wong sadjagad. Jèn Pandjenegané kedjibah njanggi paukuman, iku prasasat Pandjenengané pijambak sing nglampahi dosa. Prakara iku sing ndadèkaké Gusti Jésus nganti kasungkawan lan giris banget, kongsi kaja ndadèkna mati .... Sakèhing siksa lan sangsara sing bakal tumempuh ing sarirané iku upamané kaja déné wisa sing diwaḍahi ing tuwung kasaosaké marang Gusti Jésus supaja kaundjuka. Mulané aturé ana ing pandonga: „Menawi kepareng, Tuwan mugi njingkiraken tuwung punika saking kawula.” Éwadéné, senadjana banget enggoné kapetek ing sungkawa lan giris, Pandjenegané isih kuwawi mundjuk: „Semanten ugi sampun ngantos sakadjeng kawula, namunga ing sakarsa Tuwan!” .... Ing kono wis tetéla jèn Gusti Jésus pasrah djiwangga marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga, senadjan ndjalari sungkawa lan giris kang banget.
Sawisé ndedonga, Gusti Jésus bandjur rawuh ing panggonané para sekabat sing diḍawuhi ngentèni lan ngréntjangi melèk. Sekabat mau satemené pada ora bisa njaosi pitulungan [ 128 ]apa-apa, nanging katresnané wis bisa gawé ledjaring galihé. Sarawuhé ing kono, sekabat telu mau paḍa ketemu lagi turu. Ing sasuwéné Guru lan Gustiné kapetek déning sungkawa lan giris, para sekabat paḍa ngénak-énak turu .... Mangka enggoné Gusti Jésus nanḍang sangsara rak kanggo mitulungi para sekabat mau, lan ija wong-wong lijané ing Jerusalèm, sing paḍa turu lan ora ngerti apa-apa mungguh pananḍangé Gusti Jésus ing bengi iku, lan uga kanggo mitulungi wong sadjagad kabèh sing tanpa wilangan tjatjahé sing paḍa durung wanuh marang Gusti Jésus. Pandjenengané enggoné nanḍang sangsara iku mung kanggo mitulungi wong sadjagad, mangka nalika semono ora ana sing ngerti lan ora ana sing ngélingi Pandjenengane, dalah para sekabaté ija paḍa ora nglegéwa.
Sekabat sing paḍa turu mau bandjur digugah, sarta ngeres pangandikané: „Apa kowé paḍa ora kuwat ngréwangi Aku melèk sadjam bae?” Kang diḍawuhi mengkono iku paḍa meneng baé djalaran kewirangan karo Gustine, ora sembada babar pisan karo kasaguhané arep sabaja-pati nglabuhi Gusti Jésus.
Sekabat mau bandjur pada ditilar manèh kaping pinḍoné. Pandjenengané ndedonga manèh njuwun pitulungan lan kakuwatan marang Sang Rama. Pandjenengané wis sumarah klawan lega lila nanḍang sangsara, nglampahi séda, karana ngrembat dosaning djagad, éwadéné ing sadjeroné kapetek ing giris sing dudu sabaené, Pandjenengané njuwun marang Sang Rama supaja kasantosakna enggoné nḍèrèk ing sakarsané. Prakara kang nggegirisi iku kudu kaleksanan, jaiku margané manusa bisa kapitulungan slamet lan kasowanaké manèh marang ngarsané Allah. Aturé Gusti Jésus ana ing pandonga: „Ḍuh Rama kawula, menawi tuwung punika boten kénging sumingkir saking kawula kedjawi kawula ombé, inggih sumangga ing sakarsa Tuwan.”
Sawisé mengkono Gusti Jésus bandjur rawuh manèh ing panggonané sekabat, sing paḍa kaḍawuhan ngréwangi melèk, nanging paḍa ketemu turu manèh, djalaran mripaté mblijut. Wah, mèmper baé jèn paḍa keturon, djalaran awaké sajah, atiné seḍih tur ora muḍeng apa sing ndjalari Gustiné nanḍang sungkawa lan giris.
Sekabat mau bandjur ditilar tindak manèh ndedonga kaping teluné. Saking bangeté enggoné nanḍang giris, lan saking banteré enggoné mbatek ing pandongané, riwéné dléwéran nganti kaja tètèsing getih rumentah ing bumi .... Ing salumahing djagad durung tau ana djanma manusa sing semono pananḍangé déning giris kajadéné Gusti Jésus, apadéné durung tau ana sing nanḍang prihatin kang banget kongsi kaja ndadekna mati kajadéné Gusti Jésus.
Dumadakan ana pepaḍang tjumlorot ing tjelaké Gusti Jésus, malaékat saka ing swarga kautus njantosakaké galihé. Wusanané Gusti Jésus klawan tatag mundjuk marang Sang Rama: „Namung karsa Tuwan kalampahana!” Undjuk mengkono iku dadi uluk-uluking kaunggulan, unggul saka sakèhing geter lan giris. Gusti Jésus bandjur djumeneng saka enggoné ndedonga, lan murugi sekabate, tindaké nglangak pinḍa satrija kang mentas unggul ing juda, ora bakal kéguh déning pantjabaja kang tumempuh .... Pandjenengané wis njarahaké sarira diwadalaké minangka panebusing djagad.
Semono enggoné Allah ngasihi marang djagad kongsi masrahaké Kang Putra ontang-anting marang pangéwan-éwan lan pamojok. Semono enggoné Sang Djuru Slamet ngasihi marang manusa dosa kongsi sumarah disangsara lan disédani.
Sarawuhé ing panggonané para sekabat, Gusti Jésus bandjur ngandika: „Paḍa batjutna enggonmu turu lan ngaso; lah wus ndungkap waktuné Putrané manusa kaulungaké marang tangané wong dosa.”
Saiki para sekabat ora perlu ngréwangi melèk manèh. Perang batin ing patamanan Getsémané wis sirep.
Saiki Sang Djura Slamet wis ora ketaman ing giris manèh.
PETENGÉ wajah bengi lan njenjeting papan sepi ing patamanan Gètsémané dumadakan kebubrah déning kelap-kelaping obor sing diobat-abitaké lan gedebeging wong paḍa mlaku apadéné kumrintjinging gegaman gaṭuk paḍa gegaman. Para sekabat paḍa kaget, kumesar atiné bareng paḍa ngingetaké apa sing katon nekani saka ing kadohan. Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika: „Paḍa ngadega, pajo paḍa lunga; lah kang ngulungaké Aku wus tjeḍak!” Para sekabat bandjur paḍa njeḍaki Gusti Jésus, saiki lagi paḍa ngrasa jèn waktuné sing gawat wis tjeḍak. Tangane Pétrus énggal njanḍak peḍangé ....
Gedering swarané wong akèh saja suwé saja tjeḍak, urubing obor saja katon tjeṭa. Ana wong sikep gegaman sabregada ngepung panggonan kono. Gusti Jésus djumeneng ana ing tengah, bandjur madjeng. Saka ing antarané wong akèh dumadakan ana wong sidji ngantjap marang Pandjenengané, tangane kumlawé ngrangkul bandjur nutjup kambi undjuké: „Ngaturi salam, Rabbi!" Wong mau ora sikep gegaman, enggoné marepeki Gusti Jésus patrapé kajadéné mitra uluk salam .... Nanging djebul mitra musibat, awit panutjupé mau mung kanggo tengeran marang kantja-kantjané supaja adja nganti kliru sapa sing kudu ditjekel. Wong sing watak lan lakuné tjidra mau ora lija ija mung sekabaté Gusti ḍéwé, jaiku Judas. Nanging Gusti Jésus bandjur ngandika: „Èh Judas, enggonmu ngulungaké Putrané manusa apa srana panutjup?" Wong-wong sing paḍa ngepung, bandjur ngebjuk arep njepeng marang Gusti Jésus. Saiki wis tjeṭa sapa wongé sing digolèki, djalaran sadurungé buḍal wis paḍa dikeṭik Judas mengkéné: „Endi kang daktjutjup ija iku wongé, tjekelen!” [ 130 ] [ 131 ]Wong-wong mau paḍa didangu Gusti Jésus: „Kowé paḍa ngluru sapa?” Wangsulané sing didangu: „Jésus Nasarani!” Pangandikané Gusti Jésus: „Ija Aku iki!” Bareng paḍa dipangandikani mengkono mau, dumadakan wong-wong mau paḍa kaget, bandjur munḍur lan niba ing bumi.
Gusti Jésus bandjur ndangu manéh: „Kowé paḍa ngluru sapa?” Undjuké wong-wong mau: „Jésus Nasarani!” Ḍawuhé Gusti Jésus: „Aku wis tutur ing kowé ija Aku iki! Mangka menawa Aku kang koluru, wong kijé karebèn paḍa lunga.” Ing sadjeroné kinepung ing bebaja, Gusti Jésus isih ngeman lan ngreksa para sekabaté.
Wong-wong sing arep njepeng Gusti Jésus paḍa madju manéh, nanging Pétrus sing njekel peḍang, ora lila jèn Gustiné ngantia kagepok déning mungsuh, bandjur ngunus peḍangé disabetaké marang wong sing tjeḍak ḍéwé, temah kupingé tengen keperung; wong mau djenengé Malchus.
Nanging tandangé Pétrus mengkono ora ndadèkaké keparengé Gusti Jésus. Pétrus kaḍawuhan mrangkakaké peḍangé, awit apa sing kudu kelakon ora kena dialang-alangi. Jèn digagas, peḍangé Pétrus mau arep nggandra pira tumrapé wong sabregada sing paḍa sikep peḍang lan penṭung! Nanging jèn tekané mungsuh mau ora ndadèkaké keparengé Gusti, apa Pandjenengané ora kuwasa nekakaké wadyabala malaékat nganti pirang-pirang bregada kaḍawuhan ngamping-ampingi sarirané lan mbujaraké mungsuh! Éwadéné Pandjenengané ora kersa nindakaké sing mengkono mau, awit wis dadi kersa lan kasagahané nanḍang sangsara ing sakatogé karana saka geḍéning sih kadarmané. Kupingé Malchus mau bandjur kaasta, kawarasaké. Ing sadjeroné karibedan lan ing tengahé mungsuh, Gusti Jésus isih merlokaké mitulungi mungsuhé ....
Gusti Jésus bandjur ditjepeng lan dibesta, kaḍabjang menjang ing dalemé imam agung.
Nalika iku pangandikané Gusti Jésus marang para pangarepé imam lan para lurahé padaleman sutji sarta para pinituwa kang paḍa nglarag, ḍawuhé: „Apa enggonmu nglurug nganggo sikep peḍang lan penṭung kaja nglurugi bégal iku mung arep njekel marang Aku? Nalika Aku nunggal karo kowé saben dina ana ing padaleman sutji, kowé paḍa ora gumrageh tanganmu marang Aku; nanging ija iki waktumu lan pangwasané pepeteng.”
KEPRIJÉ para sekabat? Lan Pétrus? Wong-wong sing wis kelair kasaguhané jen bakal ora ketjuwan marang Gusti Jésus lan wis sabajapati arep nglabuhi Gustiné, bareng weruh Gusti Jésus diḍabjang lan bareng ndeleng tandangé wong-wong sing sikep gegaman, bandjur paḍa tjilik atiné, kabèh paḍa mlaju ninggal Gustiné pijambakan, tanpa rowang sidji-sidjia ana ing tengahé wong-wong sing paḍa ngarah sédane.
ING wajah bengi iku uga ana ing dalemé imam agung Kajafas pradatane bangsa Jahudi marepat; sing paḍa nglumpuk ana ing kono para imam lan para pinituwané bangsa, apadené para ulama; déné sing dadi pangarsa pradata Kajafas, kang djumeneng imam agung ing taun kang lagi lumaku; tumrapé bangsa Jahudi Kajafas iku abdiné Allah kang pinundjul.
Nanging isiné atiné keprije? ....
Polatané wong-wong mau katon sumringah gambira, nanging pantjerenging mripaté nelakaké jèn atiné ngenḍem sengit. Jèn njawang lairé pradata mau arep nindakaké pangadilan sing kentjeng lan djedjeg, nanging ing batine wis paḍa mateng rembugé: „Luput apa ora luput, adil apa ora adil, wong iku kudu disingkiraké! Wong-wong mau paḍa ndjinggleng mandeng marang wong bebandan sing diladèkaké ana ing ngarepé pradata, wong sing semuné wis tanpa daja lan ora suwala diroda-peksa. Kaja mengkono iku enggoné Gusti Jésus djumeneng ana ing ngarepé pradata Jahudi.
Rabbi saka Nasarèt, sing wis kedjuwara maha asih lan maha kwasané, saiki mesṭi ora bakal mrutjut saka ing pangregeming tangané. Luput apa ora luput, pradata ora perduli babar pisan, djalaran wong iku kudu disirnakake!
Wajahé isih bengi, jaiku bengi kang ngrinakaké Paskah. Nanging bareng para pangarepé imam lan para pinituwa dalah para ulama lijané paḍa keprungon jèn Gusti Jésus wis katjepeng lan kaḍabjang menjang ing dalemé imam agung, wong-wong mau enggal-enggal [ 132 ]paḍa nglumpuk mrana, ora ngètung wajah bengi, kagawa saka notoling atiné arep njirnakaké wong sing dadi klilipe.
Gusti Jésus saiki djumeneng ing ngarepé pradata Jahudi kajadéné wong bebandan kang kena ing dakwa. Para ulama bandjur nimbali seksi-seksi rerékan kaḍawuhan nglairaké panggugat marang Gusti Jésus supaja anaa djalarané sing maton enggoné arep njédani ... Nanging satemené, jèn wong mau paḍa djudjur atiné, mesṭiné kudu blaka jèn paḍa ora bisa nemokaké kaluputané GustiJésus. Enggoné Gusti Jésus marasaké wong lara, mitulungi wong nanḍang sansgara, nangèkaké wong mati, iku kabèh rak ora kena diarani luput utawa nerak angger-angger!
Imam agung Kajafas, jaiku pangarsané pradata, ndangu marang Gusti Jésus bab para muride lan bab kang diwulangaké. Gusti Jésus bandjur mangsuli pangandikané: „Enggonku mituturi marang djagad iku ana ing eḍèngan, Aku memulang salawasé ana ing masdjid utawa ing padaleman sutji, jaiku ing papan nglumpuké wong Jahudi saka ing ngendi-endi panggonan. Ana ing pasingidan Aku ora tau memulang apa-apa.
Genéja ana pitakonmu mengkono marang Aku? Wong sing wis paḍa ngrungokaké sing dadi witjaraku, iku paḍa takonana. Wong-wong iku paḍa sumurup apa sing daktjaritakaké.”
Dumadakan, plek! ana abdiné Kajafas salah sidji sumlonong tangané napuk marang Gusti Jésus kambi ngutjap: „Teka mengkono saurmu marang imam agung?”
Gusti Jésus, wong bebanḍan, senadjan disawijah déning batur, ora bandjur muntab dukané. Pandjenengane wis pirsa jèn panjawijah mau kudu dianggep dadi peputjuking panganiaja lan sangsara, pamemirang lan panjenjamah sing bakal disanggi klawan sarèhing galih mung karana saka sih katresnané marang manusa dosa.
WONG-wong sing paḍa ditimbali dadi seksi nglawan marang Gusti Jésus, genti-genti madju ngaturaké paseksi, nanging ora ana seksi loro utawa telu sing paḍa paseksiné, kabèh paḍa sléntja, mulané pradata ora bisa gawé pantjasan ngukum Gusti Jésus. Paseksi goroh lan rerékan iku kabèh ora bisa mitenah Gusti Jésus.
Ing kono ana seksi ngaturaké paseksi mengkéné: „Kula sami mireng tijang punika witjanten mekaten: „Aku bakal mbubrah padaleman sutji iki kang kagawé sarana tangan, nuli sadjroning telung dina gawé lijané ora sarana tangan.” Gusti Jésus miḍanget paseksiné wong mau lan pirsa jèn udjaré wong iku goroh, mulané ora paring wangsulan .... Pantjèn njata jèn Gusti Jésus wis naté ngandika bab mbubrah lan mbangun padaleman, éwasemono sing dikersakake dudu padaleman sutji ing Jerusalèm, nanging sarirané pijambak enggoné bakal nglampahi séda lan ing telung dinané bakal wungu saka ing séda. Dalah para sekabat ija paḍa ora njanḍak eliding pangandika mau.
Isih akeh maneh seksi-seksi rerékan lijané sing diadjokaké, nanging sidji baé ora ana sing kena diandemi paseksinė. Para pangarepé imam nganti paḍa djudeg atinè, djalaran ora bisa nemu waton sing njata enggoné arep njédani Gusti Jésus. Mangka enggoné paḍa marepat wis suwé lan wajahé wis ngarepaké gagat-ésuk. Para ulama wis méh entèk kasabarané, keselak awan, paḍa durung bisa gawé kakantjingan apa-apa.
Déné Gusti Jésus terus djumeneng ana ing ngarepé pradata, pijambakan ana ing tengahé para ulama sing paḍa ora duwe welas lan sepi ing rasa djudjur lan adil.
Wusanane, bareng pradata kentèkan akal, imam agung Kajafas bandjur djumeneng, mripaté andik ngatirah mengku duka, sereng pangandikané marang Gusti Jésus: „Kowé daksumpah demi Allah kang asipat gesang, tutura marang aku apa kowé iku Sang Kristus Putrané Allah?” .... Swara gumremeng ing bangsal parepatan sanalika sirep kaja orong-orong kepidak. Kabeh kepéngin ngrungu keprijé wangsulané Gusti Jesus!
Ing kono tjeṭa widjang-widjang ḍawuh wangsulané Gusti Jesus: „Ija Ingsun iki Pandjenengané. Sarta sira bakal paḍa weruh Putrané manusa pinarak ana ing tengené kang Mahawisésa, lan rawuh nitih mégane langit.”
Ing sanalika iku uga warganing pradata kabèh paḍa mak regedeg ngadeg lan njuwara bareng kambi kumrubut ngebjuk marang Gusti Jésus. Ubaling kanepson sing mauné tansah dipekak, ngèmperi mbludaging banju sing ḍaḍal bendungane. Wani-waniné wong iku ngaku dadi Putrane Allah! Jèn mengkono, prasasat wong iku dadi Allah! Udjare ing tembé bakal teka manèh nunggang méganing langit lan arep nggandjar wong sing bener lakuné apadéné ngukum wong sing nasar .... Kebangeten wong iku enggoné kumawani ngutjap njenjamah! Wong-wong mau getem-getem enggoné arep nandangi Gusti Jésus; nanging senadjan katoné paḍa begita-begitu, ing batin wong mau paḍa bungah, déné saiki wis ketjekel wadiné. Pangutjapé sing keladuk mau bisa dadi merganing patine! ....
Mungguh imam agung Kajafas, bareng mireng wangsulan mengkono mau, bandjur njuwèk pangagemané kaja patrapé wong sing lagi nanḍang seḍih. Lega lan bungahing atine sinamudana déning pangungun kang banget [ 133 ]déné kok ana wong wani ngutjapaké panjenjamah marang Allah kang Maha Agung. Pangandikané imam agung Kajafas: „Gawéné apa isih nganggo seksi? Sampéjan sampun sami mireng enggènipun njenjamah. Kadospundi panimbang sampéjan?” Atur wangsulané wong akèh: „Tijang punika kumapurun njenjamah ḍateng Allah, mila kedah kasingkiraken. Tijang punika dosa pedjah!” Wong-wong sing ana ing kono, para pangarepé imam, para ulama dalah para wong sikep gegaman sing njekel Gusti Jésus, kabèh paḍa ngebjuk, ana sing ngidoni, ana sing mbiṭèni, ana manèh sing nutupi wedanane bandjur napuk kambi tjelaṭu: „Mara peṭèken, sing napuk kowé iku sapa? Ing sadjroné disawijah lan disija-sija mengkono iku Gusti Jésus mung tansah kèndel. Pandjenengané nanḍang prihatos lan gerah, éwadéné ora kelair pasambaté. Pandjenengané pantjèn wis sagah nanḍang sangsara lan sagah njanggi paukumané wong dosa, dalah paukumane wong-wong sing paḍa milara lan niksa sarirané.
SAWISÉ mengkono Gusti Jésus bandjur diḍabjang metu saka ing omahé Kajafas. Wajahé wis bangun ésuk. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, jaiku sapepaké pradata wis paḍa gawé kakenṭelaning rembug, nanging isih kudu njuwun kakantjinganing pradata sing luwih luhur, jaiku sing dipangarsani déning bupati Rum Pilatus, djalaran pradata Jahudi ora diwenangaké mutus prakara ukum pati. Senadjan tumrapé para pangarepé bangsa Jahudi mau dirasa njengkal ing ati, déné isih kudu njuwun karampungan saka ngarsané Pilatus, éwadéné wong-wong mau ora wani nglirwakaké pangadilané bangsa Rum sing lagi njekel pangwasa ana ing tanah Jahudi. Dadiné Gusti Jésus bandjur diḍabjang kaladosaké marang dalemé Pilatus.
Senadjan prakarané durung rampung, éwadéné wekasané Rabbi saka Nasarèt sing paḍa digeṭingi iku mesṭi bakal nemahi mati. Embuh keprijé mergané, waton wong iku mati, mesṭi bakal ilang klilipé .... Saiki durung tekan waktuné!
NALIKA Gusti Jésus diḍabjang metu saka ing omah, Pandjenengané minger seḍéla menjang ing palataran sing tengahe ana beḍijangé, dikepung wong sawetara sing paḍa gegenèn. Pandjenengané minger mung seḍéla, wong-wong paḍa ora ngerti apa sing ditingali, nanging tingalé Gusti Jésus ngembeng prihatos lan sih piwelas ....
KATJARITA nalika Gusti Jésus katjepeng sarta kaḍabjang medal saka ing patamanan Gètsémané, para sekabat paḍa lumaju kabèh ninggal Gustiné, ora ana sidji-sidjia sing kari ....
Nanging .... nalika Gusti Jésus diaḍepaké ing ngarepé pradata ana ing dalemé Kajafas, ana sekabat loro sing paḍa ngoḍol tinḍaké Gusti Jésus nganti tekan ing palatarané dalemé imam agung. Sekabat loro mau Jochanan lan Pétrus. Jochanan wis wanuh karo sing djaga régol, mulané bandjur mlebu ing palataran kambi ngadjak Pétrus. Sawisé paḍa mlebu bandjur paḍa lungguh awor karo para abdi, arep weruh kadadéjané Guru lan Gustiné sing paḍa ditresnani.
Dumadakan ana parekan njeḍaki Pétrus karo ngutjap mengkéné: „Dika rak enggih mèlu karo Jésus wong Galiléa niku ta?” Nanging Pétrus sélak ing ngarepé wong akèh: „Napa?. Kula boten ḍenger kang dadi udjar dika niku!” Ngutjap mengkono iku karo mlaku ndjudjug menjang ing régol, gagasané luwih betjik metu baé katimbang ana ing panggonané wong akèh, awit jèn nganti konangan, bisa dadi gawé. Jèn ana ing petengan, rak luwih kepénak, bisa weruh apa sing kelakon ora nganggo sumelang jèn konangan. Mengkono gagasané Pétrus, wis lali babar pisan jèn durung suwé kepungkur mentas mundjuk marang Gusti Jésus: „Senadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun.” Nalika Gusti Jésus ditjepeng, Pétrus ija mèlu mlaju. Nanging wekasané bandjur getun déné kok melu-mèlu mlaju kaja sekabat lijané. Saiki kakendelané wis pulih, bandjur wani ngoḍol Gustiné nganti tekan ing palataran. Malah wani awor lungguh karo para abdi lan para pradjurit gegenèn ing satjeḍaké beḍijang sing ana ing palataran, awit hawané atis. Saka ing kono Pétrus bisa ngulataké Gusti Jésus sing ana ing penḍapa ing ngarepé pradata. Nanging tjilakané, wong wadon parekan mau kok ndadak njela-njela takon, apa dadi panunggalané Gusti Jésus .... Pitakon sing ndrawasi. Jèn pradjurit sing ana ing kono paḍa ngerti, ora wurung Pétrus mesṭi bakal katut ditjekel lan dibanda. Mulané Pétrus bandjur sélak, awit apa alané dora sembada murih slameté awaké! Nanging senadjan kena dianggep dora sembada, Pétrus tetep wis njélaki Gustiné kaping sepisan.
Panggonan ing palataran satjeḍaké beḍijang pantjén mbebajani tumrap Pétrus, mulané énggal-énggal arep lunga saka ing kono. Lagi baé djumangkah marani régol arep metu, [ 134 ]wis konangan ing parekan lijané, bandjur dielokaké ana ing ngarepé wong sing paḍa ana ing kono: „Wong iki ija mèlu Jésus Nasarani!” Nanging Pétrus mangsuli: „Napa? .... Kula niki dédé muridé. Kula boten wanuh ing wong niku!” Mengkono iku dadiné wis kaping pinḍo enggoné Pétrus njélaki Gustiné.
Nanging ora antara suwé Pétrus konangan sawidjining panunggalané para abdiné imam agung, malah isih kalebu sanaké Malchus sing keperung kupingé déning peḍangé Pétrus. Wong mau bandjur njlaṭoni Pétrus, udjaré: „Napa kula boten weruh dika wau onten ing patamanan, mèlu wong niku? Dika niku enggih panunggalané wong Galiléa, ketara saka tjanṭenan dika.”
Saiki Pétrus rumangsa kepèpèt. Atiné geter déning wedi. Keprijé akalé murih adja nganti konangan jèn dadi muridé Gusti Jésus? Jèn nganti konangan, mesṭi bilai awaké. Pétrus ora bisa polah manèh kedjaba mung ngantepi enggoné sélak. Malah saiki enggone sélak nganggo njupatani awaké ḍéwé lan klawan sumpah mangsuli karo nepsu: „Pripun ta dika niku? Kula dédé panunggalané, tur kula boten wanuh ing wong niku!” Enggoné nganti njupatani awaké ḍéwé lan sumpah iku pamurihé supaja wong akèh paḍa gelema ngandel jèn Pétrus mau pantjèn dudu panunggalané sekabaté Gusti Jésus .... Sing dipikir mung kaslametané awaké ḍéwé, babar pisan ora ngélingi kasetyan lan katresnané Guru lan Gustiné. Mengkono iku seḍéla baé Pétrus wis njélaki Gustiné nganti ping telu lan sanalika ana djago kluruk.
Bareng Pétrus krungu kluruké djago, bandjur lagi kèlingan enggoné dipangandikani Gusti Jésus: „Kowé apa bakal ngetohaké njawamu nglabuhi Aku? Satemen-temené pituturku ing kowé: „Ing dina iki bakal ora ana djago kluruk, sadurungé kowé njélaki Aku nganti ping telu.”
Saiki Pétrus ngerti sepira geḍéning kaluputané déné wis njélaki Gustiné nganti ping telu, Gustiné sing arep dibelani senadjana nganti mati. Wah iba wirangé jèn ngélingi enggoné meṭènṭèng arep nglabuhi Gustiné nalika durung ana bebaja, nanging ngutjira bareng bebaja njeḍaki. Sing dirasa kebangeten alané, déné wis njélaki Gustiné, mangka enggoné sélak nganggo nglairaké supata lan sumpah!
Pétrus ingak-inguk nggolèki Gustine. Upama wania, Pétrus arep njeḍak bandjur ngrungkebi padané Gusti njuwun pangapura lan pitulungan kaja nalika ana ing tengahé segara ing wajah bengi .... Nanging saiki ora bisa, djalaran saiki Gustiné wis adoh, malah bokmenawa ing salawas-lawasé ora bakal ketemu manèh. Upama ketemua, apa Pandjenengané isih kepareng disowani lan disuwuni pangapura déning murid sing wis njélaki Pandjenengané nganti ping telu?
Nalika semono mbeneri Gusti Jésus diḍabjang medal saka ing omahé Kajafas, Gusti minger seḍéla menjang ing palataran ningali Pétrus sing mentas sélak nganti ping telu. Ora ana wong sing ngerti apa sing ditingali mau kedjaba Pétrus ḍéwé.
Mengkono uga Petrus ija weruh tingalé Gustine enggoné ningali awaké klawan ngembeng trenjuh lan welas. Pétrus krasa kaja diḍoḍog atiné .... Sadjroné nanḍang sangsara mengkono Gustiné ora négakake sekabaté, isih dièngeti klawan sih kadarmané, senadjan sekabat mau ora mantep kasetyané.
Wusanané Pétrus bandjur énggal lunga metu menjang panggonan sing peteng, bandjur ngambruk nangis kelara-lara. Ora lèrèn-lèrèn enggoné sesambat marang Gusti Jésus: „Ḍuh Gusti, kawula saèstu sampun damel sekeling galih Tuwan saha ageng dosa kawula wonten ing ngarsa Tuwan. Ḍuh Gusti, kawula ingkang rumaos saged nganḍemi kasetyan kawula ḍumateng Tuwan, samangké sampun boten sembada babar pisan dados abdi Tuwan. Ḍuh Gusti, dosa saha kalepatan kawula punika saèstu kawula getuni .... mugi-mugi Gusti kepareng ngapunteni kalepatan kawula punika!”
GUSTI Jésus kaḍabjang bakal kaladosaké. Ora kenḍat-kenḍat Pandjenengané dipilara lan dipepojok déning satruné lan wong akèh ....
Pada ana ing endi para mitrane?
Judas njidra Pandjenengané.
Sekabat lijané paḍa ninggal Pandjenengané.
Pétrus njélaki Pandjenengané malah nganti ping telu.
Semono enggoné Gusti Jesus nanḍang kawelas-asih!
KOTJAPA Judas .... ngetut-buri lakuné grombolan sing nḍabjang Gusti Jésus saka ing patamanan Gètsémané menjang ing dalemé imam agung.
Judas sing ngulungaké Gustiné bisa nungkuli ḍéwé enggoné Gusti Jésus dipriksa prakarané déning pradata ....
Sasuwéné ngrungokaké Judas tansah mikir-mikir ing sadjeroning ati: „Djenèh Gusti ora kersa maringi kasugihan lan kadradjatan marang aku! Pandjenengané satemené bisa, nanging généja ora kersa? .... Luputé ḍéwé nganti dibanda lan diḍabjang-ḍabjang kaja [ 135 ]mengkono! Iku minangka ukumané enggoné gawé ketjuwanku!”
Mengkono manèh Judas ija nggagas: „Wah mesṭiné ora nganti Gusti Jésus kapatrapan ukum pati, awit luputé ora sepiraa aboté. Malah satemené Pandjenengané ora naté nindakaké kaluputan. Pandjenengané tjeṭa jèn resik tanpa dosa .... Upama diukuma, mesṭiné mung diukum kundjara, nanging ora bakal diukum pati .... Djalaran Pandjenengané iku resik, keprijé bisané kelakon kaukum pati?”
Nanging swaraning atiné saja suwé saja tjeṭa dadi panggugat marang Judas: „Pandjenengané iku resik tanpa luput, sutji tanpa dosa! Pandjenengané kapatrapan paukuman sing dudu mesṭiné .... Kelakoné mengkono iku marga saka panggawému. Judas!” Dadiné Judas saja suwé saja kuwatir.
Bareng tekan waktuné para ulama paḍa ngadeg bebarengan kambi ngutjap: „Kasingkirna tijang Nasarèt punika! Tijang punika dosa pedjah!” .... Judas bandjur klépat lunga, metu saka ing dalemé imam agung, geter atiné déning wedi kang banget.
Tjeṭa pangrunguné Judas marang karampungané pradata: „Wong iku kudu kaukum pati!” Lan Judas ija ngrungu tjeṭa panggugat sing ana ing atiné déwé: „Saiki Gusti bakal disédani! Iku marga saka trékahmu!” Dadiné Judas banget enggoné keduwung. Nanging saiki keprijé supaja Gusti adja nganti kelakon disédani? Karampungané pradata kudu dibatalaké! Wah, saiba tjilakané jèn Gusti nganti disédani!
NALIKA semono para pangarepé imam lan para pinituwa isih paḍa ana ing padaleman sutji. Wis paḍa lega atiné, djalaran wis ana karampungan ingatasé Gusti Jésus. Saiki mung kari ngentèni palilahé Pilatus sing djumeneng bupati. Lan sawisé iku .... Wah, jèn sing dadi klilipé, jaiku Rabbi saka Nasarèt, iku sirna, saiba senengé, awit saumat kabèh bakal paḍa nggatèkaké maneh marang piwulangé para ulama lan para pangarepé imam lan para pinituwané bangsa; angger wis mati, seḍéla baé anaké tukang kaju saka Nasarèt iku mesṭi ora kotjap manèh .... Wosé wong iku kudu disingkiraké!
Nalika isih paḍa ngudarasa mengkono mau, dumadakan ana wong teka, menggèh-menggèh ambekané, gumeter awaké sekodjur lan mripaté pendirangan ngawasaké para imam kaja wong arep ndjaluk tulung .... wong mau djebul Judas!
Judas wis ora merduli apa tekané mau dianggep ngungkak krama utawa ngribedi para ulama mau, awit atiné selak ora sabar déning kabereg ing wedi .... Getun lan keduwung wis ora kamot ana ing atiné. Ḍuwit opahé enggoné laku tjidra krasa panas kaja wangwa baṭok ana ing gémbolané. Ana ing ngarepé para ulama mau Judas ngutjap mengkéné: „Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken.”
Para imam mau sanalika kagèt. Getihé wong resik? .... Nanging para imam mau mèlu-mèlu apa? Jèn wis diputus déning pradata, mesṭiné ija ora tanpa kaluputan .... Déné wong sing katon wedi banget nganti gumeter awaké sakodjur iku, ana gawéné apa teka mrono? Para imam lan para ulama ora mèlu-mèlu ing prakarané! .... Sing dadi underaning prakara rak mung bab sirnané Jésus Nasarani sing dadi klilip! Déné Judas, apa perlu ndadak dipaèlu udjaré?
Wong-wong mau mung paḍa mèsem lan gumuju ngrungu udjaré Judas. Déné Judas banget pangungsedé supaja karampungané pradata mau dibatalaké lan Gustiné tumuli diluwarana, ambal-ambalan aturé: „Sampun ngantos tijang punika dipun ukum pedjah, awit boten kadunungan lepat. Sampun ngantos sami ngwutahaken rah resik!” Atiné Judas ora bisa djendjem, rasané kaja sinebit-sebit, djalaran rumangsa dadi djalarané sangsara lan sédané Gusti Jésus kang tanpa dosa ....
Nanging Judas mung digeguju déning para ulama. Iku rak luput lan boḍoné ḍéwé wani ngulungaké Guruné. Judas rak tanpa diundang tekané ngaturaké kasaguhané, apamaneh Judas ija wis nampani opahé ḍuwit telung puluh sèkel! Dadiné saiki para imam mau mèlu-mèlu apa karo ḍéwèké?
Udjaré Judas: „Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken.” Nanging wangsulané ulama kabèh: „Aku perduli apa? Iku kowé ngrasakna ḍéwé. Saiki wis kasèp, apa sing diputus déning pradata ora kena dibatalaké manèh!” Ngrungu wangsulan mengkono mau, atiné Judas rasané kaja ditotog ing alu, ilang pangarep-arepé enggoné arep ngresikaké awaké. Jèn Gustiné sida kaukum pati, ing salawasé atiné ora bakal pulih djendjem manèh, swaraning atiné mesṭi tanpa kenḍat nggugat awaké ḍéwé: „Judas, kowé gawe dosa, ngwutahaké getih resik! Kowé sing luput!”
Ḍuwit opahé keprijé? Ḍuwit patukoning getih resik iku ing salawas-lawasé bakal mbrongot uripé. Ḍuwité mau bandjur arep dibalèkaké marang para pangarepé imam lan para ulama, nanging ora ditampani, mulané bandjur diuntjalaké déning Judas ing ngarepe wong-wong mau ana ing padaleman sutji. Kumrompjang swarané ḍuwit telung puluh sèkel selaka ana ing djubin bandjur ngglinḍing menjang ngendi-endi .... [ 136 ]MUNGGUH Judas ḍéwé keprijé? Sawisé nguntjalaké ḍuwit mau, bandjur klépat lunga .... Atiné kuwur banget. Saiki wis kasèp, madju buntu, mundur wis kebandjur! Atiné ngenes, tanpa ana ungup-ungupé oleh pepaḍang lan pitulungan. Keduwunging atiné ora bakal bisa sirna, malah mung tansah njiksa uripé, keprijé enggoné arep ngontjati. Nijaté arep golèk pangungsèn, nanging menjang endi enggoné ngungsi, djalaran sing arep diontjati iku wis mandjing ana ing djero atiné. Ing salawasé uripé bakal tansah dadi buron, diojak-ojak déning keduwunging atine. Kedjaba jèn bisa ontjat saka ing alaming ngaurip! Judas saiki wedi urip. Sing bisa ngluwari saka ing panggugating atiné ora lija kedjaba mung pati. Jèn wis mati, lagi bisa meneng swaraning keduwungé!
JUDAS ketliweng pikiré! .... Béda banget karo Pétrus! Pétrus keduwung banget atiné, bandjur nangis kelara-lara. Sing dikeduwungi jaiku déné nganti gawé sekeling galihé Gustiné. Ing sadjeroning keduwungé Pétrus sesambat marang Gusti njuwun pangapura. Mangka Gusti Jésus ora nampik wong sing nggetuni kaluputané lan njuwun pangapura.
Judas ora mengkono kaanané. Sing dipikir mung tjilakané awaké ḍéwé, déné tansah bakal diojak-ojak déning keduwunging atiné ḍéwé, mangka ora bisa ngontjati .... Nanging atiné ora ketuwuhan nalar golèk pangungsèn marang Gustiné, lan ora sesambat njuwun kawelasan ....
Judas wis kapandjingan déning Iblis lan ora bisa ontjat manèh saka ing pangwasané. Ing wajah ésuk isih repet-repet Judas nggeblas, parané menjang ing patamanan Gètsémané. Ing sawengi iku Judas nganti ping pinḍo enggoné mlaku mrono. Ana ing papan sing linḍuk ing gegampèng Judas bandjur ngenḍat tali murḍa. Pang sing dienggo ngenḍat iku tugel, temah Judas tiba krungkeb ing djurang, ketanggor-tanggor ing parang tjuri nganti beḍah wetengé lan djeroané metu kabèh .... Ana ing djurang djero Judas gumléṭak wis mati.
Nanging dosané sing wis akèh, isih diwuwuhi dosa ngenḍat, katut digawa mlebu ing djaman kalanggengan. Mangka ing kana ora ana pangapura manèh.
Mengkono kelakoné njèplesi pangandikané Gusti Jésus nalika paḍa kembulan mangan budjana Paskah, mengkéné: „Bilai wong kang dadi margané Putrané manusa kaulungaké; begdja wong iku saupama ora kelakona lair!”
PARA imam sing paḍa ana ing padaleman sutji mung paḍa nggeguju pratingkahé Judas. Ḍuwit telung puluh sèkel selaka sing pating slebar ana ing djubin bandjur dikukup, karo paḍa ngutjap: „Iku ora kena dilebokake ing peti bet-amal, marga dadi patukoning getih.” Dadi ḍuwit sing dienggo ngopahi Judas ngulungaké Gusti Jésus iku paḍa dianggep ḍuwit reged, ḍuwit nadjis, ora kena dilebokaké ing peṭining pisungsung ing padaleman sutji. Saka kakenṭelaning rembugé wong mau bandjur ditukokaké palemahane kunḍi, palemahan sing ora akèh adjiné, djalaran lempungé wis entèk digawé grabah. Palemahan mau bandjur kagawé pakuburané wong ngamantja sing mati ana ing Jerusalèm lan ora kena dikubur ana ing bumi sutji, bumi pusakané bangsa Jahudi. Ing sabandjuré palemahan mau ketelah aran Akeldama, tegesé palemahan getih, djalaran pinangkané saka ḍuwit patukoning getih.
PIRANG-pirang atus taun kapungkur nabi Jirmijah nglairaké pametja ḍawuhé: „Paḍa nampani wang telung puluh sèkel selaka mau, ija iku pangadjiné kang wus kamurwat ing sapamurwaté Banisraèl; bandjur ditukokaké palemahané kunḍi.” Pangandika mau pangandikané Gusti Allah pijambak lantaran abdiné; nalika djamané nabi Jirmijah ora ana wong sing njandak tegesé pangandika mau.
Nanging saiki pangandika mau kajektèn.
Mungguh para imam lan para ulama mau kabèh mesṭiné paḍa ora kélingan marang pangandikané Gusti Allah ing djaman kuna, djalaran atiné wis kebak piala.
WAJAHÉ isih ésuk umun-umun. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, jaiku sapepaké pradata, sawisé gawé karampungané prakara, bandjur paḍa nḍabjang Gusti Jésus kaladosaké ing dalemé bupati Pilatus. Karampungané pradata ingatasé Gusti Jésus wis tjeṭa, jaiku: Pandjenengané bakal disédani, déné saiki kari ngentèni, apa bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing tanah kono ngrudjuki karampungan mau. Jèn wis dirudjuki, wong Nasarèt iku tan kena ora mesṭi mati. Saiki wis dina Djumuwah, lan jèn mengko soré srengéngéné surup, wis ngantjik dina Sabbat Paskah. Ing dina Sabbat wong Jahudi paḍa ora kelilan nglakoni pagawéan, dadi ija ora kelilan mematèni. Mulané sadurungé ngantjik dina Sabbat mau, Jésus Nasarani iku kudu wis dirampungi prakarané lan kudu wis dipatrapi paukuman pati!
Dalemé bupati Pilatus wis katon, lakuné bandjur digelak. Prakarané kudu énggal[ 137 ]énggal dirampungi, ora kena disrantèkaké manèh. Mau bengi pradata Jahudi wis nemtokaké ukuman pati kanggo Gusti Jésus lan awané Pandjenengané bakal tumuli disédani! Ing sadalan-dalan wong sing paḍa weruh lan ngrungu gederé wong nḍabjang Gusti Jésus, bandjur paḍa mèlu ngetutaké, kepèngin ngerti keprijé bakal wusanané.”
Satekané ing palataran ngarep dalem kabupatèn, wong Jahudi mau bandjur paḍa manḍeg, paḍa ora gelem mlebu ing dalem kabupatèn, pamurihé supaja adja nganti nadjis, temah isih paḍa wenang mangan Paskah. Sapa ta ing antarané wong Jahudi sing paḍa mursid lan ngibadah, gelem ngambah omahé wong kapir, sing ora wanuh marang Allahé Israèl? Mulané wong-wong mau mung paḍa manḍeg ing ngarep dalem kabupatèn, mengko Pilatus rak mijos menjang ing gadri ngarep manggihi wong sing paḍa ngaturaké panggugat.
ORA antara suwé Pilatus bandjur mijos ing gadri ngarep, pinarak ing kursining pangadilan. Bupati Pilatus iku prijagung bangsa Rum, solah bawané ngetarani jèn wataké adigang adigung, kamitégan, mentalan lan sugih gelar. Wong Jahudi sing paḍa sowan ana ing ngarsané mung paḍa diingetaké baé; jèn ndeleng polatané, wong-wong mau ketara jèn paḍa nesu banget; mesṭiné wong sing diladèkaké iku durdjana geḍé .... Nanging .... jèn ndeleng wudjudé wong sing dibanda, sing kewentar djenengé Jésus Nasarani, ora ana èmperé babar pisan karo durdjana. Gék apa baé kaluputané déné nganti dadi bebandan?
Para pangarepé imam katon rada gadjeg-gadjeg. Apa sing kudu diaturaké minangka panggugat .... Apa kudu matur, jèn Gusti Jésus saben-saben marasaké wong lara, malah wis tau nangèkaké wong mati? Jèn Pandjenengané tau ngandika djumeneng Putrané Allah? Jén para pangarepé imam lan para ulama kerep diwelèhaké mungguh ing kaluputané lan kamursidané sing mung lelamisan? Apa kaja mengkono iku enggoné kudu matur marang Pilatus? .... Jèn mung kaja mengkono sing dadi gugaté, Pilatus mesṭi ora bakal nḍawuhaké paukuman. Dadiné kudu ana gugatan utawa dakwa sing luwih premati, supaja Jésus Nasarani iku kenaa kapatrapan ukum pati!
Wong mau bandjur paḍa wiwit nggugat, aturé: „Saking pamanggih kula tijang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging saos bulu-bekti ḍumateng Sang Prabu, mawi gaḍah pangaken dados Kristus utawi ratu pijambak.”
Pilatus mirsani Gusti Jésus kambi mangu-mangu galihé; jèn wong iki mbalila marang Sang Prabu ing Rum, wis mesṭi kudu kapatrapan ukuman abot, mulané bandjur ndangu: „Kowé iku apa ratuné wong Jahudi?” Nanging Gusti Jésus mangsuli, pangandikané: „Kratonku iku ora saka ing donja kéné; menawa kratonku saka ing donja kéné, mesṭi wadyabalaku paḍa lumawan perang, supaja Aku adja nganti kaulungaké marang wong Jahudi. Kang iku kratonku ora saka ing donja kéné.”
Panggalihané Pilatus mungguh wangsulan mau kira-kira mengkéné: „Jèn wong iki arep ngadegaké kraton sing ora ana ing donja kéné, aku rak ora perlu kuwatir menawa wong iki arep madeg kraman nglawan aku utawa Sang Prabu ing Rum. Généja wong-wong Jahudi iku paḍa banget nepsuné nganti njuwunaké paukuman wong iki?”
Pilatus bandjur ndangu marang Gusti Jésus: „Apa kowé ora ngrungu panggugaté wong iku marang kowe? Lah pirang-pirang prakara kang digugataké marang kowé!” Nanging Gusti Jésus ora mangsuli apa-apa manèh .... Dora-tjara sing diutjapaké bangsané ingatasé iku kang ndjalari sekeling galihé, nanging Pandjenengané wis ora kepareng paring wangsulan.
Pilatus tumuli ngandika marang para pangarepé imam lan wong golongan sing saja suwé saja munḍak akèh lan munḍak gumeder: „Mungguh ing aku wong iku ora tinemu kaluputané!” .... Nanging sing nggugat paḍa saja rengkeng, aturé: „Boten pinanggih kalepatanipun? .... Tijang punika damel balilanipun bangsa, pamulangipun sampun wradin ing satanah Jahudi sadaja, wiwit ing tanah Galiléa ngantos dumugi ing ngriki.”
Pilatus bareng mijarsa bab tanah Galiléa bandjur ndangu: „Wong iki apa wong Galiléa?
Bareng wis njatakaké jèn Gusti Jésus iku pinangkané saka Galilea, ribeding galihé bandjur rada antèr .... Awit satemené Pilatus nganti djuḍeg galihé ngraosaké Gusti Jésus. Wong Jahudi kengkeng enggoné nggugat: „Tijang punika dosa pedjah!”, lan panasing atiné mubal katon ana ing pantjerenging mripat, nanging Pilatus pijambak ora bisa manggihaké kalepatané Gusti Jésus. Jèn mengkono kuduné keprijé? .... Wis mesṭi bae wong sing ora tinemu kaluputané kudu diluwari, mengkono iku wis klebu kuwadjibané hakim sing adil lan djudjur. Pilatus ora kersa tumindak mengkono, awit Pilatus kepéngin damel renané wong golongan. Djalaran saupama Pilatus ora nuruti panjuwuné wong Jahudi mau, wong-wong mau, luwih maneh para pangarepé imam lan para ulama, mesṭi bakal dadi satruné; katimbang dianggep satru rak luwih betjik dianggep mitra déning bangsa Jahudi, djalaran sapa weruh, samangsa bangsa Jahudi ora seneng dieréhaké déning bupati [ 138 ]Pilatus, akèh baé mergané jèn arep njuṭat Pilatus saka ing kabupatèn, kajata ngaturake lajang gugatan marang Sang Prabu ing Rum, kang idjoané nggugat Pilatus bab pirang-pirang prakara sing magepokan karo pangrèhé Pilatus sing tansah disiḍem lan ora kauningan déning Sang Prabu. Samangsa prakara mau nganti kapijarsa ing Sang Prabu, wis mesṭi ora betjik kadadéjané tumrap Pilatus; kitir sasuwèk bebasane bisa ngenḍangaké bupati Pilatus. Mulané Pilatus kudu wewéka lan kudu pinter ngrogoh atiné wong Jahudi, supaja awèt enggoné djumeneng bupati, mangku kamuktèn lan kawibawan, embuh pira prabéjané.
Nanging saiki keprijé enggoné arep mutus prakarané Jésus Nasarani iku? Wong sing ora tinemu mungguh dosané pati apa kena katrap ing ukum pati?
Mulané bareng mijarsa jèn Gusti Jésus iku saka ing tanah Galiléa, panggalihé sanalika mak plong, awit ngira bakal olèh dalan ontjat saka ing karépotan. Tanah Galiléa iku ora klebu bawahé. Sing maréntah ing kono radja Héroḍès. Mangka mbarengi rijaja Paskah iku Héroḍès ana ing Jerusalèm .... Jèn mengkono, prakara mau luwih betjik dipasrahaké marang Héroḍès, temah Pilatus ḍéwé bisa ombèr galihé. Tur ana perluné apa ta tumrapé Pilatus ngurus prakarané wong sing arep ngadegaké kraton sing ora saka ing donja kéné? Sing tansah diudi déning Pilatus iku supaja bisaa lestari mukti wibawa lan kepénak uripé, apadéné tetep enggoné djumeneng bupati, ora kedukan ana ing ngarsané Sang Prabu ing Rum.
Ing kono Pilatus bandjur ḍawuh supaja Gusti Jésus kaladosaké menjang ngarsané Héroḍès.
Wong Jahudi paḍa pating kedumel nguman-uman Pilatus lan njampahi Gusti Jésus .... djenèh prakarané ora tumuli diputus. Nanging wong mau paḍa ora bisa mbangkang ḍawuh, temah Gusti Jésus diḍabjang manèh turut dalan menjang dalem pamonḍokané Héroḍès. Wong sing paḍa mèlu ngetut-buri saja munḍak-munḍak akèhé nganti dadi golongan geḍé, swarané wong akèh gumeder kumruwuk paḍa nguman-uman lan mojoki Gusti Jésus. Ana sawenèh sing ngèlokaké: „Iku rak Rabbi saka Nasarèt sing bisa gawé kaélokan warna-warna ta? Généja? ....” Ana manèh sing tjelaṭu: „Kuwi rak sing adaté wani melèh-melèhaké para imam ta? Saiki keprije?” .... Ana sing njambungi, kanḍané: Kuwi apa dudu wong sing diarak mlebu ing kuṭa Jerusalèm nunggang kuldi kaja déné ratu? Saiki kok dadi bebandan, mesṭiné wong kuwi tukang ngapusi! .... „Mengkono udjaré wong akeh, lan kabèh paḍa maido lan ngina marang Gusti Jésus. Ana ing tengahé wong golongan mau Gusti Jésus mung idjèn baé, ora ana wong sidji baé sing nglabuhi: senadjan ditjetjamah lan dipepojok, Gusti Jésus tansah kèndel baé. Pasurjané ora ketingal adjrih utawa rengu, nanging paningalé kawistara jèn nanḍang trenjuh.
Gusti Jésus diḍabjang wong golongan kaja bebandan .... mangka Pandjenengané iku Putrané Allah kang nitahaké langit lan bumi, ija kang Mahakuwasa .... Jèn ditanḍing karo mahakuwasané Allah, nggandra pira wong golongan semono kèhé ana ing ngarsané? Nanging wis dadi kersané Gusti Jésus nanḍang sangsara, sepira aboté disiksa lan disija-sija, dipepojok lan ditjetjamah, kabeh iku mau arep disanggi klawan éklasing galih..
Gusti Jésus diglanḍang ing wong golongan ora béda karo wong sudrapapa, wong sing musakat ḍéwé paḍa-paḍa titahé Pangeran. Nanging malah karana iku mau kabéh Pandjenengané iku kang pinundjul lan kang luhur ḍéwé; Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih kang nanḍang sangsara sumurup enggoné ngluwari umat kagungané lan njanggi dosané manusa kabéh.
DADINÉ Gusti Jésus kaladosaké ing ngarsané radja Héroḍès.
Héroḍès bareng ningali Gusti Jésus, banget bingahé. Pangunandikané: „O, iki ta sing djeneng Jésus, sing wis kerep dakrungu wartane, nanging sing durung tau dakweruhi wudjude.” Satemené nalika Héroḍès miḍanget kabar bab Gusti Jésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, galihé ketuwuhan rasa wedi, djalaran kagungan panginten jèn Gusti Jésus iku Jochanan Pambaptis, sing bijèn disédani nanging bandjur gesang manèh. Nanging bareng saiki ningali wudjudé Gusti Jésus, bandjur ilang kuwatiré, djalaran sing dadi bebandan iku tjeṭa jèn dudu Jochanan Pambaptis. Héroḍès bingah mirsani Gusti Jésus, pangadjeng-adjengé bisaa ningali pratanḍa lan kaélokan kaja sing wis naté ditindakaké Gusti Jésus .... Héroḍès ora menggalih babar pisan bab trenjuhing galihé Gusti Jésus utawa ora menggalih marang kaadilan sing kudu ditandukaké marang Gusti Jésus, nanging sing ndadèkaké bingahing galihé mung enggoné arep ningali tetingalan sing gawé senengé wong nonton. Gusti Jésus iku dianggep mung kajadéné tukang sulap baé!
Gusti Jésus didangu klawan tembung akèh-akèh lan diḍawuhi nedahaké kaélokan, nanging saketjap Gusti Jésus ora paring wangsulan. Pandjenengané ora naté nindakaké kaélokan jèn ora kagem nulungi wong kang paḍa nanḍang kasangsaran lan katjingkrangan, apadéné kagem ngluhuraké Asmané Sang Rama ing swarga. [ 139 ]Déné para pangarepé imam lan para ulama isih paḍa bengak-bengok ngantebaké panggugaté marang Gusti Jésus.
Nanging Gusti Jésus kèndel baé.
Bareng tetéla jèn tanpa gawé enggoné ndangu Gusti Jésus, Héroḍès bandjur kèndel. Satemené ana paédahé apa tumrap Héroḍès nitipriksa prakarané Jésus Nasarani iku? Mulané Gusti Jésus bandjur dilelingsem lan dipepojok déning Héroḍès dalah para pradjurité, sawisé katog, bandjur diagem-agemi putih gumilap, kaja adaté bangsa Rum: jèn ana wong ngarah marang pangkat ḍuwur, wong mau bandjur manganggo putih. Sarèhné Gusti Jésus ija disuwuraké arep djumeneng ratu, mulané bandjur diagem-agemi putih.
Wusanané Gusti Jésus bandjur diwangsulaké menjang ngarsané Pilatus. Pandjenengané diḍabjang manèh ing wong golongan, ing sadalan-dalan mung dadi tontonaning wong akèh.
Pilatus pirsa tekané wong golongan ngarak Gusti Jésus. Wong resik, babar pisan ora tinemu kaluputané, lha kok diladèkaké lan disuwunaké paukuman, mangka ukum pati! Pilatus djuḍeg galihé .... Swarané wong golongan sing paḍa nguwuh-uwuh krungu saka kadohan pinḍa ampuhan nasak pagunungan .... Pilatus ketara jèn adjrih saupama ngluwarana Gusti Jésus, senadjan wis uninga karesikané.
Nanging Pilatus wis manggih akal. Adaté bupati saben samangsa rijaja Paskah nglilani luwaré lelaran sidji manut ing pamilihé wong akèh .... Mangka nalika iku ana lelaran sidji sing kedjuwara dadi bénggolé branḍal, djenengé Barabbas. Jèn wong Jahudi paḍa diḍawuhi milih ing antarané Jésus Nasarani kang ora tinemu kaluputané karo Barabbas sing dadi bénggolé branḍal, mesṭiné baé wong Jahudi bakal paḍa milih Jésus Nasarani. Mengkono rékané Pilatus enggoné arep ngluwari Gusti Jésus.
Nanging Pilatus iku satemené tansah godjag-gadjeg panggalihé: jèn miturut adilé kudu ngluwari Jésus Nasarani, nanging adjrih bakal gawé nepsuné bangsa Jahudi; jèn arep nuruti panjuwuné bangsa Jahudi nḍawuhaké paukuman ingatasé Gusti Jésus, galihé ija ora sekétja, djalaran wis tjeṭa jèn sing kudu diukum mau ora duwé kaluputan apa-apa .... Saja manèh, nalika wis pinarak ing pangadilan, ana utusané garwané ndikakaké matur: „Sampun sampéjan maèlu prakawisipun tijang punika, awit wau dalu salebetipun supena kula ngraosaken susah sanget krana Pandjenenganipun.”
Pilatus wis nemtokaké ing salebeting galih jèn rantjangané iku mau bakal olèh gawé. Barabbas diwetokaké saka ing kundjara, bandjur digiring menjang ing pangadilan, Barabbas sing kakundjara djalaran prakara radjapati! Jèn wong golongan paḍa ndeleng wudjudé Barabbas sing nggegirisi, mesṭi bakal paḍa njuwun luwaré Jésus Nasarani sing katon lembah-manah.
Nanging bareng Pilatus ndangu, ḍawuhé: „Wong loro iku endi kang kodjaluk luwaré?”, wong golongan bandjur paḍa nguwuh-uwuh saur manuk: „Jésus kasaliba! Barabbas kaluwarana!” Pilatus kedjot, rantjangané gagal, ora njana babar pisan jèn bakal mengkono kadadéjané. Pilatus bandjur ndangu manèh: „Menawa mengkono, Jésus kang kasebut Kristus, iku dakkapakaké?” Aturé wong akèh: „Mugi kasaliba! Kasaliba!” Éwadéné Pilatus isih ndangu: „Dosané apa ta?” Nanging wong akèh malah paḍa munḍak seru enggoné nguwuh-uwuh, uniné: „Kasaliba! Kasaliba!” Panguwuhé wong golongan tumempuhé marang Gusti Jésus apinḍa panggrabjaging samodra rob.
Wong golongan enggoné paḍa nguwuh-uwuh mengkono iku marga saka pangipuk-ipuké para pangarepé imam lan para ulama. Wong golongan ḍéwé satemené paḍa ora ngerti apa perluné paḍa nguwuh-uwuh mengkono iku. Atusan tjatjahé wong sing saiki mèlu-mèlu muni: „Kasaliba!”, mangka sawetara dina kepungkur paḍa bebarengan ngulukaké pamudji: „Hosanna kondjuk ing teḍakipun Dawud; binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran!” Saiki wong golongan mau paḍa ngadjap sédané Gusti Jésus ana ing kaju salib, séda kang nisṭa kajadéné patiné wong durdjana!
Wong golongan mau paḍa ketjuwan banget ingatasé Gusti Jésus, déné ora kersa didjumenengaké ratu .... Atiné wong-wong mau saja wuwuh enggoné ketjuwan, bareng paḍa ndeleng Gusti Jésus dadi bebandan, pasurjané putjet, sarirané katon lungkrah tanpa daja .... Wong-wong mau paḍa keduwung déné wingi-wingi paḍa duwé pangarep-arep ndjumenengaké ratu wong kaja mengkono. Sarèhné paḍa rumangsa ketjélik lan kapusan, mulané saiki ora owel-owelen njingkiraké sing ndadèkaké seriking atiné. Seru enggoné paḍa mèlu nguwuh-uwuh: „Kasirnakna tijang punika! Mugi kasaliba!”
Pilatus djuḍeg panggalihé mirsa wong golongan paḍa nggudjeg klawan wurahan banget, alok-aloké paḍa njuwun supaja Gusti Jésus kasaliba. Panguwuhé para pangarepé imam, binarung pambengoké wong golongan wis ora kena diampah manèh. Pilatus adjrih jèn ngluwarana Gusti Jésus. Ora ana dalan lijané kedjaba mung masrahaké Gusti Jésus marang wong Jahudi supaja kapatrapana kaja sing [ 140 ]dadi panjuwuné .... Nanging senadjan Pilatus masrahaké Gusti Jésus marang wong Jahudi, éwadéné Pilatus arep nedahaké jen ora mèlu-mèlu dadi djalaraning sédané, mulané bandjur munḍut banju sarta widjik asta ana ing ngarepé wong golongan, ḍawuhé: „Aku iki ora ketempèlan getihé wong mursid iki. Kowé paḍa ngrasakna ḍéwé, djalaran kowé sing paḍa duwé nijat njédani Pandjenengané!”
Mengkono iku lelakoné bupati sing djirih lan hakim sing ora wani ngukuhi kaadilan! Mangka Pilatus iku ngerèhake wadyabala Rum, dadi ora perlu wedi marang pangamuké wong Jahudi, lan jèn netepi kaadilan, benerė Pilatus kudu ngandika marang wong Jahudi: „Senadjan panguwuhmu ngantia sunḍul ing langit, senadjan kowé paḍa nganakaké éra-èru lan senadjan kowé madulaké aku marang ngar sané Sang Prabu ing Rum, .... Jésus iki wong resik tanpa dosa, mulané dakluwari!” Nanging kodjur, Pilatus iku wong djirih. Banju sing diagem widjik asta, bisa ngilangi rereged sing ana ing astané, nanging piala sing wis mandjing ana ing galihé djalaran nuruti panggudjegé bangsa Jahudi, apa bisa ilang mung sarana widjik asta? Ḍawuhé Pilatus marang wong golongan: „Kowé paḍa ngrasakna ḍéwé enggonmu arep matrapi wong sing resik tanpa dosa iku!”
Wong golongan bandjur paḍa surak, aturé marang Pilatus klawan bungah: „Sendika, prakawis punika dados tanggelan kula sedaja. Rahipun dumawaha ing kula saanak-putu kula! Kula sedaja ingkang baḍé njanggi amis-batjinipun! Nanging tijang punika kedah kasirnakaken!” Wong golongan kaja-kaja wis geleng nunggal karep njirnakaké Gusti Jésus, embuh keprijé kadadéjané ing tembé buri.
Pilatus bandjur ḍawuh nggawa lan njapu marang Gusti Jésus. Miturut adaté ing tanah kono, wong durdjana sing bakal kapatrapan paukumam pati sarana kagantung ing kaju salib, iku kudu disapu ing sadurungé .... Mengkono uga Gusti Jésus, sarèhné Pilatus wis masrahaké Pandjenengané marang wong Jahudi supaja kasalib, mulané Pandjenengané saiki ija kudu nanḍang dipisakit sarana kasapu.
Gusti Jésus bandjur diḍabjang déning para pradjurit Rum menjang ing palataran djero. Kantja-kantjané pradjurit diklumpukaké sapanṭa pepak, arep ngleksanani ḍawuhé Pilatus. Jèn ndeleng para pradjurit sing pawakané blenṭot lan pating peṭékol, apadéné kasar tandangé, ana ing tengahé wong-wong mau Gusti Jésus katon ringkih tanpa daja. Gusti Jésus tansah digegudjeng lan dipepojok. Sakèh ing pamemirang disanggi klawan sabar. Lan bareng sarirané dilukari lan pengkerané disapu nganti tjètjel-butjel kulité lan diéwéran rahé .... Gusti Jesus mung kèndel baé, sèwu lara diampet lan sèwu wirang dibetahaké. Mangka Pandjenengané ora ketara jèn mengku duka.
Ana pradjurit sing ngutjap mengkéné: „Iki ratune wong Jahudi.” Kantjané njauri: „Jèn mengkono kudu dianggon-anggoni kajadéné ratu! „Ing kono Gusti Jesus bandjur diagemi pangageman wungu, malah digawèkaké makuṭan eri bulet-buletan, diagemaké ing mastakané, eri sing lantjip-lantjip njubles ing kulit, teman pasurjané godrès rah .... Ing astané tengen ditjepèngi rajung minangka djungkating kaprabon. Pradjurit mau bandjur paḍa djengkèng ana ing ngarsané Gusti Jésus kambi mojoki, pangutjapeé: „Saos bekti, ratunipun tijang Jahudi!” Bandjur paḍa ngidoni lan ndjupuk rajungé digebugaké ing mastakané ....
Gusti Jésus kèndel baé. Sarirané rempu déning disapu; galihé kaja dirudjit-rudjit déning pepojok lan tjetjampah. Éwadéné lésané ora nglairaké pasambat lan nétrané ora mantjereng mengku duka. Gusti Jésus kang lembah-manah, tansah mbetahaké lara lan wirang lair batin .... mung karana saka sih kawelasané marang manusa dosa.
PILATUS mirsani Gusti Jésus enggoné kagawé sawenang-wenang, nanging ora nganti rentah welasé, djalaran wis kerep pirsa sesawangan sing mengkono iku. Nanging Pilatus isih pados réka supaja bisa nguwalaké saka ing paukuman pati. Ḍawuhé marang para pradjurit: „Wongé gawanen metu, tuduhna marang wong golongan.” Gusti Jésus bandjur diirid mijos ngagem makuṭa eri lan djubah wungu .... Panggalihé Pilatus mengkéné: „Bokmenawa wong Jahudi runtuh welasé jèn paḍa njawang marang seduluré tunggal bangsa nanḍang disija-sija.”
Gusti Jésus didjumenengaké ing ngarepé wong golongan, sirah lan pengkerané gubras rah, remek rempu sarirané dening nanḍang panjija-njija kang banget; mengkono iku wudjudé „Wong kang banget kelara-lara”.
Ing kono pangandikané Pilatus marang wong akèh: „Sawangen Wongé!” Wong golongan sanalika meneng kabèh. Nanging bareng para pangarepé imam lan para ulama paḍa njawang marang Gusti Jésus, bandjur paḍa ngipuk-ipuk wong golongan paḍa diadjak bebarengan nguwuh-uwuh: „Kasirnakna! Kasaliba!” Wong golongan njambungi: „Kasaliba! Kasaliba!” Pangandikané Pilatus: „Ratumu teka daksalib?” Nanging wong Jahudi sing adaté paḍa geṭing marang wong Rum lan paḍa ora seneng dadi bawahe kraton Rum, mangsuli klawan lelamisan: „Kula sami boten gaḍah ratu kadjawi Sang Prabu [ 141 ] [ 143 ]O, wong busuk! Saiki udjarė keturutan, wong-wong mau paḍa ora duwé ratu temenan. Ratuning swarga lan bumi, Sang Mesih, kang wis rawuh nedya mitulungi wong-wong mau, paḍa disingkang-singkang lan ditjampahi, malah dipatrapi paukuman kajadené wong durdjana.Malah saiki wis tekan waktuné wong-wong mau paḍa arep njédani Pandjenengané.
Wekasané Pilatus ḍawuh: „Wis gawanen, saliben ḍéwé!”
Gusti Jésus bandjur dipasrahaké marang wong golongan, supaja disalib. O, Pilatus ... bupati litjik! Djeneng Pilatus ing salawas-lawasé bakal tansah diunḍamana lan ditjampahi wong sadjagad.
GUSTI Jésus wiwit kaḍabjang manèh .... ndilir lakuné wong sing paḍa ngetutaké. Pradjurit Rum sabregada ngapit-apit tindaké Gusti Jésus supaja adja nganti dimunasika déning wong golongan. Panggeḍéné pradjurit apangkat panatus nunggang djaran ndjampangi lakuné arak-arakan. Ing saburiné katon wong sapanṭa manèh paḍa nggawa pantèk lantjip-lantjip karo ganḍèn. Wong iku sing paḍa kadjibah njalib marang Gusti Jésus.
Tindaké Gusti Jésus kambi manggul salibé pijambak. Iku wis dadi tjara: wong durdjana sing arep diukum salib, kudu manggul salibé ḍéwé saka ing kuṭa Jerusalèm turut dalan sing munggah ing pepunṭuk kang aran Patjumplungan, ing tembung Ibrani aran Golgota.
Gusti Jesus semuné rekasa banget enggoné manggul salib, katon mèjèk-mèjèk, seḍéla-seḍéla mèndel; sarirane sing mentas disapu lan digebagi, sing isih kuṭah rah, kaja-kaja ora kuat mbatjutaké tindak karo manggul salib sing tumumpang ana ing pamiḍangané ..
Sesawangan sing njeḍihaké.
DALAN sing ditindaki Gusti Jésus iku majat lan panas. Senadjan tindaké kèndel bola-bali, éwadéné digelak supaja mbatjut, nanging wekasané Gusti Jésus ambruk .... Wong-wong sing ana ing satjeḍaké paḍa busekan. Keprije rékané supaja bisa terus lakuné, apa kudu dipetjut, apa kudu diréwangi manggul salibé sing abot? Nanging sapa sing gelem nulungi wong ukuman? Kapinudjon nalika semono ana wong mentas saka pategalan liwat ing kono. Wong mau aran Simon, asalé saka Kiréné. Tanpa ditari wong mau bandjur diarad manggul salibé Gusti Jésus. Mangka Simon ora mbangkang, bandjur mlaku kambi manggul salib ana ing wingkingé Gusti Jésus.
Ing wingkingé manèh ana wong akeh paḍa nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus mengkono uga wong wadon kang paḍa ngaḍuh-aḍuh lan nangisi Pandjenengané. Wong-wong mau paḍa ora wentala ndeleng sangsarané Gusti Jésus, ora tegel ndeleng sarirané godrès rah. Saja trenjuh atiné djalaran paḍa kèlingan enggoné Gusti Jésus saben dinané mung tansah gawe betjik marang akèh.
Ing kono Gusti Jésus bandjur minger mirsani wong-wong wadon mau sarta ngandika: „Hé para anaké Jerusalém, adja paḍa nangisi Aku, nanging awakmu ḍéwé lan anak-anakmu iku paḍa tangisana!” .... Gusti Jésus isih kepareng mangandikani umat kagungané, senadjan sarirane pijambak kaebjukan ing sangsara. Pandjenengané kamiwelasen mirsani wong golongan mau, djalaran Pandjenengané wis mirsa ing sadurungé apa sing bakal kelakon ing sapengkeré. Wong-wong ing Jerusalém, sarehne paḍa nampik lan njédani Sang Mesih, bakal kataman ing paukuman kang luwih déning nggegirisi! ....Iku kang ndjalari Gusti Jésus nganti kewijos pangandikané: „Nanging awakmu ḍéwé lan anak-anakmu iku paḍa tangisana.”
Tindaké Gusti Jésus dibatjutaké, wajahé wis ngarepaké tengangé, panasé krasa saja sumelèt.
GOLGOTA! Patjumpungan! Salibé wis ditantjebake ing lemah. Gusti Jésus bandjur dilukari pangagemané; sarirané sing remek rempu diunggahaké ing kaju salib, asta lan sampéjané dipantèk ing kaju, temah rahé kumotos tiba ing lemah. Astané Gusti Jésus sing adaté diegaraké paring berkah, saiki bolong-bolong tatu dipantèk .... nahanaké lara kang banget! Nanging Gusti Jésus ora muntab dukane, lan ija ora kelair pasambaté ....
Gusti Jésus mung tansah ndedonga. Sing didongakaké dudu sarirané pijambak, nanging wong-wong sing ambek nijaja marang Pandjenengané, sing paḍa mojoki lan njampahi, para wong Jahudi, malah ndongakaké wong ing sadjagad kabèh. Djalaran karana dosané wong sadjagad Pandjenengané kedah nanḍang sangsara lan séda. Pandongané mengkéné: „Ḍuh Rama, tijang punika mugi sami Tuwan apunten, amargi boten sumerep ingkang dados pandamelipun.
ING nalika iku ana wong durdjana loro paḍa kasalib bareng karo Gusti Jésus, kang sidji keprenah ing tengen, sidjiné ing kiwa. Dadiné Gusti Jésus kang tanpa dosa, Ratuning djagad lan swarga, gumantung ing kaju salib awor karo wong durdjana ....
Panasing srengéngé kraos sumelèt ana ing [ 144 ]sarirané sing ora kasasaban ing pangageman, tatu lan rah sing ana ing mastaka lan pengkerané paḍa garing, lan Gusti Jésus banget enggoné nanḍang katoran .... Mangka ing sadurungé kasalib Gusti Jésus diaturi ngundjuk anggur ketjut kaworan rempelu; bareng diitjipi, ora kersa ngundjuk. Ombén-ombèn iku mendemi, bisa ngilangaké rasa lara. Mulané Gusti Jésus ora kersa ngundjuk, supaja bisa ngrasakaké ing sakatogé enggoné nanḍang sangsara ....
Para pradjurit sawisé njalib Gusti Jésus, bandjur paḍa ndjupuk pangagemané Gusti Jésus lan wong durdjana loro mau, tumuli diedum-edum, nanging bareng tekan kotang agemé Gusti Jésus, ana pradjurit kang duwé usul mengkéné: „Iku adja disuwèk, pajo digebug ing ḍaḍu, supaja karuwana sapa kang bakal nduweni.” Mungguh kotang mau ora nganggo dondoman, tenunané ladjuran saka ing ḍuwur tutug ing ngisor. Mengkono iku dadiné ana pangagemané Gusti Jésus kang diedum-edum sarana kagebug ing ḍaḍu.
Para pangarepé imam, para ulama lan para Farisi dalah wong golongan sing paḍa nunggoni enggoné Gusti Jésus disalib, paḍa anḍèr ana ing sakupengé kono, nanging ora wani tjeḍak-tjeḍak djalaran panggonan mau didjaga déning pradjurit Rum. Wong-wong ora lèrèn-lèrèn enggoné njampahi lan mojoki Gusti Jésus, sing katoné wis tanpa daja. Ana kang ngutjap mengkéné: „Èh kowé kang mbubrah padaleman sutji, bandjur jasa manèh sadjroning telung dina, mara luwarana awakmu ḍéwé. Menawa kowé Putrané Allah, mara muḍuna saka ing salib!”
Bareng Gusti Jésus wis gumantung ing kaju salib, wong Jahudi paḍa mongkog atiné, rumangsane wis menang, wis bisa ngalahaké Rabbi saka Nasarèt. Wis mesṭi baé menang, djalaran wong-wong mau paḍa dadi umaté Allah, abdi kang pinilih, mengkono rumangsané ....
Mangka ana ing kaju salib Gusti Jésus nanḍang sangsara kang banget. Pangérang-érangé wong golongan natoni galihé .... Saupama Gusti Jésus kersa, tembung saketjap kang mijos saka ing lésané bisa nekakaké wadyabala malaékat sing ngladosi Pandjenengané ing sakersané. Saupama Gusti Jésus nḍawuhaké wewelak, wong-wong Jahudi sing paḍa pating peṭènṭèng ngérang-érang Pandjenengané, ing sanalika mesṭi mak tjekengkeng mati kabèh! Nanging pantjén wis dadi kersané Gusti Jésus nanḍang sangsara ing sakatogé, pamurihé supaja bisa nepangaké manéh manusa karo Allah.
DALASAN wong durdjana kang paḍa kasalib bareng karo Gusti Jésus, kang sidji ngala-ala marang Gusti Jésus, uniné: „Jèn kowe njata Sang Kristus, lah, mara tulungana awakmu ḍéwé lan aku wong loro iki!”
Nanging durdjana sidjiné ora gelem ngala-ala marang Gusti Jésus. Lara sing njiksa awaké apadéné pati sing gawé mirising atiné, iku wis sapantesé baé tumrap ing wong durdjana lan wis murwat karo panggawé kang paḍa dilakoni. Balik Rabbi sing disalib ana ing tengah iku, rak ora sabeneré nampani paukuman sing semono aboté, awit Pandjenengané ora ana èmperé karo wong durdjana. Mangka Pandjenengané iku mung kendel baé, senadjan ora samesṭiné nanḍang paukuman. Lha kok kantjané sing wis genah wong durdjana, wani ngala-ala marang wong sing diukum tanpa kaluputan, dupeh nunggal sapaukuman. Mulané kantjané mau bandjur disenḍu lan diwelèhaké, tembungé: „Keprije ta déné kowé ngala-ala marang wong mursid iki? Apa kowe wis ora duwé wedi marang Allah? Mungguh aku lan kowé, wis sabenere baé nampani kang murwat karo panggawé kang paḍa daklakoni. Balik wong iki ora nglampahi kaluputan apa-apa.” .... Wong durdjana sing diwelèhaké mau mung gumuju baé. Nanging durdjana sing mrinani Gusti Jésus, bandjur mundjuk marang Pandjenengané klawan mantep pangandḍelé: „Ḍuh Gusti, béndjing samangsa Tuwan rawuh ing kraton Tuwan, mugi ngèngeti ḍateng kawula.” Gusti Jésus sing ora naté nampik panjuwuné wong sing sowan marang ngarsané klawan tobat, bandjur mirsani wong durdjana mau klawan welas lan kepareng paring wangsulan sing gawé lereming ati. Senadjan lésané wis rekasa kagem ngandika djalaran garing kepanasan, éwadéné widjiling pangandikané tumamané ana ing atiné wong durdjana mau kaja tètèsing ebun ing wajah ésuk. Pangandikané Gusti Jésus iku mrasetyakaké bab pangapuraning dosa lan padunungan anjar ana ing swarga. Ḍawuhé Gusti Jésus: „Satemené pituturku ing kowe: Ing dina iki kowé bakal mèlu Aku ana ing Pirdus.”
SAKA ing antarané wong golongan ana wong wadon marani salibé Gusti Jésus. Klawan rekasa enggoné munggah ing pepunṭuk ḍuwur, polatané katon suntrut lan seḍih banget, enggoné nangis isih kamisesegen. Lakuné dikanṭi ing wong lanang, muridé Gusti Jésus, ketara banget jèn murid mau tresna lan welas marang Guruné nganti ora tegel njawang marang sangsarané.
Pradjurit Rum sing weruh tekané wong wadon mau, ora ana sing wani ngalang-alangi, ana sing ngutjap: „Iku ibune!” Marjam, ibuné Gusti Jésus, lan Jochanan, murid sing [ 145 ]kinasih, paḍa ngadeg ing tjeḍak salib, Marjam njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus disalib. Rasa lara sing tumama ing sarirané Gusti Jésus kaja-kaja ja dirasakaké Marjam ana ing awaké. Saiki Marjam lagi bisa ngerti kadadéjaning pametja sing diweḍarake déning Simeon, nalika bijén njowanaké Sang Djabang Baji menjang ing padaleman sutji. Pangandikané Simeon marang Marjam: „Malah atimu bakal katuwek ing peḍang.” .... Saiki Marjam ngrasakaké atiné kaja djinuwing-djuwing djalaran nekseni pananḍangé kang Putra. Senadjan mung seḍih lan prihatin sing bakal dirasakaké jèn mèlu menjang Golgota, éwadéné Marjam meksa teka mrono pamurihé supaja bisa njawang kang Putra sepisan manèh.
Gusti Jésus ningali Marjam kang ibu. Ing sadjroning mbetahaké sangsara galihé banget trenjuhé déning welas marang kang ibu kang bakal ditilar. Gusti Jésus kepareng paring pitulungan lan panglipur. Jochanan, murid kang kinasih, bakal dipasrahi ngreksa lan ngrumati Marjam, karengkuha kajadéné ibuné ḍéwé, lan Marjam nganggepa marang Jochanan kaja marang kang putra pijambak. Pangandikané Gusti Jésus marang kang ibu: „Njai lah punika putra sampéjan.” Pangandikané marang Jochanan: „Lah iku ibumu.” Wiwit nalika iku Jochanan bandjur ngaturi Marjam terus manggèn ing omahé.
SEPIRA aboté enggoné nanḍang sangsara ing sarirané pijambak, Pandjenengané isih menggalih kabutuhané wong lija, isih ndongakaké wong lija, malah Pandjenengané isih kepareng mberkahi wong lija.
Nanging gerahé saja suwé saja ngranuhi, pameteking sangsara saja suwé saja abot, lan sarirané saja garing kepanasan temah banget enggoné kraos ngelak katoran.
Lan banget-bangeté enggoné nanḍang sangsara bareng wis wajah tengangé, srengéngé kaja pinandjer ing ḍuwur bener. Nanging dumadakan paḍangé srengéngé ilang déning pagowong kang nasabi ing satanah kabèh, pepunṭuk ing Golgota tekan ing Jerusalèm lan sawratané tanah katoné kaja ing wajah tengah bengi, temahan wong kabeh paḍa giris djalaran ketukup ing pepeteng sing ora sebaéné, mangka nganti telung djam suwéné. Lan ing sadjroning pagowong mau kaja-kaja Gusti Jésus ngatogaké enggoné nanḍang sangsara. Mangka satemené dudu gerahing sarira sing niksa Pandjenengané, nanging girising galih ....
Généja giris galihé? Pandjenengané iku Putrané Allah kang Mahakawasa, généja nganti giris galihé? .... Djalaran ing sadjroning pagowong mau Pandjenengané rumaos kepentjil lan ditégakaké. Ditégakaké déning manusa, djalaran wong akèh paḍa sarsaran salang-tundjang ninggal panggonané salib, ora karuwan parané ngungsi, djalaran paḍa wedi lan geter déning pagowong kang ora kaweruhan sangkan-parané. Jèn mung ditégakaké ing wong akeh, satemené iku ora sepiraa dajané, nanging Gusti Jésus rumaos ditegakaké déning Allah Sang Rama. Iku sing ndjalari Gusti Jésus kataman ing giris kang banget. Adaté Gusti Jésus tansah tetunggilan karo Allah Sang Rama, mangka saiki Pandjenengané lagi njanggi dosaning djagad, temah Allah ora ḍangan ningali Sang Putra ing kalané kasasaban ing djedjembering dosa. Saking bangeté enggoné kataman ing girising galih, Gusti Jésus nganti nguwuh klawan swara kang sora: „Èli, Èli, Lama Sabachtani! .... Ḍuh Allah kawula, Allah Kawula, punapaa Tuwan négakaken ḍateng kawula?"
Bareng mengkono srengéngé wiwit trèntjèng manèh, pagowong mundur alon-alon kaja-kaja kasoran prabawa déning pepaḍang sing nelahi ing pepeteng. Apa mengkono iku wudjuding wangsulan ingatasé pasambaté Gusti Jésus mau?
Wong-wong Jahudi sing mauné paḍa pating bilulung ngungsi golèk panḍelikan nalika katempuh ing pagowong, bareng wis ilang pagowongé lan pulih penṭèr manèh, bandjur pulih kakendelané lan gumenḍunging atinė: saiki wiwit wani mojoki manèh. Udjaré wong sawenèh kambi gumuju. „Wong iku njebut: „Èli. Èli! Ajo paḍa dienteni, apa Èlijah teka mitulungi!” Wong-wong mau tjeṭa pangrunguné lan ora salah tampa, nanging sarèhné atiné wis ngenḍem sengit, dadi sawetu-wetuné mung njenjengit. Panjenjamah mengkono mau wis ora digapé babar pisan déning Gusti Jésus. Sarirané gumantung ing kaju salib, kentèkan daja kakuwatan enggoné mbetahaké nanḍang sangsara, sirahé tumungkul kaja-kaja wis ndungkap adjale.
KLAWAN sabar-tawekal Gusti Jésus ngentosi sédané, mung kari seḍela enggoné nanḍang sangsara, bandjur sakèhé pananḍang ora dirasa manèh. Ing kono Gusti Jesus nguwuh: „Aku ngelak.” Ana pradjurit njelupaké djamur karang ing tjokak, bandjur disundep ing rajung, tumuli njaosi ngundjuk marang Gusti Jesus.
SAWISÉ nampèni tjokak mau, Gusti Jésus bandjur katingal rada aḍèng, sirahé sing wis tumungkul, bandjur ndengèngèk, tingalé sing wis lojop, mubjar manèh mulat maspadakaké djagading kadurakan sing ndjalari Gusti Jésus nganti nombokaké sarirane nganti tumeka ing séda. Nanging saiki Pandjenengané ora katon suntrut, kaja-kaja wis ora [ 146 ]ngraosaké pananḍangé lan sangsara manèh, djalaran sakèhing ajahan sing dibebahaké Sang Rama wis kelakon dirampungaké, paukumaning djagad wis disanggisumurup enggoné ngleksanani kersané Sang Rama ing swarga. Dosa sing ndjalari sangsarané djagad wis kabirat, temah manusa diparengaké sowan ing ngarsané Gusti Allah. Sang Djuru Slamet, senadjan isih gumantung ing kaju salib, pamulaté marang djagad lan swarga kajadéné Sang Prawira sing mentas unggul judané. Ing kono Gusti Jésus bandjur nguwuh manèh klawan swara kang sora: „Wus rampung!” Lan sadurungé megat njawa Gusti Jésus nguwuh manèh: „Ḍuh Rama, kawula nitipaken njawa kawula ing asta Tuwan.” Sawisé mengkono bandjur nḍingklukaké mastaka megat njawa. Pangandikané kang wekasan mau awudjud panjuwun marang Allah, nanging ija awudjud kamaremaning panggalih, déné Pandjenengané saiki wis pulih manunggil karo Sang Rama ing swarga ing salawas-lawasé.
KOTJAPA kang ana ing padaleman sutji, para imam wis wiwit saos kurban kaja adaté miturut angger-angger, kagem ing kaluhurané Allah, ― bareng karo sédané Gusti Jésus ing kono ana lelakon kang élok ngéram-éramaké: gubahé padaleman sutji suwèk dadi loro, wiwit ing ḍuwur tumeka ing ngisor. Gubah iku gumantung ing djero padaleman sutji minangka singgetan ing antarané pasutjèn lan pasutjèn kang pinundjul, kang ora tau dileboni ing wong kedjaba imam agung, nanging keparengé mlebu mrono mung sepisan saben setaun, jaiku jèn pinudju njaosaké kurban pangruwating dosa. Mangka saiki gubah mau suwèk dadi loro, dadi pasutjèn kang pinundjul wis ora disingget manèh. Prakara iku njasmitani, jèn pasutjèn kang pinundjul sing mauné disengker, saiki kena dileboni ing saḍéngah wong. Para imam paḍa kagèt bareng weruh suwèking gubah nganti pijak dadi loro.
Nanging wong-wong mau paḍa ora bisa ngerti tegesing sasmita mau. Sasmitané gubah suwék iku kanggo mralambangi jèn dalan mlebu menjang swarga saiki wis binuka kanggo saḍéngah wong, lantaran pakarjané Gusti Jésus sing mentas dirampungaké ana ing kaju salib, nalika Pandjenengané ngandika klawan swara sora: „Wus rampung!”
Bareng karo suwèking gubah ing padaleman sutji, nalika semono bumi gondjang-gandjing, parang-parang paḍa bengkah, lan kubur kubur paḍa menga, lan baḍané para sutji kang wus ngadjal akèh kang paḍa katangèkaké.
KEPRIJÉ mungguh kaanane wong-wong sing paḍa ngrungu lan weruh lelakon iku kabéh? .... Wong-wong mau paḍa banget wediné, bandjur paḍa mulih kambi tebah-tebah ḍaḍa, lan bisik-bisik pada ngutjap: „Bilai aku déné ngwutahaké getih resik! Sapa ta sedjatiné wong sing mentas paḍa daksalib iku?” Wong golongan mau bubar pating blesar mulih menjang omahé ḍéwé-ḍéwé, lan ora lèrèn-lèrèn enggoné paḍa nutuh awake, ḍéwé, udjaré: „Bilai aku, déné wis ngwutagaké getih resik!”
Anadéné panatus pradjurit, wong kapir, bareng weruh lelakon mau lan nungkuli enggoné Gusti Jésus megat njawa, tumuli ngluhuraké Allah, pangutjapé: „Njata jèn wong iku tanpa kaluputan! Iku Putrané Allah!”
WAYAHÉ wis ngarepaké soré. Punṭuk Golgota pulih sepi njenjet kaja adaté jèn wajah bengi.
KATJARITA soréné, bareng wis ngarepaké wajah surup srengéngé, ngarepaké puputing dina sing keliwat-liwat gawaté, Gusti Jésus isih gumantung ing kaju salib, ― wis dadi lajon, djalaran séda katjidra déning bangsa Jahudi.
ING wajah remeng-remeng katon ana regemenging wong paḍa munggah marani kaju salib. Iku pradjurité Pilatus sing paḍa kaḍawuhan nguḍunaké wong-wong sing isih paḍa gumantung ing kaju salib, bandjur kaḍawuhan ngubur ana ing sikilé punṭuk Golgota utawa ana ing pakuburan Hinnom, jaiku pakuburané wong-wong durdjana. Lan saupama sing disalib isih paḍa urip, wong mau kudu karemukan sikilé tumuli mati. Nalika semono wong durdjana sing paḍa disalib, bareng karo Gusti Jésus, tinemu isih paḍa urip, mulané pradjurit mau bandjur paḍa mara ngremuki sikilé durdjana sing ngala-ala marang Gusti Jésus bareng karo durdjana sing njuwun pangapura. Dadi marga saka nanḍang lara kang banget djalaran karemukan balunge, wong durdjana loro mau paḍa nemahi mati ....
Nanging bareng paḍa nekani panggonané Gusti Jésus kasalib, pradjurit mau paḍa ngerti jèn Pandjenengané wis séda, mulané ora nganti karemuk sampéjané. Nanging ana sawidjining pradjurit sing ora pati ngandel jèn Pandjenengané wis séda, ndjodjoh lambungé nganggo tumbak, temahan sanalika metu getihé awor banju. Iku dadi bukti kang tjeṭa jèn Gusti Jésus sanjata wis séda. [ 147 ] [ 149 ]Ing dina iku para imam lan para pinituwa sowan manèh ing ngarsané Pilatus lan adreng panjuwuné supaja para wong sing paḍa disalib, énggal kauḍunaké saka kaju salib lan kakubur ing sadurungé ngantjik dina Sabbat, djalaran bangsa Jahudi kudu nutjèkaké dina Sabbat kang sutji. Ing dina iku adja ana wong durdjana kebandjur gumantung ing kaju salib, supaja adja paḍa ngéling-élingake para wong mursid marang piala, temah mulusa enggoné paḍa saos pangabekti lan memudji marang Allah.
Pilatus ija ndjurungi apa sapanjuwuné para imam mau.
Nanging sapungkuré iku isih ana sing paḍa sowan manèh ngundjukaké panjuwun marang Pilatus. Sing paḍa sowan mau wong loro kalebu panunggalané para ahli kitab, wargané Pradata Jahudi, dadi ija kalebu golongané para pangarepé bangsa Jahudi. Déné sing paḍa disuwun jaiku supaja kelilana ngukup lajoné Gusti Jésus saka ing kaju salib; iku perluné supaja lajoné Gusti Jésus adja nganti katjemplungaké ing djugangan awor karo djisimé wong durdjana, nanging bisaa kasarekaké klawan pakurmatan ana ing kubur kang betjik lan mungguh kagem Pandjenengane ... Pilatus katon éram mirsani ulama loro mau, sing paḍa ngaku dadi mitrané Gusti Jésus, awit Pilatus kagungan panjana jèn Gusti Jésus iku babar pisan ora kagungan mitra, saja manéh ing kalangané para ulama lan pangarepé wong Jahudi ....
Pilatus ora mambengi sedyané wong loro mau. Pilatus wis ora merduli marang Rabbi saka Nasarèt sing saiki wis mati, senadjan enggoné kasalib tanpa dosa. Jèn wis mati, arep dikapakaké manèh, menawa ora dikubur? Jèn wis kakubur, rak bandjur énggal sirna saka ing pangangen-angen .... Mungguh bisaa, lelakon sing mentas kepungkur arep dibusek saka ing pangangen-angené!
ULAMA loro mau bandjur énggal-énggalan mangkat menjang Golgota. Ing sabisa-bisa kudu nḍisiki tekané para pradjurit utusané Pilatus, supaja Gusti Jésus adja nganti kapetak bareng karo wong durdjana. Ulama loro mau wis paḍa golong sedyané arep njarèkaké lajoné Gusti Jésus ana ing kubur sing anjar lan resik, sembada marang kasutjèné. Ulama loro mau jaiku: Nikodémus lan Jusup ing Arimatèa, sakaroné paḍa kalebu golongané para ahli kitab lan wong Farisi, nanging paḍa ora mèlu ngrudjuki ing rembug lan pratingkahé para imam, malah paḍa mbudi daja murih luwaré Guru lan Gustiné saka ing paukuman pati. Nanging wong loro mau bisa ndajani apa lelawanan karo wong semono kèhé? Rékadajané ora bisa oleh gawé. Nanging saiki, sawisé Gusti Jésus séda, wong loro mau kepéngin nélakaké bekti lan tresnané marang Pandjenengané. Lajoné Guruné disuwun lan arep disarèkaké patrapé kajadéné njarèkaké lajon sing pantes diurmati lan dipunḍi-punḍi.
Nanging enggoné paḍa tumandang ing gawe kudu tjèkat-tjeket, adja nganti kesurupan srengéngé. Awit jèn srengéngé wis surup, wis ngantjik dina Sabbat-Paskah sing adi lan sutji, temah ora diparengaké nglakoni pagawéan apa baé ....
Wong loro mau bandjur nggelar mori alus sing isih anjar lan resik didèkèki tjaruban blendok mur lan kaju garu, kaja adaté wong Jahudi menawa mètak lajoné wong sugih .... Ing kono ija ana wong wadon, murid-muridé Gusti Jésus, sing paḍa ngréwangi, kajata: Marjam Magdaléna, karo Marjam ibuné Jakobus, apadéné Salomé ....
Ing wajah soré remeng-remeng mau punṭuk Golgota dadi sepi njenjet, jaiku njenjeting kaprihatinan kang tanpa upama geḍené. Atiné wong-wong mitrané Gusti Jésus wis kumanṭil-kanṭil déning trésna marang Pandjenengané, trenjuh dening welas njawang marang lajon sing isih pinantèk ing kaju salib .... Tumrapé wong-wong mau djagad dadi mamring djalaran rumangsa tinilar ing mitra sedjati!
ING kono lajoné Gusti Jèsus bandjur ditumeḍakakè saka ing kaju salib klawan urmat lan pakering, disarèkaké ana ing mori alus sing wis didèkèki tjaruban blendhok mur lan kaju garu. Sawisé diulesi, bandjur dibopong déning Jusup ing Arimatèa lan Nikodemus, digawa menjang ing kubur anjar sing ana ing patamanan ing satjeḍaké panggonan kono, jaiku ing pasareané. Ing saburine lajon mau para wong wadon paḍa nḍèrèkaké kambi nangis mingseg-mingseg djalaran kamomotan ing seḍih, djagad wis prasasat sepi ing panglipur lan tuna ing pangarep-arep.
Gusti Jésus, ija Gusti kang paḍa ditresnani, awit saiba enggoné tansah ngerobi ing sihé!
ING panggonané Gusti Jésus kasalib ana patamanan duwèké Jusup ing Arimatèa, lan ing patamanan iku ana kuburé isih anjar, kang durung tau kanggo ngubur wong, iku genṭan duwèké Jusup wong sugih mau. Nanging sarèhné saiki Gusti Jésus kudu kasarèkaké tumuli, mulané kubur anjar sing diganṭa-ganṭa kanggo awaké ḍéwé, bandjur kasaosaké kagema ing Gustiné.
Dadiné Gusti Jésus tumuli kasarekaké ana ing kubur sing isih anjar, tur kuburé wong [ 150 ]sugih. Sawisé mengkono, lawangané kubur bandjur ditutup nganggo watu geḍé ....
Nalika semono wajahé wis surup srengéngé; paḍanging raina larud kalinḍih déning petenging wajah bengi.
Para mitrané Gusti Jésus bandjur paḍa mulih bebarengan, nanging lenging gagasané ora lija mung marang Gustiné sing wis sumaré.
Nikodémus, panunggalané wong Farisi, sing wis tau sowan ḍeḍmitan ing wajah bengi ana ing ngarsané Gusti Jésus, kélingan apa sing diḍawuhaké nalika semono. Pangandikane Gusti Jésus mengkéné: „Kaja rerékan ula enggoné disengkakaké déning Musa ana ing pasamunan, ija mengkono uga Putrané manusa enggoné pinesṭi kasengkakaké.” Nalika ngrungu pangandika mau, Nikodémus ora bisa ngerti apa tegesé, nanging saiki bareng wis ndeleng Gusti Jésus kasalib, Nikodémus wis ora kesamaran manèh mungguh wigatining pangandika mau. „Putrané manusa pinesṭi kasengkakaké” iku ateges: Gusti Jésus kasengkakaké ing kaju salib.
„Supaja saben wong kang ngugemi utawa kang pratjaja marang Pandjenengané, adja kongsi nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.”
Saiki Nikodémus ora mangu-mangu manèh mungguh ḍawuhé Gusti Jésus : Pandjenengané iku kang djuneneng Djuru Slamet, kang pinesṭi séda supaja ngangsalaké rahajuning djagad lan miludjengaké para manusa, mengkono uga Nikodémus, wong Farisi ....
KOTJAPA ing kuṭa Jerusalèm, ing dina Sabbat iku wong Jahudi kabèh paḍa lèrèn netepi ing angger lan paḍa nindakaké pangibadahé kondjuk marang Allah.
Keprijé mungguh batiné wong-wong Jahudi mau?
Nalika Gusti Jésus wis kasalib lan wis tjeṭa séda, atiné para imam lan wong Jahudi lijané paḍa ngrasakaké léga, djalaran wis bisa ngasoraké mungsuhé lan ngulapi klilipé, dadi ing wekasané para ulama ora wurung olèh kaunggulan. Ing sabandjuré wong golongan bakal paḍa kèlu manèh marang wulang-wuruké para ulama, lan sarèhné Rabbi saka Nasarèt wis sirna, sapa manèh sing bakal paḍa dibangun-turut lan diadji-adji kedjaba para imam, para ulama apadéné para ahli kitab mau? Ing sabandjuré para pangarepé wong Jahudi mau bakal bisa nutjèkaké dina Sabbat manut ing surasaning anggér-anggér klawan ati tentrem .... Éwasemono kaḍang-kaḍang atiné kaja-kaja ana sing ngélingaké marang ananing lelakon sing ora lumrah, sing kelakoné mbarengi sédané Gusti Jésus; nanging lelakon mengkono mau sabisa-bisa diedohaké saka ing atiné .... Prakara sing wis kepungkur, ora perlu dipikir manèh; anané sing tinemu saiki, wis betjik kabèh.
Sing unggul para ulama! Sing kasoran Rabbi saka Nasarét!
NANGING .... Para ulama mau durung djendjem pikiré, djalaran kélingan pangandikané Rabbi saka Nasarèt, jèn sawisé séda bakal wungu saka ing antarané wong mati .... Mesṭi baé para ulama paḍa ora ngandel lan prakara mau dimokalaké. Nglengkara ana wong mati bisa tangi manèh!
Nanging keprijé, jèn para sekabaté bandjur paḍa teka ing pakuburané ing wajah bengi lan njolong djisimé, sarta kanḍa-kanḍa marang wong akèh jèn guruné wis tangi saka ing antarané wong mati? .... Temahan wong akèh bakal paḍa ngandel marang udjaré para sekabat lan wusanané bakal paḍa ngira jèn Jésus Nasarani iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih.
Prakara iku kudu didjagani adja nganti bisa kelakon!
Dadiné para imam, para ulama, para pangarepé wong Jahudi lan para ahli kitab paḍa ngrijajakaké rijaja sing sutji, nanging atiné meksa nganḍut was lan sumelang.
Mulané wong-wong mau bandjur paḍa sowan ing ngarsané Pilatus sarta njuwun supaja nḍawuhaké préntah ngreksa pasareané Gusti Jésus. Pradjurit sikep gegaman sabregada kaḍawuhan djaga ing ngarepé pasaréan, apadéné watu tutuping pasaréan diètjapi nganggo etjapé pamaréntah .... Sapa-sapa sing wani nglèṭèk utawa ngrusak ètjap mau, mesṭi bakal kapatrapan paukuman. Wah, sapa sing wani tumindak mengkono lan sapa sing wani ngajoni pradjurité Pilatus sing pepak gegamané?
Rékadaja mengkono mau perluné supaja Jésus Nasarani sing dianggep dadi klilipé iku sirna ing salawas-lawasé.
Sing menang para ulama! Sing kasoran Jésus Nasarani!
OMAH panggonané para sekabat lan para muridé Gusti Jésus lanang lan wadon paḍa ngrijajakaké rijaja Paskah kalimputan ing kaprihatinan; polatané wong-wong mau katon suntrut lan seḍih, djalaran apa manèh sing isih kena diarep-arep, jèn Gusti lan Guruné wis ngalami séda lan sumaré ing pakuburan? Kabèh sing dadi pangarep-arepé wis katut kakubur; anané sing tinemu mung seḍih lan prihatin.
Para murid mau ora ana sidji sing kélingan marang kamuljan sing diprasetyakaké déning Gusti Jèsus nalika sugengé. Sing paḍa digagas mung bab sangsarané Gustiné lan bab kapri[ 151 ]hatinané. Gusti lan Guruné sing dadi pikukuh lan andel-andelé, saiki wis séda tanpa daja.
Wong-wong mau ora ana sing ketuwuhan gagasan njolong lajoné Guruné. Gusti Jésus wis sèda, lan ora bakal wungu sadurungé djaman wekasan! Déné para wong wadon sing paḍa ngréwangi ngulesi lan njarèkaké lajoné Gusti Jésus, tansah karanta-ranta atiné, djalaran ora bisa ndjèbadi Gustiné, mulané paḍa semajan, salebaré dina Sabbat, njawisakė anggi-anggi lan djebad .... Bandjur ing dina wiwitaning minggu arep bebarengan menjang ing pasaréan perlu njaosaké tandhaning sih lan pakurmatan kang wekasan marang Gusti. lan Guruné ....
Wong-wong mau ora ana sing nggagas marang kamuljan, kabungahan, utawa marang kaunggulan. Ing sadjeroning kaprihatinan sing semono gedéné sapa sing isih nggagas sing aèng-aèng?
ANA ing patamanané Yusup ana pasaréan anjar, tinutup rapet nganggo watu geḍé, lan djinaga ing pradjurit sikep gegaman,
ANA prajurit sabregada lagi djaga, nanging anèhé sing didjaga iku pasaréan! Pradjurit mau paḍa sikep peḍang lan tumbak, apadené paḍa nganggo klambi keré, katon gagah-prakosa pilih-tanḍing. Sapa sing wani ngajoni? Sapa sing wani njeḍak lan mbukak pasaréan sing didjaga?
Sawengi natas pradjurit mau paḍa ora turu, ana sing lungguhan sinambi omong-omongan, ana manèh sing mlaku wira-wiri. Atinė paḍa geli déné kapatah ndjaga pasaréan .... Gèk sapa wongé sing wani teka mrono!
NANGING dumaḍakan .... pradjurit sing gagah-prakosa mau paḍa kagèt banget nganti paḍa ngoplok. Ana tjahja gumebjar tjumlorot saka ing langit kaja tjlèrèting kilat njamber. Sanalika pradjurit mau paḍa niba ing lemah, bandjur gurawalan tangi mlaju sipat kuping ngungsèkaké uripé .... Bumi gondjang-gandjing, djalaran ana lindhu geḍé. Apa ta iku? Pradjurit mau paḍa ora ngerti, malah ija ora weruh apa sing tjumlorot, awit mripaté keblerengen déning gebjaring tjahja. Apa iku sing diarani malaékat? Gèk pira tjatjahé? Pradjurit ija ora weruh, djalaran enggoné mlaju pada ora wani nolah-noleh. Satekané ing kuṭa, bandjur ndjudjug ing panggonané para imam lan awèh pawarta bab sing mentas kelakon. Bareng para imam paḍa ngrungu aturé pradjurit mau, sanalika iku uga kabungahan, marga rumangsa wis ilang klilipé bareng karo sirnané Jésus Nasatani, malih dadi giris lan was sumelang. Udjaré pradjurit mesṭi kena dipratjaja. Enggoné paḍa katon wedi lan grojok ature mau mesti ora digawé-gawé. Para imam paḍa nganḍel, jèn sing mentas diweruhi pradjurit mau prakara sing ngebat-ébati. Sing dadi udjaré Jèsus Nasarani iku apa njata bakal kelakon? Apa njata bisa tangi saka ing antarané wong mati? Apa saiki bisa pulih urip manéh, dadi ora sida mati lan sirna kaja sing dadi pangarep-arepé? .... O, jèn njata mengkono, gek keprijé polahé?
Prakara sing kaja mengkono iku kudu didjagani adja nganti kelakon! Awit saupama kelakon temenan, para imam mesthi bakal ketiwasan. Saja manèh jèn nganti kawéntar ing antarané wong golongan. Wong akèh mesthi bakal nutuh para imam, udjaré: „Para imam iku paḍa ndjlomprongaké aku kabèh; wong sing tanpa dosa kok dipatèni. Pandjenengané iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih, mangka aku paḍa diadjani supaja adja pratjaja marang Pandjenengané. Iku luputé para imam!” O, ing sabisa-bisa kudu digolèkaké akal, supaja wong golongan adja nganti paḍa ngerti apa sing kelakon ana ing patamanané Jusup. Para imam padha kerot-kerot lan ngepèl-ngepèl tangan djalaran padha muring-muring sarta weling marang para pradjurit mengkéné: „Poma-poma, prakara iki adja pisan-pisan nganti kawentar marang wong akèh. Kowé kabéh paḍa menenga; adja ana udjarmu saketjap baé mungguh prakara iku. Jèn kowé paḍa saguh meneng, mesti bakal dakwènèhi gandjaran geḍé. Poma-poma dibisa njiḍem prakara!”
Nanging pradjurit mau isih paḍa nganḍut kuwatir, mulané matur: „Kados pundhi mangké menawi kapijarsa ing sang bupati Pilatus, punapa kula sami boten kedukan lan kaukum pedjah, djalaran kepladjeng boten netepi kuwadjiban?” Wangsulané para imam: „Adja kuwatir, aku sing bakal mbombong prakaramu ana ing ngarsané bupati Pilatus! .... Kowé bakal dakwènèhi dhuwit akèh minangka pituwasé enggonmu njidem prakara iki. Kowe padha njebara warta mengkene: Ing wajah bengi sekabaté paḍa teka njolong djisimé, nalika aku paḍa turu. Wong golongan adja nganti padha duwé pangandel, jèn Jésus Nasarani iku tangi saka ing antarané wong mati .. Wis paḍa mangkata lan wara-waraa jèn sing njolong djisimé iku para sekabaté!”
Pradjurit mau bandjur paḍa mangkat njebar pawarta goroh miturut pakoné para imam. Pawarta mengkono iku ing sabandjure kawelantrah ing saindengé tanah Israèl, malah [ 152 ]nganti sumebar ing saindengé djagad, mangka akeh wong sing paḍa ngandel, nganti tekan ing djaman saiki uga.
Pawarta goroh mau ing sakawit perluné mung kanggo ngaling-alingi para imam supaja adja nganti ditutuh déning wong golongan jèn tumindak nasar, nanging sadjatiné para imam ḍéwé atiné ora bisa djendjem, awit tansah direriḍu déning gagasan mengkéné: „Jésus Nasarani wusanané bisa menang, lan aku sing kalah!”
GUSTI Jésus unggul! Apa sing kelakon ing wajah bengi ing sadjeroning patamanan, ora ana djanma manusa sing ngerti, nanging luwih déning élok lan mulja pinundjul, ngungkuli sakéhing prakara sing tau kelakon ing djagad.
Pasaréan sing peteng lan anjes iku ora bisa masésa marang Gusti Jésus, Gustining kamuljan wungu saka ing séda lan mijos saka ing guwaning pasaréan. Bala malaékat, utusan saka ing swarga tumeḍak lan ngglunḍungaké watu lawangané pasaréan. Lan ing swarga ana kabungahan geḍé, marga Sang Djuru Slamet wis ngasoraké sakèhing pialané manusa, malah unggul saka ing pati.
Saiki Pandjenengane wis olèh kaunggulan ing sasampurnane.... Ing djaman purwa pirang-pirang abad kepungkur, marga saka pamurangsaraké bapa Adam lan ibu Chawa paḍa tumiba ing dosa, temahan wong sadjagad kabèh paḍa kawengku ing dosa, sing ndjalari manusa paḍa kasebrataké saka ing ngarsané Allah kang maha sutji. Nanging ing djaman purwa iku uga, nalika isih paḍa ana ing patamanan Pirdus, Gusti Allah wis paring prasatya bakal ngrawuhaké Sang Mesih, ija Djuru Panebus, kang bakal mulihaké patunggilané manusa karo Allah .... Lan ing nalika semana Iblis sing tansah ngarah tjilakané manusa, wis kaparingan paukumané tumuli, lan wekasané bakal kasoran.
Iku kabèh saiki wis kelakon. Iblis, satruné manusa, bisa nggegasah atiné para imam supaja niksa lan njédani Gusti Jésus, Putrané Allah. ....Nanging Pandjenengané saiki wis wungu saka ing séda. Lan saiki sakèhing pialané manusa ora bakal bisa tumama ing Pandjenengane, awit Pandjenengané unggul lan djumeneng Gustining swarga lan bumi. Lan sing sapa ngungsi marang Pandjenengane njuwun pitulungan lan pangajoman, bakal slamet ing salawas-lawasé. Pandjenengané wis ngalami nanḍang sangsara lan séda njulihi manusa dosa: Pandjenengané kang njanggi paukumaning djagad.... Kang tinemu saiki mung sarwa mulja lan nengsemaké.
Nanging nalika wajah bengi iku ing salumahing bumi ora ana manusa sing njana, adja manèh sing ngerti lelakon mau.
ING dina Achad, wajah ésuk umun-umun, ana wong wadon telu paḍa buḍal saka Jerusalèm menjang ing pasaréané Gusti Jésus nggawa anggi-anggi sing wis ditjawisaké. Wong wadon mau, Marjam Magdaléna, Marjam ibuné Jakobus, lan Salomé, sedyané paḍa arep minḍoni enggoné ngulesi Gusti, djalaran enggoné njarèkaké Gusti ing dina Djumuwah soré mung mburu tjukup, awit wis mèh ngantjik dina Sabbat .... Jèn kélingan marang Gusti lan Guruné sing wis dadi lajon, atiné karanta-ranta kebak seḍih, temah mbrebel wetuning eluhé. Mengko ing sarampungé enggoné paḍa ngulesi Gustiné, bakal ora njawang manèh marang Gusti sing paḍa ditresnani, ing sadjegé urip.
Dumadakan wong wadon mau ana sing kélingan jèn pasaréané Gusti ditutup nganggo watu geḍé, mulané bandjur takon: „Sapa sing bakal nulungi ngglundungaké watuné saka ing lawangané pasaréan? Aku wong telu mesti ora kuwat ....!” Èwadené wong wadon mau ora paḍa bali ing dalan. Mangka ija paḍa ora ngerti jèn pasaréane wis ditjap lan didjaga ing pradjurit. Apa sing mentas kelakon ing wajah bengi sing ngrinakaké dina Achad, wong wadon telu mau genah ora ngerti babar pisan.
Satekané ing patamanané Jusup, wong mau paḍa kagèt, djalaran watuné ketemu wis kaglundungaké lan guwaning pasaréan katon menga, Marjam Magdaléna bandjur tjengkélak bali menjang ing kuṭa, arep awèh weruh marang para sekabat. Durdjana saka ing endi wani-wani ngrusak pasaréan lan njolong lajoné Gusti?
Kotjapa wong wadon sing loro nerusaké lakuné nganti mlebu ing pasaréan .... Mripaté katja-katja, djalaran atiné kagèt kaworan seḍih: lajoné Gustiné wis ora ana ing pasaréan, mesṭiné wis ditjolong ing wong. Wong loro mau bandjur alon-alon mundur ... tumuli ana malaékat djumeneng ing tjeḍaké pangagemané mentjorong ngungkuli paḍangé srengéngé. Bareng paḍa banget wediné lan paḍa tumungkul, bandjur dipangandikani: „Keprijé déné kang gesang paḍa kogolèki ana ing panggonané wong mati? Ora ana ing kené, Pandjenengané wis wungu. Paḍa élinga kang wis dipangandikakaké marang kowé nalika isih ana ing tanah Galiléa, ḍawuhé: Putrané manusa pinesṭi kaulungaké [ 153 ]marang tangané wong dosa, bandjur kasalib, sarta wungu ing telung dinané.” ....
Wong wadon mau mung paḍa ngoplok, embuh marga saka kagèt, embuh marga saka bungah déning prakara sing ora dinjana-njana. Wis wungu saka ing séda? Apa Gustiné saiki gesang manèh?
Saiba begdjané saupama kelakon mengkono temenan. Énggal-énggal wong wadon mau bandjur paḍa mlaju bali menjang ing kuṭa wewarta marang para sekabat.
Nanging durung adoh saka panggonan kono, sasuwéné isih ana ing dalan, wong wadon mau bandjur djegagig paḍa mandeg, djalaran .... atiné paḍa wedi, nanging ija bungah banget: „Mèmper sapa ta kaé lakune? Apa dudu Gusti pijambak sing katon tindak meṭukaké? Nalika isih paḍa mangu-mangu atiné awit bokmenawa paḍa salah deleng, wong wadon mau bandjur krungu dipangandikani: „Bagéa!” Tjeṭa pangrunguné jèn iku swarané Gustiné, mulané bandjur paḍa marek sudjud njungkemi sampéjané.
Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika: „Adja paḍa wedi: paḍa lungaa awèh warta marang para sadulurku!” .... Sarampungé ngandika mengkono iku, Gusti Jésus wis ora katon manéh, musna ing sanalika. Enggoné ngetingal dadakan, musnané ija tanpa sebawa.
Déné wong wadon mau gegantjangan mbatjutaké lakuné klawan kabungahan geḍé ing atiné.
Ḍawuhé Gusti Jésus tjeṭa mengkéné: „Sadulurku!” Sing dingandikakaké sadulurku iku mau para sekabaté, para mitrané lan kabéh para muridé sing paḍa ngutjira lan njélaki Gustiné; wong-wong sing paḍa ora ngerti djatining sangsara, séda lan wungune. Wong-wong sing paḍa ora duwé pangandel lan sing ora mantep kasetyané, wong-wong sing kaja mengkono iku isih dingandikakaké: „Sadulurku!” Semono geḍéné sih katresnané Gusti Jésus marang para kagungané!
KOTJAPA Marjam Magdaléna wis tekan ing panggonané Pétrus lan Jochanan, bundjur diwartani mengkené: „Gusti dipunpenḍet tijang saking pasaréan, sarta kula sami boten sumerep ing pundi anggènipun njarèkaken.” Sanalika Pétrus lan Jochanan bandjur mangkat menjang ing pasaréan arep njatakaké. Satekané ing kono lan bareng nginguk ing pasaréan, weruh kedjaba watuné lawangan wis disingkiraké, jèn ules sing dienggo ngulesi lajoné Gusti Jésus lan katju sing tilas kagem ing mastakané wis sumeléh gulungan .... Sekabat loro mau paḍa ketaman giris lan gumeter. Sapa ta sing wani ngrusak pasaréan lan njolong lajoné Gustiné? Atiné banget kuwuré awit saka anané lelakon sing njeḍihaké mau, mangka saiki paḍa ora ngerti ana ing endi sumaréné Gusti.
Sekabat loro mau ora njana babar pisan, jèn Gustiné wis wungu saka ing séda, wis unggul saka ing pamisésané dosa lan pati, lan iku kelakoné ing telung dinané sawisé séda, kaja sing wis diḍawuhaké marang para sekabat. Pétrus lan Jochanan dadiné paḍa mulih nglenṭung tanpa sumurup ing sadjatining lelakon, mulané atiné isih nganḍut prihatin.
MARJAM Magdaléna, sawisé ketemu karo Pétrus lan Jochanan, ora terus anḍok ana ing omah baé, nanging bandjur bali manèh menjang pasaréan, kadereng déning rasaning atiné sing kepéngin tjeḍak karo papan sumaréne Gustine, senadjan saiki mung kari tilasé baé awudjud guwa koṭong. Bareng tekan ing patamanan, Marjam ngadeg ana djaba satjeḍaké pasaréan kambi nangis. Sing tansah diprihatinaké saiki ora lija mung baja ing endi sumèlèhé lajoné Gustiné. Sadjroné nangis nginguk ing pasaréan, bandjur weruh ana malaékat loro ngagem-agem putih paḍa pinarak, sing sidji ana ing ulon-ulon, sidjiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné lajoné Gusti Jésus.
Marjam Magdaléna ora kagèt lan ora wedi njawang malaékat mau, awit sing dadi underaning atiné mung ana ing endi Gustiné. Malaékat mau bandjur ngandika marang Marjam: „Kena ngapa kowé nangis.” Aturé Marjam karo nangis: „Awit Gusti kula dipun penḍet tijang, sarta kula boten sumerep ing pundi anggènipun njarèkaken.”
Sawisé matur mengkono, bandjur minger arep lunga saka ing pasaréan, dumadakan weruh ana Prija djumeneng ana ing ngarepé, nanging ora sumurup iku sapa. Marjam bandjur didangu: „Kena ngapa kowe nangis? Kowe nggolèki sapa?” Sarèhné panjanané Marjam jèn iku djuru taman, mulane matur: „Tuwan, menawi sampéjan ingkang ngésahaken, kula sampéjan sandjangi ing pundi anggèn sampéjan njarèkaken, kula penḍetipun.”
Ing kono Marjam bandjur ngrungu djenengé ditimbali: „Marjam!”
Senadjan mung sepisan enggoné ditimbali, nanging Marjam ora pangling karo swara sing wis kulina dirungu; iku swarané Gustine ḍéwé! Atiné sing kapetengan déning seḍih bandjur mak bjar dadi paḍang sanalika, mripaté sing katja-katja déning wetuning eluh malih dadi awas pandelengé. Saiki Marjam weruh jèn Gustiné djumeneng ana ing ngarepé, mulané ora taha-taha bandjur sudjud kambi mulung tangané, undjuké: „Rabbuni!” djarwané: „Guru kawula!” Sedyané Marjam arep njungkemi sampéjané Gustiné karo ngesokaké kabungahaning atiné, nanging bandjur dipenggak déning Gusti Jésus, pangandikané klawan sarèh: „Adja nggepok marang Aku, awit Aku durung sumengka menjang ing ngarsané Ramakku. Nanging lungaa nemoni para sadulurku, paḍa warahen: „Aku sumengka menjang ing ngarsané Ramakku lan Ramakmu, ngarsané Allahku lan Allahmu.” [ 154 ]
Sarampungé ngandika mengkono, Marjam weruh-weruh wis kari idjèn. Gusti Jésus ora kaweruhan menjang endi tindaké: kajadéné rawuhé mak djleg katon ana ing ngarepé Marjam, mengkono uga tindaké mak klépat ilang saka ing pandeleng.
Nanging Marjam, senadjan ditilar idjèn, atiné tatag lan bungah, awit sakèhing prihatiné wis kabirat. Iba senengé jèn diparengaké nḍèrèk tindaké Gustiné, nanging Pandjenengané ngandika jèn arep kondur menjang swarga ing dalemé Allah Sang Rama. Kaprihatinaning atiné wis malih dadi kabungahan sing tanpa upama geḍéné, pangutjapé: „Gusti wis wungu saka ing séda! Saiki Pandjenengané gesang manèh!” Jèn ngélingi uripé sing wis kepungkur, enggoné tansah gawé dosa, iba suka sukuring atiné, déné Gusti Jésus kepareng ngluwari lan ngapunten sakèhing dosané, mangka saiki Marjam rumangsa olèh kanugrahan geḍé déné diparengaké njawang marang Gustiné sing wis wungu, luwih ḍisik tinimbang para sekabat lan murid lijané, malah kapatah nimbalaké ḍawuhé Gustiné marang para kagungané.
Satekané Marjam ing ngarepé para sekabat, bandjur njritakaké lelakoné, tembungé: „Saèstu Gusti sampun wungu saking séda. Mripat kula sampun ningali Pandjenenganipun lan kula sampun mireng pangandikanipun!” Sing paḍa ngrungu mung ndjenger, djalaran pawarta sing dirungu saka Marjam lan wong wadon lijané sing luwih ḍisik tekané, pantjèn ngéram-éramaké banget, nanging ija mbungahaké! O, muga-muga Gusti ija kepareng rawuh ana ing satengahé, mengkono pangarep-arepé para murid kabèh, supaja katog enggoné ngrasakaké kabungahan!
DINA Achad, wiwitaning minggu iki, pantjén kebak lelakon sing élok ngéram-éramaké. Para pradjurit sing paḍa djaga ana ing patamanan, para imam sing ana ing kuṭa Jèrusalém, wiwitané paḍa gambira lan mbeḍeḍeg atiné, djalaran rumangsa unggul ḍéwé; „Jésus Nasarani rak wis sirna! Nanging kaprawiran lan [ 155 ]gambirané larud sanalika, malih dadi was sumelanglan giris.
Kosokbaliné para wong wadon lan para sekabat, wiwitané paḍa semplah atiné lan wedi. Sapa sing bakal diungsèni? Gustiné rak wis séda.
Nanging sakèhing was sumelang lan prihatiné saiki wis didadèkaké kabungahan kang tanpa upama geḍéné! Gusti Jésus, ija Gustiné, wis unggul judané!
ING dina iku uga isih ana lelakon lijané manèh sing élok lan ngeram-éramakė.
ING dina Achad iku uga wong loro panunggalané para murid paḍa menjang ing désa Èmmaus, dohé saka Jerusalém watara sepuluh pal. Wong loro mau paḍa rasanan bab lelakon sing mentas paḍa dialami ana ing kuṭa bab nasib pepesṭéné Guruné sing ditjekel déning wong Jahudi, disiksa malah nganti disédani.
Kotjapa sasuwéné paḍa rasanan lan bebantahan, bandjur ana Prija rawuh njarengi ing lakuné, nanging paḍa ora ngerti sapa Prija iku. Wong loro mau bandjur dipangandikani: „Kowé paḍa nggunem prakara apa lan généja kowe paḍa katon seḍih?” Jèn miturut aruming pangandhika lan surasaning pandanguné, Prija mau mesṭi ora kagungan sedya ala lan durung suwé enggoné rawuh ing kuṭa, mulane bandjur diwangsuli: „Pandjenengan munḍut priksa bab prakawis punapa ingkang sami kula ginem? Lho, punapa namung Pandjenengan pijambak ingkang kalebet tijang mantja ing kiṭa Jerusalém, ngantos boten uninga lelampahan ingrika salebetipun sawetawis dinten punika?” Pangandikané Prija mau: „Lelakon apa ta?” Undjuké kang kadangu: „Lelampahan punapa? Punapa Pandjenengan dèrèng naté miḍanget bab tjarijosipun Gusti Jésus, Nabi ageng, ingkang kala sugengipun nindakaken kaélokan warni-warni lan ingkang piwulangipun sanget nengsemaken manahipun tijang kaṭah? Lan punapa Pandjenengan boten uninga anggènipun katjepeng déning para pangadjengipun imam, wekasanipun kakisas ladjeng kasalib?” Wong loro mau bandjur njritakaké nasibé Gusti lan Guruné sing njeḍihaké. Déné Prija mau klawan sabar enggoné mirengaké lan nggatèkaké marang tjritané wong loro mau, temahan tanpa sangga-runggi manèh kabèh isining atiné diesokaké ana ing ngarsané Prija mau. Enggoné Gusti Jésus nganti nemahi sangsara lan séda ing kaju salib iku ora lija mung marga saka trékah lan krénahé para pangarepe imam lan para ulama .... Ija paḍa ora isin njritakaké kaprihatinané ḍéwé dalah para murid lijané djalaran ditilar ing Guruné sing paḍa ditresnani lan disujudi.
Aturé manèh: „Mangka ingkang dados pangadjeng-adjeng kula, inggih Pandjenenganipun punika ingkang baḍé ngentas ḍateng Banisraèl, inggih ingkang baḍé djumeneng Sang Mesih, ingkang baḍé ngluwari kula sabangsa saking pangwasanipun bangsa Rum saha ingkang baḍé mulihaken kuntjara lan wibawanipun bangsa Israèl .... Nanging émanipun, Pandjenenganipun samangké sampun séda lan ing dinten punika sampun dumugi ing tigang dintenipan anggènipun kasarèkaken.”
Wong loro katon paḍa gela atiné déné pangarep-arepé ora ketutugan, mangka saupama Gusti Jésus kepareng nuruti sing paḍa dadi pangarep-arepé wong akèh, saiba mulja lan kepénaké, malah sumrambah marang para muridé kabèh.
Nanging wong loro mau ija njritakaké prakara sing élok ngéram-éramake, kaja sing dikanḍakaké para wong wadon. Undjuke: „Tijang èstri punika sareng sumerep bilih lajonipun boten wonten ing pasaréan, ladjeng sami wangsul sandjang bilih malah sami ningali wahju malaékat, ingkang sami ngandika bilih Pandjenenganipun gesang. Nanging kula sami boten mangertos leres lepating pawartos wau .... Nunten wonten kantja kula sawetawis sami murugi ing pasaréan, déné kepanggihipun inggih sami kados sandjangipun tijang èstri wau, namung Pandjenenganipun boten ngantos kasumerepan. Prakawis ingkang élok punika saèstu damel kuwur lan trenjuhing manah kula para muridipun.”
Ing kono Prija mau bandjur ngandika klawan sabar lan sarèh, nanging ija ana isiné panutuh: „Eh wong tanpa pikir kang paḍa sungkanan ngandel samubarang kang wis kapangandikakaké déning para Nabi. Sang Kristus apa ora wis pinesṭi nanḍang sangsara iku mau, bandjur lumebet ing kamuljane?”
Wong loro mau bandjur paḍa diparingi katrangan bab sabarang kang kamot ing Kitab kang magepokan sarirané Sang Mesih, wiwit nabi Musa dalah sakèhé para Nabi. Pantjèn njata jèn Sang Mesih kudu rawuh ing djagad, lan rawuh ngagem kamlaratan lan kaasoran, malah wekasané kudu nanḍang sangsara lan séda, nanging ija kapratélakaké jèn Pandjenengané bakal unggul lan wungu saka ing séda ....
Wong loro mau meleng ngrungokake pangandikané Prija sing anjar katon iku, rumangsane durung tau krungu katrangan bab pametjané para Nabi sing semono gamblangé [ 156 ]lan durung tau ana ahli kitab sing bisa nganḍaraké isining Kitab kaja Prija iki, malah kaja-kaja para ahli kitab paḍa durung ḍamang marang pangandikané para Nabi ....
Nanging Prija sing anjar katon iku sing kersa njarengi lakuné, tjeṭa banget enggoné ndjlèntrèhaké surasaning Kitab .... Sapa ta wong iki?
Wiraosing pangandikané kepénak temen dirungu. O, saupama njata kabèh apa sing diḍawuhaké iku, saiba begdjané. Gusti lan Guruné iku saupama njata kang djumeneng Sang Mesih, kang kudu nanḍang sangsara lan séda supaja nebus dosané saumat kabèh .. wis mesṭi Pandjenengané wungu saka ing séda klawan ngagem kamuljan! O, saiba enggoné nengsemaké saupama njata mengkono!
Nanging Prija iki, mesṭiné wis ḍamang ing surasaning Kitab, katrangané sing tjeṭa lan widjang-widjang mesṭi ora bakal mlèsèt. Pametjané para Nabi sing bijèn durung dingertèni, saiki dadi gamblang kabèh.
Pantes jèn Prija iki kalebu golongané wong ahli lan wasis, narbukani surasaning Kitab. Sapa ta Pandjenengané iku?
KOTJAPA lakuné wis tekan ing désa Èmmaus lan wajahé wis soré, mangka ing semu Prija mau arep ngladjengaké tindak. Nanging bandjur ditjanḍet déning Klèopas sakantjané, aturé: „Pandjenengan kula aturi kèndel kalijan kula, awit sampun ngadjengaken dalu, wantjinipun sampun lingsir mekaten. Sumangga kula aturi pinarak ing ponḍok kula, saha keparenga nampi pasugatan ing sawontenipun.”
Prija mau bandjur pinarak ing omahé wong loro mau. Bareng paḍa kembul ḍahar. Prija mau menḍet roti, sawisé diberkahi, bandjur ditjuwil-juwil kaparingaké marang wong mau.
Nalika mberkahi roti, astané diaṭungaké menḍuwur, èpèk-èpèking astané katon ana tatuné tilas paku. Wong loro sing paḍa ndjinggleng ngawasaké marang Prija mau, suwé-suwé diparingi awas pandelengé, temahan mari pangling: sing lagi pinarak ana ing ngarepé iku djebul Gusti lan Guruné ḍéwé, mangka sasuwéné bebarengan mlaku ing dalan, malah sawisé paḍa satata lenggah arep kembul ḍahar, mripaté wong mau kaja-kaja kasamaraké pandelengé. Nanging lagi bae mari panglingé, Gusti Jésus bandjur musna sanalika. Rasaning atiné paḍa bungah kaworan wedi, suka sukur kaworan isin; sadurungé bisa matur apa-apa, wis ditilar Gustiné. Nanging saiki wong loro mau wis ora sumelang manèh mungguh Gustiné, klawan bungah paḍa sapotjapan mengkéné: „Rak rasané ati kita wis kaja ngangah-angah, nalika kita paḍa dipangandikani ana ing dalan, enggoné narbukani surasané Kitab marang kita. Saiki kita paḍa ngerti apa sebabé Pandjenengané kudu nanḍang sangsara lan séda. Nanging sakèhing kaprihatinan saiki wis didadèkaké kabungahan geḍé, awit Gusti sanjata wis wungu!”
PAḌA sanalika iku uga wong loro mau bandjur maknjat paḍa bali menjang ing Jerusalèm, menjang panggonané para mitrané. Satekané ing kono sekabat sewelas paḍa ketemu lagi ngumpul bareng karo para murid lijané, lan iku paḍa ngutjap: „Gusti njata jèn wis wungu, lan wis ngetingal marang Simon.” Wong loro mau bandjur mangsuli klawan bungah: „Aku wong loro ija wis diketingali!” Kabèh lelakoné ana ing dalan lan enggoné paḍa pangling ditjritakaké kabèh. Déné sing paḍa ngrungu, kabèh paḍa ngrasakaké kabungahan geḍé.
NALIKA wajah bengi ing dina Achad iku uga, lan nalika para sekabat lagi paḍa kumpulan ana ing kamar tengah, mangka lawangé paḍa kakantjing rapet awit saka wediné marang wong Jahudi, dumadakan wong-wong mau paḍa kagèt lan wedi banget, awit ana ing tengahé kamar mau djleg katon wudjuding Prija, sing teka tanpa sangkan; panjanané para sekabat kaja weruh lelembut. Nanging bareng diwaspadakaké, wong-wong mau ora pangling, sing djumeneng ana ing tengahé iku ora lija ija mung Gustiné ḍéwé, sing mentas paḍa dirasani. Kaget lan wediné sanalika malih dadi kabungahan lan kaéraman; atine wis ngangah-angah arep ngaturaké pambagé marang Gustiné, nanging tjangkemé ora bisa kumetjap kamisosolen.
Wong-wong sing paḍa kamitenggengen mau bandjur dipangandikani: „Tentrem rahaju anaa ing kowé.” Bareng ngrungu aruming swara sing kulina dirungu, para sekabat saja mantep atiné, éwadéné bawané wong sèkèng ing pangandel lan awit saka geḍéning kaprihatinan sing durung ilang babar pisan wong-wong mau angèl enggoné arep ngandel jèn Gustiné rawuh ana ing tengahé, meneri lagi paḍa nglumpuk ana ing kamar sing wis dikantjingi lawang lan djenḍélané .... Senadjan wis dikantjingi lawang lan djenḍélané, ... éwadéné Gusti bisa rawuh ing kono. Keprijé enggoné bisa mlebu?
Wong-wong mau wis bola-bali njumurupi kaélokan warna-warna sing ditindakaké Gustiné, suprandènè paḍa wedi lan kaget, bareng [ 157 ]weruh Gusti Jésus rawuh ana ing tengahé tanpa ngengakaké lawang. Gusti Jésus uga ora kesamaran mungguh ing prakara mau, mulané bandjur ngandika: „Keprijé déné kowé teka paḍa kegiwang, lan sebab apa déné teka paḍa ketuwuhan pikir kaja mengkono ana ing atimu? Paḍa titinen tanganku lan sikilku, rak Aku ḍéwé. Mara grajangen Aku lan paḍa ngawasna. Jèn ta lelembut rak ora ana daging lan balungé kaja kang kodeleng ing Aku iki.”
Sadjroné ngandika mengkono iku Gusti Jésus nedahaké asta lan sampéjané sing isih katon tilasing paku sing dienggo mantèk ing kaju salib.
Wong-wong sing paḍa wedi prasasat ora keḍèp enggoné paḍa ngawasaké lan ngrungokaké marang Gusti Jésus. Swarané lan pasurjané apadéné tatu ing asta lan sampéjané, iku kabèh (dadi tanḍa jekti jèn sing rawuh iku Gusti Jésus temenan, dudu lelembut sing minḍa-minḍa Gustiné.
Wong-wong mau paḍa ndjenger tanpa ngutjap apa-apa kagawa saka gumun lan banget bungahé. O, saiki Gustiné wis rawuh temenan ana ing tengahé. Uripé saiki bisa pulih manèh kaja wingi-wingi, saben dina mung tansah ndèrèkaké Gusti Jésus lan ngrungokaké pangandikané. O, saiba seneng lan begdjané urip mengkono iku! Nanging rasané kok mung kaja ngimpi baé!
Gusti Jésus ija pirsa jèn para sekabaté, marga saka geḍéning kabungahané, isih rada mangu-mangu atiné, mulané bandjur ngandika maneh: „Ing kéné apa kowé paḍa deduwé kang kena dipangan?” Gusti Jésus bandjur kasaosan iwak loh gorèngan sairis. Sawisé ditampèni, tumuli diḍahar ing sapandelengé para sekabat lan wong sing paḍa kumpulan ana ing kono.
Bareng wis njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus ḍahar, para sekabat paḍa ora mangu-mangu manèh, awit jèn lelembut, mesti ora bisa mangan kajadéné manusa lumrah. Bareng wis tita mengkono, wong mau kabeh ing batin paḍa ngaku: „Gusti, Paduka punika saèstu Guru kawula!”
Para sekabat lan murid lijané satemené ing batin wis ngrumangsani luput, déné ora énggal-énggal ngandel marang Gusti lan Guruné, isih ndadak njuwun pratanḍa lan bukti warna-warna, mangka wis rambah-rambah Gusti Jésus ing sadurungé séda paring pitedah marang para sekabat, jèn kudu nanḍang sangsara lan séda, nanging ing telung dinané bakal wungu saka ing séda. Prakara iku kabèh wis bola-bali dipangandikakaké déning Gusti Jésus, malah ija wis diwetja déning para nabi ing djaman kuna. Bareng pangandika lan pametja mau kelakon temenan para sekabat paḍa ora ngandel, paḍa kagèt lan wedi apadené mangu-mangu!
Para sekabat paḍa ngrumangsani iku mau kabèh, lan panjawangé marang Gusti Jésus semu wirang, upama kelaira arep paḍa mundjuk mengkéné: „Gusti, mugi kepareng ngapunten kakirangan kawula, déné kawula sami kirang pitados saha sami kagèt lan mangu-mangu. Gusti, mugi kepareng ngapunten kawula, déné kawula sampun damel sekeling galih Paduka. O Gusti, mugi melasi kawula!”
SATEMENÉ wong-wong mau pada kurang antepan lan ora teguh setyané. Wataké ngutjira, bareng katempuh ing baja-pakéwuh, paḍa tinggal gelanggang tjolong plaju. Wong-wong sing tjilik pangandelé.
Éwasemono ...., Gusti Jésus kepareng ngapunten, malah Gusti Jésus isih kepareng mitados para sekabat mau. Gusti Jésus bandjur maringi ḍawuh sing isi bubuhan tumrap para sekabat, pangandikane: „Paḍa ndjadjaha ing sadjagad kabèh, Indjil unḍangna marang sarupané tumitah .... Kaja enggonku kautus déning Sang Rama, kowé ija paḍa dakkongkon .... Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina kongsi tumeka wekasané djaman.”
Para sekabat saiki kaparingan bubuhan lunga menjang Jerusalèm, menjang kuṭa-kuṭa lijané kaḍawuhan ndjadjahi saindenging djagad perlu ngunḍangaké Indjil marang sarupané tumitah, jaiku saḍéngah wong lan bangsa, supaja paḍa ngrungua pawarta kabungahan, jèn Gusti Jésus wis kasiksa lan kasalib nganti ngalami séda, lah sarana mengkono wis njanggi sakèhing paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa; nanging sing mbungahake jaiku: Gusti Jésus wis wungu saka ing séda lan kepareng mitulungi slamet marang angger wong sing tresna lan pratjaja marang Pandjenengané, kaparingan karahajon langgeng.
Marga saka dosa manusa kasébrataké saka ing ngarsané Allah lan kaineban gapuraning swarga. Nanging marga saka sangsara lan sédané Gusti Jésus, Pandjenengané wenang njowanaké kagungané marang ngarsané Allah lan gapuraning swarga binuka manéh.
Mengkono iku djatining Indjil, ija kabar kabungahan sing kudu diwartakaké para sekabat marang djagad.
Para sekabat lan murid-murid sing paḍa nglumpuk ana ing omah mau dadine dipitaja déning Gustiné ngemban ḍawuh sing adi linuwih, pinatah nglakoni ajahan sing mulja lan pinundjul, ngungkuli sakèhing bubuhan lan ajahan sing ana ing djagad.
ING dina Achad malem Senèn iku para sekabat lagi bisa ngrasakaké marem lan [ 158 ]bungah, sawisé ngalami seḍih lan giris ing dina-dina sing mentas baé kapungkur. Ing sadjegé urip para sebakat durung tau ngrasakaké kabungahan sing semono geḍéné, djalaran Gusti lan Guruné wis kepareng rawuh manèh ing tengahé lan kepareng uga ngapunten sakèhing kaluputané. Kabèh iku mau ndjalari para sekabat rumangsa olèh nugraha lan kabegdjan ing uripé.
PARA sekabat lan wong-wong sing paḍa njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus ngetingal sawisé séda rumangsa begdja lan bungah banget lan saben wong sing trésna marang Gusti Jésus, ditjritani kaélokan sing mbungahaké, mengkono uga Tomas.
Nalika Gusti Jésus ngetingal marang para sekabat lan murid lijané, Tomas ḍéwé ora melu nglumpuk ana ing kono, wataké Tomas pantjèn luwih seneng ngangen-angen prakara sing njeḍihaké katimbang karo sing mbungahaké. Satemené kaprihatinané Tomas marga kélangan Guruné sing banget disujudi iku luwih nanḍes lan luwih nabeti katimbang lija-lijané, temah ora gampang enggoné arep ngandel marang sakèhing pawarta lan tjrita bab kaélokan wunguné Gusti kaja sing dikanḍakaké para sekabat lijané. Dalah ngumpul bareng karo kantja-mitrané ana ing kamar tengah Tomas ija ora gelem; karepé arep njepi nuruti seḍihing atiné, djalaran djagad wis dadi sepi lan samun sapengkeré Gustiné séda.
Tomas, nalika ngrungu udjaré para sekabat bab wunguné Gusti Jésus, lan bab rawuhé ana ing tengahé para kagungané ana ing kamar, atiné durung bisa mèlu ngrasakaké bungah. Udjaré para sekabat lijane: „Éman banget déné kowé ora mélu menangi rawuhé Gusti ana ing kamar tengah kana.” Wangsulané Tomas: „Aku ora nganḍel sing dadi kanḍamu. Apa njata Gusti saged wungu saka ing sèda? Menawa aku durung ndeleng tabeté paku ana ing astané lan tabeté paku mau menawa durung dakdulek ing dridjiku, tuwin lambungé dakdemèk ing tanganku, aku bakal ora nganḍel pisan-pisan.” Wangsulané para mitrané: „Wis ta, Tomas, jèn mengkono, betjik kowé lestaria kembulan karo aku kabèh. Gusti mesṭi bakal rawuh manèh!”
BARENG tumeka penḍaké dina mau, para sekabat paḍa nglumpuk ana ing djero omah manèh, lan Tomas ija nunggal, lawang lan djenḍélané ija dikantjingi kabèh. Ing kono Gusti Jésus bandjur rawuh lan djumeneng ana ing tengah sarta ngandika: „Tentrem rahaju anaa ing kowé!” .... Para sekabat wis ora kagèt diketingali Gustiné, kedjaba Tomas, atiné trataban. Nalika Tomas teka arep mèlu lungguh ana ing pakumpulané para sekabat, polatané isih katèn suntrut, awit atiné isih nganḍut prihatin. Tomas durung bisa ngandel jèn Gusti wis wungu.
Bareng saiki mripaté njipati ḍéwé rawuhé Gustiné, djleg tanpa sangkan, lan kupingé tjeṭa ngrungu pangandikané sing ngleremake ati ...., Tomas meksa kagèt lan ḍeg-ḍegan. Saja ḍeg-ḍegan atine bareng dipirsani Gusti Jésus sarta dipangandikani: „Tomas, dridjimu aṭungna mréné, tanganku titènana, sarta tanganmu ulungna, demèkna ing lambungku. Lan adja bubrah pangandelmu, nanging kumandela!” Tomas bandjur marek klawan wedi lan wirang ana ing ngarsané Gustiné ...
Sapa ta sing ngaturaké marang Gusti jèn Tomas ora bakal ngandel menawa durung ndemok tabeté paku? Rak ora ana ta sing matur mengkono? Éwasemono Gusti Jésus wis nguningani prakara iku mau kabèh. Jèn mengkono, sing rawuh iki mesṭi Gusti Jésus pijambak, awit Pandjenengané pantjèn bisa nguningani samubarang, dalah gagasan lan rasa-pangrasa sing isih sumimpen ana ing ḍasaring atiné wong. Pandjenengané wis mesṭi ora bakal kasamaran mungguh ing pangangen-angené Tomas. Dadiné Tomas saiki bisa neksèni ḍéwé jèn sing rawuh iku Gustiné lan Pandjenengané isih asih tresna marang sekabaté sing lagi nanḍang prihatin. Pandjenengané kersa rawuh pijambak perlu ngluwari kagungané saka karubedan lan kaprihatinan.
Tomas ngrasa wirang banget, nanging batiné mbludag suka sukur awitdéné: „Gusti sanjata wungu saka ing séda lan Pandjenengané nedahaké sih katresnané marang aku!”
Tomas kepéngin nglairaké sarasaning atiné kabèh, arep mundjuk bab wirangé, bab kaduwunging atiné, bab kabungahan lan katresnané .... Nanging kabèh mau ora ana sing kelair, awit nalika Tomas sudjud njungkemi sampéjané Gusti, sing kelair ing tjangkemé ringkes lan aos: „Ḍuh Gusti kawula, Allah kawula!”
Ḍawuh pangandikané Gusti Jésus: „He Tomas, amarga kowé wus ndeleng Aku temah kumandel! .... Rahaju wong kang kumandel ora nganggo ndeleng.”
RAHAYU wong kang kumanḍel ora nganggo ndeleng! Pangandika mau isi pamèlèh marang Tomas, sing mèh bubrah pangandelé. Nanging pangandika iku uga isi berkah kanggo saḍéngah wong sing paḍa kumandel lan trésna marang Gusti Jésus, senadjan ing sadjroning uripé ing alam donja iki durung tau ndeleng Pandjenengané. [ 159 ]ING dina Achad malem Senèn iku uga para sekabat paḍa bisa ngrasakaké patunggilané Gusti Jésus sing kepareng rawuh ana ing tengahé, temah paḍa kalipur lan kabangun pratjajané ....
LET sawetara dina sawisé Gusti Jésus wungu.
Ing tengah segara Galiléa, ija sok disebut segara Tibérias, ana prauné wong misaja iwak kombak-kombul katut obahing banju segara. Sawengi muput wong-wong sing paḍa ana ing prau mau enggoné nibakaké djalané, nanging paḍa ora olèh apa-apa, mangka wajahé wis bangun ésuk, langit ing bang wétan wis trontong-trontong semburat abang ....
Wong sing paḍa nunggang prau mau tjatjahé pitu, kabèh paḍa sekabaté Gusti Jésus. Sawisé paḍa ngalami kaélokan sing wiwitané njeḍihaké, nanging wekasané mbungahaké, sekabat mau bandjur paḍa menjang ing tanah Galiléa, mulih menjang désa asalé ing pinggir segara.
Ing sawidjining dina nalika paḍa ngumpul, Pétrus kanḍa marang kantjané: „Daklunga golèk iwak.” Sauré kantjane: „Aku ija paḍa mèlu kowé.”
Iku mula bukané sekabat pepitu mau tinemu ana ing tengah segara lagi paḍa misaja iwak. Wong pitu mau paḍa durung lali panggawéané sing lawas, panggonan-panggonan sing bijén adaté akèh iwaké, wis diubres, tur wajahé kanggo misaja wis meneri banget jaiku ing wajah bengi, éwadené iwak sidji baé ora ana sing kesasar ing djalané ....
Néka-néka sing digagas para sekabat nalika rékadajané golèk iwak ora oleh gawé. Lelakon ing segara ing wajah wengi uga muntjul ing gagasané: nalika semono lagi paḍa lelajaran ana ing segara kono uga, dumadakan prauné katempuh ing prahara nggegirisi, mangka Gusti Jésus kepati enggoné saré. Nanging bareng Pandjenengané wis wungu, bandjur djumeneng ndukani segara lan prahara, temah praharané sirep sanalika .... Ana manèh sing kelingan nalika paḍa wedi banget, djalaran katekan memedi, djebul sing dikira memedi iku Gusti Jésus pijambak sing tindak ngambah ing banjuné segara kaja ngambah ḍaratan baé.
Nanging bareng saiki paḍa nindakaké rékadaja ḍéwé, para sekabat paḍa ora olèh apa-apa.
NALIKA wis bangun ésuk, prauné dipinggiraké mèh tekan ing gegisik, para sekabat bandjur krungu dibengoki wong sing ngadeg ana ing gegisik, nanging para sekabat ora ngerti sapa wong iku, awit isih rada peteng. Udjaré wong mau: „Botjah-botjah, apa paḍa ora deduwèn lawuh?” Wangsulane: „Boten; sedalu muput kula sami boten angsal punapa-punapa!” Udjaré wong mau maneh: „Djalané tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal paḍa olèh.”
Para sekabat mau bandjur paḍa pandeng-pinandeng, awit ora ngerti sapa sing paring ḍawuh, dadiné madju mundur enggoné arep tumandang. Nanging apa alané njoba sepisan engkas, bokmenawa wong sing ngadeg ing gegisik luwih awas pandelengé, bisa weruh panggonan sing akèh iwaké .... Bokmenawa para sekabat ija kélingan sing wis kepungkur, nalika diḍawuhi Gusti Jésus nibakake ing panggonan sing djero, temah oleh iwak nganti rong prau kebak ....
Para sekabat bandjur nindakaké apa sapréntahé wong mau. Djalané ditibakaké ing banju, bareng arep ditarik, rasané kaja ana sing nggonḍèli, djalaran wis kebak iwak, mulané disèrèd minggir ing pentasan.
Lelakon mau mbuka nalaré para sekabat, ngélingaké marang lelakon sing wis kepungkur. Bareng ngawasaké wong sing lagi ana ing gegisik, sanalika ngerti sapa wong iku. Malah Jochanan mbisiki Petrus: „Iku Gusti!” Simon Pétrus, bareng ngrungu jèn iku Gusti, bandjur nganggo djubah lan sabukan, njegur ing segara, njabrang menjang ḍaratan. Sing dipikir mung bisaa tumuli ngaḍep ana ing ngarsané Gustine.
SAMENTASÉ ing ḍaratan Pétrus bandjur marek ing ngarsané Gusti Jésus. Para sekabat lijané paḍa nusul, djalané sing kebak iwak disèrèd munggah ing ḍaratan.
Para sekabat paḍa kaéraman weruh ana geni ireng, lan ana iwak tumumpang ing geni mau lan ana roti. Nanging ing atasé Gusti Jésus, sing naté maringi pangan wong limang èwu luwih, prakara mau dudu apa-apa. Gusti Jésus bandjur ngandika: „Ndjupuka iwak sawetara olèhmu lagi mentas iki.”
Pétrus bandjur énggal tumandang nḍuḍah djalané, diréwangi kantja-kantjane; djalané kebak isi iwak geḍé-geḍé, bareng diétung ana satus sèket telu. Senadjan semono kèhé, djalane ora nganti beḍah.
Sarampungé enggoné paḍa nandangi pagawéane, para sekabat bandjur ditimbali Gusti Jésus, ḍawuhé: „Mrénéa, pada sarapana.” Gusti Jésus tumuli menḍet roti sing wis tjumawis ing kono, apadéné iwaké diparingaké marang para sekabat. Sing paḍa digawé sarapan mung roti satjuwil lan iwak loh, nanging tumrapé para sekabat sing ora njana ketemu karo Gustiné, sarapan sing pasadja mau adjiné ngungkuli bodjana andrawina, rumesep ana ing atiné, tjumiṭak ana ing angen-angené, temah ora bakal lali ing salawasé urip. [ 160 ]
Sawisé paḍa sarapan, Gusti Jésus bandjur ngandika marang Pétrus: „Simon anaké Junus, kowé apa tresna marang Aku ngluwihi saka wong iku?” Pétrus rada kagèt ngrungu pangandikané Gustiné mengkono iku. Apa ta kersané nganggo munḍut priksa bab rasaning atiné? Pétrus, marga saka wantering budiné, enggoné marek ing ngarsané Gustiné pantjèn luwih ḍisik katimbang kantjané, apa iku sing ndjalari pandanguné Gusti mengkono mau? Apa tresna marang Pandjenengané ngluwihi marang kantja-kantjané? Pétrus isih kélingan jèn wis tau mundjuk marang Gusti Jésus, nalika paḍa mangkat menjang ing patamanan Gètsémané: „Senadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun; Gusti, kawula tjumaḍang mbélani ing Tuwan, senadjana dumugi ing kundjara utawi ing pedjah pisan.” Pétrus ora sélak jèn wis mundjuk mengkono, nanging ...
O, Pétrus bandjur kélingan lelakoné ing wajah bengi nalika Gustiné dadi bebandan lan kélingan enggoné njélaki Gustiné .... Undjuk wangsulané Pétrus semu wedi: „Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kawula lulut ḍumateng Tuwan.” Pangandikané Gusti Jésus: „Angona para tjempéku.”
Sawisé mengkono Gusti Jésus ngandika manèh marang Pétrus ping pinḍoné: „Simon anaké Junus, apa kowé tresna marang Aku?” Undjuk wangsulané Pétrus isih adjeg: „Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kuwala lulut ḍumateng Tuwan.” nanging saiki swarané grojok kaworan seḍih. Pangandikané Gusti Jésus manèh: „Angona para weḍusku.”
Ping teluné Gusti Jésus ngandika marang Pétrus: „Simon anaké Junus, apa kowé lulut marang Aku?” Bareng nganti ping telu didangu mengkono, Pétrus dadiné seḍih banget,” atiné kebak piduwung lan panalangsa marga saka kaluputané ing atasé Gustiné. Pétrus saiki ngerti apa sebabé didangu nganti ambal ping telu ....
Pétrus rak nganti ping telu enggoné njélaki Gustiné, ping telu Pétrus sélak: „Kula boten warah ing wong niku!” Déné saiki, Pétrus kudu ngambali ping telu enggoné ngaku tresna marang Gustiné ....
Undjuké Pétrus ping teluné: „Ḍuh Gusti, Tuwan mirsa samukawis sadaja, inggih mirsa bilih kawula lulut ḍumateng Tuwan.” Bareng wis mundjuk mengkono iku, atiné Pétrus wis rada lega lan marem, awit Gusti Jésus saiki pirsa, malah luwih permana katimbang wong lija-lijané, jèn Pétrus asih lan tresna marang Pandjenengané. Apa manèh Gusti [ 161 ]ija kepareng ngapunten sakèhing kaluputané. Saiki Pétrus wis dudu Pétrus sing bijèn, sing tansah rumangsa ondjo ḍéwé; saiki wis anḍap-asor lan sarèh; panjuwuné mung supaja undjuké mau katrimaha déning Gusti.
Pangandikané Gusti Jésus: „Angona para weḍusku.” Pétrus lan sekabat lijané paḍa ngerti apa sing dikersakaké Gusti nganggo tembung tjempé lan weḍus mau, jaiku para wong sing kudu diparani lan diwartani kabar kabungahan, temah paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, bandjur klebu dadi panunggalané pepanṭan weḍus sing paḍa dadi kagungané Pangon kang utama, jaiku Gusti Jésus pijambak.
Gusti Jésus mirsani Pétrus klawan welas asih; kaluputané wis diapunten lan Pétrus wis dipulihaké ing kalungguhané kang ḍisik, sadjadjar maneh karo para sekabat lijané. Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika, ing semu pangandikané mau tanpa pangéman marang Pétrus: „Satemen-temené pituturku ing kowé: Nalika kowé isih nom, kowé sabukan ḍéwé. Nanging bésuk samasa kowé wis tuwa, kowé bakal mulung tanganmu lan disabuki déning wong lija bandjur digawa menjang panggonan kang ora kokarepi.”
Pangandikané iku njemoni bab karépotan lan kaprihatinan, apadéné bab sangsara lan pati kang bakal tumama marang Pétrus ing tembé. Pétrus pantjèn bakal ngalami disengiti, disangsara lan dipatèni déning mungsuhé kajadéné sing wis dialami déning Gustiné. Pangandika mau ing semu tanpa welas asih, nanging tumrapé Pétrus malah ditampa dadi kabungahan lan nugraha geḍé .... Osiking atiné: „Ḍuh Gusti, sampun ingkang nanḍang sangsara lan seḍih, senadjan ngantos dumugi pedjah pisan, kawula lila lair batos mbélani Tuwan ngantos pedjah. Rumijin kawula sampun njidrani Tuwan, temah damel sekeling galih Tuwan, nanging samangké kàwula baḍé nganḍemi kasetyan kawula ḍumateng Tuwan; djiwa raga kawula, ḍuh Gusti, kawula pasrahaken ing ngarsa Tuwan!” Mengkono osiking atiné Pétrus sawisé ngrungu pangandikané Gustiné.
WAJAH ésuk ing pinggiré segara Tibérias iku dadi wajah sing kebak kabungahan ing sadjroning uripé. Pasuwitané wis katarimah manèh ana ing ngarsané Gusti lan sabandjuré bakal ora ana prakara sing bisa misahaké awaké saka ing sihé Gustiné.
LET patang puluh dina saka wunguné Gusti Jésus saka ing séda, jaiku ing dina Achad sawisé rijaja Paskah. Wis rambah-rambah Gusti ngetingal marang para sekabat lan mitra-mitrané, apadéné marang para wong wadon.
Kotjapa nalika patang puluh dinané, Gusti Jésus ngetingal manèh, nanging ― enggoné ngetingal iki sing pungkasan.
Kelakoné iku mau wiwitané ana ing Jerusalèm, ana ing kamar tengah panggonané para sekabat adaté paḍa ngumpul, djalaran para sekabat paḍa kaḍawuhan tansah paḍa ngumpul ana ing kuṭa Jerusalèm. Ora antara suwé para sekabat bandjur kairid metu menjang ing sadjabaning kuṭa ana ing ara-ara djembar, ora adoh saka désa Bètani.
Para sekabat wis kulina banget ngambah dalan saka Jerusalèm menjang Bètani; wiwitané njabrang ing kali Kédron, bandjur ngliwati patamanan Gètsémané, terus munggah ing gunung Zaitun. Dalan mau ngéling-élingaké marang lelakon sing mbungahaké, lan ija lelakon sing njeḍihaké.
Ana ing papan sing djembar lan bawéra mau Gusti Jésus isih nḍawuhaké prakara warna-warna marang para sekabat, rasané kaja-kaja waktu sing kepungkur bali manèh: Gusti Jésus tindak pepara ndjadjah désa-ngadésa kaḍèrèkaké para sekabat, lan ing saenggon-enggon Gusti memulang lan nindakaké kaélokan. Senadjan mengkono, éwadéné para sekabat paḍa krasa jèn saiki kaanané ora bisa lestari mengkono, jèn saiki mesṭi ana lelakon sing luwih wigati, jaiku jèn paḍa arep ditilar Gusti lan Guruné.
Para sekabat paḍa ngrungokaké pangandikané Gustiné klawan gumolong atiné; kabèh sing diḍawuhaké Gustiné paḍa ditampani lan disimpen ana ing ati kaja musṭika adi.
Para sekabat paḍa diḍawuhi wanti-wanti supaja paḍa manggon ana ing kuṭa Jerusalèm kambi paḍa ngentèni sawetara mangsa, nganti tumekané Djuru Pirembag kang bakal nunggil karo para sekabat ing salawas-lawasé awit Gustiné ora nilar lola marang para kagungané. Djuru Pirembag mau, jaiku Roh Sutji, bakal mulang samubarang marang para sekabat, supaja paḍa olèh tentrem rehaju.
Lan sawisé mengkono? .... Para sekabat bandjur kudu menjang Jerusalèm, saka kono ndladjahi tanah Judéa lan Samaria lan sabandjuré menjang ing tanah lan negara lija-lijané nganti tekan ing pungkasané bumi paḍa kabubuhan ngunḍangaké pawarta kabungahan, jaiku Indjil, marang sarupaning umat, lan sing sapa pratjaja marang Gusti Jésus, paḍa kaḍawuhan mbaptisi atas Asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Sutji ..
Para sekabat sing paḍa menangi sangsara, séda lan wunguné Gustiné, paḍa ngerti lan jakin temenan, jèn Gustiné iku kang djume[ 162 ]neng Sang Mesih, ija djumeneng Djuru Panebus kang sedjati; para sekabat paḍa kaparingan bubuhan ndladjahi djagad minangka paseksi ingatasé sih katresnan lan kamuljané Gusti Jésus ana ing ngarepé para manusa.
Mangka para sekabat paḍa diparingi ḍawuh kang isi prasetyan, mengkéné: „Lah Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina kongsi tumeka wekasané djaman.”
MENGKONO mau tindaké Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabat wis tekan ing putjaké gunung Zaitun, bandjur kèndel ana ing panggonan sing wis naté dikèndeli Gusti Jésus karo para sekabat nalika paḍa maspadakaké kuṭa Jerusalèm sing katon keṭap-keṭap saka ing kadohan. Nalika semono Gusti Jésus katingal trenjuh galihé ngraosaké kuṭa sing kebak piala lan dosa ....
Nanging saiki wis ora katingal trenjuh manèh galihé, saiki Pandjenengané katingal gembira kaja Sinatrija sing mentas unggul judané. Para sekabat paḍa ngaḍep ana ing ngarsané, paḍa dipirsani sidji-sidji klawan asih lan welas, bandjur paḍa diungkuli asta lan diberkahi. Kotjapa sadjroné mberkahi mau, Gusti Jésus katingal tindak mungkur saka ing panggonané para sekabat, sampéjané wis ora ngambah ing lemah, saja suwé katingal munggah saja ḍuwur sumengka ing langit. Para sekabat bandjur paḍa sudjud kambi tumenga njawang menḍuwur, paḍa weruh astané Gustiné enggoné kaungkulaké ana ing saḍuwuré paring berkah .... wekasané ketilapan marga sarirané kaaling-alingan ing méga, èmperé kaja nitih méga enggoné kondur menjang ing swarga.
Para sekabat saiki wis ora bisa njawang Gustiné manèh. Nanging apa Gusti Jésus musna ing salawas-lawasé? Senadjan wis ora katon, para sekabat isih terus njawang menḍuwur marga saka kaéraman.
Sasuwéné paḍa tumenga marang langit ngawasaké sumengkané Gustiné, dumadakan ana prija loro ngagem-agem putih paḍa djumeneng ana ing tjeḍaké, sarta ngandika: „Hé wong Galiléa! Keprijé déné kowé paḍa ngadeg ana ing kéné nganggo tumenga marang langit? Jésus kang wis kasengkakaké saka ing antaramu menjang ing swarga, iku bakal rawuh, patrapé kaja enggonmu paḍa ndeleng sumengkané menjang swarga mau.”
Sawisé ngandika mengkono mau, prija loro mau bandjur musna sanalika. Rawuhé duta loro mau kaja-kaja maringaké salamé Gusti Jésus sing wekasan marang para sekabat, apadéné prasetyané jèn bakal rawuh manèh.
Para sekabat bandjur bali menjang Jerusalèm, perluné paḍa arep nganti-anti rawuhé Djuru Pirembag, jaiku Sang Roh Sutji, kaja sing wis diprasetyakaké déning Gusti Jésus .. Para sekabat saiki ora perlu seḍih lan prihatin, senadjan Gustiné wis ora katon ana ing tjeḍaké. Upama keparenga, wis mesṭi luwih seneng tansah tetunggilan karo Gusti Jésus, nanging para sekabat ija wis ngerti jèn pakarjané Gustiné ana ing tengahing djagad wis rampung babar pisan, mulané Pandjenengané saiki kondur menjang swarga sowan ing ngarsané Allah Sang Rama. Djagad lembahing kasangsaran sing kebak duraka lan piala, iku dudu papan sing sembada kagem Gusti Jésus. Saiki Pandjenengané pinarak manèh ana ing ḍamparé ing swarga, ingajap para malaékat sing ora kenḍat saos pudji lan bekti ngluhuraké Asmané.
Para sekabat lan para murid lija-lijané wis paḍa ngerti kabeh, jèn satemené paḍa ora tininggal lola déning Gustiné, senadjan saiki wis kondur menjang swarga. Para sekabat paḍa ngrasa jèn tansah tinunggil ing Gustiné, awit Pandjenengané ora séda, nanging gesang lan kagungan pangwasa ngajomi para kagungané. Mangka Pandjenengané kondur menjang swarga perlu njawisaké papan kanggo para sekabaté.
ANADÉNÉ wong-wong sing ana ing kuṭa Jerusalèm paḍa ora ngerti apa sing kelakon ana ing gunung Zaitun: lelakon sing luwih déning wigati, nanging tumindaké sarwa pasadja tanpa sabawaning karaméan. Nanging ana ing swarga para malaékat paḍa surak mawurahan, ing kana ana kabungahan geḍé kanggo mahargja konduré Gusti Jésus ing swarga padalemané, pinarak manèh ana ing ḍamparé ing tengené Allah Sang Rama.
Déné ing satengahé djagad para sekabat lan para kagungané Gusti Jésus paḍa ngrasakaké kabungahan ing atiné ḍéwé-ḍéwé, nanging djagad ora nglegéwa. Meneng-meneng para sekabat lan para mitrané Gusti Jésus paḍa rumangsa begdja, awit paḍa duwé kajakinan jèn Gusti lan Guruné iku sanjata djumeneng Sang Mesih, ija kang djumeneng Ratuning swarga lan bumi.
LELAKON ing gunung Zaitun nalika Gusti Jésus kasengkakaké minggah menjang swarga, saiki wis pirang-pirang atus taun kepungkur. Mangka nganti djaman saiki Pandjenengané durung rawuh manèh, kaja sing dipangandikakaké malaékat loro marang para sekabat. Para kagungané Gusti Jésus ing djaman semono wis paḍa ngadjal kabèh, katimbalan marek ana ing ngarsané ing swarga.
Lan ing tengahing djagad saiki tanpa wilangan tjatjahé wong sing paḍa pratjaja lan [ 163 ]tresna marang Gusti Jésus, isih adjeg paḍa nganti-anti marang rawuhé Gusti klawan nitih mégané langit kaja nalika sumengkané menjang ing swarga.
Para kagungané Gusti Jésus klawan sabar enggoné paḍa nganti-anti, awit paḍa ngerti, jèn pangandikané Gusti iku mesṭi bakal kelakon, lan ing tembé Gusti Jésus bakal rawuh ngagem pangwasa lan kamuljan geḍé, lan wong ing sadjagad kabèh bakal paḍa njawang marang Pandjenengané.
Wong-wong sing paḍa ora tresna lan pratjaja marang Gusti Jésus, bakal paḍa njawang marang Pandjenengané klawan wedi kang banget.
Kosokbaliné wong-wong sing paḍa wanuh marang Djuru Slamet lan Panebusé, bakal pada njawang marang Pandjenengané klawan kabungahan geḍé.
Dinané Gusti, dina kang geḍé, mesṭi bakal tumeka.
ING kuṭa Jerusalèm ana rijaja manèh, jaiku rijaja Pentékosta. Ing dalan-dalan kebak wong sing paḍa teka saka ing désa ngadésa, ndilir lakuné ngener menjang ing padaleman sutji. Palatarané padaleman sutji djedjel rijel wong-wong sing paḍa arep saos kurban. Wong-wong mau paḍa ngladèkaké roti kanggo pisungsung gojangan rong idji saka ing omahé ḍéwé-ḍéwé, iku minangka pisungsung wiwitaning panènan. Sawisé ditampani déning imam, pisungsung mau bandjur digojangaké lan wekasané katumpangaké ana ing misbjah, ésṭané kaja ngundjukaké pisungsung marang Allah minangka tjihnaning panuwun sokur. Sawisé mengkono bandjur ana unining nafiri binarung ing swaraning pamudji, ing kono saumat kabèh bandjur paḍa sudjud saos bekti ana ing ngarsané Allah .... Rijaja Pentékosta iku udjubé saos sukur marang Allah sawisé rampung panèn gandum utawa panèn anggur lan woh-wohan lijané. Mulané wong-wong saka désa ngadésa paḍa buḍal menjang Jerusalèm kambi nggawa pisungsung wiwitaning panèn arep disaosaké ana ing padaleman sutji. Undjuké saumat kabèh marang Allah wosé mengkéné: „Sadaja ingkang sami tumuwuh, sadaja ingkang sami kaunḍuh, punika sadaja peparing Tuwan, ḍuh Allah!”
Jèn pinudju rijaja Pentékosta wong Jahudi sing paḍa teka ing kuṭa Jerusalèm, ora ngemungaké sing paḍa manggon ing wilajah Palestina baé, nanging ija sing paḍa manggon ing tanah lija, ora ngétung adoh utawa tjeḍak. Mulané ing sadjeroné kuṭa raméné ora djamak, mangka sing tekané saka tanah mantja, gunemané ija wis nganggo basa mantja lan ora mung basa sawarna.
Raméné saiki paḍa karo sèket dina kepungkur, nalika ing Jerusalèm ana rijaja Paskah, nalika .... ija nalika ing Jerusalèm ana lelakon sing nggegirisi, sing pantogé ana ing pepunṭuk Golgota lan ing patamanané Jusup Arimatéa, nanging wong ing Jerusalèm wis ora ana sing kélingan marang lelakon mau .. Jésus Nasarani? .... Wong ing Jerusalèm wis ora ana sing ngutjap ngrasani.
Udjaré para imam: „Kuduné ija mengkono!”
NANGING ana ing salah sawidjining omah ora adoh saka padaleman sutji para sekabat lan para mitrané Gusti Jésus paḍa ngumpul, paḍa bebarengan ngrijajakaké rijaja Pentékosta, apadéné ngundjukaké panuwun sokur marang Allah déné wis paring wuluwetuning bumi minangka redjekiné umat kagungané.
Sepuluh dina kepungkur Gusti Jésus sumengka menjang swarga sarta nilari prasetya jèn bakal ngintunaké Djuru Pirembag, jaiku Sang Roh Sutji, supaja njulihi Pandjenengané mulang-muruk lan ngajomi para kagungané. Sasuwéné paḍa nganti-anti rawuhé Djuru Pirembag para sekabat dalah sakanṭiné kabèh paḍa ngumpul lan saben dinané tansah paḍa andon rukun lan tresna-tinresnan, manut miturut ḍawuhé Gustiné. Lan samangsa paḍa ndedonga bebarengan, wong-wong rasané kaja-kaja dadi luwih tjeḍak karo Gusti Djuru Slameté.
Para sekabat mau ija paḍa ndeleng untabing wong golongan sing paḍa pating dlidir, nanging émané wong akèh mau paḍa ora ngerti apa sing dadi gémbolaning atiné para sekabat. Sadjatiné para sekabat mau wis paḍa kumatjélu arep nganḍani lan njritani bab kabungahan geḍé sing sumimpen ana ing atiné, jaiku jèn sing asma Jésus Nasarani iku sanjata djumeneng Sang Mesih sing diprasetyakaké wiwit djaman kuna mula, lan jèn Pandjenengané saiki uga kwasa lan kersa njlametaké saben wong sing pratjaja marang Pandjenengané.
Nanging para sekabat saiki durung diparengaké mbabar apa sing isih kineker kanggo wong akèh, nganti tumeka waktuné Gusti Jésus nuhoni prasetyané. Saiki para sekabat isih lola, djalaran ditilar Gustiné menjang swarga, mangka Sang Djuru Pirembag durung rawuh.
NANGING mbeneri rijaja Pentékosta mau, ing sawidjining dina wajah ésuk, ana lelakon sing ngéram-éramaké: Rohé Allah rawuh dedalem ana ing atiné para manusa.
Ing dina iku dumadakan ana swara gumrubug [ 164 ]saka ing langit, èmperé kaja sentoring angin kang banter, ngebeki saomah panggonané lungguhan para sekabat dalah para kanṭiné kabeh .... Mangka ing sadjabané omah mau ora ana mididing angin banter.
Nanging wong golongan sing ana ing Jerusalèm, wong-wong sing tekané saka mantja negara, bareng ngrungu swara gumrubuging angin banter, bandjur paḍa kumrubut mlebu ing omah pamonḍokané para sekabat, arep ndeleng lan ngrungu apa sing kelakon ana ing kono .... Wong-wong mau kabèh paḍa kagawokan, djalaran weruh ana rerupan kaja geni kang ambjar dadi ilat-ilatan nibani sirahé para sekabat lan para murid lija-lijané sing paḍa kumpulan ana ing kamar mau. Saja munḍak éram lan gawoké, bareng paḍa ngrungu wong sing paḍa katibanan ing geni ilat-ilatan mau paḍa meḍar pangandika nganggo tembung lija-lija basa .... Sing banget ndadèkaké kuwuring atiné jaiku déné wong-wong sing pinangkané saka tanah Asia lan Mesir, saka negara Rum lan tanah Arab, paḍa ngrungu pangandika mau nganggo tembungé ḍéwé-ḍéwé. Keprijé bisané kelakon mengkono?
Temahan wong kabèh paḍa ndjenger kagawokan sarta paḍa sapotjapan: „Apa baja tegesé kang mengkono iku?”
Nanging wong-wong Jahudi sing paḍa manggon ing kuṭa Jerusalèm, bareng paḍa weruh sapa sing lagi paḍa meḍar pangandika, sanalika bandjur kélingan marang lelakoné Jésus Nasarani .... Karepé wong-wong mau paḍa arep njepèlèkaké lan mojoki para sekabat, mula udjaré: „Wong Galiléa iku paḍa enengna baé, kuwi rak paḍa kewaregen anggur!”
Kewaregen anggur, dadi mendem? Pétrus ngrungu pamojoké wong akèh, atiné serik dielokaké mendem, mulané ngadeg dalah para kanṭiné sekabat sewelas, njasmitani wong-wong mau supaja paḍa meneng seḍéla, awit Pétrus arep nglairaké wirasaning atiné. Pétrus wis ngrasa jèn saiki wis tekan waktuné Sang Roh Sutji rawuh lan dedalem ana ing atiné. Mulané atiné ora ngeḍap ndeleng wong golongan semono kèhé paḍa teka ngrubung, malah banget kepénginé arep njritakaké bab kamuljan lan kaunggulané Sang Mesih sing paḍa disebut Jésus Nasarani déning wong golongan.
Tembungé Pétrus: „Hé kantja-kantja Jahudi lan kang paḍa mondok ing Jerusalèm kabèh, prakara iku kawruhana marang kowé, lan tembungku muga tumamaa ing kupingmu. Déné wong iki paḍa ora mendem kaja kang dadi panjanamu. Aku paḍa durung nggepok anggur, wajahé rak isih ésuk, lagi djam sanga! Nanging ing dina iki kelakoné apa sing diwetjakaké déning nabi Joèl ing djaman kuna: Aku wis paḍa kaesokan ing Roh Sutji; Rohé Allah wis tumeḍak dedalem ana ing atiku. .. Hé kantja-kantja Israèl, paḍa nilingna pitutur mengkéné iki: Jésus Nasarani, ija Guru pepunḍènku, ija kang wis paḍa koweruhi ḍéwé, wis paḍa kodeleng kasektèn lan kaélokan lan pratanḍa kang ditélakaké marang kowé .... nanging kang bandjur kokanijaja nganti kosalib lan kosédani, ija Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Kristus, ija Sang Mesih, nanging émané déné kowe paḍa nampik marang Pandjenengané kaja marang wong duraka. Éwasemono senadjan wis kelakon kosédani, Pandjenengané ora lestari dumunung ing kubur kawengku ing pati, djalaran Pandjenengané iku djumeneng Putrané Allah. Pandjenengané wis wungu saka ing padunungané wong mati, bandjur sumengka menjang swarga. Saiki Pandjenengané pinarak ana ing ḍamparé kaswargan lan saka ing kana Pandjenengané ngrawuhaké Sang Roh Sutji marang aku kabèh para muridé .... Iku wudjuding kaélokan sing paḍa kodeleng saiki.
Hé kantja-kantja Israèl, lan kabèh baé sing paḍa neksèni lan ngrungu lelakon iki, paḍa sumurupa jèn Jésus iku kang djumeneng Sang Kristus, Putrané Allah, ija Sang Mesih sing pinasṭi rawuh ....
Pada rungokna, Pandjenengané sanjata wis rawuh, nanging kowé pada njalib marang Pandjenengané!”
Sawisé Pétrus meneng ....
LAH ing panggonan kono bandjur dadi siḍem premanem. Wong-wong sing paḍa ngrungu tjritané Pétrus, paḍa kagèt lan bingung kaworan wedi déning anḍarané Pétrus mau. Gek keprijé polahé wong-wong mau, saupama njata sing dadi tjritané Pétrus? .... O, saiba geḍéning dosané, déné kumawani njalib lan njédani marang Sang Mesih. Wong-wong mau mesṭi mèlu kedosan djalaran saora orané wis ngrudjuki sédané, mangka sing ditjritakaké Pétrus iku kabèh kepara njata. Wong golongan bandjur akèh sing paḍa njeḍak, bandjur pitakon: „Ḍuh para saḍèrèk, kula kedah sami nglampahi punapa?”
Pétrus babar pisan ora nijat males ala marang wong Jahudi, djalaran saiki rumangsa dadi abdi sing kudu nglakoni ajahan miturut kersané Gusti lan Guruné, mangka Pandjenengané iku ora naté nampik wong sing paḍa marek ana ing ngarsané lan ngaturaké patobaté. Saiki malah bungah lan geḍé atine déné olèh wewengan njrítakaké kabar kabungahan geḍé marang wong golongan, jaiku jèn ana pangapuraning dosa tumrap angger wong sing mratobat. Mulané klawan gambira enggoné Pétrus mangsuli pitakoné wong-wong mau, tembungé: „Paḍa mratobata, [ 165 ]lan sidji-sidjiné panunggalanmu nglakonana kabaptis atas Asmané Jésus Kristus, kang pinurih apuraning dosamu, temahan kowé bakal pada nampani peparing Roh Sutji.”
KATJARITA ing dina iku uga ana wong telung éwu, lanang lan wadon, paḍa kabaptis lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus; wong mau kabèh ija paḍa kapenuhan ing Roh Sutji lan paḍa olèh karahajon ing donja ngakératé.
Wong-wong sing paḍa mratobat mau pinangkané saka Jerusalèm, saka tanah Asia, saka Mesir lan saka negara mantja lija-lijané. Mangka salebar rijaja wong-wong akèh sing paḍa mulih menjang ing tanah lan negara kamulané karo nggawa kabungahan lan karahajon sing ora bakal bisa ontjat saka ing atiné. Lan ana ing papan padunungané ḍéwé-ḍéwé wong mau paḍa njritakaké .... Lan ora ana wong sing bisa ngerti pira tjatjahé wong ing tanah mantja mau sing paḍa wanuh lan pratjaja marang Gusti Jésus lan nampani karahajon langgeng salawas-lawasé. Ora ana sing ngerti kedjaba Gusti Allah pijambak.
Mungguh para sekabat ḍéwé keprijé? .... Swara gumrubug èmperé kaja sentoring angin kang banter, sing ngebeki saomah panggonané lungguhan, rerupan geni ilat-ilatan sing nibani sawidji-widjiné wong sing paḍa kumpulan, pamitjara nganggo tembung lija-lija basa sing durung tau digegulang, iku kabèh paḍa bisa dideleng lan dirungokaké wong akèh, nanging sing tumindak tanpa sabawa lan tumama ana ing batiné para sekabat, iku satemené sing luwih wigati, awit marga saka daja sing ora kasatmripat iku mau para sekabat bandjur malih dadi manusa anjar. Saiki Rohé Allah kepareng dedalem ana ing atiné, lan sabandjuré mesṭi ora bakal ontjat saka ing panunggilé Allah ing salaku-djantraning uripé .... Saiki para sekabat paḍa ngangah-angah dening katresnan marang sapepaḍané tumitah. Derenging atiné mung sawidji, jaiku njritani wong-wong pepaḍané bab kanugrahan lan karahajon kang kaparingaké marang djagad ....
Saiki para sekabat wis ora dadi murid manèh, nanging pantes sinebut para rasul, tegesé para utusané Gusti Jésus sing paḍa kautus marang djagad martakaké bab sih kadarman lan katresnané Gusti Allah marang para manusa. Saiki para sekabat lagi paḍa ngerti sakèhing lelakon sing tumindak ana ing sugengé Gusti Jesus, apadéné sakèhing pangandika sing diḍawuhaké marang para muride.
Para sekabat paḍa kaparingan kawitjaksanan déning Roh Sutji.
KAÉLOKAN sing kelakon ing dina rijaja Pentékosta iku wis pirang-pirang atus taun kepungkur, éwasemono nganti djaman saiki wong Kristen ing sadjagad isih paḍa ngrijajakaké rijaja Pentékosta mau. Nanging tumrapé wong Kristen dudu rijaja panèn utawa rijaja unḍuh-unḍuhan manèh.
Sing paḍa diéling-éling jèn pinudju rijaja Pentékosta jaiku geḍéning sihé Allah déné kepareng dedalem ana ing atiné manusa sarana ngrawuhaké Sang Roh Sutji. Pentékosta saiki dadi rijaja tunedaké Roh Sutji.
ING satjeḍaké gapurané padaleman sutji kang aran Gapura Éndah, jaiku gapura ing sisih wétan sing betjiké lan geḍéné ngungkuli gapura lija-lijané, ana wong lungguh pepriman, suménḍé ing pilaré gapura sing disalut kuningan. Saben dina wong mau digénḍong mrono dilungguhaké supaja ndjaluka dana marang kang paḍa mlebu ing padaleman sutji. Mlaku ḍéwé ora bisa, djalaran lumpuh wiwit lair mula ....
Ing sawidjining dina mbeneri waktu sembahjang djam telu awan, waktu sing betjik tumrapé wong pepriman mau, djalaran akèh wong paḍa mlebu ing padaleman sutji arep paḍa sembahjang. Tangané manḍo njaḍong kawelasané sing paḍa liwat ing kono lan tjangkemé ndremimil enggoné ndjaluk dana ing sakadaré.
Nalika semono katon ana wong loro teka ing ngarep gapura arep mlebu ing padaleman sutji. Jèn ndeleng sanḍang panganggoné, wong mau ora klebu golongané wong sugih, nanging jèn mung ḍuwit saigar rong igar rak mesti paḍa duwé .... Wong lumpuh mau wis manḍo tangané ....
Wong loro mau mandeg, bandjur mandeng wong sing lumpuh klawan welas. Wong lumpuh mau bandjur diḍawuhi: „Ingetna aku.” Sing lumpuh bandjur ngingetaké, ngarep-arep bakal nampani pawèwèh .... ― Nanging sing nggumunaké, jaiku enggoné wong sing luwih tuwa bandjur ngandika: „Selaka lan emas aku ora duwé, nanging kang dakduwèni, kowé dakwènèhi.” Gagasané wong sing lumpuh mesṭiné mengkéné: „Jèn ora duwé selaka lan emas utawa ḍuwit, lah apa sing arep diwènèhaké marang aku?” Durung nganti ḍong marang karepé wong loro mau, sing lumpuh krungu dipangandikani manèh: „Atas Asmané Jésus Kristus Nasarani ngadega, lumakua!” Wong sing lumpuh mau bandjur ditjanḍak tangané tengen, diadegaké, lan sanalika tlapakan lan poloké paḍa dadi kukuh, kaja-kaja klebon daja kakuwatan [ 166 ]anjar sing durung tau dirasakaké salawasé urip .... Wong senadjan kagèt seḍéla, nanging ora nganti was lan sumelang atiné, mulané maknjat ndjumbul, wis ngadeg bandjur mlaku, nḍèrèk wong loro mau mlebu ing padaleman sutji kambi mloka-mlaku lan lintjak-lintjak sarta memudji marang Allah. Wong lumpuh mau ndeleng, ngrungu lan ngrasakaké ḍéwé ana ing awaké, jèn pangandika sing diutjapaké wong sing durung diwaruhi mau mengku daja gaib lan ndjalari kabungahan geḍé; wong sing lumpuh mau bisa ngadeg lan bisa mlaku temenan.
Wong kabèh paḍa ndeleng wong mau mloka-mlaku kambi memudji marang Allah, bandjur ora pangling jèn iku mauné wong lumpuh sing adaté lingguh pepriman ana ing Gapura Éndah ing padaleman sutji. Kabèh paḍa kaéraman lan kagawokan banget njipati kaélokan sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh mau. Saja wuwuh ngunguning atiné bareng weruh sapa sing nindakaké kaélokan mau, kabèh paḍa ndjenger njawang marang wong loro sing didèrèkaké wong lumpuh sing wis diwalujakaké mau, mlebu ing bangsal kang aran bangsalé Suléman. Warna-warna gagasané wong akèh, ana sing wedi lan miris, nanging akèh uga sing bungah, nanging kabèh paḍa pitakon ing atine ḍéwé-ḍéwé: „Lelakon apa ta iki? Keprijé bisané kelakon?”
WONG loro sing paḍa nindakaké kaélokan mau, iku ora lija Pétrus lan Jochanan. Pétrus sing ngutjapaké mawa daja mau, lan Pétrus sing njanḍak tangané wong lumpuh mau, bareng saiki wong akeh paḍa ndjenger njawang klawan wedi lan pakéring, ija Pétrus sing bandjur meḍar pangandika nganḍaraké mula-bukané lelakon sing élok mau. Pétrus babar pisan ora mburu aleming wong akèh, Pétrus ora nggajuh marang montjèr lan kuntjaraning djenengé, isiné anḍarané ora lija mung tumudju marang pakurmatan lan kaluhurané Gusti lan Guruné.
Tembungé Pétrus mengkéné: „Hé kantja-kantja Israèl, jagéné kowé paḍa gumun awit saka iku mau, teka paḍa manḍeng marang aku, kaja kosengguh bisa gawé lumaku wong iki srana dajaku ḍéwé utawa kamursidanku? Kaélokan iku mau sanjatané dudu panggawéku, aku mung wong lumrah, nanging diagem lantaran déning Gustiku nindakaké pangwasané. Gustiku iku Jésus Nasarani sing wis paḍa kosalib, nanging wis wungu saka ing antarané wong mati lan saiki pinarak ana ing tengené Allah Sang Rama ana ing swarga ... Éwadené para sadulur, aku wis ngerti jèn enggonmu nglakoni iku mau awit saka kurang pangerti. Mulané paḍa salina batinmu lan mratobata, supaja dosamu kalebura.” Pétrus sing saiki wis disebut rasul, isih muwuhi pituturé murih tjeṭané, apadéné kadereng déning rasa tresna marang Djuru Slameté, Pétrus ora wegah lan ora wedi njaritakaké bab pangwasa lan sihé Gustiné. Pandjenegané iku ora mung kwasa malujakaké wong lumpuh lair mula, malah wong sadjagad rat, jèn paḍa gelem pratjaja marang Pandjenengané, bakal kaparingan karahajon donja ngakératé langgeng ing salawasé.
Lan ing dina iku uga wong sing paḍa ngrungu pangandika mau akèh sing pratjaja, temahan paḍa dibaptisi déning para rasul, kaétung dadi putrané Allah, lan klebu dadi weḍus ing pepanṭan ngèn-ngènané Djuru Pangon kang utama, jaiku Gusti Jésus Kristus.
NALIKA semono ing kuṭa Jerusalèm wong-wong paḍa usreg lan gondjing atiné. Mentas baé paḍa njumurupi lelakon sing ngéram-éramaké nalika paḍa ngrijajakaké rijaja Pentékosta ana ing padaleman sutji, saiki wong akeh paḍa upjek ngrembug kaélokan anjar sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh lair mula, sing diwarasaké mung sarana tembung. Lelakon sing kaja mengkono iku sadjatiné njasmitani apa? Apa njata jèn Jésus Nasarani iku ora goroh piwulangé? Apa njata wis bisa tangi saka ing antarané wong mati? ....
Wong golongan paḍa usreg, nanging para imam kena disebutaké dauru atiné! Ora kira-kira enggoné mangkel lan ndjontong atiné! Bareng paḍa ngrungu kabar jèn akèh wong sing paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, lan bareng paḍa ngerti jèn para rasul saben dina ora kenḍat-kenḍat enggoné paḍa memulang ana ing padaleman sutji, ana ing sadjabané padaleman sutji, ana ing omahé wong sing paḍa kesdu nampani, bareng para imam njumurupi prakara iku mau kabèh, atiné dadi miris.
Saiki Jésus Nasarani wis kelakon disirnakaké nanging apa wong golongan isih paḍa gelem ngrungokaké marang para tilas muridé sing saiki dadi utusané lan apa ija paḍa gelem pratjaja marang Jésus mau? .... Bab sing kaja mengkono iku kudu dilarang! Jésus Nasarani iku tilas satru, saiki para tilas muridé ija kudu disatroni, mulané kudu paḍa dilarang memulang ing saenggon-enggon. Rak para imam ta sing njekel pangwasa, bisa lan wenang nglilani utawa nglarangi wong paḍa memulang! Wong golongan ora kena diélingake manèh marang Jésus Nasarani, sing kudu dilalèkaké déning saumat kabèh.
Nalika Pétrus lan Jochanan lagi paḍa memulang ana ing padaleman sutji, lan nalika wong lumpuh sing diwarasaké isih ngadeg ing buriné dumadakan bandjur paḍa ditjepeng déning [ 167 ]para imam, diḍabjang menjang ngarepé pradata, nanging—para imam lan para pinituwa paḍa ora wani ngetrapi paukuman, sebab ora tinemu nalaré enggoné arep matrapi, apa manèh wong golongan katara paḍa ngéloni para rasul.
Pétrus lan Jochanan paḍa dipatjuhi klawan pangantjam-antjam kang banget adja nganti paḍa duwé pitutur manéh marang sadéngaha wong bab asma Jésus. Nanging Pétrus lan Jochanan paḍa ora wedi, malah wani mangsuli jèn satemené paḍa ora bisa meneng baé lan rumangsa kadereng njaritakaké sakèhing prakara sing wis disumurupi lan bab karahajon sing ditampani ana ing atine. Wangsulané para rasul mau: „Sampun dados karsanipun Allah, bilih kula sami martosaken bab Asmanipun Gusti kula Jésus Kristus. Lan sampun saleresipun bilih kula sami ngéstokaken karsanipun Allah langkung katimbang ḍateng sampéjan.”
Para imam ngrungu wangsulan mengkono mau malah saja munḍak muring-muring, nanging wekasané kepeksa paḍa nglilani munḍur para rasul mau tanpa bisa matrapi apa-apa.
Para imam paḍa ngrasakaké gelaning atiné, déné Jésus Nasarani sing tansah dadi klilipé lan sing wis disirnakaké, wekasané bisa olèh kaunggulan! Saja munḍak gela atiné jèn kèlingan wong golongan paḍa luwih nggatèkaké piwulangé Jésus katimbang piwulange ḍéwé; malah saiki uga, sawisé séda kasalib, sing paḍa kèlu marang Jésus sangsaja munḍak akèh tjatjahé. Para imam prasasat murub atiné déning geṭing kang banget!
ANA pangandikané Gusti Jésus marang para sekabat mengkéné: „Kowé paḍa dakwènèhi pakon kang anjar, supaja kowé paḍa tresna-tinresnana.”
Ing djaman wiwitaning pasamuwan pangandikané Gusti Jésus mau diéstokaké klawan temen-temen déning sagolongané wong sing pratjaja marang Pandjenengané, lan sing sabandjuré katelah aran Kristen. Wong-wong mau paḍa tunggal ati lan tunggal budi, apadéné paḍa kerep kekumpulan. Para rasul sregep tetilik para sadulur lan paḍa diadjak ngantepi ing patunggalan lan ing panjuwiling roti lan pandonga kaja sing diḍawuhaké déning Gusti Jésus nalika kembulan karo para sekabat ḍahar rijaja Paskah. Sarana patrap mengkono wong-wong mau tansah paḍa ngéling-éling bab geḍéning sih katresnané Gusti Jésus, déné wis ngetohaké djiwa-ragané sumurup marang karahajoning djagad. Ing antarané wong-wong Kristen wiwitan mau ora ana sing nanḍang ketjingkrangan. Wong-wong sugih masrahaké barang darbéké supaja dieduma karo wong panunggalané sing nanḍang kakurangan, saben wong diedumi ing sakabutuhané déwe-déwé. Ora ana kang rumangsa nduwèni ḍéwé apa kang kadarbé, malah sabarang darbèké kabèh paḍa dianggep dadi duwèking ngakèh. Malah akèh sing paḍa ngedoli omah lan palemahané, pepajoné bandjur dipasrahaké marang para rasul supaja dieduma rata.
Pangandikané Gusti Jésus mau kasambetan mengkéné: „Ija iku margané ketitik marang wong kabèh jèn kowé paḍa dadi muridku, menawa kowé paḍa tresna-tinresnan.”
Lan uripe wong Kristen ing djaman semono ngepleki kaja sing dadi pangandikané Gusti Jesus mau.
NANGING émané, — golongané wong Kristen mau katekan mungsuh sing baud ngempakaké sandi-upaja, jaiku Iblis sing tansah nggegèndèng manusa marang piala, supaja uwala saka ing patunggilane karo Allah.
Ing sawidjining dina, nalika para rasul lan murid-murid lijané paḍa kekembulan, ana wong sowan ing ngarsané para rasul. Wong mau aran Ananias. Déné Ananias karo somahé, aran Safirah, kalebu panunggalané wong Kristen ....
Bareng Ananias wis lungguh ing ngarsané Pétrus, bandjur masrahaké kanṭong isi ḍuwit akèh, jaiku pisungsungé Ananias karo somahé marang pasamuwan. supaja dieduma kaja adaté, djalaran Ananias mentas ngedol palemahané.
Wong kabèh sing paḍa ana ing kono, njipati ḍéwé enggoné Ananias njaosaké pisungsungé, nanging .... anèhé Pétrus ora katon bungah nampani pisungsung mau. Wiwitané Pétrus kèndel baé kambi njawang marang Ananias. Déné Ananias bareng rumangsa jèn mung disawang baé, bandjur tumungkul semu wedi.
Wong-wong sing paḍa ora ngerti, gumun njumurupi lelakon mengkono, lelakon sing béda karo adat-sabené. Apa ta sebabé, déné pisungsungé Ananias mau ora ditampa klawan bungah? Saos pisungsung iku rak klebu panggawé betjik lan dadi tjihnaning katresnan?
Nanging sing katon ing mripat iku satemené mung semu, njatané ora mengkono.
MUNGGUH njatané Ananias lan Safirah iku wataké tjeṭil lan karem banḍa, nanging uga guru-aleman; katoné mursid, nanging njatané lamis, pinter nutupi tjulikaning atiné; sing disebut panggawé betjik iku [ 168 ]mung minangka srana murih olèha pangalembana. Wong loro lanang wadon mau enggoné paḍa rerubukan mengkèné: „Ajo paḍa melu-melu adol palemahan, pepajoné bandjur disaosaké marang para rasul, supaja kawentara ing antarané wong akeh, jèn aku paḍa bèrbudi lan mursid .... Nanging .... éman-éman jèn njaosaké pepajoné kabèh. Upama sing disaosaké marang para rasul mung sapérangan baé, lan diaturaké jèn pepajoné kabèh mung semono, rak ora ana sing bakal weruh ta? .... Mangka pangalembananè wong akèh mesṭi ora bakal katjèk!”
PANGRANTAMING atiné Ananias karo somahé mengkono mau, djalaran wis paḍa kena ing budjuking Iblis, sing nedya njebar widjining tjrah lan paratjidra ana ing kalangané wong-wong Kristen sing tansah mbangun katresnan lan olah karukunan lan ketemenan. Ananias lan Safirah mesṭi paḍa ngerti, jèn tindaké mengkono iku kliru banget lan gorohé iku klebu dosa geḍé, nanging atiné wis ora duwé wedi, djalaran lagi kalimput ing pepeteng.
DADINÉ sing katon ing wong akèh: Ananias njaosaké pisungsung pepajoné palemahané marang Pétrus, nanging wong-wong paḍa ora weruh, jèn ana sapérangan sing diunṭet lan ditinggal ing omahé, disinggahaké primpen déning Safirah. Wong sapasamuwan rak ora ana sing ngerti!
Apa njata ora ana wong sing ngerti?
Pétrus enggoné njawang marang Ananias ora klawan bungah, wusanané bandjur ngandika: „Eh, Ananias, jagéne atimu kaedjègan Iblis, kongsi kowé nggorohi Roh Sutji, sarta pepajoné palemahan salong kounṭet? Jagéné atimu kotjaḍangake marang piala? Sapa sing madjibaké kowé saos pisungsung sarana ngedol palemahanmu? Ora ana wong sing ndjaluk ḍuwitmu utawa palemahanmu, palemahan utawa ḍuwit pepajoné iku dadi duwèkmu ḍéwé. Ana paedahé apa ta déné kowé nganti ngangen-angen pratingkah mengkono iku ana ing atimu? Rak dudu manusa kang kogorohi, nanging Allah.”
Dadiné Pétrus wis nguningani kabèh, djalaran wis diwisik déning Roh Sutji.
Bareng ngrungu pangandika mengkono iku Ananias bandjur ambruk pegat njawa. Paukuman sing nggegirisi.
Para nonoman bandjur paḍa tumandang ngulesi majité, digotong metu lan dikubur.
KOTJAPA Safirah, sing kari ana ing omahé, nganti-anti tekané sing lanang. Jèn Ananias mulih, mesṭi bakal njritakaké enggoné dialembana déning para rasul lan wong-wong lijané. Nanging Ananias djebul ora mulih-mulih. Safirah enggoné ngentèni tekané sing lanang nganti wetara telung djam suwéné.
Suwé-suwé atiné krasa ora kepénak, mulané bandjur nusul Ananias. Satekané ing panggonané para rasul, Safirah wis ora menangi Ananias lan ija ora ngerti apa sing mentas kelakon. Safirah rada kagèt lan gela, déné tekane ora dibagèkaké klawan bungah. Apa mengkono iku wudjuding pangalembana sing diarep-arep?
Safirah bandjur ngaḍep ing ngarsané Pétrus. Sadurungé mundjuk apa-apa, wis diḍawuhi Pétrus mengkéné: „Kowé tutura ing aku, enggonmu paḍa ngedol palemahan apa paju seméné!” Wangsulané Safirah: „Inggih semanten.”
Safirah nganḍemi gorohé sing lanang ....
Pangandikané Pétrus: „Ana apa ta déné kowé paḍa ajon njoba marang Rohé Pangeran? Lah sikilé wong kang wis ngubur lakimu lagi ana ing ngarepé lawang, bakal nggotong kowé uga.”
Sanalika wong wadon mau ambruk ana ing ngarsané Pétrus, pegat njawa.
Para nonoman bandjur paḍa mlebu, majité Safirah bandjur digotong metu sarta dikubur sanḍing lakiné.
BARENG keprungon warta bab lelakoné Ananias lan Safirah, sing paḍa mati ngenggon marga kena wewelaké Allah, wong kabèh bandjur paḍa kataman ing wedi lan giris. Semono geḍéning pangwasané Allah!..
Kamursidan sing lelamisan, slingkuh lan doratjara ana ing pangabekti marang Pangéran, iku abot ukumané, lan nggorohi Roh Sutji iku kapatrapan ukuman pati.
KATJARITA para murid sing paḍa nampani piwulangé para rasul saja wuwuh akèh banget ing Jerusalèm. Sapa sing nampani piwulang lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, iku paḍa dibaptisi, temahan pasamuwan Kristen wiwitan saben dina tansah munḍak-munḍak tjatjahing wargané.
Nanging — golongané para imam, wong Farisi lan para ulama, saja munḍak geṭingé.
Jésus Nasarani wis kelakon kasirnakaké éwadéné meksa tanpa guna. Saumat kabéh saiki paḍa kèlu ngrungokaké marang piwulangé para sekabaté. Nanging pitutur lan wulang wuruké para pangarepé wong Jahudi ora dirèwès, lan kamursidan lan kapinterané nerangaké surasané Kitab paḍa ora digapé.
Nanging para imam tansah mbebangus kantja-kantjané, udjaré: „Adja nganti golonga[ 169 ]né para ulama kena kalinḍih. Para rasul iku lan kabèh baé sing paḍa manut marang piwulangé, kudu paḍa ngrasakaké ḍéwé sepira pangwasané para ulama.” Wong-wong mau bandjur paḍa ngrantam-rantam apa sing prajoga ditindakaké murih sirnaning mungsuhé. Saiki tuwuh manèh memungsuhané kaja nalika sugengé Gusti Jésus.
Senadjan mengkono, para rasul ora maèlu marang pangantjam-antjamé para imam,saben dina ora nganti kanḍeg enggoné memulang lan mulasara wong miskin, apadéné marasaké wong lara nganggo daja kakuwatan peparingé Gustiné.
Nanging pagawéan ngrumati lan ngladèni para wong ranḍa, wong djempo, lan miskin, mangka isih kudu memulang nggelaraké Indjilé Gusti, iku kabéh ndjalari para rasul dadi kewowogen. Mulané para rasul bandjur milih wong pitu, wong-wong mursid lan betjik kaloké, apadéné kapenuhan Roh Sutji lan kawitjaksanan, bandjur paḍa kaparingan bubuhan niliki lan ngrumati para sadulur panunggalan lanang wadon, lan mitulungi kang paḍa katjingkrangan. Wong-wong iku ing sabandjure paḍa kasebut diaken utawa djuru pamulasara.
Panunggalané djuru pamulasara mau ana kang aran Stéfanus.
ANADÉNÉ Stéfanus mau wong kang penuh pratjaja marang Gusti Jésus, lan penuh Roh Sutji, wong kendel lan sregep ing gawé, apadéné wasis mitjara. Ing endi-endi baé samangsa perlu, Stéfanus klawan bungah nyritakaké bab sihé Gusti Jésus, lan kabegdjan sing wis dirasakaké ana ing atiné kudu ditularaké marang wong pepaḍané, supaja paḍa bisa mèlu ngrasakaké kabegdjan mau.
Stéfanus uga nindakaké kaélokan lan pratanḍa kang linuwih atas Asmané Gusti Jésus ana ing antarané wong akèh: wong sing nanḍang seḍih paḍa dilipur, sing ketjingkrangan paḍa dipitulungi lan sing nanḍang lara, paḍa diwarasaké. Djeneng Stéfanus wis kawentar ing antarané wong Jerusalém, méh saben wong ngerti apa sing ditindakaké Stéfanus.
Lan golongané para ulama ija ngerti sapa sing djeneng Stéfanus mau. Ana sawenèhing wong golongané wong Farisi njoba bebantahan karo Stéfanus nalika njritakaké bab Gusti Jésus; karepé wong-wong mau arep njrékal Stéfanus srana pinteré ngikal basa, kaja patrapé para ulama nalika mabéni Gusti Jesus.
Nanging wong-wong mau ora ketjonggah njembaḍani kawitjaksanané lan pamitjarané Stéfanus marga saka sawabing Roh. Saben-saben ngadjokaké pitakonan, wong-wong Farisi mau mesṭi ketlèjèk witjarané, iku malah ndjalari wong akèh paḍa luwih seneng ngrungokaké katerangané Stéfanus, nanging ija ndjalari saja wuwuh geṭingé gelengané para ulama marang Stéfanus, ― ora béda karo nalika sugengé Gusti Jésus, samangsa para ulama paḍa kedjoḍéran ana ing ngarsané Gusti marga saka kaluwihané.
Saja wuwuh ndjering rasaning atiné para ulama, jèn ngélingi sapa Stéfanus mau, déné kok kumawani nglawan marang para ulama! Jèn pantjèn mbandakalani, para ulama ora kurang réka lan daja jèn mung arep ningkes wong sidji baé. Djalaran sing wis kelakon ija mengkono patrapé enggoné paḍa njritakaké klilipé, jaiku Jésus Nasarani sing dadi Guruné!
Ing kono para ulama bandjur paḍa ngopahi wong sawetara lan paḍa diodiok-odjoki ngala-ala Stéfanus ana ing ngarepé wong akèh lan paḍa ngadjokaké pandakwa nglawan Stefanus, uniné: „Kula sami mireng tijang punika njenjamah ḍumateng Musa tuwin Allah.” ...
Awit saka panggawéné antèké para ulama mau, Stéfanus kelakon ditjekel lan kaladèkaké ing ngarepé pradata Jahudi, mangka mung lanḍesan seksi goroh. Ana ing ngarepé pradata aturé seksi rerékan diwuwuhi gugatan warna-warna, malah ana sing ngembèt-embèt tjritane jèn Jésus Nasarani bakal mbubrah padaleman sutji lan bakal njalini saréngat manut angger-anggeré nabi Musa .... Gugatan mau kabèh goroh, senadjan enggoné paḍa ngaturaké klawan getem-getem lan mantjereng mripaté, nélakaké jèn wong-wong mau paḍa gregeten ndeleng marang Stéfanus.
Nanging ing satengahé pangantjam Stéfanus ngadeg klawan tatag atiné tanpa was sumelang mangka sing paḍa lenggah ana ing papané pradata mau, nalika pada manḍeng marang Stéfanus, weruh rainé katon kaja wedananing malaékat, gumebjar paḍang mawa praba.
ING kono imam agung bandjur ngandika: „Apa ija bener kang mengkono iku?” Stéfanus bandjur wiwit meḍaraké rasaning atiné, lan pitembungan sing dilairaké iku gawé pinggeting atiné para ulama. Marga saka kuminteré lan sumutji-sutjiné, para ulama paḍa nglirwakaké Allah Sang Rama lan Sang Putra, ija kang djumeneng Sang Mesih. Sing paḍa dipunḍi-punḍi iku padaleman sutji lan awaké ḍéwé paḍa dianggep wis sampurna lan sutji djalaran paḍa netepi apa sing katulisan ana ing angger-angger tuwin pepatjak gawéané ḍéwé. Nanging para ulama mau paḍa ora ngerti sing diarani sadjatining tresna marang Allah .... Iku kabèh diweḍaraké déning Stéfanus ana ing ngarepé para ulama, malah Stéfanus ija nganḍakaké jén para leluhur ing [ 170 ]djaman kuna paḍa nguja-uja para nabi, lan para utusané Allah paḍa disédani, malah para ulama mentas baé paḍa njalib Putrané Allah, ija Jésus Nasarani, kajadéné durdjana. Wusanané Stéfanus nguwuh seru: „Èh bangsa ingkang wangkot, ingkang ikutan ing manah sarta ing kuping, sampéjan tansah sami mbangkang ḍumateng Roh Sutji kadosdéné para leluhur djengandika!”
Bareng mengkono ....
Bareng para ulama paḍa ngrungu pitutur lan pamelèh sing peḍes mengkono mau, bandjur paḍa gregeten lan wringuten, banget pangigit-igité marang Stéfanus, paḍa geget-geget untu lan ngepel-ngepel biṭi kaja arep nubruk-nubruka marang Stéfanus, lali jèn paḍa lenggah ana ing pradata, upama bisaa Stéfanus wis didjuwing-djuwing.
Weruh mungsuhé kroḍa mangkrak mengkono iku, Stéfanus ora ngeḍap atiné lan ora gigrig babar pisan, katon ajem lan tatag, malah katon sumèh polatané kaja lagi ngrasakaké kabungahan geḍé, bareng tumenga manḍuwur, sing katon dudu epjané padaleman sutji utawa langit biru .... Stéfanus diparengaké njawang kamuljané Allah lan Jésus djumeneng ana ing tengené Allah.
Stéfanus njawang marang Gustiné sing djumeneng ana ing kamuljan, bungahing atiné ora kena kinira-kira, lali jèn lagi dirubung ing mungsuh, bebasan kinepung wakul binaja mangap, sing katon ana ing mripaté mung Gustiné sing ngasta pangadilan luhur lan bakal rawuh ngadili sarupaning tumitah. Ing kono pangutjapé Stéfanus: „Lah, aku ndeleng swarga menga lan Putrané manusa djumeneng ana ing tengené Allah.
Para imam lan para ulama paḍa ngrungu tembung mau .... Jésus Nasarani, sing paḍa disalib, apa saiki wis ana ing swarga lan malah djumeneng ing tengené Allah? Udjaré wong-wong mau: „Mokal!”, bandjur paḍa nguwuh-uwuh seru lan nutupi kupingé supaja adja nganti ngrungu djeneng Jésus manèh-manèh. Wusanané wong-wong mau regedeg madju bebarengan nubruk Stéfanus, bandjur diglanḍang kabuwang menjang sadjabané negara, arep dibenturi watu. Wong sing wani njenjamah marang Allah dalah pasutjené, iku kudu kaukum pati.
BARENG tekan ing sajabané negara, Stéfanus bandjur dibenturi watu. Wong-wong sing paḍa diopahi déning para imam, iku sing miwiti tumandang mbenturi. Stéfanus dikrutugi watu wong pirang-pirang, watuné geḍé-geḍé, ana sing ngenani sirah, ana sing ngenani ḍaḍa, awaké sakodjur biru èrem pating penjonjo, wekasané Stéfanus ambruk disuraki wong akèh, nanging tangané ngapurantjang, mripaté tumenga menḍuwur, njawang marang Gustiné, sing ora bakal nilar senadjan kinalang-kalang ing bebaja pati.
Ndeleng patrapé Stéfanus mengkono, saja munḍak wringuten tandangé wong Jahudi, para imam, para ulama, para wong Farisi lan para pinituwa, pada tjantjut lan tjutjul djubah, arep mèlu mbenturi watu.
Ing tjeḍak kono ana wong nonoman sing nampani djubahé para ulama mau, bandjur diprenahaké ing panggonan sing prajoga; rumangsané wong nonoman mau wis nindakaké darma-bekti, djalaran para ulama mau, lagi njirnakaké wong duraka sing wani njenjamah asmané Allah .... Wong mau aran Saul.
Stéfanus dikrutugi watu mengkono iku, polatané ora katon miris utawa nesu, ora béda karo Gusti Jésus nalika wis ngarepaké séda ana ing kaju salib, pasurjané ija ora katingal miris utawa duka.
Bareng wis ora kuwat nahan lara lan wis tjepak patiné, Stéfanus bandjur djèngkèng sarta nguwuh seru swarané: „Ḍuh Gusti Jésus, Tuwan mugi nampani njawa kawula.” Lan sadurungé ngadjal, Stéfanus isih nguwuh sepisan manèh: „Ḍuh Gusti, tijang punika mugi sampun Tuwan tempahaken dosa punika.” Sadjroné mundjuk mengkono bandjur ngadjal. Panguwuhé sing wekasan iku wudjuding pandongané Stéfanus tumrap mungsuhé sing ambek sija, kajadéné pandongané Gusti Jésus tumrap para mungsuhé.
Stéfanus wis mati, nanging para ulama sing wis paḍa lali, isih paḍa terus mbenturi watu, nganti watuné tumpuk unḍung nutupi awaké Stefanus. Kaja mengkono enggoné para ulama mau ngumbar hardaning nepsuné.
BARENG wis wajah soré .... Para imam lan para ulama lijané paḍa nglumpuk arep nggolongaké pikir. Saiki Stéfanus wis kelakon mati, nanging sirnané wong sidji baé durung tjukup. Wong-wong lijané, kajadéné sing disebut para rasul utawa para djuru pamulasara, lan kabeh baé sing paḍa ngaku dadi muridé Jesus Nasarani, iku ija kudu disirnakaké .... Jésus Nasarani dalah saraksaréngaté sing diwulangaké, iku kudu disirnakaké saka ing bumi. Para pangarepé wong Jahudi sing paḍa ngerti marang isining angger-angger, iku kang paḍa wadjib diturut piwulangé.
Anadéné Saul — wong nonoman sing dipasrahi ngrumati djubah, nalika Stéfanus dibenturi watu — njaguhi para ulama ngleksanani sing dadi karepé. Saul iku pantjèn muridé wong Farisi; miturut panganggepé, mbenturi watu wong kaja Stéfanus iku klebu panggawé [ 171 ]betjik lan mesṭi bakal katarimah ing ngarsané Allah. Saul geṭing banget karo Jésus Nasarani, lan dianggep mungsuhé. Enggoné arep nglairaké darma-bektine marang Allah jaiku sarana nindakaké panguja-uja marang golongané wong Kristen. Kasaguhané mau ditampani déning para imam klawan bungah.
Wiwit nalika semono golongané wong sing paḍa pratjaja lan nḍèrèk marang Gusti Jésus ngalami panguja-uja lan paninḍes kang banget.
BARENG wis wajah soré .... Ing sadjabaning negara ana wong lanang sawetara paḍa mbréngkali tumpukan watu sing ninḍihi lajoné Stéfanus. Bareng wis rampung enggoné ngulesi lajonė Stéfanus bandjur digotong menjang ing pakuburan, dipetak ana ing kono klawan ditangisi kang banget. Wong-wong mau paḍa mitrané Stéfanus, ija wong Kristen panunggalané para murid. Wong-wong mau paḍa katon seḍih djalaran kélangan mitra, nanging sadjatiné ija bungah .... Stéfanus, mitrané, enggoné ngadjal mawa patrap kang utama, jaiku ing sadjeroné nglakoni ajahané Gustiné, Stéfanus diparengaké mati sahid, jaiku mati neksèni Djuru Slameté, enggoné nganḍemi Gustiné nganti ditohi pati.
Ana ing endi saiki Stéfanus? ... Sing gumléṭak ana ing lemah kuṭah getih, iku mung badan waḍagé Stéfanus. Déné njawané wis sumengka menjang swarga, menjang ing kamuljan kang langgeng, sowan ana ing ngarsané Gustiné, sing dideleng saka ing bumi, nalika swarga binuka, katon tjeṭa djumeneng ana ing tengené Allah Sang Rama, kaja lagi nganti-anti pisowané abdi kang setya-tuhu.
Gusti Jésus wis naté ngandika marang para sekabat, mengkéné: „Ana ing donja kowé bakal paḍa nemu sangsara. Nanging paḍa ditatag. Aku iki wus ngalahaké donja ....”
Wong-wong mau paḍa tumenga menḍuwur, ngawasaké langit, ana ing kana dunungé swarga dalemé Gustiné kang asipat setya-tuhu, kang ora bakal nilar para kagungané.
Lan mripaté katon sumringah, nélakaké ajem lan tentrem ing atiné.
KATJARITA ana ing dalan sing sepi lan samun, dalan saka Jerusalèm ngliwati Hebron muḍun andjog ing Gaza, terusané ngener menjang ing tanah Mesir, ana ing dalan mau katon arak-arakané kafilah sing lakuné arep menjang tanah Mesir. Sing mlaku ing ngarep lan ing buri wong sabregada paḍa sikep gegaman kanggo ngwékani drigamaning dalan, déné sing ana ing tengah prijagung nitih kréta. Jèn ndeleng kréta dalah pangiringé, prijagung mau wong sugih lan kadjèn kéringan. Jèn nitik agem-agemané, prijagung mau dudu wong Jahudi utawa wong Rum. Pinangkané saka ing tanah Étiopi, prijagung punggawané Kandaké, ratu èstri bangsa Étiopi, kang dipitaja mengku radjabranané kabéh.
Nalika semono prijagung mau lagi baé kondur saka Jerusalèm. Enggoné tindak menjang Jerusalèm iku arep sembahjang ana ing padaleman sutji, saos pangabekti marang Allahé bangsa Israèl, murih olèha katentreman lan karahajon lair lan batin.
Djalaran prijagung mau, senadjan sugih singgih lan kadjèn kéringan ana ing negarané, atiné ora bisa ngrasakaké kaajeman lan katentreman, lan déwa sesembahané bangsané ora bisa gawé mareming atiné ....Saréhné kepéngin njatakaké pawarta sing wis dirungu bab kasekten lan pangwasané Allahé wong Israèl, mulané keraja-raja lunga saka ing negarané menjang Jerusalèm, ora ngètung adoh lan rekasané ana ing dalan, paḍa kaja lelakon pirang-pirang atus taun kepungkur nalika ratu èstri ing Sèba tindak menjang Jerusalèm nuwèni Sang Prabu Suleman.
Sakonduré saka Jerusalèm keprijé? .... Akèh sing ditingali lan akèh sing ditilingaké, nanging katentreman lan kaajemaning ati sing diudi, ora tinemu ing padaleman sutji utawa ing pasrawungané karo para ulama lan ahli kitab sing kalok kamursidan lan pangibadahé. Éwadéné sarèhné isih kentjeng pangudiné murih unḍaking sesurupané mungguh ing Allahé wong Israèl, prijagung Étiopi mau merlokaké munḍut kitab, kaampil kondur menjang ing tanahé .... Kitab mau kitab pameḍaré wangsit nabi Jesajah, wudjudé gulungan kitab sing ditulis nganggo tangan, mula larang regané, nanging prijagung mau ora ngéman ḍuwit, awit pantjén sugih.
Ing sasuwené nitih kréta, prijagung mau wiwit matja kitabé, djalaran kepéngin banget ngerti lan waruh marang Allah sing ditakokaké ana ing atiné. Nanging keprijé bisané arep ngerti surasaning kitab sing ditulis ing basa mantja lan isiné ngemot pameḍaré wangsit nabi ing djaman kuna? Kitab mau didjinggleng lan diwatja bola-bali, nanging meksa ora bisa njanḍak eliding pangandika sing katulis ana ing kono. Uniné mengkéné: „Kaja weḍus enggoné katuntun menjang ing pasembelèhan, lan kaja tjempé kang ora njuwara ana ing ngarepé kang mbaṭili, mengkono enggoné ora mbikak laṭi.”
Sapa sing ditjritakaké mengkono iku? .... Semuné nabi Jesajah ngandikakaké bab sawidjining prija sing kudu nanḍang sangsara krana bangsané, lan kudu njangga paukuman [ 172 ]sing beneré kudu dietrapaké marang bangsané mau .... Prija iku sapa?
Prijagung Étiopi mau mung gèḍèg-gèḍèg, pangandikané nabi mau ora béda karo tjangkriman sing ora kena dibatang!
Nalika putek nalaré njuraos isining kitab, dumadakan ana wong mlajoni mbarengi lakuning krétané, bandjur matur: „Pandjenengan punapa inggih mangertos ingkang pandjenengan waos punika?” Prijagung mau rada kaget déné ana wong kumawani matur pitakon, nanging ing atiné malah bungah, awit wong Israèl iki mesṭiné bisa maḍangaké prakara sing ndjuḍegaké pikiré, mulané énggal bandjur mangsuli: „Kadospundi anggèn kula saged, menawi boten wonten ingkang nuntun. Kula saged maos tembung-tembung punika, nanging kula boten saged ngertos suraosipun. Suwawi sampéjan minggah ing kréta ngriki, lan menawi kersa, kula mugi sampéjan paringi sesuluh, supados kula saged mangertos ḍateng suraosipun ingkang winados.” Wong Israèl mau bandjur munggah ing kréta lan lungguh djèdjèr karo prijagung sing pinangkané saka negara adoh.
WONG Israèl mau tilas sekabaté Gusti Jésus sing aran Filippus .... Nalika ing Jerusalèm wiwit ana panguja-uja kang banget marang pakumpulané wong Kristen, marga saka panggawéné para imam, ing kono wong-wong Kristen paḍa bujar pating slebar ngungsi menjang tlatahé tanah Judéa lan Samaria. Mengkono uga Filippus ontjat saka Jerusalèm menjang Samaria lan ana ing kono nerusaké enggoné ngabaraké Indjil, temahan akèh wong ing kuṭa Samaria paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus.
Ing sawidjining dina dumadakan Filippus karawuhan malaékaté Pangéran lan dipangandikani: „Ngadega, mangkata mengidul metu ing dalan kang saka ing Jerusalèm muḍun andjog ing Gaza, ing dalan kang samun.”
Filippus ngéstokaké ḍawuh, bandjur mangkat durung ngerti apa sing arep kelakon. Saiki ngerti apa nalaré kautus buḍal menjang panggonan sing adoh. Saiki Filippus ngerti, bareng wis lungguh djèdjèr karo prijagung negara mantja, sing asalé saka bangsa kapir, nanging sing atiné kapéngin nggajuh prakara sing adiluhung, sing ngungkuli adjiné panembah marang brahala lan déwa.
Filippus rumangsa begdja banget déné diatag munggah ing kréta. Saiki Filippus bisa nindakaké ajahané sing mulja, jaiku njritakaké bab kawontenané Sang Djuru Slamet marang pepaḍané.
Prijagung Étiopi mau banget enggoné nggatékaké marang anḍarané Filippus. Dadi sing disebut ana ing kitabé nabi Jesajah kaja déné weḍus katuntun menjang ing pasembelèhan, iku Gusti Jésus, sing nanḍang sangsara lan séda, njulihi para manusa enggoné paḍa kudu nanḍang paukuman karana dosané, lan ngolèhaké karahajon langgeng marang angger wong sing pratjaja marang Pandjenengané ....
Prakara sing wigati mau didjlèntréhaké Filippus nganti tapis lan tlesih, kagawa saka mantep lan setya-tuhuné marang Gustiné.
Prijagung mau rumangsa bungah lan marem déné bisa ngerti surasaning kitab lan suwe-suwé atiné tuwuh krekaté sing durung tau timbul ing mauné .... lan marga saka iku atiné ija ketuwuhan rasa bungah.
Sasuwéné paḍa ngladjengaké tindak, bandjur mrangguli panggonan banju. Sanalika prijagung mau bandjur ngandika: „Lah punika wonten toja. Kula ugi kepengin nḍérek Gusti Jésus. Punapa wonten pambenganipun enggèn kula baḍé kabaptis?”
Aturé Filippus: „Kersa pandjenengan punika prajogi sanget. Boten wonten pambengan punapa-punapa, waton pandjenengan pitados ingkang terus ing galih, inggih kelilan kabaptis. Ing kono wangsulané prijagung tanpa mangu-mangu: „Kula pitados bilih Jésus Kristus punika Putranipun Allah”.
KRÉTANÉ tumuli dianḍegaké. Prijagung karo Filippus bandjur paḍa meḍun ing banju lan ana ing kono prijagung mau bandjur kelakon dibaptis, temah mandjing muridé Gusti Jésus, lan atiné bisa nggajuh katentreman langgeng. Prijagung mau, saupama bisaa, kepengin ngadjak Filippus menjang ing negarané, arep disowanaké ing ngarsané ratu gustiné, nanging durung nganti didjawab, Filippus wis musna saka ing pandeleng. Prijagung mau bandjur ngladjengaké tindaké klawan bungah. Sing diupaja, saiki wis ketemu; enggoné tindak adoh menjang Jerusalèm, sing wiwitané dikira ora ana paédahé, saiki djebul ngolèhaké kabungahan lan kabegdjan sing ora kena dikerta-adji nganggo banḍa kadonjan.
ING sabandjuré ora ana wong sing ngerti keprijé kabaré prijagung mau sakonduré ing negarané. Nanging wong sing bisa olèh kabegdjan semono geḍéné, ora bakal meneng baé!
Nalika Stéfanus ambruk lan pegat njawa, Saul mèlu njuraki; ing batin bungah lan njukuraké, djenèh wong iku pratjaja marang Jésus Nasarani, lan wong panunggalané kuduné ija dipatrapi kaja mengkono uga ....
Nalika para imam paḍa nggolongaké rembug arep numpes sakèhé wong Kristen, Saul saguh njumbangaké tenagané ngréwangi numpes golongan anjar mau, lan djandjiné mau ditetepi temenan. Saul iku pantjèn wong temen lan antepan, jèn wis saguh, ora tau mbléndjani.
WIS kepara suwé Saul manggon ing Jerusalèm meguru marang golongané wong Farisi sing wis kalok kawasisané; sarak lan saréngaté agama Jahudi wis chatam kabèh uni lan isiné. Pangarep-arepé ing tembé bisaa dadi wong Farisi kajadéné guru-guruné, mursid lan ngibadah, mung tansah netepi apa sing wis kasebut ana ing angger-angger. Ing satemené Saul kepéngin dadi abdiné Allah, awit ḍasaring atine pantjèn sumujud marang Allah, lan ngabekti klawan gumolonging atiné. Enggoné masrahaké djiwa-ragané numpes golongan anjar mau mung tumudju marang kaluhurané Allah ....
Miturut panganggepé Saul, para rasul lan murid-muridé kabèh, dalah guruné pisan, jaiku Jésus Nasarani, iku kabèh paḍa njenjamah asmané Allah, dadi satruné Allah. Mulané wis pantes lan bener jèn wong-wong iku kudu dikuja-kuja lan didadèkake bebandan lan dipatèni. Saul saguh njirnakaké golongané wong-wong mau, ing saben wajah lan ing saenggon-enggon, nganti wong mau paḍa tumpes tapis tekan tjinḍilé abang.
Sedyané Saul sing mengkono iku ora mung kagawa saka bektine marang Allah ....
Pamurihé supaja bisaa oleh gandjaran katentreman tumrap batiné ḍéwé. Saul kena disebut wong pinter keblinger! Apa katentreman batin bisa digajuh sarana nindakaké pangroda-peksa? ....
KOTJAPA, ing dalan geḍé sing saka Jerusalèm nratas ara-ara samun andjog ing Damaskus, kuṭa-kradjané tanah Siria, ana pradjurit djaranan sabregada mlaku ngener menjang Damaskus. Sing nunggang djaran ing tengah Saul, tetinḍihe pradjurit, isih enom, tur kendel lan kebak kawanteran. Ing batin wis ngedjibaké jèn mulihé saka Damaskus bakal nggawa banḍangan lan bebandan wong Kristen, lanang lan wadon, paḍa diḍabjang menjang Jerusalèm kaladèkaké marang para imam. Polatané katon sumringah gambira, atiné tatag lan mantep, djalaran wis nganṭongi lajang pangwasa ngobrak-abrik padunungané satru .... Saul enggoné buḍal menjang Damaskus djalaran ngerti jèn para muridé Jésus Nasarani akèh sing paḍa ngungsi mrana. Wong-wong mau sing paḍa ditututi arep diḍabjang dadi bebandan menjang Jerusalèm. Panggawé sing utama iki bakal sumaos minangka kaluhurané Allah pepunḍèné, mengkono gagasané Saul.
KUṬA Damaskus dumunung ing sadjabané tanah Jahudi, adoh saka Jerusalèm, nanging ing kana uga wis akèh wong sing paḍa wanuh lan pratjaja marang Gusti Jésus lan paḍa dadi kagungané. Marga saka pangantjam-antjam lan panguja-ujané para imam, akèh wong Kristen ing Jerusalèm sing dipatèni, sing mrutjut saka tangané para imam paḍa ngungsi pating slebar menjang tanah mantja. Ora béda karo kaanan ing alam djembar: samangsa patamanan katempuh ing angin geḍé, akèh wit-witan sing rubuh, pang-pang sempal, gegoḍongan lan woh-wohan kabuntjang katut ing angin. Akèh wit-witan sing rusak, nanging ana ing ngendi tibané woh-wohan, ana ing kono widjiné ija bandjur ṭukul, bandjur nuwuhaké wit anjar sing ing tembé bakal metokaké woh, malah terkaḍang tibaning widji mau ana ing panggonan sing ora kanjana-njana .... Mengkono uga panguja-ujané para imam ing Jerusalèm tumrapé wong Kristen, ndjalari golongan anjar mau bujar sumebar mratani ing satanah kabèh, lan ana ing panggonan endi baé sing ditekani wong mau paḍa nggelaraké pangandikane Indjil. Kaja mengkono mula bukané ing Damaskus, senadjan kuṭané bangsa kapir, tinemu akèh wongé Jahudi sing paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus.
Kadadéjan sing mengkono mau ndjalari sangsaja wuwuh muntab nepsuné para imam ing Jerusalèm .... Kebeneran banget déné bisa olèh wong kaja Saul sing kena dipitaja ngrampungi gawé. Saul ambeké muntab enggoné ngantjam-antjam lan mematèni para muridé Gusti. Kuṭa-kuṭa ing wilajah kono diubres nganti tapis. Lan wekasané bandjur séba marang imam agung, njuwun lajang pangwasa menjang ing masdjid-masdjid Damaskus nggolèki sing paḍa ngungsi mrana. Tjiptaning atiné, wis mesti ora ana wong Kristen sidji baé sing bakal bisa mrutjut saka ing tangané.
Bareng wis olèh lajang pangwasa, Saul bandjur buḍal. Para pangarepé wong Jahudi lan para wong Farisi, jèn dituduhi lajang mau, wis mesṭi bakal paḍa ngréwangi Saul ngubres wong-wong sing mèlu dadi wargané golongan anjar, lan seḍéla baé .... bebasan suwé midjet wohing ranti. [ 176 ]
Lakuné Saul wis ora adoh manèh saka kuṭa Damaskus, saka kadohan katon putih keṭap-keṭap. Lakuné digelak daja-daja énggal tekan ing kuṭa, lan mesṭi ora bakal mlèsèt saka peṭèké, mulihé saka kana bakal nggawa banḍangan lan bebandan akèh, apadéné atiné bakal ngrasakaké ajem lan tentrem, déné bisa ngundjukaké darma-bekti semono geḍéné marang Allahé ....
NANGING sasuwéné mlaku, dumadakan bareng wis tjeḍak ing Damaskus, Saul dalah kanṭiné katjlérétan ing tjahja saka ing langit. Marga saka kagèté Saul niba ing bumi, mripaté merem awit ora tahan ndeleng pepaḍang sing nggegirisi, tangané kumlawé kaja-kaja arep nangkis sing nempuh awaké .... Ing kono bandjur ana swara, pinangkané saka ing langit, mangandikani Saul mengkéné: „Saul, Saul, jagéné teka sira nguja-uja marang Ingsun?” Sapa sing ngandika mengkono iku? Sapa sing rawuh mawa tjahja gumebjar? Kakendelan lan gambirané Saul larud sanalika, bandjur mundjuk: „Tuwan punika sinten, Gusti?” Ing kono Saul bandjur kaparingan wangsulan, tjeṭa pangrunguné Saul, pangandikané swara mau: „Ingsun iki Jésus kang sira kuja-kuja. Rekasa sira njépak angkus!” Awaké sakodjur gumeter tanpa daja. Sing ngandika iku Jésus Nasarani! Apa njata Pandjenengané iku pinarak ana ing swarga, ana ing langit ḍuwur, kaja sing dikanḍakaké Stéfanus nalika semana? .... Jèn mengkono rak tjilaka awaké! Saiki Saul wis dipeṭukaké satruné sing diintjim-intjim, mangka Saul rumangsa jèn wis kasoran daja prabawa. Atiné wedi banget kaworan getun, déné kumawani ngajoni marang Jésus Nasarani sing kagungan pangwasa mengku swarga lan bumi, mulané undjuké kaja patrapé wong sing pasrah pati-urip, mengkéné: „Gusti kawula Tuwan karsakaken nglampahi punapa?” Pangandikané Gusti Jésus: „Ngadega, lumebua ing negara, nuli sira bakal diḍawuhi apa kang perlu sira lakoni.” Sawisé mengkono, tjahja mau ilang, lan swarané ora keprungu manèh. Wong-wong kanṭiné Saul mung paḍa ndjenger, marga ija ngrungu swara, nanging ora weruh sapa-sapaa. Saul bandjur ngadeg manèh, gragap-gragap kaja wong pitjak, senadjan mripaté melèk, nanging ora katon apa-apa. Bandjur dikanṭi tangané déning wong kanṭine, katuntun menjang ing Damaskus. Ana ing kana Saul bandjur monḍok ing omahé tepungané. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar, mripaté adjeg ora bisa ndedeleng, lan nglakoni tirakat ora mangan ora ngombé .... Perluné sing wigati [ 177 ]enggoné teka ing Damaskus wis ora dipikir, maneh, lajang pangwasa saka imam agung saiki wis tanpa teges, sedyané enggoné arep ngglanḍang wong-wong Kristen saka Damaskus menjang Jerusalèm, larud kaja kukus kabur ing angin, mengkono uga rasa sengit lan geṭing wis sirna saka ing atiné. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar. Djagad ing sakiwa-tengené ora katon ana ing mripate. Saul wis ora bisa ndeleng apa-apa sing ana ing djaba, nanging malah sangsaja tjeṭa enggoné ngungak ing sadjroning atiné sing kebak piala .... Saiki Saul mung bisa njenjuwun lan ndedonga, ngèling-èling sing wis kelakon lan ngangen-angen apa sing arep dilakoni. Atiné banget enggoné gegetun, déné lakuné kesasar adoh saka ing dalan sing bener, mulané sing disesuwun rina lan wengi muga kaparingana pangapura ing atasé sakèhing kaluputané.
Lan nalika semono sadjroning wahju Saul weruh ana wong tuwa mlebu ing kamaré, bandjur numpangi tangan, temahan bisa ndeleng manèh .... Nanging iku mung wahju dadi katoné kaja ing sadjroné ngimpi, éwadéné kena diarani sasmita peparingé Gusti Jésus djalaran bareng wis olèh telung dina enggoné mempen ana ing kamar, Saul kaḍajohan wong tuwa temenan.... Wong mau aran Ananias, kalebu muridé Gusti Jésus sing setya. Tekané mrono ḍasar kautus déning Gustiné, ḍawuhé Gusti ing sadjroné wahju: „Ngadega, menjanga ing lurung kang aran Lurung Kentjeng, ana ing omahé Judas takokna wong kang djeneng Saul, wong ing Tarsus, awit wong iku lagi ndedonga.”
Ananias bandjur mangkat ngéstokaké ḍawuh. Wiwitané Ananias kuwatir banget, djalaran wis ngrungu warta jèn Saul iku wong sing nguja-uja para kagungané Gusti Jésus, nanging bareng diparingi pirsa mungguh karsané Gusti ingatasé Saul mau, was sumelanging atiné sirna sanalika.
Ananias bandjur mlebu ing kamar panggonané Saul; sawisé ditumpangi tangan, Saul bandjur dipituturi: „Saul, sedulur, aku diutus déning Gusti, ija Jésus kang ngetingal marang kowé ana ing dalan kang mentas koambah, supaja kowé bisaa ndeleng manèh lan kapandjingana Roh Sutji.” Lan sakal ana kang rupané kaja sisik runtuh saka mripaté, bandjur bisa ndeleng manèh, bisa njawang Ananias, utusané Gusti Jésus, bisa weruh paḍangé srengéngé, bisa tumenga menjang langit pinangkané tjahja sing mblerengi mripaté, ija padalemané Jésus Nasarani, sing saiki disebut Gusti lan Djuru Slameté. Saiki atiné wis kapenuhan ing katentreman sing tansah diupaja klawan ngetog kakuwatan. Satruné Gusti Jésus sing saguh numpes para kagungané, saiki wis ditelukaké, malah didadèkaké murid sing setya-tuhu, — langgeng tumeka ing delahan.
Nalika iku uga Saul bandjur kabaptis.
KATJARITA, ora antara lawas, pinudju wajah wengi, nalika kuṭa Damaskus wis sepi njenjet ora ana kumliweré wong liwat, ing sawidjining omah sing dumunung ing saḍuwuring baluwarti, ana klesak-klesiké wong sawetara paḍa nanḍangi pagawéan sing njalawadi; djenḍéla sing ngungak ing sadjabané baluwarti wis dibukak, saka ing kono ana brondjong geḍé diuḍunaké alon-alon nganti tekan ing lemah. Bareng wong sing ana ing brondjong mau wis muḍun, brondjongé bandjur diunggahaké manèh, lan djenḍélané dikantjing. Wong sing diuḍunaké nganggo brondjong mau .... Saul!
Mangkaté menjang Damaskus dadi tetinḍihe wong sikep gegaman sabregada, nanging enggoné ninggal kuṭa Damaskus kajadéné wong minggat.
Keprijé nalaré dadi mengkono?
Kotjapa para wong Farisi sing paḍa manggon ing Damaskus, ngrungu warta, jèn Saul, sing dadi agul-agulé para imam pinitaja njirnakaké sakèhé para muridé Jésus Nasarani, saiki djebul malah teluk lan katut marang pihak satru, kabaré wis dibaptis lan mandjing dadi panunggalané wong Kristen, malah memulang ana ing masdjid jèn Jésus Nasarani iku kang djumeneng Putrané Allah, ija kang djumeneng Sang Mesih. Bareng mengkono kadadéjané, wis mesṭi baé golongané para wong Farisi nepsu banget lan ngantjam-antjam arep njirnakaké Saul. Rina-wengi wong-wong mau paḍa ndjagani lawang sekèṭèng, supaja Saul adja nganti bisa ontjat saka Damaskus, temah gampang disirnakaké. Saul wis tjidra ing djandji lan mbléndjani kasaguhané, mulané kudu disirnakaké! Saul kudu dipatèni!
Nanging marga saka rékadajané para murid lan wong Kristen panunggalané, Saul bisa ontjat saka ing bebaja, metu saka kuṭa Damaskus klawan slamet.
Saul pinidji déning Gusti, dikersakaké dadi Rasul. Saiki Saul durung ngerti bubuhan apa sing diparingaké Gusti ana ing punḍaké. Sing wis tjeṭa saiki jaiku jèn atiné bisa ngrasakake katentreman lan kaajeman, lan peparing sing wis ditampa ana ing atiné iku bakal ditularaké marang angger wong sing gelem nampani ... Bokmenawa isih akeh wong sing kliru pamawasé marang Gusti Jésus, kajadéné Saul ḍéwé bijèn nalika atiné kebak pangantjam-antjam marang para muridé Jésus Nasarani. Saiki Saul arep martakaké marang djagad bab geḍéning sih katresnané Gusti Jésus nganti [ 178 ]kepareng njawisi pangapura tumrap wong dosa.
LAN nalika wajah bengi iku Saul, sawisé ninggal kuṭa Damaskus, bandjur bablas lakuné ora nganti konangan déning satruné. Senadjan katoné kaja wong inggatan, éwadené atiné wis pulih gambira lan kendelé, djalaran arep ngajati pagawéan anjar sing luwih déning mulja, apadéné ora duwé was sumelang djalaran jakin, jèn sedyané mengkono mau mesṭi bakal kaleksanan.
Jésus, Sang Mesih pijambak, kang bakal nganṭi lan nunggil abdi pilihané ing salawasé uripe.
KATJARITA, nalika semono Pétrus rawuh ing désa Lidda, ora adoh saka palabuhan Joppé.
Petrus! .... Ḍawuhé Gusti Jésus marang Pétrus sing wekasan nalika wajah ésuk ing pinggiré segara Tibérias, sing dipangandikakaké nganti ambal ping telu, tansah tjumaṭet ana ing atiné. Salawasé urip Pétrus ora bakal bisa lali jèn wanti-wanti ḍawuhé Gustiné mengkéné: „Angona para weḍusku!”
Pétrus rumangsa katimbalan lan kabubuhan martakaké marang djagad bab kaluhuran lan kamuljané Gusti Jésus, apadéné nggelaraké Indjil, jaiku kabar kabungahan bab pangapuraning dosa lantaran sih katresnané Gusti Jésus.
Awit saka iku Pétrus ndjadjah ing saenggon-enggon klawan memulang marang wong akèh. Wong sing paḍa nampani piwulang lan mandjing pratjaja saben dina tansah munḍak akèh, lan paḍa kaparingan panglipur déning Roh Sutji.
Mengkono mau Pétrus rawuh ing désa Lidda.
ING djagad tansah ana prihatin lan pananḍang, dalah désa sing tjilik pisan kajadéné Lidda, ija diambah ing susah lan sangsara.
Ing désa mau Pétrus mrangguli wong sing wis wolung taun ngaṭang-aṭang ana ing paturon marga lara sèmpèr. Wong mau aran Énéas.
Bareng mirsa wong mau, Pétrus rentah welasé, nanging ija rumangsa begdja déné bakal bisa njuwunaké pitulungan.
Gusti Jésus, ija Gusti pepunḍèné, rak kagungan pangwasa ngasoraké lelara lan pati, djumeneng ratuning urip. Mangka Pandjenengané mesṭi dangan paring pitulungan. Wong mau bandjur diḍawuhi déning Pétrus: „Énéas, Jésus Sang Kristus malujakaké kowé. Tangia lan tatanen paturonmu.”
Sanalika Énéas krasa jèn awaké sing djempo kalebon daja kakuwatan sing élok, bandjur ngadeg njat.
Wong akèh paḍa kaéraman weruh kaèlokan semono geḍéné. Énéas sing tansah katon ngaṭang-aṭang tanpa daja, saiki mloka-mlaku kaja-kaja mamèraké enggoné wis nampani kalubèraning sih lan pangwasané Gusti Jésus.
Wong sing paḍa ndeleng ḍéwé utawa ngrungu wartané bab prakara mau, bandjur paḍa mratobat marang Gusti Jésus.
Saiki Pétrus nglakoni dadi pangon-ngengon weḍuse Gustine!
ANA lelakon lijané manèh sing luwih ngéram-éramaké.
Ing Joppé ana murid wadon aran Tabita, wong ranḍa lan wis tuwa. Tabita, utawa jèn salin tembung: Ḍorkas, akèh banget kabetjikané lan danané. Akèh banget pitulungané marang wong sing paḍa mlarat lan katjingkrangan uripé; sapa baé sing teka ndjaluk tulung, ora bakal mulih legèh. Barang darbèké kabèh pantjèn disaḍijakaké kanggo nulungi wong panunggalané; ora lèrèn-lèrèn enggoné nenun lan ngantih lan ndondomi kotang lan klambi kanggo wong sing paḍa ora duwé sanḍangan. Uripé mung tansah tjumaḍang marang panggawé betjik.
Enggoné tumindak mengkono kagawa saka enggoné rumangsa wis kapotangan kabetjikan marang Gusti Jésus, sing kepareng maringi katentreman ing atiné lan kabegdjan sing tanpa timbang geḍéné ing alam donja.
Tabita ora ngetung sajah lan kesel, iplik enggoné wira-wiri tetulung lan nglelipur.
Nanging — bawané wong wis tuwa, baḍané wis lemes, gampang ketjanḍak ing lara, temahan marga lara seḍéla, Tabita bandjur mati.
Tumrap Tabita ḍéwé, pati iku dudu prakara sing njeḍihaké, nanging malah mbungahakė, awit Tabita ngerti jèn Gusti Jésus wis tau ḍawuh mengkéné: „Ing dalemé Ramakku akèh panggonané. Aku lunga njawisi papan marang kowe.”
Nanging wong-wong sing paḍa ditinggal, sing mlarat lan katjingkrangan, wong ranḍa lan botjah lola ...., bareng ditinggal Tabita, rasané kaja ditinggal ibuné ḍéwé sing tansah gumati enggoné ngrumati. Wong-wong mau paḍa ngumpul ana ing omahé Tabita perlu arep nglajat lan nangisi Tabita. Lajoné sawisé diedusi bandjur diturokaké ana ing kamar ing geḍong panggung, direrampa ing wong akèh.
Ana sawenèhing wong sing krungu kabar [ 179 ]jèn Pétrus pinudju ana ing désa Lidda, dadi ora adoh saka Joppé, mulané bandjur kongkonan wong loro perlu ngaturi priksa marang Pétrus lan njuwun supaja énggal ngrawuhi.
Pétrus sanalika biḍal saka Lidda kaḍèrèkaké kongkonan mau. Sarawuhé ing omahé Tabita, bandjur dipeṭukaké ing wong-wong sing ana ing kono, dirubung déning ranḍa-ranḍa sing paḍa nangis lan ngaturi ningali kotang lan klambi enggoné nggawèkaké Tabita nalika isih urip. Pétrus bandjur diirid menjang geḍong panggung. Ing kono Pétrus ḍawuh supaja wong kabéh paḍa metu saka ing kamar. Pétrus njawang lajoné Tabita, bandjur kèngetan Gustiné kang djumeneng Gustining urip lan pati, mulané bandjur djèngkèng ndedonga, keparenga nedahaké kamuljan lan katresnané Gusti Djuru Slameté marang wong akeh, supaja paḍa pratjajaa marang Pandjenengané. Sawisé ndedonga, Pétrus bandjur minger ngaḍepaké lajon sarta ngandika: „Tabita, tangia!” Kang mati diḍawuhi mengkono iku bandjur melèk, lan bareng ndeleng Pétrus, bandjur djenggèlèk tangi, wis pulih urip lan waras manèh.
Tabita bandjur ditjanḍak tangané lan diadegaké. Wong-wong sing ngentèni ing sadjabaning kamar bandjur ditimbali lan ditedahi Tabita. Kabèh paḍa tjingak, udjaré: „Tabita .... urip manèh!”
LELAKON iku sanalika kawentar ing Joppé lan wilajah sakiwa-tengené, wong ing kono kabèh ora uwis-uwis enggoné paḍa nggunem kaélokan sing ditindakaké déning rasul Pétrus. Iku mau kabèh ndjalari akèh wong sing paḍa pratjaja marang Gusti Jésus lan paḍa ngluhurake sih kamirahané Allah.
Pétrus kèndel ana ing Joppé nganti wetara lawas, monḍok ana ing omahé Simon tukang kamus.
KUṬA Késarea kalebu kuṭa ramé, dumunung ing sapinggir segara; bareng wis didjadjah pradja Rum, kuṭa mau bandjur diedjègi wadyabala Rum, sing katanggenah ndjaga tata-tentreming negara.
Katjarita ing Késaréa mau ana sawidjining panatus pradjurit bangsa Rum, aran Kornélius. Kajadéné pradjurit Rum lija-lijané, Kornélius mau ija panunggalané wong kapir. Sing akèh-akèh bangsa kapir paḍa ngina lan njepèlèkaké marang agamané wong Jahudi, mung seṭiṭik banget tjatjahé wong Rum sing gelem njembah marang Allahé bangsa Jahudi. Mengkono uga Kornélius dalah sabrajaté kabèh wis sawetara suwé enggoné ngabekti marang Allah kang sedjati. Kornélius wis rumangsa jèn ora bisa olèh katentremaning ati lantaran para déwané, mulané bandjur ngungsi marang Allahé bangsa Israèl, senadjan mripaté ora bisa njawang, nanging atiné wis maḍep lan mantep pangandelé marang Allah sing ora kasat mripat mau. Ora tau lowong saben dina Kornélius ndedonga lan njenjuwun marang Allah, muga kepareng maringi katentreman batin lan njingkirna was sumelang saka ing atiné. Kadjaba saka iku Kornélius uga wis kawéntar enggoné ḍemen tetulung lan awèh dana marang wong sing paḍa nanḍang katjingkrangan. Kornélius mau tjeṭa jèn wong mursid lair batin.
Derenging atiné pradjurit Rum iki supaja bisa katarimah pangabdiné marang Allah kang sedjati ngluwihi kerkating atiné wong Israèl sing akèh-akèh, sing wis kawentar ngibadah.
KATJARITA ing sawidjining dina wajah awan kira-kira djam telu, nalika Kornélius pinudju ana ing kamaré ḍéwé lagi sembahjang, dumadakan karawuhan malaékaté Allah, pangagemané gumilap, bandjur dipangandikani: „Kornélius.” Kornélius kaget, bandjur mandeng marang malaékat mau klawan wedi banget, undjuké: „Wonten punapa Tuwan?”
Pangandikané malaékat: „Pandongamu lan danamu wus paḍa sumengka marang ngarsané Allah dadi pangènget-ènget. Kang iku kowé kongkonana wong menjang ing Joppé, aturana mréné Simon kang peparab Pétrus. Pamonḍokané ana ing omahé Simon tukang kamus, kang ana ing pinggir segara. Iku kang bakal nuturi kowé apa kang perlu kolakoni.”
Sawisé ngandika mengkono mau, malaékat bandjur musna. Kornélius kari idjèn, atiné isih nganḍut wedi, nanging rumangsa begdja banget, djalaran dipangandikani: „Pandongamu lan danamu wus paḍa sumengka marang ngarsané Allah dadi pangènget-ènget.” Iku paḍa baé tegesé karo: Gusti Allah wis kepareng narimah pandonga lan danamu!”
Pandonga sing diutjapaké lirih-lirih, sing dibisikaké, malah sok mung dibatin sadjroning atiné, panjuwunané mau kabèh wis kapijarsa déning Allah lan katarimah. O, iba begdjane!
Kornélius bandjur énggal-énggal ngundang baturé loro lan pradjurit sidji sing mursid; wong telu mau paḍa dadi panunggalané enggoné ora towong ngabekti marang Allah. Sawisé ditjritani sagantjaré, bandjur dikongkon menjang ing Joppé ....
Wong telu mau bandjur mangkat gegantjangan metu ing dalan urut pasisir saka Késaréa menjang Joppé, ing sadalan-dalan disambi [ 180 ]rerasan bab kaélokan sing dialami bendarané, déné karawuhan malaékaté Allah.
Déné Kornélius keprijé? .... Ora mung ṭenguk-ṭenguk ngenténi baliné kongkonané, nanging bandjur njuruhi sanak seduluré lan pawong mitrane, paḍa diklumpukaké lan ditjritani wahju sing mentas dideleng lan apa sing dipangandikakaké déning malaékat. Kornélius bandjur duwe panembung marang para tamuné mengkéné: „Para seḍèrèk, kinten-kinten tigang dinten malih kèngkènan kula mesṭinipun sampun mantuk sareng kalijan rasul Pétrus; pramila para seḍèrèk sami kula aturi nglempak malih wonten ing grija kula ngriki, perlu mirengaken ḍawuhipun Gusti Allah ingkang lantaran abdinipun.”
Panemuné Kornélius mengkéné: „Kabungahan sing daktampa iku ora mung kanggo aku ḍéwé, nanging ija kanggo wong kabèh sing paḍa ngabekti marang Allah.”
ÉSUKÉ, ing omahé Simon tukang kamus, sing ana ing pinggir segara, Pétrus minggah ing lotèng perlu ndedonga. Apa sing kelakon winginé ana ing omahé Kornélius, Petrus ora ngerti apa-apa.
Wajahé pinudju wajah beḍug awan, wajahé bangsa Jahudi paḍa ndedonga marang Gusti Allah.
Nalika semono Pétrus wis sawetara mangsa tindak saka Jerusalèm, nggelaraké Indjil ing désa-désa sakiwa-tengené Joppé, lan pamonḍokané ana ing Joppé ana ing omahé Simon tukang kamus. Marga saka piwulangé rasul Pétrus akèh wong sing mandjing pratjaja marang Gusti Jésus. Déné wong-wong sing paḍa nampani wulangané Pétrus iku kabèh kalebu bangsa Jahudi, dadi, wong-wong tunggal bangsa karo Pétrus, Stéfanus lan Saul. Wong kapir utawa wong lijan bangsa, sing ora kalebu umat Israèl, paḍa ora dirungoni bab pawarta kabungahan mau, malah dipikir baé ora.
Pétrus djèngkèng kaja adaté jèn ndedonga. Sarampungé ndedonga, arep muḍun manèh bandjur ḍahar, awit wis kraos luwé.
Sasuwéné Pétrus djèngkèng ndedonga, tumuli santun paningalé, kaja-kaja ningali langit pijak, lan ana rerupan katoné kaja ana lawon amba katalènan pontjoté papat tumurun saka ing langit, diuluri muḍun tekan ing bumi ing ngarsané Pétrus. Ing djero lawon mau katon ana kéwan warna-warna, kéwan darat sikil papat, buron alas lan kéwan rumangkang, apadéné manuk ing awang-awang, kéwan sing kalal lan sing karam diwor dadi sidji .... Apa ta karepé tetingalan sing mengkono iku?
Ing kono bandjur ana swara sing nḍawuhi: „Pétrus ngadega, njembelèha lan mangana!”
Panggalihe Petrus mengkéne: „Njembelèh lan mangan? Apa kelilan aku njembelèh kéwan iku?” Kewan sing ana ing djero lawon mau ana sing kalal lan ana sing karam, nanging awor dadi sidji, mulané sing kalal ketularan dadi karam, mesṭi ora kelilan dipangan wong Israèl.
Undjuké Pétrus: „Boten pisan-pisan, Gusti, awit kawula dèrèng naté neḍa saḍèngah punapa ingkang makruh utawi nadjis.” Swara mau bandjur nḍawuhi manèh: „Apa kang wus karesikaké déning Allah, iku sira adja ngarani makruh.” Swara mau nḍawuhaké pangandika nganti rambah ping telu, wosé supaja Pétrus ngertia, jèn ora kepareng ngarani makruh utawa nadjis apa sing wis diresikaké déning Allah. Sawisé mengkono rerupan lawon mau bandjur kaunggahaké manèh marang langit.
Pétrus tumenga ngawasaké menḍuwur, langité katon sumilak resik, nanging rerupan lawon ora katon, lan swarané wis ora ngandika manèh. Pétrus banget kuwur galihé, ora bisa njanḍak apa baja tegesé wahju sing ditingali iku mau. Nanging sing wis tjeṭa tumrapé Pétrus jaiku: swara lan rerupan mau pinangkané saka ing swarga, mengku pepéling sing wigati. Nanging pepéling apa? Apa saiki Pétrus wis kelilan mangan pangan sing mauné dianggep nadjis utawa karam? Apa mengkono kersané swara sing paring ḍawuh mau? Wah, mokal jèn mengkonoa! Nanging jèn ora, gèk apa tegesé pangandika lan rerupan mau?
KOTJAPA nalika Pétrus lagi kuwur galihé, ing ngarep régolé omah ana wong tjeluk-tjeluk arep ketemu karo wong sing asma Simon sing peparab Pétrus. Petrus diwisik Roh jèn ana wong telu sing paḍa arep ketemu, lan Pétrus kaḍawuhan nemoni lan mèlu wong mau. Wong telu sing teka ing kono iku kongkonané Kornélius.
Pétrus bandjur tumeḍak lan manggihi kongkonan mau, pangandikané: „Lah aku wonge kang kogolèki. Enggonmu paḍa mréné perlune apa?”
Kongkonan mau bandjur paḍa matur jèn kautus lurahé ngaturi Pétrus rawuh ing Késaréa, djalaran Kornélius, lurahé mau, kaparingan wangsité Allah lantaran malaékat, kakarsakaké mirengake pangandika sing bakal kalantaraké déning Petrus, samangsa wis rawuh ana ing omahé .... Pétrus ngungun banget miḍanget pratélané kongkonan mau. Apa Gusti Allah ngersakaké supaja abdine marani Kornélius, wong kapir, lan memulang ana ing ngarepé wong kapir bab Gusti Jésus, Sang Mesih, Putrane Allah? Allah iku rak mung Allahé Israèl, bangsa kang pinilih. [ 181 ]dudu Allahé bangsa kapir, bangsa kang nadjis, ora beda karo kéwan sing nadjis sing ora kelilan dipangan? ....
Ing kono Pétrus sanalika kélingan lan njanḍak marang tegesé ibarat sing awudjud rerupan lawon lan kéwan warna-warna. Isih tjeṭa pangrunguné ḍawuh sing nganti rambah ping telu: „Apa kang wus karesikaké déning Allah, iku sira adja ngarani makruh!” .... Saiki Pétrus ngerti jèn ora kelilan nganggep wong kapir dadi pepaḍané asu, kéwan sing nadjis. Wis dadi kersané Allah, jèn wong kapir uga kepareng nampani pawarta bab Indjil, awit wis karesikaké déning Allah pijambak, lan tekané kongkonan mau djalaran kautus déning Allah .... Saiki Pétrus wis ora mangu-mangu manèh. Sing mauné samar-samar tumrap Pétrus, saiki wis dadi gamblang. Wangsulané Pétrus: „Ija betjik. Aku arep mrana bareng lan salakumu.”
ÉSUKÉ Pétrus mangkat mbarengi lakuné kongkonan, apadéné diḍèrèkaké sadulur ing Joppé sawetara. Ésuké manèh tindaké wis tekan ing Késaréa, ndjudjug ing omahé Kornélius. Ing kono wis ana wong paḍa nganti-anti rawuhé Pétrus, jaiku sanak sedulur lan pawong mitrané Kornélius sing raket.
Kotjapa bareng Pétrus mlebu ing omah, Kornélius bandjur meṭukaké kambi sumungkem sudjud ing ngarsané. Nanging Pétrus enggal njanḍak tangané, ora pareng sudjud, pangandikané: „Sampejan djumeneng, kula pijambak inggih sami manusa, sampun pisan-pisan sampéjan sudjud ngabekti ḍateng kula.”
Bareng wis paḍa satata lungguh lan bage-binagé, Pétrus bandjur meḍar sabda, nggantjaraké tjritané bab Gusti Jésus enggoné nanḍang sangsara nganti tumeka ing séda minangka wakil njulihi para manusa dosa, lan jèn Pandjenengané wis wungu saka ing séda .... Sing sapa pratjaja marang Gusti Jésus klawan gumolonging ati, iku bakal paḍa oleh pangaparuning dosané. Wong-wong mau mindeng enggoné ngrungokaké pangandikané Pétrus lan ing atiné wiwit tuwuh pratjajané marang Gusti Jésus.
Wusanané, kajadéné lelakon nalika rijaja Pentékosta ing Jerusalèm wong akèh sing paḍa kembulan karo para sekabat pada kateḍakan Roh Sutji, kaja mengkono uga wong-wong sing paḍa ana ing omahé Kornélius atiné paḍa kapenuhan ing Roh Sutji, mangka wong-wong mau wong kapir. Sarèhné wis tjeṭa jèn paḍa kaparingan Roh Sutji, mulané wong-wong mau bandjur dibaptisi, temahan wong kapir mau bisa mandjing dadi panunggalané para putrané Allah ing salawas-lawasé.
BARENG para rasul lan para sedulur sing asalé saka bangsa Jahudi, ngrungu warta, jèn Pétrus ngrawuhi omahé wong kapir lan nggelaraké Indjil ana ing kono, apamanèh malah mbaptisi wong kapir, bandjur paḍa netah marang Pétrus lan nglepataké tindaké. Nanging bareng Pétrus njrijosaké wahju sing ditingali ana ing Joppé, lan swaraning pangandikane Allah, wong-wong mau bandjur paḍa ngandel lan ilang sangga-rungginé, lan wekasané paḍa ngluhuraké Allah, tembunge: „Dadiné dalasan bangsa kapir uga paḍa kaparingan patobat marganing urip déning Allah!”
Anadéné Kornélius sabrajaté kabèh paḍa bisa ngrasakaké karahajon lan kabungahan sing langgeng, sing ngungkuli sakèhing kanikmatané donja lan saisiné kabèh!
GUSTI Allah mirsa samubarang lan nguningani samubarang, ija sing betjik, ija sing ala .... Éwadéné Gusti Allah ora naté maringaké pitulungané énggal-enggalan marang wong kang paḍa mbutuhaké lan temen-temen pandongané. Lan dosa ija ora tumuli kaḍawahan paukuman. Miturut gagasané manusa: pantjèn ora tumuli! Nanging Gusti Allah ora naté njupèkaké titahé sidji-sidjia, ija sing betjik, ija sing ala, mung baé peparingé gandjaran lan paukuman iku nganggo mangsané ḍéwe-ḍéwé. Lan Gusti Allah nguningani seḍenging mangsa.
KATJARITA ing djero sèl buwèn ing kuṭa Jerusalèm ana prantéan turu nggléṭak ing damèn sing dienggo lèmèk. Tangané kiwa tengen diranté kaolèhaké tangané pradjurit loro sing djaga ing djero sèl. Lawangé kakantjing lan ing ngarep lawang ana pradjurit loro paḍa djaga ing sisih djaba. Dadiné prantéan sidji didjaga pradjurit papat paḍa sikep gegaman, mokal bisané ontjat saka ing buwèn. Sing tinanggenah ndjaga prantéan mau pradjurit patang golongan, sagolongané wong papat. Jèn tekan gilirané diaplos, pradjurit mau paḍa metu ing buwèn, diganti pradjurit lijané, nanging prantéan mau ora bisa lunga babar pisan. Enggoné ana ing buwèn wis olèh sawetara dina, lan salebaré rijaja Paskah lagi arep diladèkaké marang pangadilané wong Jahudi. Prantéan sing dilebokaké ing sèl buwèn lan direksa déning pradjurit papat sikep gegaman, mesṭiné durdjana geḍé utawa bénggoling kètju.
Nanging prantéan mau saben-saben katon tumenga kambi umak-umik ndedonga, lan [ 182 ]tangané ngapurantjang. Apa wong sing kaja mengkono iku durdjana?
NALIKA semono sing djumeneng ratu ing tanah Jahudi sang prabu Héroḍès Agrippa, pernah kepénakané radja Héroḍès Antipas sing njédani Jochanan Pambaptis. Radja Hérodès Agrippa ambeké adigang adigung adiguna lan angkara-murka, sing diudi mung bisane tansah olèh pangalembanané kawula kabèh ....
Para muridé Gusti Jésus wis ana sawetara sing ditjekel lan dikaniaja atas ḍawuhé Héroḍès, malah Jakobus, panunggalané para sekabat, disédani srana katigas djanggané. Tindak sija mengkono iku disedya déning sang prabu murih olèha pangalembanané para pangarepé bangsa Jahudi, sing paḍa sengit marang Gusti Jésus. Apa tindaké mau adil lan bener, ora dipanggalih babar pisan.
Bareng mirsa jèn kang mengkono mau ndadèkaké senengé wong Jahudi, Héroḍès ndadra ḍawuh njepeng marang Pétrus, nudju ngarepaké rijaja Paskah. Pétrus iku paḍa-paḍa muridé Gusti Jésus, rak klebu dadi pangarep, tuwa-tuwané golongan Nasarani. Wah, saupama kelakon bisa njirnakaké rasulé Jésus sing wis kawéntar djenengé, saiba enggoné para imam lan wong Jahudi kabèh njuba-njuba lan ngalembana marang sang prabu!
Nanging betjiké enggoné nibakaké paukuman jèn rijaja Paskah wis kepungkur. Ing kono Pétrus bakal diladèkaké marang pangadilané wong Jahudi, lan mesṭi bakal kaukum pati kajadené Jakobus! Mulané kudu dikundjara ḍisik, dipasrahaké ing pangreksané pradjurit patang golongan, sagolongané wong papat, apadéné kudu diblenggu nganggo ranté kaja patrapé ngundjara durdjana geḍé.
Satemené Héroḍès ngemu kuwatos ing galih ing ngatasé Pétrus dalah golongane. Nanging temboké buwèn sing kandel lan santosa, pradjurit sikep gegaman sing gagah-gagah lan kendel, lawang lan régol wesi sing dikantjing rapet lan didjaga, iku rak wis mijatani! Sapa sing arep wani ngrebut Pétrus saka ing astané Héroḍès?
Héroḍès mèsem-mèsem djalaran lega panggalihé.
PRANTÉAN sing lagi turu ing damèn ana ing djero sèl buwèn iku ora lija Pétrus. Enggoné saré katon kepénak, nélakaké jèn galihé djendjem, ora seḍih lan ora kuwatir, awit wis pasrah djiwa-ragané marang Gustiné. Jèn pantjèn dikersakaké kudu ngalami dikanijaja nganti tumeka ing pati pisan, Pétrus ora bakal suwala iḍep-iḍep enggoné nglabuhi Gustiné. Lan jèn mantep nganti tumeka ing wekasan, Pétrus wis nemtokaké jèn bakal kepanggih karo Gustiné ana ing kamuljaning swarga.
Anadéné para pawong mitrané sing paḍa tansah kekembulan ing kuṭa Jerusalèm, paḍa mempeng enggoné ndongakaké marang Allah. Pétrus ija ngerti jèn pandongané para mitrané ora kenḍat sumengka ing pangajunané Allah, lan Pétrus ija ora ngarep-arep pitulungan lijané manèh kedjaba pandongané para mitra.
Mangka pandongané para wong mursid iku mengku daja kakuwatan sing ngédab-édabi lan dadi panglipur tumrap wong prihatin. Ing sadjroning pandonga mau kaja-kaja para mitrané paḍa bebarengan ngungsi marang pangajomané Gustiné; kaja-kaja pandonga mau dadi bètèng kang santosa sing bisa ngajomi Pétrus, abḍi sing setya-tuhu. Saben dina para mitra mau paḍa mbatek ing pandonga, nanging Gusti ora paring wangsulan. Mangka dina tibaning paukuman saja suwé saja tjeḍak lan ing kono Pétrus mesṭi bakal disédani.
Mungguh Héroḍès kang ambek angkara-murka, saben dina saja ndadra enggoné nindakaké piala, éwadéné Allah ing swarga kèndel baé, lan saja munḍak dina saja munḍak kumlungkungé Héroḍès lan saja munḍak enggoné tuminḍak sawenang-wenang .... tumrap para kagungané Gusti Jésus; durung lega galihé samangsa durung kelakon njirnakaké golongan Nasarani nganti tapis!
KOTJAPA, rijaja Paskah wis kepungkur; ésuké Pétrus kudu diladèkaké ing ngarepé pangadilan lan nampani paukumané.
Nanging ing wengi iku uga .... Pétrus lagi saré kepati, astané kiwa-tengen isih diblenggu nganggo ranté. Pradjurit sing djaga paḍa mèlu turu ....
Dumadakan ana paḍang sumorot ing djero sèl buwèn sing peteng mau lan ing sadjeroné pepaḍang mau katon ana malaékaté Pangéran djumeneng tjeḍak. Malaékat mau bandjur nggugah marang Pétrus srana ditjeblèk lambungé, pangandikane: „Tangia dikebat!” Pétrus kagèt bandjur wungu. Ranténé sanalika runtuh saka ing astané .... Pradjurit sing djaga isih turu pules, ora krasa apa-apa.
Malaékat bandjur ngandika manèh: „Sabukana lan sajuten trumpahmu.” Bareng wis dilakoni, bandjur dipangandikani manèh: Anggonen djubahmu lan melua aku!”
Pétrus bandjur metu nḍèrèkaké malaékat, mangka ora njana jèn sing ditinḍakake dening malaékat mau kelakon temenan, rumangsané mung lagi ngimpi utawa ndeleng wahju. Pangunandikané Pétrus: „Iki rak mung impèn. Mengko jèn aku tangi, rak isih ana ing buwèn sing peteng!” [ 183 ]Sawisé ngliwati wong djaga kang kapisan lan kang kapinḍo, bandjur tekan ing régol wesi sing andjog ing kuṭa, lawangé sing kinantjing bandjur menga ḍèwè .... Pétrus wis djumeneng ing sadjabaning kundjara, tindaké isih terus nḍèrèkaké malaékat mau nganti tutug ing pungkasané lurung. Bareng tekan ing kono, Petrus bandjur ditilar déning malaékat. Bareng Pétrus émut wewèntèhan, bandjur ngerti jèn ora ningali wahju, nanging sing dinjana impèn mau djebul kelakon temenan. Sanjatané Gusti Allah wis ngutus malaékaté kaḍawuhan ngluwari abdiné saka ing astané radja Héroḍès lan saka sakèhé pangarep-arepé wong Jahudi. Saiki wis ontjat saka ing bebaja, bandjur gegantjangan tindak menjang ing omahé pawong mitrané salah sidji arep ngabari bab geḍéning pangwasané Allah enggoné wis maringi pitulungan srana patrap sing ngéram-éramaké .... Sawengi iki mitrané mesṭi ora ana sing turu, kabèh mesṭiné paḍa lèklèkan lan ndedonga bebarengan njuwun pitulungan marang Allah. Ndedonga njuwun pitulungan? O, saiki ora perlu njuwun pitulungan manèh, pawong mitrané saiki kudu saos sokur marang Allah, djalaran pandongané wis kadjurungan.
Ora katjrita tindaké ana ing dalan, Pétrus wis tekan ing ngarep régol omahé mitrané sing djeneng Jochanan kang peparab Markus. Ing kono lagi ana wong akèh paḍa kumpulan ndedonga. Nalika Pétrus noṭok lawang régol, bandjur ana batur wadon, djenengé Rodé, marani nilingaké sapa sing ana ing djaba. Rodé ora pangling karo swarané Pétrus sing munḍut diwengani lawang, nanging saking bungahé ora nganti ngengakaké règol, rikat mlaju mlebu ngaturi priksa, jèn Pétrus djumeneng ing ngarep règol. Wong-wong sing ana ing kono ora ana sing ngandel, malah Rodé diunèni: „Kowé iku ngomjang. Mokal jèn Pétrus bisa rawuh mréné saiki!” Nanging Rodé ngukuhi aturé jèn njata, tembungé: „Boten, kula sumerep saèstu, bilih ingkang wonten ing ngadjeng régol punika Pétrus pijambak .... Sumangga kapijarsakna, Petrus taksih ngladjengaken ṭoṭok ṭoṭok!” Bareng wis diwengani lawang, bandjur paḍa weruh rupané, temah paḍa kegawokan banget. Ora ana sing njana babar pisan jèn Pétrus bisa metu saka ing pakundjaran. Keprije bisané? .... Nanging kabèh paḍa bungah déné Pétrus wis luwar saka ing bebaja. Bareng paukuman pati wis mèh katibakaké, ing kono tekané pitulungan sing diarep-arep, ora nganti kasèp.
SAWENGI iku para mitrané Pétrus paḍa bungah-bungah lan paḍa saos sokur marang Allah déné kepareng mitulungi abdiné srana patrap sing luwih déning élok.
Senadjan mengkono, wong-wong mau ora kena tinggal kaprajitnan. Ora prajoga jèn Pétrus terus manggèn ing kiṭa Jerusalèm, djalaran akèh mutawatiré. Sadurungé bjar raina, Pétrus wis mangkat tindak menjang lija panggonan .... Bebaja apa sing arep nempuh uripé ana ing panggonan lija, Pétrus ora sumelang, djalaran wis ngalami ḍéwé jèn Gustiné iku setya-tuhu lan kwasa paring pitulungan.
KATJARITA, salebaré rijaja Paskah radja Héroḍès tindak saka Jerusalèm menjang ing kuṭa Késaréa lan kendel ana ing kono .... Bab musnané Pétrus saka ing pakundjaran, ndjalari gumun lan kagèté Héroḍès. Ora ana wong djaga sidji-sidjia sing ngerti keprijé bisané Pétrus metu saka ing pakundjaran lan ora ana sing weruh menjang ngendi parané lan ana ing endi dunungé saiki, sawisé metu saka Jerusalèm.
Nanging Héroḍès ing sadjroning kamuljan lan kaluhurané, ora menggalih manèh bab Pétrus.
Ora antara lawas sapungkuré lelakon mau, Héroḍès ketutugan sing dadi iḍam-iḍamaning galihé. Nalika kèndel ing kuṭa Késarea, Héroḍès nampani pisowané para utusané kuṭa Tirus lan Sidon perlu ngundjukaké panuwun, déné sang prabu njandekaké enggoné kersa nggitik perang kuṭa loro mau. Nalika semono Héroḍès ngrasuk kaprabon lan pinarak ing ḍampar, ingaḍep para mantri bupati lan kawula akèh. Ing kono sang prabu meḍar sabda minangka wangsulan marang utusan mau. Wong akèh paḍa sumlengeren ndeleng éndahing busanané sang prabu apadéné ngrungu pangandikané. Akeh sing paḍa alok: „Punika pangandikaning déwa, sanès witjantening manusa!”
Miḍanget pangalembanané wong akèh mau, sang prabu banget karenan galihé; durung naté sang prabu nampani pakurmatan sing semono geḍené! Wong-wong sing paḍa ngunggul-unggulaké sang prabu nganti luwih saka ing kad, paḍa ora dipenggak, nanging malah ndjalari mongkoging galihé, supé jèn isih ana Allah ing swarga sing kagungan sakèhing kaurmatan. Awit saka kumlungkungé mau paḍa sanalika iku Héroḍès bandjur digebag déning malaékaté Pangéran, temahan ambruk djalaran kataman ing lelara nggegirisi .... Ora ana wong sing weruh tekané malaékat sing nggawa bebenduné Allah. Wong sing awaké katoné waras wutuh, dadakan dadi lara, mangka larané mau kamangsa ing singgat sing nggegilani. Héroḍès gerahé mung sawetara dina, bandjur pegat njawa. [ 184 ]GUSTI Allah mirsa samubarang lan nguningani samubarang, ija sing betjik, ija sing ala .... Éwasemono sapa sing ngungsi marang Pandjenengané samangsa katempuh ing pakéwuh, ora énggal-énggal kaparingan pitulungan lan dosa ija ora tumuli kaḍawahan paukuman. Ora tumuli! Nanging Gusti Allah ora naté njupèkake titahé sidji-sidjia, ija sing betjik, ija sing ala. Gusti Allah nguningani seḍenging mangsa.
KATJARITA ing sawidjining dina ana prau lajar lelajaran ing tengah segara, kombak-kombul katut ing aluning banju; lajaré kumrebet katempuh ing angin, temah ladju lakuné prau mau, diréwangi para pambelah sing paḍa njolahaké welahé ....
Prau mau momot barang dagangan warna-warna kawaḍahan ing karung lan peṭi geḍé-tjilik. Kedjaba para pambelah lan sing paḍa nglakokaké prau, ana wong-wong lijané sing mèlu lelajaran, kajata: sudagar sing paḍa nggawa barang dagangané. Ing antarané wong-wong mau isih ana wong Jahudi telu sing ora nggawa barang dagangan kaja lija-lijané. Wong telu mau katon anteng lan ulem, pasadja lan anḍap-asor solah-tingkahe. Nanging wong telu malah nggawa banḍa sing ora katon, nanging sing adjiné ngungkuli sakèhing radjabrana kadonjan.
Sing tansah digagas lan digunem para sudagar ora lija mung bab bebaṭen sing arep dikeruk samangsa wis tekan ing negara mantja. Para pambelah ija wis ngétung pira opah lan umbalané sing bakal ditampa, jèn prauné slamet tekan ing panggonan sing diparani. Ringkesé wong-wong mau paḍa nggagas prakara sing bakal ditampani.
Nanging wong Jahudi telu mau paḍa nggagas apa sing arep diwènèhake, sing arep diluntakaké menjang negara mantja, marang wong maèwu-èwu sing paḍa manggon ing tanah mantja, lan sing ora ngerti jèn ing tengahing djagad ana banḍa sing luwih déning mulja.
Banḍa mau arep disebar ing saenggon-enggon sing ditekani, lan saben wong sing kesdu nampani, bakal diwènèhi kanṭi lelahanan ....
Banḍa mau senadjan wis diedum-edum, ora bakal suda utawa susut, djalaran geḍéné ngluwihi, nganti bisa ngebaki djagad.
Wong telu mau paḍa ngawasake lakuning prau, nanging ing batin paḍa nggagas, apa wong-wong sing arep diwènèhi banḍa mau paḍa gelem nampani pawèwèhé klawan bungah apa ora. Wong telu mau paḍa ngawasaké djembaring langit sing majungi lumabing segara .... lan ing batin paḍa ngutjapake pandonga.
WONG telu mau paḍa wong Jahudi, djenengé: Saul, jaiku sing tau nguja-uja wong Kristen, nanging saiki dadi rasulé Gusti Jésus sing setya, lan rowangé loro sing djeneng: Barnabas lan Jochanan kang peparab Markus.
Wong telu mau pinangkané saka Antiochi, kuṭa ramé ing tanah Siria, lan ing kono ana pasamuwan Kristen sing wis geḍé.
Anadené wong telu mau dadi utusané pasamuwan ing Antiochi, paḍa kabubuhan ndjadjah désa lan negara perlu nggelaraké Indjil marang djagad, marang sadéngah bangsa, supaja paḍa ngertia jèn ana kabar kabungahan sing martakaké bab panebusing dosa lantaran sédané Gusti Jésus, waton paḍa gelem pasrah suménḍé lan pratjaja marang Gusti Jésus, apadéné paḍa tresna marang Pandjenengané .... Kaja mengkono iku wudjuding banḍa sing bakal diparingaké lelahanan, tanpa prabéja mung karana sih-rahmat. Banḍa iku sing bakal bisa ngolèhaké karahajon lan urip langgeng kanggo sadéngah wong sing pratjaja.
Kabar kabungahan mau ora mligi kanggo wong Jahudi lan bangsa lija-lijané sing paḍa manggon ing tanah Jahudi, nanging ija katjaḍangaké tumrap sakèhing para bangsa ing salumahing djagad.
Ḍawuhe Gusti Jésus sadurungé minggah menjang swarga, mengkéné: „Paḍa ndjadjaha ing sadjagad kabèh, Indjil undangna marang sarupané tumitah.
Mulané wong telu mau paḍa buḍal arep ngéstokaké ḍawuh mau, kadereng déning katresnané marang Allah lan marang manusa pepaḍané ....
Wong telu mau ora lali jèn pagawéan sing diajahi rekasa lan akèh mutawatiré, malah kudu diréwangi lara-lapa, nanging paḍa tansah gambira atiné tan ora nganḍut was sumelang. Lan saupama kudu ngalami panganiaja, pamemada lan kawirangan, iku mung bakal dianggep kaja enggoné nglabuhi Gustiné sing wis nanḍang sangsara sing luwih banget.
Mulané wong telu mau tatag lan gambira atiné.
SATEKANÉ ing pulo Kipros (Cyprus), bandjur paḍa nḍarat ing kuṭa Salamis. Wong telu mau tumuli wiwit nggelarake Indjil ana ing masdjid-masdjidé wong Jahudi .... Nalika djaman semono wong Jahudi akèh sing metu saka ing tanahé bandjur bebara utawa laku dagang ana ing tanah mantja, lan ing endi ana pakampungané wong Jahudi, ing kono ija ana masdjide. Ana ing masdjid-masdjid [ 185 ] [ 186 ]kono, énggal-énggal bandjur ngadjokaké sapi rinengga-rengga ing ontjèn-ontjèn kembang lan gegoḍongan menjang ngarepé gapura arep ngladèkaké sadjèn karo wong golongan, minangka pakurmatan ing rawuhé Jupiter lan Merkur mau ....
Wiwitané rasul Paul lan Barnabas ora ngerti apa karepé wong akèh paḍa surak-surak lan apa tegesé wong paḍa nggiring sapi sing direngga-rengga ontjèn-ontjèn, nanging bareng wis bola-bali ngrungu tembung Jupiter lan Merkur lagi baé paḍa ngerti jèn wong akèh mau paḍa arep saos kurban, mangka sing disaosi kurban iku awaké ḍéwé sing dikira déwa ngédjawantah. Patrap mengkono mau wis mesṭi kliru banget, djalaran enggoné Paul lan Barnabas marasaké wong sing lumpuh mau tudjuané supaja wong akèh paḍa ngertia sepira pangwasané lan maha welasé Allah ing swarga. Dudu karepé Paul lan Barnabas golèk pakurmatan, mulané bandjur paḍa njuwèk-njuwèk pangagemané, sarta dumrodjog mlajoni wong golongan kambi nguwuh-uwuh, pangandikané: „Hé kantja-kantja, keprijé déné kowé paḍa arep tumindak mengkono? Aku iki ija paḍa munusa, paḍa ḍasaré kaja kowe .... Gustiku kang dakwartakaké marang kowé, iku kang djumeneng Allah kang sipat gesang. Ija Allah iku kang pantes paḍa kosaosi kurban lan pakurmatan, dudu aku!”
Dadiné wong-wong mau paḍa ora sida saos kurban, lan Paul karo Barnabas ora sida dipunḍi-punḍi kaja déwa, wurung enggoné paḍa arep nindakaké panggawé sing kliru lan dosa.
Nanging lagi baé wong akèh mau kena disarèhake, ketungka tekané wong Jahudi saka ing Antiochi lan Ikoni, paḍa ngala-ala marang Paul lan Barnabas ing ngarepé wong golongan. Bareng wong golongan pasah dibebangus dening wong Jahudi mau, bandjur salin slaga, mauné paḍa munḍi-munḍi Paul lan Barnabas kaja marang déwané, saiki paḍa ngantjam-antjam. Wekasané rasul Paul bandjur dibenturi watu, sarta bandjur dilarak menjang sadjabané negara marga disengguh wis séda.
Bareng sing mbenturi watu wis paḍa mulih, ana murid sawetara paḍa teka, jaiku wong-wong sing paḍa pratjaja marang piwulangé Paul, bokmenawa wong sing mauné lumpuh ija mèlu teka; Paul gumléṭak ing lemah asawang lajon, nanging bareng dirubung ing para murid mau, bandjur ndjenggèlèk wungu sarta lumebet ing negara manèh. Gustiné ing swarga nguningani pagawéané abdiné sing setya, lan ora négakaké ing sadjroning pakéwuh.
Ésuké Paul lan Barnabas bandjur ngladjengaké tindaké ndjadjah ing tanah kono. Ing saḍéngaha panggonan sing dirawuhi, ing negara geḍé utawa ing désa tjilik, ing kono mesṭi ana wong sing paḍa nampani pawarta bab Gusti Jésus lan paḍa pratjaja marang Pandjenengané. Luwih-luwih saka ing kalangané bangsa kapir akèh sing paḍa mandjing dadi muride Gusti, nanging wong Jahudi sing pratjaja lan nḍèrèk Gusti, tjatjahé kena diwilang.
Sawisé kemput, Paul lan Barnabas bandjur mbalèni panggonan-panggonan sing wis diambah, perluné arep njantosakaké atiné para murid, diperdi supaja mantepa ing pratjaja lan ora pareng paḍa wedi jèn katempuh ing sangsara, awit Gusti mesṭi ora bakal négakaké para kagungané, .... malah paḍa ditjawisi urip langgeng ana ing swarga.
Sapungkuré lelakon ing ngarep mau ing tengah segara ana prau lelajaran ngener menjang pesisiré tanah Siria. Tindaké rasul Paul lan Barnabas kang kapisan nggelaraké Indjil wis kepungkur, seḍéla manèh bakal paḍa ketemu karo para sedulur ing Antiochi lan Jerusalém utawa kuṭa lija-lijané, paḍa arep ditjritani apa sing mentas kelakon sadjrone paḍa ndjadjah ing negara mantja .... Paul lan Barnabas mesṭi ora bakal njritakaké bab awaké ḍéwé enggoné tansah kaantjam ing bebaja utawa nanḍang sangsara, awit ana prakara sing luwih wigati kanggoné para sedulur, jaiku jèn Gusti Allah wis kepareng nimbali wong pirang-pirang ginaḍang-gaḍang mlebu ing Kratoning swarga.
WETARA wajah tengah bengi lurahé kundjara turu pules. Lawang-lawang ing kundjara wis dikantjingi kabèh; atine ora nganḍut sumelang, djalaran wis mesṭi ora ana prantéan sing bakal bisa metu saka ing kundjara. Wong mantja loro, sing awané mentas disapu nganti gegeré pating glaler kebak bilur, wis dilebokaké ing panggonan sing primpen, malah sikilé karo pisan dibelok, keprijé olèhé arep minggat? Apa luputé déné nganti dilebokaké ing kundjara, lurahé kundjara ora ngerti, sadjaké wong loro mau paḍa didakwa njebar kabar ngajawara, njritakaké prakara sing aèng-aèng sing durung tau keprungu ing kuṭa Filippi kono .... nanging iku rak dudu urusané lurah kundjara, kuwadjibané rak mung ngreksa prantéan adja nganti minggat saka kundjara.
Wong loro mau gegeré kebak bilur tilas disapu, saiki krasa ndjarem banget; awake lungkrah, sajah lan luwé .... Nanging lurah kun[ 187 ]djara mau ora merduli babar pisan, wong loro iku rak wong Jahudi, wong mantja neneka ing negara kono. Bareng wis nganglang lan prantéan kabèh tinemu isih ganep ana ing panggonané ḍéwé-ḍéwé, lurah kundjara mau bandjur mapan turu. Atiné ora nganḍut was sumelang.
ING sadjroné kundjara, saja manèh ing sèl sing ana ing djero ḍéwé, petengé ndumuk irung. Ora ana swarané wong guneman, sing ana ing kono mung pangaḍuh lan pasambat, rasa miris lan susah ....
Nanging dumadakan, bareng tengah bengi ana swaraning wong ndedonga lan ngidungaké pamudi kondjuk marang Allah, déné wong lelaran lijané paḍa ngrungokaké klawan gumun ....
Swarané wong ngidung sumengka ing akasa, dumeling ing tengah wengi, ing satengahé pasambat lan pangaḍuh, semuné njengklèng ora laras karo papan lan kaanan ing sakiwa-tengené. Lumrahé sing kelair ing kono mung pepisuh lan panggrundel, utawa pasambat lan pangaḍuh, Nanging jèn dirungokaké temenan wong sing ngulukaké pamudji mau nglairaké gambiraning atiné, lan swarané mranani atiné wong sing paḍa ngrungu.
Pinangkané swara mau saka ing sèl sing ana ing djero ḍéwé, panggonané wong mantja sing dibelok sikilé lan sing gegeré prasasat adjur djalaran disapu. Wong Jahudi mau paḍa ngidung bebarengan, ngluhuraké Allahé! .... Prantéan lija-lijané paḍa tangi ngrungokaké kekidungan mau. Nanging lurahé kundjara isih turu nglépus.
WONG loro mau, wong Jahudi, sing awané mentas disapu déning punggawa negara Filippi, iku Paul lan kanṭine sing asma Silas ija diutus nggelaraké Indjil kajadéné Paul.
Tindaké rasul Paul iki kang kapinḍo, nggawa kanṭi Silas, arep ndjadjah negara-negara manèh nggelaraké Indjil marang wong Jahudi lan wong kapir. Tindaké mau nglangkungi kuṭa-kuṭa sing naté dirawuhi, kajata Listra lan Derbé. Ana ing kono rasul Paul kepanggih karo wong nonoman, sing aran Timotéus, sing digulawenṭah déning ibuné lan embahné wiwit tjilik mula ing bab surasané Kitab Sutji. Wiwit nalika iku Timotéus kaḍawuhan nḍerèkaké tindaké rasul Paul, lan ing tembé Timotéus ija kautus nggelaraké Indjil, kagawa saka tresnané marang Gustiné lan marang pepaḍané.
Tindaké rasul Paul sakanṭiné bablas nganti tekan ing Asia-tjilik, manḍap tutug ing Troas kuṭa tjilik ing pesisir sisih lor kulon.
Ana ing Troas kono Paul sakanṭiné kèndel sawetara dina. Panudju wajah bengi Paul ningali wahju, kaja-kaja Paul djumeneng ing pinggir segara, lan ing sabrangané segara katon ana wong Makedoni ngadeg kambi nguwuh-uwuh: „Sampejan mugi njabrang ḍateng ing tanah Makedoni, mitulungi bangsa kula.”
Mangka nalika semono Paul ora kagungan rantjangan ngladjengaké tindaké menjang ing laladan tanah Makedoni lan Junani, nanging bareng kaparingan wahju mengkono, Paul bandjur rumangsa jèn angsal ḍawuh saka Gustiné ndikakaké njabrang mrana ngunḍangaké pawarta bab sih-rahmaté Allah tumrap para wong dosa. Paul sakanṭine bandjur mangkat menjang ing tanah Makedoni.
Bareng wis paḍa nḍarat, tindaké bandjur ndjudjug ing kuṭa Filippi, kuṭa-kradjan ing tlatahé tanah Makedoni, sing kebawah ing paréntah Rum.
Nanging — wong Makedoni sing katon ana ing wahju ora meṭukaké rawuhé Paul. Bareng wis wiwit memulang, sing paḍa mandjing pratjaja mung wong wadon sawetara. Éwasemono Paul sakanṭiné ora kemba, saben dina adjeg memulang lan nggelaraké pangandikané Gusti, djalaran paḍa ngerti, jèn mung Gusti Allah pijambak kang kwasa ngeluk wangkoting atiné manusa, temah paḍa pratjaja lan oleh karahajon ....
Kotjapa nalika paḍa ana ing alun-alun, Paul sakanṭiné tansah dietutaké botjah wadon pawongan sing duwé préwangan. Marga saka pinter memeṭèk, botjah wadon mau akèh enggoné ngasili benḍarané. Jèn ngetutaké tindake Paul, botjah wadon mau tansah alok-alok, udjaré: „Wong iku paḍa abdinė Allah kang Mahaluhur, mulangaké margané karahajon marang kita.” Mengkono mau ora mung sepisan pinḍo, nanging saben dina lan bola-bali. Nanging Paul ngerti jèn pagawéane dirégoni déning ḍemit sing manggon ana in botjah wadon mau, saking pegel galihé, bandjur ḍawuh marang ḍemité: „Atas Asmané Jésus Kristus ḍawuhku ing kowé: „Metua saka wong iku!” Sanalika demité bandjur metu, lan botjah wadon mau pulih waras manèh.
Botjah wadon mau begdja déné wis kauwalaké saka pangwasané Iblis, nanging bendarané rumangsa kapitunan, djalaran botjah mau ora bisa metu kasilé manèh; sarèhné wis ora duwé préwangan, dadi ija ora bisa memeṭèk. Bendarané botjah wadon mau bandjur ngadjak kantja-kantjané njekel marang Paul lan Silas, paḍa diglanḍang katur ing préntah, dirubung ing wong pirang-pirang. Paul lan Silas paḍa didakwa nggègèraké negara, lan sarèhné paḍa wong Jahudi, paḍa didakwa mulangaké padatan anjar sing njalahi tata-tjarané wong Rum. Wong golongan ija paḍa melu nglawan marang Paul lan Silas lan mbeneraké pandakwa mau. Tanpa dititi-priksa prakarané, [ 188 ]Paul lan Silas bandjur diḍèḍèli sandangané sarta disapu nganti bilar-bilur gegeré. Saupama sing didakwa mau wong Rum, mesṭiné ora mengkono tumindaké pangadilan. Nanging sarèhné Paul lan Silas iku wong Jahudi neneka ing tanah kono, dadi ora perlu diéman ....
Sawisé digebugi nganti banget, bandjur dilebokaké ing kundjara, lan lurahé kundjara diḍawuhi wanti-wanti ngreksa wong loro mau adja nganti minggat. Lurah mau sarèhné kaḍawuhan mengkono, mulané Paul lan Silas bandjur dilebokaké ing sèl sing ana ing djero ḍéwé lan sikilé dibelok.
Paul lan Silas ora suwala dipatrapi sing mengkono mau. Atiné isih adjeg tatag lan gambira, djalaran paḍa jakin jèn Gustiné ora bakal negakaké. Senadjan nalika dikaniaja ing semu ora olèh pitulungan, nanging Paul lan Silas paḍa rumangsa begdja déné kepareng nanḍang sangsara karana Asmané Gustine. Lan ana ing djero sèl sing peteng nḍeḍet, lan sadjroné ngrasakaké pegel lan perih ing gegeré, Paul lan Silas tansah kapirsan déning Gustiné, malah Gustiné tansah ana ing tjeḍaké. Gagasan sing mengkono iku ndjalari ledjar lan bungahing atiné. Mulané Paul lan Silas bisa ngulukaké swaraning pamudji ngluhuraké Allah kang Mahamirah.
Mangka lurahé kundjara turu baé.
BARENG mengkono dumadakan ana linḍu geḍé, talesé pakundjaran nganti oreg. Lawang-lawang kabèh paḍa menga, lan ranténé wong prantéan paḍa nglokro .... Dadi sanalika iku uga wong-wong sing diranté ing pakundjaran lan sing dibelok, bisa luwar saka ing ukuman.
Lurahé kundjara kagèt tangi, lan bareng weruh lawangé kundjara kabèh paḍa menga, pangirané prantéané kabèh wis paḍa miruda, mulane bandjur ngunus peḍang arep suduk djiwa. Djalaran apa gunané isih urip, jèn prantéan sing dadi tanggungané wis paḍa utjul kabèh, ora wurung awaké sing bakal digawé idjolé, bakal diérang-érang lan dikaniaja, wekasané dipatèni. Rak aluwung mati ..
Nanging sadurungé kelakon, Paul nguwuh seru, pangandikané: „Sampun mbilaèni sarira, margi kula sami wonten ing ngriki taksih pepak.”
Apa? Isih pepak? Ora ana sing minggat? Lurahé kundjara bandjur ndjaluk tjolok, bareng wis ditjoloki, énggal dumrodjog mlebu ing panggonané Paul lan Silas, lan sumungkem ana ing ngarsané. Lurahé kundjara mau gagasané malih sanalika, bareng weruh wong loro mau isih pepak ana ing panggonané. Ing atasé dipatrapi paukuman abot, wong mau ora sambat, malah bareng ranté lan beloké paḍa nglokro lan lawangé menga, wong mau ora gelem metu saka ing kundjara. Wong loro mau mesṭi dudu wong ala, dudu durdjana geḍé, nanging wong burus lan djudjur, malah wong sutji, mulané lurahé kundjara mau ora taha-taha sudjud djèngkèng ana ing ngarsané Paul lan Silas. Jèn wong mau wong burus lan djudjur, mesṭiné wulangan sing digelaraké marang wong akèh, ija ora bisa kliru lan luput lan ora bakal nasaraké wong. Wong iku mesṭi mengku daja pangwasa sing gaib, temah marga saka tulaḍané lan daja pangaruhé, ora ana prantéan sidji-sidjia sing utjul, kabeh isih pepak ana ing panggonané ḍéwé-ḍéwé. O, iba begdjané jèn bisa maḍani wong mantja iku, tansah katon ajem lan tentrem, tansah sumèh lan gambira polatané. Lurahé kundjara mau bandjur tuwuh gagasané kepéngin njumurupi apa sing dadi gémbolané wong loro mau lan kepéngin nggeguru ngèlmu sing digelaraké. Ngèlmuné mesṭi ngèlmu peṭingan, bisa dadi marganing karahajon tumrap saḍéngah wong.
Paul lan Silas bandjur diaturi meḍal tekan ing djaba, aturé lurah kundjara: „Ḍuh Tuwan, kula perlu nglampahi punapa supados kapitulungana rahaju?” Wangsulané Paul: „Sampéjan pitados ḍumateng Gusti Jésus Kristus, temah baḍé manggih karahajon, inggih sampéjan dalah sabrajat sampejan.”
Bareng sawengi iku uga Paul lan Silas diaturi pinarak ing omahé lurah kundjara, biluré ing geger disirami lan ditambani; disaosi ḍahar lan ngundjuk. Sawisé mengkono Paul bandjur mulangi lurahé kundjara dalah sabrajaté kabèh, supaja paḍa wanuha marang Sang Djuru Slamet. Wong-wong mau temen-temen enggoné nggatèkaké marang pangandikané Paul lan wekasan paḍa pratjaja marang Gusti Jésus, temahan ing sawaktu iku kelakon lurahé kundjara mau dalah sabrajaté paḍa kabaptis, lan atiné paḍa ngrasakaké karahajon lan kabungahan sing durung tau dialami, awit karahajon iku langgeng lan ora saka ing donja pinangkané, nanging peparing saka Gusti Allah.
Mengkono uga Paul lan Silas ija paḍa bungah djalaran akèh wong ing kuṭa Filippi paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus. Wong Makedoni sing ditingali ing sadjroning wahju lan sing nguwuh-uwuh: „Sampéjan mugi njabrang ḍateng ing tanah Makedoni, mitulungi bangsa kawula.”, iku saiki wis ana njatané. Lurahé kundjara dalah sabrajaté kabèh wis olèh pitulungan lan bakal olèh karahajon langgeng.
KOTJAPA ésuké ana utusané bupati ing kuṭa kono nimbalaké ḍawuh supaja Paul lan Silas diluwari saka ing pakundjaran ninggal kuṭa kono. Nanging Paul lan Silas ora [ 189 ]kersa tindak medal saka ing pakundjaran mung nganggo patrap siḍeman, djalaran pangandikané Paul mengkéné: „Kula sami tijang Rum dipun sapu wonten ing ngadjenganipun tijang kaṭah boten mawi kapriksa, ladjeng dipun lebetaken ing kundjara. Senadjan kula sami tijang Jahudi, éwadéné kula sami gaḍah wewenang sami kadosdéné tijang Rum, mangka sapunika kula namung baḍé dipun tunḍung medal siḍeman. Murih saé lan leresing prakawis, prajogi menawi pangageng ing kiṭa ngriki ḍateng pijambak ing pakundjaran lan ngirid kula sami medal saking ngriki.” Utusan mau bandjur ngaturaké pangandikané Paul marang para panggeḍéné kuṭa kono, temahan paḍa adjrih; enggoné paḍa rembugan mengkéne: „Jèn njata wong loro iku wong Rum, senadjan asli Jahudi, aku paḍa keluputan, djalaran wong Rum ora kena disapu. Jèn wong mau ora trima lan ngunggahaké prakarane nganti tekan Sang Prabu ing Rum, aku mesṭi paḍa kaukum.”
Para panggeḍéné kuṭa kono bandjur énggal-énggal menjang ing pakundjaran sarta paḍa ngrerepa Paul lan Silas diirid medal lan diaturi nilar kuṭa Filippi mau.
Bareng wong-wong mau wis paḍa ngakoni enggoné paḍa tumindak sawenang-wenang tanpa panitipriksa, lan paḍa njuwun ngapura, Paul lan Silas tumuli biḍal nilar kuṭa Filippi.
Tindaké saiki nratas tanah Junani saja suwé saja bablas.
KATJARITA tindaké para utusané Gusti bablas ndladjahi désa ngadésa apadéné kuṭa lan negara; ing saenggon-enggon diadegaké pasamuwané wong Kristen. Wong-wong sing wis pratjaja marang Gusti Jésus lan kabaptis, iku tansah paḍa kekumpulan perlu nitipriksa surasaning Kitab lan paḍa rerembugan bab karahajon sing wis dirasakaké ing sadjroning uripé, supaja bisaa nularaké karahajon mau marang wong lija, sanak sadulur lan pawong mitra sing paḍa durung ngerti dalaning karahajon. Awit saka kang mengkono mau sangsaja suwé sangsaja ngambra-ambra tebané pasamuwan Kristen ing wewengkoné tanah kono. Rasul Paul lan kanṭiné ora kèndel nenggani pasamuwan saenggon baé, nanging tansah mlémbar menjang panggonan sing durung naté dirawuhi, supaja wrataa gumelaré pangandikané Gusti ana ing tanah Junani. Pasamuwané wong Kristen sing ditilar, pangrumaté kapasrahaké marang wong sawetara sing dipilih dadi pangarep, lan lumrahé disebut para pinituwa utawa djuru pamomong ing pasamuwan.
Nalika semono tindaké rasul Paul kaḍérékaké Silas lan Timotéus, tekan ing kuṭa Tessalonika lan Béréa. Ing kuṭa-kuṭa mau ija akèh wong sing paḍa nampani piwulang anjar lan pratjaja marang Gusti Jésus, nanging ana ing kono ija akeh wong Jahudi sing paḍa nglawan lan nganiaja marang Paul sakanṭine. Lan wis bola-bali wong sing bijèn nguja-uja wong Kristen ngalami dikuja-kuja ḍéwé temah uripé tansah kinalang-kalang ing bebaja. Senadjana mengkono rasul Paul ora gigrig déning pangantjam, malah saja mempeng enggoné nindakaké ajahané neksèni asmané Gustiné ana ing ngarepé wong akèh. Ija mengkono iku wataké abḍi sing mbangun-turut lan setya-tuhu ngantepi pakoning Gustiné.
KOTJAPA tindaké Paul tekan ing kuṭa Aténé. Rawuhé ing Aténé pijambakan, djalaran Silas lan Timotéus ditilar ing Bérea.
Kuta Aténé iku kuṭa-kradjané tanah Junani, kuṭa rame, pusering kabudajan lan kagunan, guḍang ngèlmu lan kapinteran, kuṭa sing misuwur asri dening geḍong-geḍong kabujutan lan puri kang rinengga-rengga ing retjané para déwa kang awig gawéané. Pepeṭingané para sardjana-panḍita paḍa ngadegaké paḍépokan ana ing kuṭa Aténé, panggonan nggelar ngèlmu kasunjatan lan kabatinan.
Sasuwéné ngentosi tekané Silas lan Timotéus ana ing Aténé, Paul tindak mider-mider ing djero kuṭa, nanging banget kagol galihé marga nguningani akèhing kabujutan lan retja-retjané. Pantjèn éndah lan asri disawang awit saka awiging gawéané, nanging Paul uga mirsa jèn iku kabèh dadi pirantiné wong-wong ing kono enggoné paḍa nindakaké panembah sing kliru, awit ora ngerti marang sadjatining panembah marang Allah. Satemené wong-wong ing Aténé iku mesakaké, djalaran tetéla jèn mlarat lan keblinger budiné. Saupama paḍa gelem ngrungokaké marang piwulangé Paul, wong-wong ing Aténé bakal diwènèhi banḍa kasukman sing langgeng sing adjiné ngungkuli radjabrana ing donja. O, bok ija paḍa gelem ngrungokaké!
Ing antarané kabujutan ana mesbèh sing mawa tjiri tulisan mengkéné: „Kondjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan”. Bareng Paul maos tulisan mau, Paul mung gèḍèg-geḍèg menggalih kaanané wong Aténé: „Wong Aténé pantjèn paḍa duwé watak seneng nindakaké pangibadah, dalah déwa sing durung disumurupi wis digawèkaké mesbèh, supaja adja ana déwa sing kliwatan nganti ora disaosi kurban. Mulané mengkono djalaran atiné satemené paḍa nganḍut was lan sumelang bokmenawa kesiku ing déwa sing ora disumurupi mau! O, mesakake temen!” [ 190 ]MARGA saka nguningani katjingkrangané wong Aténé mungguh ing kasukmané, Paul ngangah-angah arep njritani wong-wong mau bab dalaning karahajon lan bab geḍéning sihé Allah marang djagad, mulané bandjur nekani masdjidé wong Jahudi utawa menjang ing pasar-pasar ing panggonané wong akèh paḍa nglumpuk, lan ana ing kono bandjur ngadjak rerembagan saḍéngah wong sing kepeṭuk. Saben dina Paul menjang ing pasar arep nggelaraké piwulangé; sing mengkono iku mung naluri adat-tjarané wong Aténé. Saḍéngah wong sing duwé kawruh utawa ngèlmu, iku wenang nggelaraké kawruhé ana ing ngarepé wong akèh, lan adaté papan sing aḍakan akèh wongé iku pasar, utawa alun-alun utawa pinggir dalan geḍé. Apa manèh wong Aténé karem banget rerojoman ngrungokaké wong sing ngébaraké kapinterané. Dadi wis klebu adaté wong Aténé: sing pinter paḍa njorahaké kawruhé lan wong-wong lijané karem ngrungokaké samubarang kang anjar.
Nalika semono ana sardjana sawetara sing wis tau diadjak wawan witjara déning rasul Paul, paḍa ngaturi Paul menjang ing Aréopagus. Déné sing diarani Aréopagus iku awudjud papan munggur, ana omahé kabujutan mawa unḍak-unḍakan marmer, prasasat njaḍijani papan lungguh wong pirang-pirang atus jèn pinudju paḍa nglumpuk ing kono ngrungokake wong sesorah awit Aréopagus kena diarani panti-sraséhan kanggo para sardjana Aténé.
Rasul Paul bandjur djumeneng ana ing satengahé Aréopagus mau sarta meḍar sabḍa. Paul ngandikakaké mesbèh jasané wong Aténé sing mawa tjiri tulisan: Kondjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan. Mangka Paul ngerti sapa satemené sing djumeneng déwa sing ora kasumurupan mau, nanging sing ija dibektèni déning wong Aténé, tanḍané paḍa gelem ngjasakaké mesbèh. Wosing wulangan sing arep digelaraké iku ora lija mung arep awèh sesuluh marang wong Aténé mungguh Allah kang sedjati, kang nitahaké langit lan bumi, dalah segara saisèn-isèné kabèh, ija Allah kang ngasta pati-uripé manusa lan kang djumeneng sangkan-paraning dumadi, nanging Allah iku ora dedalem ana ing kabujutan gawéaning manusa .... Paul bandjur ngandikakaké geḍéning sihé Allah marang djagad, ija marang sakèhé manusa nganti masrahaké Putrané ontang-anting, supaja saḍéngah wong kang pratjaja marang Pandjenengané, adja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng. Ing kono Paul bandjur ndjlèntrèhaké bab Gusti Jésus enggoné wis nglampahi nanḍang sangsara lan séda ing kaju salib, nanging wungu saka ing antarané wong mati ....
Nanging bareng Paul ngandikakake bab tanginé wong mati, wong-wong Aténé bandjur njela, udjaré: „Sampun, tjekap semanten. Béndjing kémawon kula baḍé sami mirengaken sesorah sampéjan malih bab prakawis punika.” Golongané para sardjana ing Aténé sing paḍa rumangsa wis ngentèk ngèlmuné, paḍa ora ngandel marang katerangané Paul bab patangèné wong mati. Paul malah diarani durung mateng kawruhé lan paḍa digeguju. Dadi ana ing antarané wong-wong sing sugih kawruh lan ngèlmu, semu-semuné Gusti Jésus ora bakal oleh papan ....
Éwadéné ana uga wong sawetara sing paḍa ngandel marang pangandikané Paul lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, temah kelakon paḍa dibaptisi. Wong-wong mau paḍa dipojoki kantja-kantjané, déné kok nganti kèlu marang obrolané wong ngotjèh, rak aluwung ngrungokaké wedjangané para sardjana Aténé sing wis kalok kapinterané.... Nanging wong sing paḍa mandjing pratjaja mau ora pasah dibebolèhi, djalaran wis paḍa jakin jèn wis paḍa njanḍak marang kawitjaksanan lan karahajon sing langgeng ing salawas-lawasé.
Geḍong-geḍong kabujutan lan retja-retja brahala sing ana ing Aténé djaman semono, wis paḍa dadi djugrugan, akèh sing luḍes tanpa tilas. Para sardjana sudjana dalah ngèlmuné sing dakik-dakik saiki wis kesilep lan ora kotjap manèh, nanging kosokbaline: Indjil sing digeguju wong akèh ana ing Aréopagus, wis gumelar ing sawratané djagad lan ndjalari wong éwon lan jutan sing paḍa olèh katentreman lan karahajon langgeng.
KATJARITA ing tengah alun-alun ing kuṭa Efesus ana wong akèh paḍa rubung-rubung, kaja-kaja lagi paḍa ngobong uwuh, kukusé nglandeng kumelun menḍuwur. Njatané dudu wong ngobong uwuh, djalaran sing paḍa rubung-rubung mau kabèh katoné gagah mrijajèni lan sing diebrukaké ing geni iku dudu uwuh, nanging gulungan kitab geḍé tjilik, kitab primbon, kitab ngèlmu tenung, pawukon lan pétungan warna-warna, kitab karangané para pudjangga, sing adaté dipepetri lan diadji-adji, iku kabèh diobong kaja uwuh sing tanpa guna, mangka pangadjiné kabèh bareng digunggung ketemu ana limang leksa dirham selaka.
Wong-wong mau paḍa ora éman mbuwang barang sing mauné dianggep akèh pangadjiné, iku ndjalari gumuné wong sing paḍa nonton, awit wong-wong mau paḍa ora bisa nindakaké panenungan manèh .... [ 191 ] [ 193 ]Apa ta djalarané nganti paḍa tumindak mengkono?
Ing kuṭa Éfesus mau ana wong Jahudi aran Akwila lan somahé aran Priskilla, paḍa tukang gawé tarub. Lan ana wong sing nunggal sapamonḍokan lan panggaotan karo Akwila mau; saben dina peṭel enggoné njambutgawé supaja anaa pametuné sing minangka tjagak urip. Nanging jèn wis sela pagawéané utawa jèn pinudju dina Sabbat, wong mau mesṭi ndjadjah mider-mider ing kuṭa kono .... Mangka saupama gelem, wong mau bisa sugih lan pametuné turah-turah, djalaran bisa marasaké sadéngah lelara, malah bisa nunḍungi ḍemit lan nindakaké kaélokan. Kaluwihaning kasektèné ngéram-éramaké banget, kajata: wis tau kelakon katju utawa sasab pangkon sing mentas dienggo, jèn ditumpangaké ing wong lara, larané mesṭi mari lan ḍemité paḍa metu. Nanging wong mau babar pisan ora gelem nampani wedjani utawa upah, apadéné ora kepéngin dialembana lan disuba-suba ing akèh. Enggoné nampik mau tansah nganggo katerangan mengkéné: „Dudu aku, nanging Gustiku sing kagungan kasektèn lan pangwasa.”
Lan sing tansah ditjritakaké lan digunem ana ing ngarepé wong akèh iku mung Gustiné lan bab katresnané Gustiné marang wong sadjagad.
Anadéné wong sing dadi tukang gawé tarub, sing pasadja banget uripé, nanging sing duwé daja kakuwatan sing gaib, iku .... rasul Paul!
KATJARITA sawisé lereb sawetara mangsa ana ing kuṭa Jerusalèm, rasul Paul bandjur biḍal manèh, tindak kang kaping teluné nggelaraké Indjil marang djagad. Akèh pasamuwan sing dituwèni lan disantosakaké kapratjajané. Rasul Paul banget suka sokur ing galih, déné akèh wong Jahudi utawa kapir sing paḍa dadi kagungané Gusti lan Karatoné Allah ana ing djagad saja suwé saja tumangkar lan saja djembar tebané.
Nalika semono Paul rawuh ing kuṭa Éfesus, kuṭa palabuhan lan padagangan sing ramé, nanging sing kebak panasaran lan panggawé dosa warna-warna. Paul wiwit memulang ana ing kono. Padatané wong Éfesus, samangsa lagi kesompok ing pakéwuh, plajuné mung menjang panggonané ḍukun tenung lan djuru peṭèk utawa nudjum, pamurihé supaja atiné sing peteng bisaa olèh pepaḍang, lan nalaré sing putek bisaa diledjaraké. Ing tengah kuṭa Éfesus ana kabujutané baṭari Diana, sembahané wong Éfesus. Ing djero kabujutan mau ana retjané baṭari Diana, lan udjaré wong Éfesus: „Retja iki retja tiban, tumurun saka kajangan, mulané sutji!” ....
Nanging bareng rasul Paul wiwit nggelaraké wulangane,.wong ing Éfesus akèh sing paḍa salin padatan. Saiki wong-wong sing lara ora diḍukunaké, nanging digawa menjang ngarsané rasul Paul, temah paḍa diwarasaké atas asmané Gusti Jésus. Sing paḍa sowan ing ngarsané Paul ora mung wong lara bae, dalah sing paḍa karoban ing seḍih ija njuwun pitulungané, lan rasul Paul dangan maringi panglipur sarana sih-rahmaté Gusti Jésus sing wis naté nanḍang sangsara lan séda lan tansah kepareng miludjengaké saben wong sing pratjaja marang Pandjenengané.
Para ḍukun tenung lan djuru peṭèk akèh sing paḍa nampani wulangané rasul Paul, djalaran ngèlmu sing mauné dianggep peṭingan iku satemené mung lalahan lan ngajawara lan sing akèh-akèh mung apus-krama. Mulané kitabé primbon sing akèh pangadjiné mau paḍa diobongi .... Padatane sing lawas wis dibuwang, salin padatan anjar.
Padatan anjar mau ija mahanani owahing kaanan ing kabujutané baṭari Diana. Adaté kabujutan mau ora tau lowong ditekani wong akèh sing paḍa saos bekti marang Diana, nanging saiki ing kono katon sepi, sing isih paḍa mrono kena diwilang tjatjahé.
Marga saka pandamelé rasul Paul golongané wong sing pratjaja marang Gusti Jésus saja munḍak geḍé.
NANGING kotjapa .... si pangawak dursila ora ketlompèn. Iblis sing tansah mbudidaja murih rusaké sakèhing prakara sing bener lan betjik, saiki arep tumandang nggèndèng manusa saka ing ngarsané Allah.
Ora kabèh wong ing Éfesus paḍa tresna lan sumujud marang Paul, ana uga sing ngenḍem sengit lan nglawan marang abdiné Gusti. Wong sing kaja mengkono iku sing tansah mindeng ngojak kasugihan lan kawibawan, lan ḍemen ngrungokaké pangglembuking Iblis. Ing kuṭa Éfesus ana kemasan djenengé Démétrius, sing panggaweané gawé pepeṭan selaka kabujutané Diana. Démétrius sakantjané para kemasan bisa olèh kauntungan geḍé saka enggoné ngedoli pepeṭan selaka mau, saja manèh jèn pinudju ana rijaja ing sasi Mei, wong-wong mantja negara sing paḍa djijarah menjang ing kabujutané Diana, iku mesṭi paḍa tuku pepeṭan selaka gawéané Démétrius. Pepeṭan mau ana ing omah bandjur dipepetri lan disudjudi, kaja-kaja baṭari Diana manggon ana ing djero pepeṭan selaka kabujutané. Ana manèh kemasan sing paḍa nggawèni mainan utawa lentjana gambaré Diana. Akèh wong Éfesus sing nganggo mainan mau minangka djimat panangkising bebaja. Kaanan [ 194 ]mengkono iku ndadèkaké sugihé para kemasan ing Efesus, jaiku nalika dagangané isih paju, nalika wong Éfesus durung ana sing wanuh marang rasul Paul, lan durung paḍa pratjaja marang Allah sing diwulangaké déning Paul. Nanging saiki? Saiki kabujutané Diana saben dina mung diliwati baé, arang wong sing mampir mrono, mengkono uga dagangané Démétrius sakantjané, arang wong sing ngemèk. Wong-wong saiki wis ora ngandel marang kasijaté mainan utawa pepeṭan selaka mau, rak isih akèh prakara sing luwih adji lan luwih mulja katimbang barang gawéané Démétrius.
Démétrius ngerti sing ndjalari munduring pametuné, iku ora lija mung wong Jahudi sing tekané mrono nggelaraké ngèlmu anjar. Mulané Démétrius ing batin wis ngintjim-intjim marang Paul. Démétrius bandjur nglumpukaké kemasan lan para krija sing tunggal garapan, lan paḍa dirembugi mengkéné „Hé, kantja-kantja kabèh, dika paḍa sumurup jèn pagawéan niki ndadèkaké karedjan kita. Mangka dika paḍa ndeleng lan ngrungu bab si Paul niku, jèn empun mbudjuki lan nasaraké wong pinten-pinten, boten ngemungaké onten ing Éfesus ngriki mawon, malah dalasan mèh satanah Asia kabèh, udjaré jèn bangsa garapaning tangan niku dédé Allah. Kang niku boten ngemungaké bubuhan niki mawon sing kuwatir bakal dadi tjamah, malah dalasan pasutjèné baṭari agung Diana bakal dadi sawijah-wijah, napa malih sirna kaluhurané kang dibektèni onten ing satanah Asia lan ing sadjagad kabèh.”
Wong sing kumpulan mau bareng paḍa ngrungu tembung pambebolèh mengkono mau, bandjur paḍa banget nepsuné, sarta paḍa nguwuh-uwuh, pangutjapé: „Agung Sang Baṭari Diana, sembahané wong Éfesus!” Satemené enggoné paḍa nepsu mau ora marga saka arep mbélani baṭari sesembahané, nanging marga saka ilanging kauntungané ... Wong-wong mau sadalan-dalan paḍa nguwuh-uwuh mengkono, temahan wong sanegara paḍa kagègèran kabèh, lan gumrudug mlajoni ing panggonané wong paḍa busekan. Wong sing paḍa nguwuh-uwuh mengkono munḍak-munḍak tjatjahé, nganti gumuruh swarané wong golongan geḍé sing paḍa nguwuh: „Agung Sang Baṭari Diana, sembahané wong Éfesus!” Mangka sing akèh-akèh paḍa ora ngerti ḍong-ḍingé enggoné njuwara mengkono iku. Para kemasan paḍa nggolèki rasul Paul, nanging bareng ora ketemu, bandjur ngglanḍang wong Kristen loro, paḍa kanṭining tindaké Paul, digawa menjang ing panontonan, jaiku menjang ing alun-alun kuṭa. Paul pijambak, bareng mireng gègèré wong golongan, kersa murugi wong akèh, nanging dipenggak déning para murid, awit kuwatir bokmenawa Paul bakal nemu bilai.
Nanging ing satengahé oreg-oregan mau ana sawidjining wadana-tjarik sing madju njirep wong golongan, pangutjapé: „Hé, wong Éfesus, sapa ta wong kang ora sumurup jèn negara Éfesus dadi pambaureksa kabujutané baṭari agung Diana lan retja tiban saka ing langit? Nanging wong kang koseregaké iku ora nglakoni njolong amaling kabujutan, ora njenjamah baṭarimu. Dadi beneré kowé paḍa ditentrem, adja keganasen ing pratingkah. Déné menawa Démétrius lan kantjané para krija paḍa duwé prakara marang wong, ana pratikelé pradata, lan ana bupatinė, karebèn paḍa gugat-ginugat. Jèn isih ana prakara lijane, betjik dirampungi ana ing pasamuwan kang sah. Awit aku kuwatir bokmenawa kita paḍa didakwa gawé rerusuh, mangka satemené ora ana djalarané, temah kita paḍa ora bisa ngaturaké pandjawab bab anané rerusuh mau. Mulané kowé kabèh paḍa muliha menjang omahmu ḍéwé-ḍéwé!” Bareng dipituturi mengkono iku, wong golongan bandjur paḍa bubaran.
Mengkono iku dadiné Paul lan kanṭinė paḍa dipitulungi déning wadana-tjarik, temah paḍa ontjat saka pangamuké wong golongan. Lan satemené mengkono iku patrapé enggoné Allah ngajomi abdiné saka pangantjamé Démétrius sing kena ing pangglembuké Iblis.
SAWISÉ lelakon mau rasul ora antara suwé bandjur nilar kuṭa Éfesus, ngladjengaké tindaké nuwèni pasamuan ing tanah Junani lan Makedoni. Menjanga ngendi tindaké, rasul Paul ora naté was sumelang, awit wis jakin jèn gesangé iku kaasta déning Allah kang Mahakawasa.
Pasamuwan Kristen ing Éfesus iku kalebu pasamuwan Kristen sing geḍé lan mondjo nganti pirang-pirang taun lawasé.
RASUL Paul wiwit ngalami sangsara lan pait-getir ana ing sugengé. Sawisé lelana nggelaraké Indjil, bandjur kondur menjang Jerusalèm lan marga kawangsit déning Roh Sutji, Paul pirsa jèn bakal nemahi disangsara lan dikundjara. Wong-wong Kristen ing pasamuwan-pasamuwan sing dipamiti paḍa ngrasakaké prihatin, djalaran bakal paḍa ora ketemu manèh karo guru lan panuntuné ana ing alam donja kéné.
Anadéné rasul Paul isih adjeg tatag lan gambira lan ora kagungan was sumelang babar pisan. Wis ana rong puluh taun luwih enggoné ngabdi marang Gusti Jésus klawan setya[ 195 ]tuhu, lan saiki ora bakal suwala jèn kudu mungkasi pangabdiné mau klawan nanḍang sangsara.
Nalika para mitrané ing Késaréa paḍa duwé atur panjuwun marang Paul, supaja adja nganti tindak menjang Jerusalèm, wangsulane Paul: „Kowé iku keprijé déné paḍa nangis lan nrenjuhaké aku? Aku wis tjumaḍang ora ngamungaké dibanda, malah senadjan kongsia dipatèni ana ing Jerusalèm krana saka Asmané Gusti Jésus, aku ora bakal suwala!”
Dadiné Paul wis tjumaḍang, malah ing batin ngarep-arep bisaa rawuh ing Jerusalèm manèh arep njerep-njerepaké wong Jahudi sing paḍa keblinger déné nganti wani njalib marang Gusti Jésus, Pamartaning djagad. Muga-muga bangsané ḍéwé saiki adja mangkotaké atiné lan paḍa gelema mratobat lan ngrumangsani kaluputané, bandjur pratjaja marang Gusti Jésus. Rasul Paul tansah rumaos prihatin, déné sing pada nampik lan njatru marang Gusti Jésus iku malah bangsa Jahudi.
KOTJAPA sarawuhé Paul ing kuṭa Jerusalèm, wong-wong Kristen sing dituwèni paḍa bungah-bungah, mengkono uga ing kalangané wong Jahudi sing paḍa dadi satruné, nanging kabungahané mau sédjé nalaré. Wong sing sengit paḍa bungah, djalaran saiki bakal paḍa bisa nandukaké pamales. Lan sing bakal ditanduki pamales iku abdiné Gusti Jésus sing ora tau lowong enggoné neksèni asmané Gustiné ing saben wajah lan ing saenggon-enggon, mangka piwulangé rasul Paul dirungokaké dèning wong maèwu-èwu lan akèh sing paḍa mandjing dadi muridé Gusti Jésus, sing séda kasalib ....
Jésus? .... Wong Jahudi isih kemropok jèn ngrungu tembung Jésus!
Lan Paul? .... Paul ija disengiti, djalaran muridé!
Saiki Paul wani mlebu ing Jerusalèm, bebasan kaja iwak kalebu ing wuwu, wis mesṭi ora bakal mrutjut manèh saka ing tangané. Wong Jahudi durung lega rasaning atiné jèn durung kelakon maténi Paul!
Nalika Paul wis lereb sawetara dina ing Jerusalèm, bandjur mlebet ing padaleman sutji. Bareng wong-wong Jahudi sing wis nganti-anti rawuhé Paul, paḍa meruhi satruné, bandjur paḍa kumrubut ngrojok Paul, temah diglanḍang metu saka ing padaleman sutji arep dipatèni. Jèn ora ana pitulungan, wis mesṭi Paul bakal nemahi mati dikaniaja wong akèh ....
Nanging ora adoh saka ing palatarané padaleman sutji ana bètèng sing aran bètèng Antonia, ing kono panggonané para pradjurit Rum dalah panèwuné sing djeneng Lisias, sing tinanggenah ndjaga tata-tentreming negara. Bareng ana sing ngaturi warta jèn wong sanagara Jerusalèm paḍa busekan kabèh lan gumedèring swara krungu tekan ing bètèng, Lisias bandjur énggal nḍawuhi pradjurité supaja ngrebut wong sing arep dipatèni saka ing tangané wong akèh. Pradjurit Rum sabregada, sing paḍa sikep peḍang lan tumbak bandjur rikatan marani lan ngrebut Paul saka ing tengahé wong Jahudi. Pangrebuté mau kudu dibanḍani kakuwatan, djalaran wong Jahudi tandangé kajadéné kéwan galak sing arep direbut memangsané. Nalika Paul arep dilebokaké menjang ing bètèng, wong golongan genti nempuh arep ngrebut Paul, temahan Paul nganti kelakon diusung déning pradjurit, supaja adja nganti tumiba ing tangané wong Jahudi manèh. Bareng Paul wis ora kena direbut, wong golongan isih paḍa alok-alok: „Kasirnakna wong kuwé!”
Nalika Paul arep dilebokaké ing bètèng, bandjur matur marang panèwu: „Kula mugi kelilana mitjanteni ḍateng tijang kaṭah punika? Panjuwuné Paul diparengaké, mulané bandjur djumeneng ana ing ḍuwur unḍak-unḍakan, tumuli kumlawé astané murih sirepé wong akèh. Ora antara suwé wong golongan wis dedep sirep, senadjan atiné mangkel, éwasemono ija kepéngin ngrungu apa sing dipangandikakaké Paul.
Paul bandjur wiwit njrijosaké asal-usulé nganti tekan enggoné nindakaké panguja-uja tumrap golongané wong Kristen, atas terang saka pakoné imam agung, lan nganggep awaké ḍéwé dadi lawanané Jésus Nasarani dalasan para muridé kabèh. Nanging bareng lagi diutus menjang kiṭa Damaskus, satekané ing satjeḍaké kuṭa, dumadakan ana tjahja gumebjar saka ing langit lan tjlèrèté nglimputi sarirané.
Paul njrijosaké enggoné ditelukaké lan ditobataké déning Jésus Nasarani, sing pinarak ana ing swarga, lan sing mirsa lan nguningani samubarang kabèh, lan enggoné diparingi bebahan nggelaraké Indjil marang djagad. Paul uga njrijosaké lelakoné Stéfanus, nalika dibenturi watu nganti mati, mangka awaké sing nunggu sandangané wong-wong sing tjantjut mbenturi Stéfanus nganti mati .... Bareng tjritané tekan semono, wong akèh mau bandjur alok-alok manèh: „Kasingkirna wong iku, ora arus diuripi!” Kupingé wong akèh wis ora tahan ngrungokaké asma Jésus Nasarani, saben ngrungu tembung mau, bandjur muntab nepsuné, semono enggoné paḍa geṭing marang Gusti Jésus. Wong akèh wiwit paḍa busekan manèh, paḍa bengak-bengok, kambi mbuwangi djubahé lan njawur-njawuraké lebu menḍuwur. Panèwu bandjur ḍawuh nglebokaké Paul marang ing djero bètèng, [ 196 ]luwar saka ing pangantjamé wong Jahudi, senadjan wudjudé kajadéné wong tahanan tur nganggo dibanda. Wiwit nalika iku rasul Paul dadi wong lelaran nganti tetaunan.
KOTJAPA bareng oleh sawetara dina, ana ing djero bètèng mau Paul disowani botjah lanang, isih kepernah putra kepénakan, sarta bisik-bisik ngaturi uninga prakara sing gawat. Botjah mau ngaturi uninga bab anané paékan sing arep ditindakaké wong Jahudi sing wis paḍa supata ora bakal mangan lan ngombé, jèn durung kelakon njédani Paul. Sedyané wong-wong mau dirudjuki lan dibijantu déning para imam. Wudjuding paékan sing arep ditindakaké mengkéné: para imam arep ngaturi rembag marang panèwu supaja Paul kasowanaké ing ngarsané pradata manèh sengadi arep ditlesihaké prakarané. Wong-wong mau wis paḍa miranti arep njirnakaké Paul sadurungé tekan ing ngarsané pradata. Enggoné paḍa rerasan mengkono iku klawan siḍeman, nanging meksa kebrodjol tekan putra kepénakané Paul. Botjah nonoman mau sarèhné ngerti gawating prakara, mulané bandjur nékad mlebu ing bètèng ngaturi uninga marang Paul.
Paul miḍangetaké aturé mau klawan seḍih, djalaran semono keblingeré wong Jahudi déné nganggep satru marang Gustiné. Satemené Paul ora kagungan kuwatir, éwadéné botjah mau diḍawuhi matur ḍéwé marang ngarsané panèwu. Sawisé matur saperluné, botjah mau bandjur diweling wanti-wanti: „Poma, adja tutur-tutur marang wong jèn kowé wis nglairaké prakara iku marang aku.” Sawisé mengkono panèwu mau bandjur nimbali panatus wong loro, kaḍawuhan, ngungsèkaké Paul menjang kabupatèn. Lan ing wajah bengi iku uga Paul kelakon diungsèkaké nganggo pandjagan sing kuwat metu saka ing kuṭa Jerusalèm menjang kuṭa kabupatén ing Késarea, dikanṭèni lajang kondjuk ing ngarsané bupati Félik ....
Ing wajah bengi iku wong ing Jerusalèm paḍa ngerti jèn ana barisan dibuḍalaké metu, saka ing bètèng nanging ora ana wong sing ngerti jèn ing satengahé pradjurit djaranan ana wongé lelaran, jaiku Paul sing arep diungsèkaké. Mengkono iku patrapé enggoné diontjataké saka ing paékané wong Jahudi.
Gagasané Lisias: „Prakarané saiki dakunggahaké menjang ngarsané bupati Félik, dadi aku wis ora duwé tanggungan manèh. Wong iku satemené ora duwé kaluputan, nanging aku ija ora wani ngluwari.”
WONG iku satemené ora duwé kaluputan, mengkono gagasané Félik, bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing wewengkoné tanah kono, nalika mriksa prakarané Paul lan miḍangetaké panggugaté wong Jahudi sing paḍa teka menjang Kesaréa ing ngarsané pangadilan ....
„Satemené ora luput!” ....
Ewadéné Paul ora diluwari, isih adjeg dadi wong lelaran, ditahan déning bupati Félik, djalaran ana pangarep-arepé tampi ḍuwit patukon luwaré Paul saka ing tahanan. Paul dadi lelaran nalika djamané bupati Félik nganti rong taun lawasé, mangka ora kabuktèn luputé.
Senadjana dadi wong lelaran, nanging para mitrané kena niliki Paul ing sawajah-wajah; apa manèh saiki Paul ora perlu dilebokaké ing sèl kajadéné durdjana, nanging ora djeneng merdika temenan, awit tansah didjaga déning pradjurit, mangka astané isih karanté.
Nanging sing ndjalari prihatiné Paul iku dudu pradjurit sing djaga utawa ranté sing mbanda astaré, nanging enggoné ora bisa tindak nggelaraké Indjil marang djagad. Dadiné Paul ora bisa nindakaké ajahan sing disagahi, éwasemono Paul ija ora grundelan. Paul ngertos uga jèn sakèhé lelakon sing tumempuh ing sugengé iku wis dadi kersané Allah. Paul mung tansah narimah ing sakersané Allah.
KATJARITA Félik digentosi kalenggahané déning bupati anjar, asmané Fèstus.
Paul lan para mitrané paḍa ketuwuhan pangarep-arep bisa énggal dirampungi prakarané. Keprije wewatekané bupati anjar iki, apa bakal luwih adil lan kendel katimbang Félik, temah wani ngluwari wong sing ditahan tanpa kabuktèn luputé?
Nanging bupati anjar mau ora nimbangi sing dadi pangare-arepé Paul dalah para mitrané. Wong Jahudi paḍa ngadjokaké panggugat manèh sing luwih abot, lan bupati Fèstus, senadjan pirsa jèn Paul iku ora duwé kaluputan, malah kagungan kersa ngintun Paul menjang Jerusalèm supaja diadili déning pradatané bangsa Jahudi. Lan kang mengkono iku mung marga saka enggoné kepéngin nglegani atiné wong Jahudi, kajadéné sing ditindakaké bupati Felik. Para bupati Rum sing ngasta pangwasa babar pisan ora menggalih arep nindakaké kaadilan ing samesṭiné.
Nanging Paul mangsuli klawan tjeṭa: „Pandjenengan pijambak pirsa bilik kula boten kalepatan punapa-punapa, mila kula inggih boten purun dipun adili déning pradatanipun tijang Jahudi. Menawi kula saèstu lepat, lan kedah kaukum kisas, kula boten lenggana pedjah. Nanging jèn boten lepat, kula inggih boten purun dipun dadosaken wadal kanggé nglegani panjuwunipun sawenèhing golongan namung karana pilih kasih. Kula njuwun su[ 197 ]mengka ḍateng pangadilanipun Sang Prabu.” Bupati Fèstus pirembagan ḍisik karo para najakané, bandjur ngandika: „Kowe njuwun munggah marang Sang Prabu, ija bakal lunga séba marang ngarsané Sang Prabu!”
Nanging kelakoné iku mau ija ora tumuli, djalaran durung ana prau sing arep mantjal menjang ing kuṭa Rum. Paul isih kudu ngentèni sawetara lawasé ana ing kuṭa Késaréa. Lan ing nalika iku Paul isih kaparingan wewengan nggelaraké piwulang bab Sang Djuru Slamet marang wong sawetara.
Kelakoné iku nalika radja Agrippa karo garwané, Berniké, paḍa rawuh ing dalem kabupatèn ngagem kaprabon, bandjur lumebet ing geḍong paséban, arep pinanggih karo bupati Fèstus. Ing kono Agrippa ngandikakaké jèn kepéngin ningali lelaran sing kerep dadi rembagé para panggeḍé.
Fèstus bandjur ḍawuh njowanaké Paul ana ing ngarsané radja Agrippa lan para prijagung lijané, lan ana ing kono Paul olèh wewengan ndjlèntrèhaké bab geḍéning sihé Gusti Jésus marang para wong dosa; sapa sing pratjaja marang Pandjenengané, bakal kapitulungan rahaju.
Para prijagung mau paḍa muguhaké galihé, awit uripé sing saiki kebak dosa malah dadi pakaremané, eman-eman jèn ditinggala, apamanèh paḍa ngarani jèn ora ana sing bisa ngungkuli nikmat lan muljané urip sing saiki, mulané apa perluné ngowahi kaanan sing dianggep sampurna?
Nanging Fèstus bandjur njelani klawan swara seru: „Èh, Paul, kowé ngomjang, kaduk ing kawasisan kang marakaké ngomjangmu iku!” Déné radja Agrippa ngandika semu ngérang-érang: „Mèh baé kowé bisa ngrimuk aku mandjing Kristen!”
Para prijagung mau wis paḍa ngertos marang dalaning karahajon, nanging paḍa ora kersa ngakoni jèn uripé iku kebak dosa, panganggepé sing ditindakaké iku kabèh wis betjik lan prajoga, mulané ija ora mbetahaké pitulungané Sang Djuru Slamet, malah para prijagung mau paḍa kamiwelasen ningali Paul déné kemuluken gagasané lan keḍuwuren gegajuhané ....
Paul bandjur dibalèkaké manèh menjang ing pakundjaran.
LAN ana ing kono Paul nganti-anti klawan sabar .... Katentreman lan kabungahan sing ana ing galihé wis ora bakal owah-owah.
ING wusana kapal lajar sing arep ngateraké rasul Paul menjang negara Rum, mantjal saka ing palabuhan Késaréa. Sing manḍégani laku jaiku panatus pradjurit kang aran Julius, wong Rum. Prau mau momot wong lelaran akèh lan pradjurit sawetara sing kudu ngawat-awati lelaran mau. Ana djuru muḍi lan djuragané apadéné para pambelahé sing paḍa nglakokaké prauné .... Ana ing antarané, wong-wong mau rasul Paul katoné mung kaja wong sing tanpa daja prabawa, wong lelaran sing tangané diranté.
Éwadéné ....
Enggoné paḍa lelajaran menjang negara Rum iku tjaloné ora mung seḍéla, mangka ija ora sepi ing bebaja.
Nalika semono mangsa panas wis mèh kepungkur, bandjur ngantjik mangsa rontog, akèh udan lan barat .... Wong sing wani nglakokaké prau ing segara meneri ing mangsa udan, iku mesṭiné dudu wong baèn-baèn, mesṭiné malim sing wis akèh pangalamané. Wong kaja mengkono iku èmperé baé Julius utawa djuru muḍiné ....
Mungguh rasul Paul, ana ing kapal mau ora digapé babar pisan. Senadjan betjik pangrengkuhé Julius marang Paul nganti dililani nemoni para mitrané sadurungé buḍal, éwasemono Paul isih adjeg dadi wong bebanḍan kaja lija-lijané.
BARENG tekan ing satengahing segara, prauné saben dina katempuh ing prahara, temah enggoné lajaran rinḍik-rinḍik, mèh ora bisa mbatjut marga kepangkalan angin. Jèn djuru muḍi lan pambelahé ora peng-pengan, prauné wis mesṭi mung dadi dolanané ombak lan angin.
Satekané ing kuṭa Mira, wong-wong mau bandjur paḍa ngalih ing kapal lajar sing buḍal saka tanah Mesir nggawa gandum menjang Rum.
Enggoné lajaran dibatjutaké nganti tekan ing palabuhan ing pulo Kréta. Sarèhné lajaran ing mangsa antarané mangsa panas karo beḍiḍing iku mbebajani banget marga saka geḍéning ombak lan prahara, rasul Paul bandjur paring rembag, supaja paḍa lèrèn ana ing palabuhan kono nganti salebaré mangsa beḍiḍing. Nanging Julius mung gumuju baé, rembagé Paul pantjèn ija betjik lan klebu ing nalar, nanging Paul iku dudu ahli pelajaran ing segara, dadi panatus mau milaur ngandel marang djuru muḍi lan djuragan katimbang karo Paul. Enggoné lajaran arep dibatjutaké tekan ing kuṭa, ora adoh saka ing kono, wetara patang puluh mil dohé, kuṭa palabuhan sing aḍepé ngidul ngulon lan ngalor ngulon, luwih kepénak dilèrèni sasuwéné mangsa beḍiḍing, kira-kira sawetara sasi lawasé. Prauné lajaran rinḍik-rinḍik mlipir ing pulo Kréta, lakuné ora adoh.... [ 198 ]WONG-wong mau paḍa gegetun déné ora nggugu rembugé Paul, wong sing dinjana tuna ing kawruh mungguh ing pelajaran, ora weruha wong mau enggoné olèh kawruh iku marga kaparingan saka Allah pijambak.
Lagi baé prauné mantjal saka ing palabuhan, anginé wiwit munḍak banter dadi prahara geḍé. Prauné katempuh ing lésus kang aran Eroklidon. Wong-wong mau paḍa ngerti jèn lésus Eroklidon iku kakuwatané ngébat-ébati temenan. Prauné kabuntjang mrana-mréné, ora bisa nduwa marang angin, mulané diumbar bandjur ngèli baé. Nganti pirang-pirang dina ora katon srengéngé utawa lintang-lintang lan rembulan, djalaran langité peteng katutupan ing menḍung nggameng, mangka panempuhé prahara tanpa ana peḍoté. Lajaré suwèk pating sluwir; tijang kapal katempuh sumijuting lésus tjoklèk kajadené biting ditjoklèki; kemuḍiné wis ora kena dierèh manèh, dadi prauné mung ngèli manut arusing banju. Bareng njumurupi kaanané prauné sing njeḍihaké mengkono iku, wong-wong mau peḍot pangarep-arepé bisané olèh pitulungan, tjiptané mung bakal mati klelep ing segara. Pantjèn nijaté ora arep lelajaran adoh .... Wong mau paḍa gegetun déné ora nggugu rembugé Paul ....
WONG sing ana ing prau mau kabèh paḍa miris lan geter, kedjaba sidji sing duwé rasa ajem lan tentrem djalaran pangajomané Pangéran. Wong iku rasul Paul.
Paul ora mung tenguk-tenguk baé, nanging mèlu tetulung ing sabisa-bisané, lan tansah mbombong atiné wong-wong mau supaja adja nganti semplah. Lan nalika semono rembugé Paul digugu lan digatèkaké, djalaran kedajan déning ajem lan tentreming panggalihé.
Ing sawidjining dina, nalika Paul ditutup ing pakundjaran ing kuṭa Jerusalèm, Gusti djumeneng ana ing ngarepé sarta ngandika: „Paul, sira dikendel, déné paḍa kaja enggonira wus neksèni bab ingatasé Ingsun ana ing Jerusalèm, mengkono sira ija perlu neksèni ana ing Rum uga.”
Dadi tjeṭa ana ing negara Rum, rasul Paul wis jakin, jèn kudu ngaḍep ing ngarsané sang prabu ing Rum, mulané mesṭi ora bakal mati ing segara djalaran katempuh ing lésus. Déné wong lija-lijané, wong lelaran, pradjurit, djuru muḍi lan pambelahé, keprije? Rasul Paul uga diparingi pirsa bab bakal kadadéjané wong-wong lijané sing ana ing prau.
Ing sadjroné kinurung ing bebaja pati, kinalang-kalang ing ombak prahara, rasul Paul djumeneng ing tengahé wong-wong ing prau sing paḍa geter lan miris sarta klawan tatag enggoné ngandika: „Kantja-kantja, leresipun rumijin sami nggegaa ḍateng rembag kula, boten mantjal saking Kréta, dados saged sumingkir saking bebaja pedjah lan kapitunan mekaten punika. Éwadéné sapunika sampéjan sami kula pituturi, dipun sakétja ing manah. Amargi baḍé boten wonten njawanipun panunggilan sampéjan ingkang tiwas, namung baitanipun kémawon ingkang boten saged kapitulungan. Djalaran wau dalu wonten malaékatipun Allah ingkang kula bektèni, djumeneng wonten ing ngadjeng kula sarta ngandikakaken bab prakawis punika sadaja. Mila kantja-kantja, sampéjan dipun sakétja ing manah, sebab kula pitaḍos ḍumateng Allah, bilih baḍé kalampahan kados ingkang kapangandikakaken ḍateng kula wau. Namung kémawon kula kedah sami ḍumawah ing satunggaling pulo.”
Ing kono wong prau paḍa mbatjutaké pagawéané klawan ngetog kakuwatan tanpa mangan, tanpa ngombé, lan tanpa lèrèn, daja-daja tekana ing salah sawidjining pulo.
BARENG wis olèh patbelas dina enggoné kombak-kombul kaontang-antingaké mrana-mréné ana ing segara, wetara wajah tengah wengi, ana aloking wong: „Ḍaratané wis tjeḍak!” .... Wenginé peteng nḍeḍet, éwadéné wong prau sing kulina ngambah segara, bisa nemtokaké jèn ḍaratané wis tjeḍak, marga ngrungu djumeguring ombak sing ambjar ana ing pesisir. Bareng didjadjagi, ketemu segarané mung kari rong puluh ḍepa sawisé mbatjut lakuné sawetara, ndjadjagi manèh ketemu limalas ḍepa. Dadi saiki wis tjeṭa, jèn segarané saja munḍak tjetèk, ateges saja tjeḍak menjang ḍaratan. Wong sing ora kulina lelajaran, bareng ngrungu jèn ḍaratan wis tjeḍak, atiné seneng awit rumangsané bakal énggal mentas saka ing bebaja. Nanging wong-wong sing nglakokaké prau malah wedi, awit paḍa ngerti, jèn saiki bebaja kèrem lan mati klelep saja munḍak geḍé, luwih geḍé katimbang nalika isih adoh saka ing ḍaratan. Ḍaratan pantjèn wis tjeḍak, nanging sadurungé mentas ing ḍarat, adaté ana punṭuk-punṭuk karang utawa klabar, lan ana ing kono prauné kebanting utawa kanḍas temah remuk déning panempuhing alun geḍé.
Wong pambelah sing paḍa ngerti bab ananing bebaja mau, bandjur paḍa sarudjuk arep minggat nganggo sampan supaja bisa slamet mentas ing ḍarat, ora perduli wong-wong lijané apa bisa kapitulungan apa ora.
Sarèhné kuwatir menawa kanḍas ing parang, mulané paḍa mbuwangi djangkar lan bareng karo nguḍunaké djangkar wong pambelah sing paḍa arep minggat, ija bandjur nguḍunaké sampan sengadi mbuwangi djangkar. Nanging akalé wong mau konangan déning Paul. Paul bandjur matur marang panatus lan para pra[ 199 ]djurit: „Menawi tijang punika boten lestantun wonten ing baita, sampéjan sami boten saged kapitulungan.” Julius kagèt, déné ana wong kok arep golèk uripé ḍéwé. Pradjurité bandjur diḍawuhi: „Sampané tjegurna ing segara.” Pradjurit bandjur énggal paḍa nigasi kenḍaraté sampan, ditjeguraké ing banju bandjur kèrem. Dadi para pambelah ora kaleksanan sedyané sing ora betjik mau, temah paḍa kisinan. Déné para pradjurit katon paḍa muring njumurupi pratingkahé para pambelah mau ....
Nanging ésuké, nalika ngarepaké raina, Paul ngatag-atag wong kabèh, paḍa kaklumpukaké kapurih mangan, kaja-kaja sing dadi panggeḍéné kapal saiki rasul Paul, pangandikané: „Sampéjan dipun sakétja ing manah; sampéjan neḍa lan ngombé, supados baḍan sampėjan dados kijat, awit sampun kawan welas dinten punika sampéjan boten kalebetan punapa-punapa. Mila sampéjan kula purih neḍa lan ngombé, awit punika klebet marginipun anggèn sampéjan kapitulungan. Sebab sampéjan sadaja baḍé boten wonten ingkang rentah rambutipun saeler kémawon.” Sawisé ngandika mangkono, Paul bandjur menḍet roti lan saos sokur marang Allah ana ing ngarepé wong kabèh, lan rotiné sawisé ditjuwil-tjuwil, tumuli wiwit ḍahar. Wong-wong mau paḍa ngawasaké marang Paul klawan gumun lan éring, déné kok semono tatag lan manteping atiné marga saka pratjajané marang Allahé, wong sing dadi panunggalané wong lelaran, nanging djebul malah luwih luhur bebudèné katimbang karo wong lija-lijané ....
Sawisé wareg enggoné paḍa mangan, wong-wong mau bandjur paḍa mbuwangi gandumé ing segara, supaja prauné dadi èntèng, lan djangkaré paḍa dikeṭoki kabèh. Bareng wis ora digonḍèli djangkar, prauné dibablasaké déning ombak lan prahara ngener ing pesisir. Wong sing ana ing prau paḍa ngerti jèn prauné seḍela manèh bakal ambjar kebanting ing parang utawa kanḍas ing klabar, atiné senag-senig, embuh urip, embuh mati .... Para pradjurit kuwatir bokmenawa lelarané paḍa minggat, mulané paḍa sarembug arep matèni lelarané. Nanging panatus ngéman marang Paul, mulané ngampah kakarepané para pradjurit kang mangkono mau, apadéné préntah supaja ngutjuli ranténé, lan sapa sing bisa nglangi paḍa dipurih njegur ḍisik lan mentas ing ḍarat. Déné sing kari paḍa dipurih golèk urip ḍéwé-ḍéwé sarana reramon blabag utawa remukané prau. Wong ing prau sanalika krasa jèn prauné kanḍas ana ing klabar, pérangané sing ngarep ambles ing weḍi ora obah, nanging sing buri remuk katempuh ing alun. Wong-wong mau kabèh paḍa njegur ing banju lan wekasané lestari mentas kabèh ing ḍarat.
NALIKA malaékaté Allah ngetingali Paul lan djumeneng ana ing ngarepé, pangandikané mengkéné: „Adja kuwatir, Paul, wus mesṭi kowé bakal séba marang ngarsané Sang Prabu. Lah kowé wus diparingi déning Allah sakèhé wong bebarenganmu nunggang prau.” ....
Apa sing dipangandikakaké mau, kelakon temenan. Tjatjahé wong kabèh ana rong atus pitung puluh nem, sidji baé ora ana sing tiwas.
Bareng wis paḍa mentas kabèh, énggal bandjur paḍa gawé geni beḍijang, djalaran kabèh paḍa ndrodog kaḍemen lan sanḍangané teles kabèh. Wong sing paḍa manggon ing pulo mau paḍa betjik atiné, mulané paḍa ngréwangi lan njukupi sakabutuhané kabeh. Nalika paḍa gawé totor geḍé, Paul lan wong lijané paḍa ngrakupi kaju rèntjék, ditumpangaké ing geni.
Kotjapa nalika Paul ija lagi numpangaké kaju ing geni, dumadakan awit saka panasé ana ulané mandi metu, njakot kanṭil ing astané. Wong-wong lijané bareng weruh ula mau kumlawèr ing astané Paul, bandjur paḍa munḍur lan njawang marang Paul semu welas. Gagasané wong-wong mau: „Wong iki mesṭiné geḍé banget dosané, wurung mati klelep ing segara, saiki sida mati ditjakot ula mandi .... Delengen, tangané mesṭi abuh utawa wongé ambruk mati sanalika!” Nanging Paul ngipataké ula mau marang geni lan ora kelaran babar pisan, tangané adjeg baé ora nganti abuh, wisané ula mandi ora pasah tumama ing sarirané Paul .... Bareng wis suwé enggoné paḍa ngenténi, mangka paḍa weruh jèn Paul ora nemahi tiwas, bandjur paḍa malik panemunė, lan paḍa wedi marang Paul. Pangutjapé wong mau: „Wong iku apangawak dewa!” Wong mau paḍa durung ngerti sapa satemené Paul iku.
Wong-wong mau nganti sawetara sasi enggoné paḍa manggon ing pulo panggonané mentas ing ḍarat, ngentèni lebaré mangsa beḍiḍing. Pulo mau aran Mélité utawa Malta.
Ora adoh saka panggonan iku mau ana palemahan darbèké panggeḍéné pulo, nama Publius, wong tani sugih. Publius mau kang awèh pamonḍokan marang wong-wong sing paḍa kanḍas prauné telung dina lawasé. Kabetjikané Publius mau diwales tikel déning Paul. Nalika semono ramané Publius lagi lara panas lan bebanju getih, mangka ora ana sing bisa nambani. Paul bandjur njelaki, lan sawisé ndedonga, sing lara bandjur ditumpangi asta, temah dadi lan warasé.
[ 200 ]Bareng wong ing pulo kono paḍa ngrungu warta bab kaelokan mau, bandjur paḍa marek marang ngarsané Paul kambi nggawani sadulur-saduluré sing nanḍang lelara warna-warna, lan sapa sing njeḍak, bandjur diwarasaké sanalika. Ana ing kono Paul ora lali nedahaké wong-wong mau marang Sang Djuru Slamet, kang kwasa maringi karahajon langgeng marang angger wong kang pratjaja marang Pandjenengané.
Telung sasi lawasé enggoné wong-wong mau paḍa dadi rerumatané wong ing Malta. Bareng ana kapal mantjal saka ing pulo Malta, wong mau kabèh pada mèlu mbatjutaké lakuné, disangoni apa sakabutuhané déning wong-wong ing pulo Malta, kagawa saka enggoné wis karoban kabetjikan déning pitulungané rasul Paul. Prau sing dinunuti mau atjiri gambaré déwa kembar, kang aran Kastor lan Poluks; bareng enggoné lelajaran olèh sawetara dina, lestari tutug ing tanah Itali klawan slamet.
Mengkono uga Paul. Satemené Julius kepéngin banget ngluwari Paul, supaja adja tansah dadi lelaran, nanging Julius ora wani nerak ḍawuhé sang prabu. Éwadéné Julius ora bosen njritakaké marang wong ing Rum bab kabetjikané Paul nalika paḍa bareng lelajaran. Awit saka kang mengkono mau rasul Paul kelilan dedalem pijambak karo pradjurit sing rumeksa, dadiné ora nganti dilebokaké ing pakundjaran kajadéné wong lelaran lijané. Mangka pamanggoné Paul ana ing dalem olèhé njéwa pijambak nganti lawas, nanging panggalihé Paul adjeg tentrem lan ajem djalaran tansah rumaos kaajoman déning Gustiné ....
WEKASANÉ lelakoné rasul Paul ora ditjritakaké ing sadjroné Kitab Sutji. Enggoné manggon ing negara Rum nganti rong taun lawasé lan ana ing dalemé pijambak mau Paul wenang nampèni sakèhé wong sing paḍa teka nemoni, paḍa diwartani bab kratoné Allah lan diwulangi bab Gusti Jésus Kristus klawan luwih tatag lan ora ana wong kang ngalang-alangi.
Prakara iku ndjalari kabungahané rasul Paul, senadjan dadia wong lelaran pisan, nanging isih olèh wewengan nggelaraké marang wong akèh bab sihé Gusti Jésus.
Salawasé dadi lelaran rasul Paul ora kèndel-kèndel njerat serat kintunan, minangka sulihé enggoné maringaké pangandika marang para wong Kristen sing paḍa manggon ing kuṭa-kuṭa, Korinta, Éfesus, Filippi, lan serat marang para mitrané, jaiku Timotéus lan Filémon, apadéné serat marang bangsa Jahudi. Senadjan pisah adoh karo para murid lan [ 201 ]pawong mitrané, éwadéné dadi tjeḍak prasasat adu arep déning anané lajang kiriman mau. Ana lajang kiriman sawetara sing ditulis ana ing kuṭa Rum. Lajang-lajang mau kalebu dadi pérangané Kitab Sutji.
TJRITANÉ bab rasul Paul mung kapunggel tekan semono. Ing buku-buku sedjarah ana tjritané bab panguja-uja sing ditindakaké déning para radja ing Rum, ing kono wong-wong Kristen paḍa nanḍang dikuja-kuja, malah ana sing njritakaké jèn rasul Paul katigas djanggané atas ḍawuhé radja Néro sing ambek sija. Nanging ora ana wong sing bisa mbuktèkaké bener-luputé kabar mau. Sing wis mesṭi kena ditemtokaké jaiku jèn ing sadjroné nanḍang sangsara nganti tumeka ing sédané, rasul Paul tansah ana ing pangajomané Gustiné.
SERATÉ rasul Paul marang Timotéus ana sing mengkéné surasané: „Aku wus nglakoni tarung kang utama, wus nutugaké plajuné balapan, wus ngantepi ing pratjaja. Wasanané aku ginantungan makuṭaning kabeneran, kang bakal diparingaké marang aku ing dina iku déning Gusti kang djumeneng hakim kang adil, tur ora ngamungaké marang aku baé, malah uga marang sakèhé wong kang tjetjengklungan ing bakal ngetingale.”
Paul, abdi kang setya-tuhu, wis katimbalan marang kamuljan kang langgeng ana ing swarga.
ING sawidjining dina, nalika para sekabat mundjuk marang Gusti Jésus saiba élok lan éndahé padaleman sutji ing Jerusalèm, ing kono ḍawuh wangsulané Gusti Jesus: „Bésuk bakal ora ana watu dilestarèkaké tumumpang ing watu, kang bakal ora didjugrugake.”
Nanging nalika sédané rasul Paul, padaleman sutji isih meger-meger, ora ana èmpère jèn bakal rusak.
Lan nalika Gusti Jésus mèh ambruk ing dalan djalaran kaboten manggul salib menjang Golgota, ana wong wadon akèh kang paḍa ngaḍuh-aḍuh lan nangisi Pandjenengané, ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika marang wong wadon mau: „Adja paḍa nangisi Aku, nanging awakmu ḍéwé lan anak-anakmu iku paḍa tangisana ....!” Mulané ngandika mengkono, djalaran Jerusalèm bakal katempuh laknaté Pangéran.
Éwadéné paukuman mau ija durung ana sing nekani, mangka Kitab Sutji ija ora njebutaké bab prakara mau. Nanging .... pangandikané Gusti ora ana satembung baé sing kètjèr .... Miturut buku-buku sedjarah, sasédané rasul Paul, ora antara suwé bangsa Jahudi bandjur paḍa mbaléla ing paréntah Rum lan nalika semono paukuman sing wis diwetja déning Gusti Jésus kaleksanan.
Kuṭa Jerusalèm dilurugi wadyabala saka ing Rum, kinepung wakul binaja mangap, nganti ora ana djanma manusa sing bisa ontjat saka ing kono. Mangka wong Jahudi meneri ngrijajakaké rijaja Paskah, dadiné éwon lan leksan tjatjahé wong Jahudi sing paḍa nglumpuk ing kuṭa Jerusalém. Bareng dikepung wadyabala Rum, ora ana pangan sing bisa mlebu ing kuṭa, temah wong ing Jerusalèm paḍa nanḍang pailan kang banget. Kasangsaran lan katjingkrangan sing disanḍang bangsa Jahudi ing Jerusalèm wis tanpa upama, malah kira-kira ora ana kuṭa ing salumahing bumi sing tau nanḍang sangsara kajadéné kuṭa Jerusalèm.
Wekasané kuṭa Jerusalèm kena karebut ing wadyabala Rum lan didadèkaké karang-abang nganti luḍes. Wong Jahudi sing isih kari urip paḍa dibanḍang menjang tanah mantja dadi batur.
Padalemané sutji keprije? .... Titus, sénapatining perang, wis paring ḍawuh marang para pradjurit: „Poma-poma padaleman sutji adja nganti rusak, kudu dieman! .. Nanging ana sawenèhing pradjurit sing nguntjalaké obor murub menjang padaleman mau, temah seḍéla baé padaleman sing misuwur éndahé entek kamangsa ing geni, témboké sing kandel-kandel paḍa djugrug. Pantjèn njata pangandikané Gusti ora ana setembung baé sing kètjèr, kabèh kaleksanan.
Lan tanahé bangsa Jahudi, sing tansah disebut tanah prasetyan, bandjur didjègi déning bangsa mantja: tanah sing bijèn mili powan lan madu bandjur dadi tanah sing tjengkar lan garing, ora ana pametuné lan ilang kuntjarané .... Bangsa Israèl dibujaraké sumebar ing salumahing bumi, mangka wiwitané bangsa Israèl iku bangsa kang pinidji déning Allah, lan kaparingan tanah prasetyan, nanging saiki bangsa mau ora duwé tanah pusaka ....
Djalaran bangsa mau nampik marang Sang Mesih.
Temahan kataman ing paukuman.
Miturut lairé wekasané njeḍihaké.
Éwadéné wekasaning djaman durung padja-padja nekani!
KEPRIYÉ mungguh kadadéjané para sekabat? Pétrus lan Jochanan? Utawa sekabat lan murid lijané sing paḍa pratjaja marang [ 202 ]Gusti Jésus? Aku kabèh paḍa kepéngin ngerti keprijé wusanané.
Buku-buku sedjarah ana sing njritakaké, jèn Pétrus disalib atas ḍawuhé radja Néro, sing nḍawuhaké ukum pati tumrap Paul. Déné Jochanan dibuwang menjang pulo tjilik sing aran Patmos. Ana ing pulo mau Jochanan kaparingan wahju mungguh apa sing bakal kelakon ing djaman wekasan. Kabèh sing ditingali ing sadjroné wahju mau, ditulis ana ing Kitab Wahju, kitab sing wekasan ing Kitab Sutji.
Déné para sekabat lijané paḍa pating slebar, ora kasumurupan ana ing endi prenahé lan keprijé wusanané, kedjaba Allah pijambak kang pirsa.
Para wong Kristen keprijé? Nalika semono akèh wong Kristen sing nanḍang dikuja-kuja atas ḍawuhé para radja ing Rum, paḍa dikisas, diobong lan dipakakaké ing kéwan galak; wis gembleng tékadé wong-wong sing paḍa sengit, arep njirnakaké golongané wong Kristen nganti tapis ....
Wekasan sing njeḍihaké ....
Nanging sing kaja mengkono iku durung tumeka ing wekasaning djaman. Golongané wong Nasarani sing dinisṭakaké déning wong Rum, ing sanjatané ora bisa disirnakaké, senadjan warna-warna patrapé mungsuh enggoné arep ninḍes lan njirnakaké golongan mau.
Gusti Allah iku maha setya.
Sumebaré Indjil ing tengahé djagad saja lawas saja djembar. Malah bakal tumeka waktuné angger bangsa ing djagad, tekan sing adoh-adoh pisan, paḍa kawartanan Indjil .... Kratoné Allah wis rawuh ing djagad, lan saja lawas saja munḍak geḍé lan mulja, nanging sanjatané Kraton sing ngéram-éramaké, djalaran dudu kraton sing ngudi marang kamuktèn, kawibawan lan kaluhuran.
Kraton mau mung ndajani kabatinané sakabèhé wong sing paḍa pratjaja klawan temen-temen marang Gusti Jésus lan tresna marang Pandjenengané, anaa ing endi dunungé lan ora gumantung marang basa lan bangsané, apadéné ora mawang golongan luhur apa asor, sugih apa mlarat ....
Lan wusanané — Gusti Jésus bakal rawuh manèh marang djagad, kajadéné sing wis naté diḍawuhaké marang para sekabat. Ing djaman wekasan sakèhé piala lan duraka bakal kasirnakaké. Ing kono Kratoné Allah bakal murba lan misésa swarga lan bumi.
Gusti Jésus bakal nimbali para kagungané lan bakal diparingi kamuljan lan karahajon ing sasampurnané lan uripé mung tansah sumaos minangka kaluhurané Allah.
Ing kono bakal ana kang kasebut: pepanṭan sidji lan Djuru-pangon sidji.
Langgeng ing salawasé!.
[ Pratélaning gambar ]katja
2 |
14 |
20 |
26 |
31 |
36 |
42 |
49 |
58 |
71 |
78 |
86 |
91 |
96 |
103 |
106 |
114 |
119 |
123 |
130 |
141 |
147 |
154 |
160 |
173 |
176 |
191 |
200 |